Kakaisaran Byzantium

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kekaisaran Romawi
Ῥωμανία
Rhōmanía
Romania
 Austria
Kekaisaran
330–1453
Flag
Gendéra Kekaisaran ing mangsa pungkasan (abad kaping 14)
Lambang kekaisaran ing ngisoré Palaiologos
Lambang kekaisaran ing ngisoré Palaiologos
Perkembangan wewengkon Kekaisaran
Kutha krajan Konstantinopèl
Basa Yunani, Latin
Agama Paganisme Romawi nganti taun 391, Ortodoks Wétan ditoléransi sawisé Edictum Mediolanense taun 313, lan dadi agama nagara sawisé taun 380
Pamaréntahan Otokrasi
Kaisar
 •  306–337 Konstantinus ingkang Agung
 •  1449–1453 Konstantinus XI
Bebadan lègislatif Senat
Jaman sajarah Abad Kuno-Akhir Abad Pertengahan
 •  Diokletianus mecah pamaréntahan kekaisaran antarané kulon lan étan 285
 •  Pendirian Konstantinopèl 11 Mèi 330
 •  Penjatuhan Romulus Augustulus, Kaisar Romawi Kulon 476
 •  Skisma Wétan-Kulon 1054
 •  Lèngsèré Konstantinopèl menyang Wadya Salib 1204
 •  Penaklukan manèh Konstantinopèl 1261
 •  Lèngsèré Konstantinopèl 29 Mèi 1453
 •  Lèngsèré Trebizond 1461
Cacah wong
 •  Étungan Abad kaping 4 34,000,000 
 •  Abad kaping 8 (780 AD) est. 7,000,000 
 •  Abad kaping 11 (1025 AD) est. 12,000,000 
 •  Abad kaping 12 (1143 AD) est. 10,000,000 
 •  Abad kaping 13 (1281 AD) est. 5,000,000 
Valutah Solidus, Hiperpiron
Sadurungé
Sawisé
Kakaisaran Romawi
Kesultanan Utsmaniyah
Saiki dadi péranganing  Albania
 Aljazair
 Armenia
 Bosnia dan Herzegovina
 Bulgaria
 Georgia
 Gibraltar
 Israèl
 Itali
 Kroasia
 Lebanon
 Libya
 Malta
 Mesir
 Montenegro
 Prancis
Cithakan:Country data Républik Makedonia
 Rumeni
 San Marino
 Serbia
 Siprus
 Slovénia
 Spanyol
 Suriah
 Tunisia
 Turki
 Ukraina
  Vatikan
 Yordania
 Yunani
Warning: Value specified for "continent" does not comply

Kakaisaran Byzantium' utawi Kakaisaran Romawi Wétan (Éjaan liya: Bizantin, Byzantin, Byzantine, Bizantium) ya iku wewengkon wétané Kekaisaran Romawi ingkang mligine nganggo berbasa Yunani[1] ing Abad Kuno lan Pertengahan. Warga lan tangga cedhaké Kekaisaran Romawi Wétan mènèhi jeneng nagara iki kanthi asma Kekaisaran Romawi, utawa Romania (Yunani: Ῥωμανία, Rōmanía). Kekaisaran iki musaté ing Konstantinopèl, lan dikuasani déning kaisar-kaisar panggantiné kaisar Romawi kuna sawisé lèngsèré Kekaisaran Romawi Kulon. Boten wonten konsensus ngenani tanggal wiwité kalamangsa Romawi Wétan. Pérangan wong nyebat manawi mangsa kekuasaan Diokletianus (284-305) sebab reformasi-reformasi pamaréntahan ingkang ditepangake marang dhèwèké, mbagi nagara mau dadi pars Orientis lan pars Occidentis.[2] Pihak liyané nyebat mangsa kekuasaan Theodosius I (379-395), utawa sawisé kematiané ing taun 395, wektu kekaisaran kepecah dadi pérangan Wétan lan Kulon. Wonten uga ingkang nyebat taun 476, ya iku wektu Roma dijajah kaping telu ing saabad ingkang mertandhakaken lèngsèré Kulon (Latin), lan ngakibatkaké kaisar ing Wétan (Yunani) pikantuk kekuasaan tunggal.[3] Upama makaten, titik ingkang wigati ing sajarah Romawi Wétan ya iku wektu Konstantinus ingkang Agung mindhah kutha krajan saka Nikomedia (ing Anatolia) menyang Byzantium (ingang arep dadi Konstantinopèl) ing taun 330.

Negera punika madek kirang luwih sampun ewunan taun. Sajeroning anané, Romawi Wétan, dumadi kekiyatan ékonomi, budaya, lan militèr ingkang rosa ing Éropah, sandyan terus ngalami kamunduran, mligi ing mangsa Paperangan Romawi-Pèrsi lan Romawi Wétan-Arab. Kekaisaran iki direstorasi ing mangsa Dinasti Makedonia, bangkit dadi kekiyatan gedhé ing Mediterania Wétan ing pungkasan abad kaping 10, lan bisa nyaingi Kekhalifahan Fatimiyah. Sawisé taun 1071, sapérangan gedhé Asia Cilik direbut déning Turki Seljuk. Restorasi Komnenos kasil ngiyataken dominasi ing abad kaping 12, ananging sawisé sedanipun Andronikos I Komnenos Lan paripurnané Dinasti Komnenos ing pungkasan abad kaping 12, kekaisaran ngalami kamunduran manèh. Romawi Wétan saya kagoncang ing mangsa Perang Salib Kapapat taun 1204, wektu kekaisaran iki dibubaraké mawi peksa lan dipisah dadi nagara-nagara Yunani lan Latin ingkang satru. Kekaisaran kasil didekné malih ing taun 1261 ning ngisoré pimpinan kaisar-kaisar Palaiologos, ananging perang sadulur ing abad kaping 14 terus nglemesaké kekiyatan kekaisaran. Turahan wewengkone dicaplok déning Kesultanan Utsmaniyah ing Paperangan Romawi Wétan-Utsmaniyah. Pungkasané, Konstantinopel ksil direbut déning Utsmaniyah ing tanggal 29 Mèi 1453, pratandha paripurnané Kekaisaran Romawi Wétan.

Tata asma[besut | besut sumber]

Kekaisaran punika wiwit diarani "Bizantium" ing Éropah Kulon taun 1557, wektu sejarawan Jérman Hieronymus Wolf nerbitake karyané ingkang gadhah sesirah Corpus Historiæ Byzantinæ. Tembung "Bizantium" dumadi saka tembung "Byzantium", inggih punika namanipun kutha Konstantinopèl sakdèrèngé dadi kutha krajan Konstantinus ingkang Agung. Kawiwitan saka iku, jeneng tuwa iki jarang dienggo, kejawi ing konteks sajarah lan geguritan. Sakalajengipun, Byzantine du Louvre (Corpus Scriptorum Historiæ Byzantinæ) taun 1648 lan Historia Byzantina karya Du Cange taun 1680 saya misuwuraké tetembungan Bizantium ing antarané pangarang-pangarang Prancis, kaya ta Montesquieu.[4] Istilah punika sabanjure ngilang nganti abad kaping 19 wektu piyantun Kulon bali nganggo manèh.[5] Sakdèrèngé, istilah Yunani iki ingkang diginakaken kanggé kekaisaran punika.

Negera punika dipunparingi asma dhumateng rakyaté kanthi asma Kekaisaran Romawi, Kekaisaran Orang-orang Romawi (Latin: Imperium Romanum, Imperium Romanorum, Yunani: Βασιλεία τῶν Ῥωμαίων, Basileía tôn Rhōmaíōn, Αρχη τῶν Ῥωμαίων, Arche tôn Rhōmaíōn), Romania[n 1] (Latin: Romania, Yunani: Ῥωμανία, Rhōmanía), Républik Romawi (Latin: Res Publica Romana, Yunani: Πολιτεία τῶν Ῥωμαίων, Politeίa tôn Rhōmaíōn),[7] Graikía (Yunani: Γραικία),[8] lan uga Rhōmaís (Ῥωμαΐς).[9]

Sanadyan Kekaisaran Romawi Wétan duwé ciri multietnis ing sejarahipun,[10] sarta njaga tradhisi Romawi-Helenistik,[11] nagara punika dipunmangertosi nagara-nagara kulon lan lor ing jamané kanthi asma Kekaisaran Piyantun Yunani[n 2] amargi rosané prabawa Yunani.[12] Pangageman istilah Kekaisaran Piyantun Yunani (Latin: Imperium Graecorum) ing Kulon dumadi lambang penolakan klaim Bizantium makilaké Kekaisaran Romawi.[13] Klaim Romawi Wétan dhumateng warisan Romawi ditentang ing Kulon ngepasi jaman Maharani Irene dari Athena amargi pangangkatan Karel ingkang Agung dadi Kaisar Romawi Suci ing taun 800 déning Paus Leo III, ingkang meruhi takhta Romawi kosong (boten wonten panguasa jaler). Paus lan panguasa saking Kulon luwih nyenengi istilah Imperator Romaniæ tinimbang Imperator Romanorum, gelar ingkang diginakaken namung kanggé Karel ingkang Agung lan panerus-paneruse.[14]

Sawetara iku, ing peradaban Perseia, Islam, lan Slavia, idhèntitas Romawi negera iki diakoni. Ing donya Islam, Kekaisaran Romawi Wétan dingertèni kanthi asma روم (Rûm "Roma").[15][16]

Wonten ing atlas-atlas sajarah modhèren, kekaisaran punika lumrahé dipunparingi asma Kekaisaran Romawi Wétan ing kalamangsa antara 395 nganti 610. Ing peta-peta kang nggambaraké Kekaisaran sawisé taun 610, istilah Kekaisaran Bizantium lumrahé dienggo amargi ing taun 620 kaisar Heraklius nggantèni basa resmi kekaisaran saking Latin menyang Yunani.[17]

Jati diri[besut | besut sumber]

Kekaisaran Romawi Wétan saged dipundefinisikaken dadi kekaisaran multi-ètnis kang njedhul dadi kekaisaran Kristen, banjur kapérang dadi kekaisaran Wétan kang wis di-Helenisasi lan mungkasi sajarah èwuan taun, ing 1453, dadi Nagara Ortodoks Yunani: Sawijining kraton kang dadi nagara, ingkang mèh padha tegesé modhèren saka tembung mau".1

Wonten ing abad-abad sawisé penjajahan Arab lan Langobardi ing abad kaping 7, watek multi-etnisné (sanadyan dudu multi-bangsa) tetep ana pramila pérangan-bagiané, Balkan lan Asia Cilik, duwé populasi Yunani sing gedhé. Etnis minoritas lan komunitas gedhé agama liya (contoné bangsa Armenia) manggon ing cedhak perbatesan. Rakyat Romawi Wétan nganggep dhèwèké wong Ρωμαίοι (Rhomaioi-Romawi) kang wus dadi sinonim kanggo wong Έλλην (Hellene-Yunani), lan sregep ngembangaké kesadaran diri dumadi nagara, dadi penduduk Ρωμανία (Romania, ya iku celukané kanggo Nagara Romawi Wétan lan donyané). Perkawis iki gamblang diweruhi ing karya sastra kalamangsa iku, mligi ing wiracarita kaya Digenes Akrites.

Paleburan resmi nagara Romawi Wétan ing abad kaping 15 ora langsung ngancuraké masarakat Romawi Wétan. Ing mangsa pandudukan Turki, wong Yunani terus nyeluk pribadining dhèwèké kanthi asma Ρωμαίοι (bangsa Romawi) lan Έλληνες (bangsa Yunani), sawijining ciri-ciri ingkang tetep ana nganti wiwité abad kaping 21 lan isih ana ing Yunani modhèren saiki, sanadyan “Romawi” wus dadi jenengé “rakyat” saka sinonim bangsa kaya ing jaman mbiyèn.

Sajarah[besut | besut sumber]

Wiwité Sajarah Kekaisaran Romawi[besut | besut sumber]

Bala wadya Romawi wayah iku kasil nguasai panggonan sing amba ingkang nyakup sakabèhing wewengkon Mediterania lan pérangan gedhé Éropah Wétan. Wewengkon-wewengkon iki kapérang saka akèh golongan budaya, wiwit sing ijik primitif nganti sing wus nduwé peradaban maju. Kadeleng kanthi umum, provinsi-provinsi ing wewengkon Mediterania wétan luwih makmur lan maju amarga wis ngalami perkembangan kang rikat ing jaman Kekaisaran Makedonia sarta wis ngalami prosès hellenisasi. Saliyané iku, provinsi ing wewengkon Kulon akèh-akèhé mung arupa padésan kang ketinggalan jaman. Bédané antara kaloro wewengkon iki anané suwé lan dadi wigati ing taun-taun saterusé.[18]

Pamisahan Kekaisaran Romawi[besut | besut sumber]

Dekret Caracalla ing 212, Constitutio Antoniniana, ngambakake kewarganagaraan ing njaba Italia kanggo kabèh wong lanang gedhé bébas ing sakabèhing Kekaisaran Romawi, kanthi èfèktif ningkatkaké populasi provinsi kanggo madhakaké status karo kutha Roma dhéwé. Pentingé dèkret iki luwih bersejarah tinimbang cara pulitik. Dekret iku ya iku dhasar kanggo integrasi. Mekanisme ékonomi lan ukum saka nagara bisa diterapkaké ing sakabèhing Mediterania sing naté dilakoké sadurungé saka Latium menyang sakabèhing Italia. Wis mesthi, integrasi ora kadadéan kanthi seragam. Masarakat sing wus nyawiji karo Roma, kaya Yunani ketulung karo dekret iki, dibandingké karo panggoné sing luwih adoh, mlarat banget utawa asing banget sing kaya Karajan Manunggal, Palestina utawa Mesir.

Ing taun 293, Diokletianus nyipta sistem administratif sing anyar (tetrarki)[19] dadi institusi sing dimaksudke kanggo ngefisienaké kontrol Kekaisaran Romawi sing amaba. Dhèwèké mbagi Kekaisaran dadi loro pérangan, kanthi loro kaisar mréntah saka Italia lan Yunani, pendhak duwé wakil-kaisar. Sabanjuré jaman kakuasaan Diokletianus lan Maximianus paripurna, tetrarki runtuh, lan Konstantinus I nggantèkaké kanthi prinsip panggantiyan turun temurun.[20]

Konstantinus mindhahaké punjer kekaisaran, lan nggawa owah-owahan kang wigati ing konstitusi sipil lan religius.[21] Ing taun 330, dhèwèké ngadegaké Konstantinopèl dadi Roma kapindho ing Byzantium. Posisi kutha mau strategis ing adol tinuku antarané Wétan lan Kulon. Sang kaisar ngenalaké koin (solidus emas) kang duwé rega dhuwur lan stabil,[22] sarta ngubah struktur angkatan prasenjata. Ing kontrolé Konstantinus, kekiyatan militèr kekaisaran wus mari. Periode kastabilan lan kasejahteran uga bisa dirasakaké.

Pembaptisan Konstantinus yang dilukis olèh murid-murid Raphael

(1520–1524). Eusebius dari Caesaria mencatat bahwa Konstantinus menunda pembaptisan hingga saat sebelum kematiannya, seperti yang menjadi tradisi padha mangsa itu.[23]]]

Ing kakuasan Konstantinus, Kekristenan ora dadi agama eksklusif nagara, ananging didukung karo kekaisaran, apamenèh sang kaisar ndukungé kanthi hak-hak sing akèh. Sang kaisar ngenalaké prinsip upama kaisar ora perlu ngebaraké pitakonan dhoktrin, nanging perlu nimbali dewan-dewan kagerejan kanggo tujuwan iku. Sinode Arles dinyawijikaké karo Konstantinus, lan Konsili Nicea Kapisan mameraké klaim dhèwèké kanggo dadi kepala gréja.[24]

Kahanan kekaisaran taun 395 bisa diarani dadi asil kerjané Konstantinus. Prinsip wangsa kang diterapaké kanthi tegas saéngga kaisar kang séda ing jaman iku, Theodosius I, bisa merisaké kekaisaran tumuju anak-anaké: Arcadius ing Kulon lan Honorius ing Wétan. Theodosius ya iku kaisar pungkasan kang nguasani sakabèhing Romawi Kulon lan Wétan.[25]

Kekaisaran Wétan kasingkrih saka kangélan-kangélan kang diadhepi karo Kulon ing abad katelu lan kapapat, amarga Wétan duwé budaya urban kang luwih mapan lan sumber daya finansial kang luwih kuwat, saéngga bisa mandhekaké panyerangan nganggo upeti lan nyéwa wadya-wadya bayaran. Theodosius II nguatkaké tembok Konstantinopel, saéngga kutha mau aman saka serangan-serangan; tembok iku ora bisa ditembus nganti taun 1204. Kanggo ngusir wong-wong Hun sing ana ing ngisoré kapemimpinan Attila, Theodosius mènèhi dhèwèké subsidi (jaréné 300 kg (700 lb) emas).[26] Dhèwèké uga njurung pedagang Konstantinopel kang dodolan karo wong Hun lan bangsa liyané.

thumb|300px|Kekaisaran Romawi Timur taun 500 M.

Panerusé, Marcianus, nolak nerusaké mbayar upeti iki. Untungé, Attila wus ngalihaké perhatiané tumuju Kekaisaran Romawi Kulon.[27] Sawisé matiné taun 453, negera Attila ancur lan Konstantinopel mbukak gayutan kang nguntungaké karo wong Hun sing jik ana. Dhèwèké akhiré tempur dadi wadya bayaran ing angkatan bala wadya Romawi Wétan.[28]

Sawusé runtuhé Attila, katentreman bisa dirasakaké ing Romawi Wétan, sawetara Romawi Kulon runtuh (karuntuhané kacatet ing taun 476, wayah jenderal Romawi Jermanik Odoacer nglèngsèraké kaisar Romulus Augustulus).

Kanggo ngrebut manèh Italia, kaisar Zeno mung bisa negosiasi karo Ostrogoth sing wus manggon ing Moesia. Dhèwèké ngirim ratu Ostrogoth Theodoric menyang Italia dadi magister militum per Italiam ("kepala komando kanggo Italia"). Sawusé kasil nglèngsèraké Odoacer ing taun 493, Theodoric nguwasani Italia.[25]

Ing taun 491, Anastasius I dadi kaisar. Dhèwèké ya iku wong reformis energetik lan administrator sing cakap. Anastasius nyempurnakaké sistem koin Konstantinus I kanthi ngatur bobot follis perunggu, koin sing akèh dienggo ing kauripan sabendina.[29] Dhèwèké uga ngubah sistem perpajekan, sarta ngilangaké pajeg chrysargyron kang ora disenengi. Wayah Anastasius séda ing taun 518, jumlah kas nagara kacathet gedhéné 320.000 lbs (145.150 kg) emas.[30]

Panaklukan manèh Romawi Kulon[besut | besut sumber]

Mosaik Yustinianus I di Basilika San Vitale, Ravenna.

Yustinianus I, kang munggah singgasana ing taun 527, nglancaraké panaklukan manèh Romawi Kulon.[31] Ing taun 532, putra tani Illyria iku nandatangani prajanjèn damai karo Khosrau I saka Pèrsi. Sanadyan kudu mbayar upeti taunan kang akèh, front wétan Bizantium dadi aman. Ing taun kang padha, Yustinianus slamet saka karusuhan Nika ing Konstantinopel, sing dipungkasi kanthi matiné telung puluh èwu perusuh. Kamenangan iki nguataké posisi Yustinianus.[32] Paus Agapetus I dikirim menyang Konstantinopel karo ratu Ostrogoth Theodahad, ananging wurung tumuju prajanjèn perdamaian karo Yustinianus. Ananging, ora kasil agawé monofisitisme dicela.

Panaklukan manèh Romawi Kulon diwiwiti ing taun 533. Yustinianus ngirim jendralé Belisarius lan 15.000 wadya kanggo ngrebut manèh provinsi Afrika saka suku Vandal sing wus kuwasa saka taun 429.[33] Karajan Vandal kasil ditundhukaké.[32] Sawetara iku, ing Italia Ostrogoth, ratu Athalaric ninggal ing tanggal 2 Oktober 534. Ibuné, Amalasuntha, dikunjara lan dipatèni déning Theodahad ing pulau Martana. Yustinianus ndelok kanthi kesempatan kanggo nglakokaké intervensi. Ing taun 535, wadya Romawi Wétan dikirim menyang Sisilia. Kamenangan kasil karaih, ananging Ostrogoth nguataké pralawanan dhèwèké. Kamenangan anyar bener-bener kasil ing taun 540, wayah Belisarius ngrebut Ravenna.[34]

Wewengkon Romawi Timur padha mangsa Yustinianus.

Émané, Ostrogoth kasil didakaké manèh ing ngisoré kapemimpinan Totila lan ngrebut Roma ing tanggal 17 Dhésèmber 546. Belisarius ditarik déning Yustinianus wiwit taun 549.[35] Kasim Narses nggantekaké ing pungkasan taun 551 karo nggawa bala wadya 35.000 akèhé. Totila kasil dikalahaké lan mati ing Paperangan Busta Gallorum. Panerusé, Teia, kasil ditaklukaké ing Paperangan Mons Lactarius (Oktober 552). Sakbanjuré iku, suku Goth isih terus nglawan. Suku Franka lan Alamanni uga nglancaraké invasiné. Sanadyan mangkono, perang kanggo nguwasani ujung Italia wus rampung kanthi kamenangan Romawi Wétan.[36]

Ing taun 551, bangsawan Visigoth ing Hispania, Athanagild, njaluk bantuan Yustinianus ing pamberontakan nglawan ratu. Sang kaisar ngirim wadya ing ngisoré pimpinan Liberius. Kekaisaran Romawi Wétan kasil nguasani sapérangan wewengkon ing pasisir Spania nganti mangsa kakuasaan Heraklius.[37]

Sawetara iku, ing wétan, Paperangan Romawi-Pèrsi kadadéan nganti taun 561, wayah Yustinianus lan Khosrau nyetujoni panentreman 50 taun suwéné. Ing panengahan taun 550, Yustinianus wus éntuk kamenangan ing sakabèhing paperangan, kanthi pengecualian ing Balkan, wektu kekaisaran terus diserang déning bangsa Slavia. Ing taun 559, kekaisaran diancem déning Kutrigur lan Sklavinoi. Yustinianus ngundang Belisarius, lan mangkono bebaya wus ilang, sang kaisar ngenggoni kakuasaan dhéwékan. Pawarta upama Yustinianus nguataké armada Donaunya agawe Kutrigur bingung, saéngga dhèwèké sarujuk kanthi traktat kang menèhi dhèwèké subsidi lan ngolèhaké dhèwèké mulih kanthi aman ngléwati kali Donau.[32]

Yustinianus uga misuwur amarga préstasiné ing babagan ukum.[38] Ing taun 529, komisi kang cacahé sepuluh wong sing dikepalani déning Iohannis Orientalis merevisi undang-undang Romawi kuna. Sakabèhing "undang-undang Yustinianus" jaman saiki kaloka kanthi jeneng Corpus Juris Civilis.

Sasuwéné abad kaping 6, budaya Yunani-Romawi isih duwé prabawa kuwat ing Wétan. Filsafat lan budaya Kristen dadi saya wigati lan wiwit ndominasi budaya mbiyen. Himne-himne sing Romanus Melodus nandai pangembangan Liturgi Suci. Aristek-arsitèk lan para tukang makarya abot kanggo ngebaraké gréja anyar Hagia Sophia sing nggantèkaké gréja mbiyèn sing ancur akibat haruhara Nika. Sasuwéné abad kaenam lan kapitu, kekaisaran diguncang déning wabah pes, kang matèni akèh jiwa, sarta ngakibataké kemunduran ékonomi lan lemesé kekaisaran.[39]

Sawisé Yustinianus séda ing taun 565, panggantiné, Yustinus II, nolak mbayar upeti kanggo Pèrsi. Sawetara iku, suku Langobardi nyerbu Italia. Pangganti Yustinus, Tiberius II, mènèhi subsidi menyang suku Avar, sawetara nglancarake serangan tumuju Pèrsi. Subsidi wurung menangaké suku Avar. Dhèwèké ngrebut bètèng Sirmium taun 582, sinambiyan bangsa Slavia wiwit nyeberang kali Donau. Maurice, kang nggantèkaké Tiberius, mèlu cawé-cawé ing paperangan sadulur Pèrsi, sarta manggonaké Khosrau II bali tumuju kakuasaané lan nikahaké putriné karo dhèwèké. Traktat Maurice karo iparé sing anyar nggawa status quo anyar ing wétan, lan ngurangi biaya pertahanan sasuwéné perdamaian iki (yutanan solidi kasil dislametaké kanthi remisi upeti kanggo Pèrsi). Sawisé kamenangané ing front wétan, Maurice bisa ngalihaké perhatiané dateng Balkan, lan [ing taun 602, dhèwèké kasil ngusir suku Avar lan Slavia.[25]

Nyusuté wates[besut | besut sumber]

Dinasti Heraklius[besut | besut sumber]

Sawisé Maurice dipatèni déning Phocas, Khosrau nyoba naklukaké provinsi Mesopotamia Romawi.[40] Phocas, sawijining pemimpin ora populèr kang dideskripsikaké dumadi "tiran" ing sumber-sumber Romawi Wétan, ya iku target konspirasi-konspirasi senat. Dhèwèké dilèngsèraké ing taun 610 déning Heraklius.[41] Sawisé Heraklius kuwasa, bala wadya Pèrsi terus ndesek nganti mlebu Asia Cilik. Dhèwèké madeki Damaskus lan Yerusalem, sarta mindhahaké Salib Sejati menyang Ctesiphon.[42] Heraklius nglancaraké serangan walesan kanthi ciri perang suci. Bala wadya Romawi Wétan perang kanthi nggawa citra acheiropoietos Kristus dumadi panji militèr.[43] Bala wadya Pèrsi kasil diancuraké ing pertempuran di Ninewe taun 627. Ing taun 629, Heraklius mbalikaké Salib Sejati menyang Yerusalem ing upacara kang agung.[44] Perang iki nyuda kakuwatané Romawi Wétan lan Sassaniyah Pèrsi, sarta nggawé kaloroné ringkih karo serangan Muslim Arab kang lagi bangkit ing mangsa iku.[45] Bala Wadya Arab kasil ngancuraké wadya Romawi Wétan ing Pertempuran Yarmuk taun 636, lan Ctesiphon tiba ing taun 634.[46]

Kekaisaran Romawi Timur padha taun 650.

Bala Wadya Arab, sing wus naklukaké Suriah lan Levant, terus nyerang Anatolia, lan antara taun 674 nganti 678 ngepung Konstantinopel. Armada Arab kasil diusir nganggo geni Yunani lan perang senjata sasuwéné telung puluh taun disetujui antara kekaisaran karo Kekhalifahan Umayyah.[47] Serangan marang Anatolia terus kalaksanan lan agawé écepet matiné budaya urban klasik. Panduduk-panduduk akèh kang mbèntèngi manèh wewengkon-wewengkon kang luwih cilik ing njero bètèng kutha lawas, utawa pindhah menyang bètèng-bètèng sing paling cedhak.[48] Agungé Konstantinopel uga nyusut, saka 500.000 penduduk dumadi 40.000-70.000 waé, kang disebabaké amarga Konstantinopel kélangan sumber gandum ing taun 618 wayah Mesir direbut déning Pèrsi (provinsi iki bisa direbut manèh taun 629, ananging akhiré dikuasani déning Arab ing taun 642).[49]

Api Yunani dienggo kang kapisan karo angkatan bersenjata Romawi Wétan sasuwéné Peperangan Romawi Timur-Arab.

Panarikan wadya ing Balkan kanggo tempur nglawan Pèrsi lan Arab ing wétan wus mbukak lawang kanggo ngambakaké wewengkon bangsa Slavia. Akibaté, kaya ing Anatolia, akèh kutha nyusut dadi pamukiman kabèntèng kang cilik.[50] Pada taun 670-an, bangsa Bulgaria dhidhesek menyang kidul kali Donau karo bangsa Khazar. Wadya Romawi Wétan kang dikirim kanggo mbubaraké pemukiman-pemukiman anyar iki dikalahaké ing taun 680. Konstantinus IV sabanjuré iku nandatangani prajanjèn karo khan Bulgaria Asparukh, lan nagara Bulgaria anyar éntuk kedaulatan saka pérangan suku-suku Slavia kang sadurungé ngakoni kekuasaan Romawi Wétan.[51] Ing taun 687–688, kaisar Yustinianus II mimpin èkspèdhisi nglawan Slavia lan Bulgaria kang cukup kasil.[52]

Kaisar Heraklius pungkasan, Yustinianus II, nyoba ngancuraké kakuwatan aristokrasi prakuthon mawi perpajekan lan panunjukkan "wong njaba" ing kalungguhan-kalungguhan administratif. Dhèwèké dilèngserké ing taun 695, lan golèk perlindungan menyang bangsa Khazar, banjur Bulgaria. Ing taun 705, Yustinianus II bali menyang Konstantinopel bebarengan wadya khan Bulgaria, Tervel. Dhèwèké ngrebut manèh takhta, lan madekaké rezim teror kanggo musuh-musuhé. Yustinianus II dilèsèraké menéh ing taun 711, saéngga paripurna Dinasti Heraklius.[53]

Dinasti Isauria tumeka mangsa Basil I munggah singgasana[besut | besut sumber]

Kekaisaran Romawi Timur saat Leo III munggah takhta taun 717. Wewengkon bergaris ya iku laladan kang diserang déning bangsa Arab.

Leo III kasil ngusir serangan Muslim taun 718, lan pikantuk kamenangan kanthi bantuan saka khan Bulgaria, Tervel, kang kasil matèni 32.000 prajurit Arab karo tentarané. Panerusé, Konstantinus V, éntuk kamenangan ing Suriah elor, lan nglemesaké kakuwatan Bulgaria.[54]

Ing taun 826, Arab ngrebut Kréta lan nyerang Sisilia, ananging ing 3 September 863, jendral Petronas kasil pikantuk kamenangan gedhé ing pertempuran nglawan Umar al-Aqta, emir Melitene. Ing ngisoré kapemimpinan kaisar Bulgaria Krum, anceman Bulgaria njedhul manèh, ananging ing taun 814, putra Krum, Omortag, rerukun karo Kekaisaran Romawi Wétan.[55][56]

Ikonoklasme Romawi Timur padha abad ke-9.

Abad kawolu lan kasanga rempeg karo kontroversi lan perpecahan religius akibat ikonoklasme. Ikon-ikon ora diéntuki karo Leo III lan Konstantinus V, ngakibataké pamberontakan kang dilancarkan déning ikonodul (pandukung ikon) ing sakabèhing kekaisaran. Saka upaya Maharani Irene, Konsili Nicea Kaloro dikempulaké taun 787, lan negesaké upama ikon bisa dihormati ananging ora disembah. Pada taun 813, Leo V ngukuhaké manèh kebijakan ikonoklasme, ananging Maharani Theodora mulihaké pamujan ikon karo bantuan Patriark Methodios ing taun 843.[57] Ikonoklasme ngambakaké jurang kapecahan antarané Wétan lan Kulon, kang saya èlèk ing mangsa skisma Photios, wektu Paus Nikolas I nentang pangangkatan Photios dadi patriark.[58]

Dinasti Makedonia lan Kebangkitan[besut | besut sumber]

Paperangan nglawan Muslim[besut | besut sumber]

Kekaisaran Romawi Timur taun 867.

Ing taun 867, Romawi Wétan wus agawé stabil posisiné ing wétan lan kulon. Amarga efisiensi ing struktur militèr, kaisar bisa ngrencana perang panaklukan manèh ing wétan.

Prosès panaklukan manèh diwiwiti kanthi kasil kang ora tetep. Kreta kasil ditaklukaké kanggo sawetara (843), ananging sabanjuré wadya Romawi Wétan kalah ing Bosporus, sawetara kaisar ora kuwasa nyegah panaklukan Muslim ing Sisilia (827–902). Kanthi nggunakaké Tunisia dumadi watu lumpatan, wadya Muslim naklukaké Palermo taun 831, Messina taun 842, Enna taun 859, Siracusa taun 878, Catania taun 900, lan bètèng Romawi Wétan pungkasan, Taormina, taun 902.

Keberhasilan militèr padha abad kesepuluh diikuti dengan kebangkitan budaya, yang ingaran Renaisans Makedonia.

Kekurangan mau ndang diseimbangaké mawi keberhasilan èkspèdhisi tumuju Damietta ing Mesir (856), dikalahké Emir Melitene (863), pamasthèn kakuasaan kekaisaran ing Dalmatia (867), lan serangan Basil I menyang Efrat (870s). Basil I bisa nangani situasi ing Italia kidul kanthi apik,[59] pramila provinsi mau tetap ing tangané Romawi Wétan sasuwéné 200 taun salajengipun.[60]

Ing taun 904, masalah tumeka ing kekaisaran wayah kaloro kutha iku, Thessalopunika, dijarah déning armada Arab kang dimandhégani déning pengkhianat Romawi Wétan Leo saka Tripoli. Wadya Romawi Wétan males kanthi ngancuraké armada Arab taun 908, sarta njarah kutha Laodicea ing Suriah rong taun sawusé. sandyan piwalesan wus kalaksanan, Romawi Wétan ora bisa nginterfensi Muslim, sing wus ngancuraké wadya kekaisaran ing Kreta taun 911.[61]

Kahanan ing wates karo Arab tetep cair. Varangia, kang nyerang Konstantinopel kanggo kapisané ing taun 860, dadi tantangan anyar. Ing taun 941, dhèwèké njedhul ing pasisir Bosporus pérangan Asia. Wayah iki dhèwèké kasil diancuraké, ndudohaké kuaté kekuwatan militèr Romawi Wétan sawusé taun 907, wektu namung diplomasi kang bisa ngusir panyerang-panyerang mau.

Kaisar Nikephoros II Phokas (kuasané 963–969) lan Yohanes I Tzimiskes (969–976) njembaraké wewengkon kekaisaran nganti Suriah, nundukaké emir-emir ing Irak kulon laut, sarta naklukaké manèh Kreta lan Siprus. Ing pamaréntahan Yohanes, wadya kekaisaran sempet ngancem Yerusalem.[62] Emirat Aleppo lan tangga-tanggané dadi vassal kekaisaran. Sawusé akèh nglancaraké kampanye militèr, anceman Arab kang pungkasan kanggo Romawi Wétan kasil ditaklukaké wayah Basil II kanthi rikat narik 40.000 wadya jaran kanggo mbébasaké Suriah Romawi. Kanthi surplus sumber daya alam, Basil II ngrencana èkspèdhisi menyang Sisilia kanggo ngrebut saka bangsa Arab. Sawusé matiané taun 1025, èkspèdhisi kalaksanan ing taun 1040-an, lan kasil éntuk sukses ing ngarepé, ananging suksèsé iku sabanjuré seret.

Paperangan nglawan Kekaisaran Bulgaria[besut | besut sumber]

!Kanggé katrangan langkung jangkep ngenani topik puniki, pirsani Peperangan Romawi Timur-Bulgaria.
Kaisar Basil II sang Pembantai Bulgar (976–1025).

Pargumulan suwé karo Takhta Suci kalaksanan; wayah iki diakibataké karo perebutan kakuasaan religius Bulgaria sing lagi dikristenaké. Akibaté, Tsar Simeon I nglancaraké invasi ing taun 894, ananging kasil dimandekaé mawi diplomasi Romawi Wétan, kang njaluk bantuan saka bangsa Hongaria. Romawi Wétan akhiré dikalahké ing Pertempuran Bulgarophygon (896) lan diwajibké mbayar upeti marang bangsa Bulgaria. Sabanjuré (912), Simeon kasil meksa Romawi Wétan mènèhi anugrah takhta basileus (kaisar) Bulgaria lan agawé Kaisar Konstantinus VII nikahi salah siji putri Simeon. Wektu pemberontakan ing Konstantinopel nyeretaké upaya iki, Simeon nyerang Trakia lan naklukaké Adrianopel.[63]

Ekspedisi kekaisaran di ngisoré pimpinan Leo Phocas lan Romanos Lekapenos ngalami kekalahan gedhé ing Pertempuran Acheloos (917), lan ing taun saterusé Bulgaria ngleboni lan ngrampok Yunani elor nganti sadawané Korintus. Adrianopel kasil direbut manèh ing taun 923, ananging ing taun 924 wadya Bulgaria ngepung Konstantinopel. Kahanan ing Balkan dadi apik sawusé matiné Simeon taun 927. Ing taun 968, Bulgaria diserbu déning Rus' ing ngisoré pimpinan Sviatoslav I saka Kiev. Telung taun sawisé, Kaisar Yohanes I Tzimiskes kasil ngalahaké bangsa Rus' lan nglebokaké wewengkon Bulgaria wétan menyang kekaisaran.

Wewengkon kekaisaran di bawah pimpinan Basil II.

Perlawanan Bulgaria kadadéan ing mangsa wangsa Cometopuli. Kaisar anyar Basil II (kuwasa 976–1025) ngupaya nundukaké bangsa Bulgaria. Ekspedisi kapisan Basil ngalami kawurungan ing Gerbang Trajanus. Ing taun-taun sawusé, kaisar sibuk karo pemberontakan internal ing Anatolia, sawetara Bulgaria ngambakaké kakuasaan dhèwèké ing Balkan. Perang kalangsungan suwéné mèh rong puluh taun. Kamenangan Romawi Wétan ing Spercheios lan Skopje kasil nglemesaké wadya Bulgaria. Ing kampanye militèr tauné, Basil terus ngurangi jumlah bètèng Bulgaria. Akhiré, ing Pertempuran Kleidion taun 1014, Bulgaria kasil dikalahaké.[64] Wadya Bulgaria ditangkap, lan jaréné 99 saka 100 wadya diwutakaké, sauntara liyané diwènèhi siji mripat kanggo mimpin kanca sabangsané mulih. Wayah Tsar Samuil ndeleng nasib tentarané, dhèwèké mati akibat syok. Ing taun 1018, bètèng Bulgaria pungkasan wus nyerah, lan nagarané dhèwèké dadi péranganing Romawi Wétan. Kamenangan iki ngréstorasi wates Donau, kang ora dikuasani saka mangsa kaisar Heraklius.[63]

Hubungan karo Rus' Kiev[besut | besut sumber]

!Kanggé katrangan langkung jangkep ngenani topik puniki, pirsani Perang Rus'–Romawi Timur.
Rus' Kiev di bawah tembok Konstantinopel (860).

Antarané taun 850 nganti 1100, kekaisaran mbina gayutan karo Rus' Kiev. Romawi Wétan ya iku kanca budaya lan pradagangan kanggo Kiev, ananging gayutan antarané dhèwèké ora mesthi guyub. Konflik paling serius antara kaloro nagara ya iku perang 968–971 ing Bulgaria. Serangan-serangan Rus' tumuju kutha-kutha Romawi Wétan ing pasisir Laut Hitam lan Konstantinopel uga kacathet ing sajarah. Sanadyan serangan-serangan mau bisa ditampék, serangan iku katutup kanthi traktat dagang kang nguntungaké Rus'.

Hubungan Rus'-Romawi Wétan dadi apik sawuse nikahé porfirogenita Anna karo Vladimir ingkang Agung. Amarga Kristenisasi uga, gayutan kaloro nagara saya raket. Pendheta, arsitèk, lan artis Romawi Wétan diundang kanggo mbiyantu pagawéan katedral lan gréja ing Rus', saéngga prabawa budaya Romawi Wétan saya amba. Pirang-pirang wadya Rus' dadi wadya bayaran ing angkatan perang Romawi Wétan, lan sing paling kaloka ya iku Penjaga Varangia.

Penjelasan[besut | besut sumber]

  1. ^ Romania (utawi Rhōmanía) inggih punika asma kekaisaran ingkang misuwur[6] ingkang diginakaken boten resmi, ya iku "nagari tiyang Romawi". Istilah punika boten sarujuk ing Rumeni modhèren.
  2. ^ "Imperium Graecorum", "Graecia", "Yunastan", dll, asma kulon sanèsipun ingkang diginakaken inggih punika "kekaisaran Konstantinopel" (imperium Constantinopolitanum) lan "kekaisaran Romania" (imperium Romaniae).

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Millar 2006; James 2010, p. 5: "But from the start, there were two major differences between the Roman and Byzantine empires: Byzantium was for much of its life a Greek speaking empire oriented towards Greek, not Latin culture; and it was a Christian empire."
  2. ^ Treadgold 1997, p. 847.
  3. ^ Benz 1963, p. 176.
  4. ^ Fox, What, If Anything, Is a Byzantine?
  5. ^ University of Chile: Center of Byzantine and Neohellenic Studies 1971, p. 69.
  6. ^ Fossier & Sondheimer 1997, p. 104.
  7. ^ "Nation and Liberty: the Byzantine Example". Dio.sagepub.com. doi:10.1177/039219218303112403. Dijupuk 2010-08-07. 
  8. ^ Theodore the Studite. Epistulae, 145, Line 19 ("ή ταπεινή Γραικία") and 458, Line 28 ("έν Αρμενία καί Γραικία").
  9. ^ Cinnamus 1976, p. 240.
  10. ^ Ahrweiler & Laiou 1998, p. 3; Mango 2002, p. 13.
  11. ^ Gabriel 2002, p. 277.
  12. ^ Millar 2006; Ahrweiler & Laiou 1998, p. vii; Davies 1996, p. 245; Moravcsik 1970, pp. 11–12; Ostrogorsky 1969, pp. 28, 146; Lapidge, Blair & Keynes 1998, p. 79; Winnifrith & Murray 1983, p. 113; Gross 1999, p. 45; Hidryma Meletōn Chersonēsou tou Haimou 1973, p. 331.
  13. ^ Fouracre & Gerberding 1996, p. 345: "The Frankish court no longer regarded the Byzantine Empire as holding valid claims to universality; instead it was now termed the 'Empire of the Greeks'."
  14. ^ "Hellas, Byzantium". Encyclopaedia The Helios. 
  15. ^ Tarasov 2004, p. 121.
  16. ^ El-Cheikh 2004, p. 22.
  17. ^ Davis 1990, hal. 260.
  18. ^ Wells 1922, Chapter 33.
  19. ^ Bury 1923, hal. 1
  20. ^ Gibbon (1906), Part II Chapter 14: [1].
  21. ^ Gibbon 1906, III, 168 PDF (2.35 MB).
  22. ^ Esler 2004, p. 1081.
  23. ^ Eusebius, IV, lxii.
  24. ^ Bury 1923, hal. 63.
  25. ^ a b c "Byzantine Empire". Encyclopædia Britannica. 
  26. ^ Nathan, Theodosius II (408–450 AD).
  27. ^ Treadgold 1995, p. 193.
  28. ^ Alemany 2000, p. 207; Treadgold 1997, p. 184.
  29. ^ Grierson 1999, p. 17.
  30. ^ Postan, Miller & Postan 1987, p. 140.
  31. ^ "Byzantine Empire". Encyclopædia Britannica. ; Evans, Justinian (AD 527–565).
  32. ^ a b c Evans, Justinian (AD 527–565).
  33. ^ Gregory 2010, 2E, hal. 145.
  34. ^ Bury 1923, 180–216.
  35. ^ Bury 1923, 236–258.
  36. ^ Bury 1923, 259–281.
  37. ^ Bury 1923, 286–288.
  38. ^ Vasiliev, The Legislative Work of Justinian and Tribonian.
  39. ^ Bray 2004, pp. 19–47; Haldon 1990, pp. 110–111; Treadgold 1997, pp. 196–197.
  40. ^ Foss 1975, p. 722.
  41. ^ Haldon 1990, p. 41; Speck 1984, p. 178.
  42. ^ Haldon 1990, pp. 42–43.
  43. ^ Grabar 1984, p. 37; Cameron 1979, p. 23.
  44. ^ Haldon 1990, p. 46; Baynes 1912, passim; Speck 1984, p. 178.
  45. ^ Foss 1975, pp. 746–747.
  46. ^ Haldon 1990, p. 50.
  47. ^ Haldon 1990, pp. 61–62.
  48. ^ Haldon 1990, pp. 102–114.
  49. ^ Wickham 2009, p. 260.
  50. ^ Haldon 1990, pp. 43–45, 66, 114–115.
  51. ^ Haldon 1990, pp. 66–67.
  52. ^ Haldon 1990, p. 71.
  53. ^ Haldon 1990, pp. 70–78, 169–171; Haldon 2004, pp. 216–217; Kountoura-Galake 1996, pp. 62–75.
  54. ^ Cameron 2009, pp. 67–68.
  55. ^ "Byzantine Empire". Encyclopædia Britannica. ; "Hellas, Byzantium". Encyclopaedia The Helios. 
  56. ^ Treadgold 1997, pp. 432–433.
  57. ^ Parry 1996, pp. 11–15.
  58. ^ Cameron 2009, p. 267.
  59. ^ Browning 1992, p. 96.
  60. ^ Karlin-Heyer 1967, p. 24.
  61. ^ Browning 1992, p. 101.
  62. ^ Browning 1992, pp. 113.
  63. ^ a b Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Norwich
  64. ^ Angold 1997.

Réferénsi[besut | besut sumber]

Sumber primèr[besut | besut sumber]

Sumber sèkundèr[besut | besut sumber]

Bacaan lanjut[besut | besut sumber]

  • Ahrweiler, Helene (2000). Les Europeens. Paris: Herman. 
  • Haldon, John (2001). The Byzantine Wars: Battles and Campaigns of the Byzantine Era. Stroud: Tempus Publishing. ISBN 0752417959. 
  • Hussey, J. M. (1966). The Cambridge Medieval History, Volume IV — The Byzantine Empire Part I, Byzantium and its Neighbors. Cambridge University Press. 
  • Runciman, Steven (1966). Byzantine Civilisation. Edward Arnold (Publishers). ISBN 1566195748. 
  • Runciman, Steven (1990). The Emperor Romanus Lecapenus and his Reign. University Press (Cambridge). ISBN 0521061644. 
  • Toynbee, Arnold J. (1972). Constantine Porphyrogenitus and His World. Oxford University Press. ISBN 019215253X. ISBN 0-19-215253-X. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Studi, sumber, lan bibliografi Byzantium[besut | besut sumber]

Liyané[besut | besut sumber]