Bani Abbasiyah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kekhalifahan Abbasiyah
العبّاسدين
750–1258
Flag
Flag
Wewengkon kakuwasn paling jembar Bani Abbasiyah
Kutha krajan Bagdad, Kairo
Basa Arab(resmi), Aram, Armenia, Berber, Georgia, Yunani, Basa Ibrani, Pèrsi Tengah, Turkik
Agama Islam
Pamaréntahan Monarki
Sajarah
 •  Established 750
 •  Disestablished 1258
Sadurungé
Sawisé
Bani Umayah
Kakalifahan Fatimiyah
Kakaisaran Mongol

Bani Abbasiyah utawa Kakhalifahan Abbasiyah (Arab: العبّاسدين, al-Abbāsidīn) minangka sambungan saka papréntahan sadurunge saka Bani Umayah. Pangadek saka Daulah Abbasiyah iki ya iku Abdullah al-Saffah ibn Muhammad ibn Ali ibn Abdullah ibn al-Abbas. Wujud papréntahan kang dienggo dening Bani Abbasiyah beda-beda manut marang robahe politik, sosial, lan budaya. Kakuwasane cukup dawa, wiwit 132 H/750 M nganti 656 H/1258 M.

Bani Abbas wis wiwit ngrebut laladan-laladan wiwit jaman khalifah Umar bin Abdul Aziz (717-720 M). Khalifah iki dikenal anggoné apikan marang Singah. Keturunan Bani Hasyim lan Bani Abbas kang disiya-siya déning Daulah Umayah ngadegaké grombolan kanggo mungsuhi Daulah Umayah lan ngadegaké Daulah Abbasiyah.[1]

Nalika dibawahi Muhammad bin Ali Al-Abbasy, nglakoni perang kanthi rong cara, siji kanthi sesidheman, kang kapindho kanthi cara langsung. Nalika kabawah Muhammad, Bani Abbas olèh pendhukung akèh, ana uga kang biyèn njurung Bani Umayah mèlu lumebu ing Bani Abbasiyah.

Daulah Abbasiyah tekan pucuking kamulyan nalika dibawahi Harun Ar-Rasyid. Dhèwèké iku wong kang solèh, agamané apik, seneng wèwèh, lan asring dipadhakaké karo Khalifah Umar bin Abdul Azis saka Bani Umayyah. Nalika dadi pemimpin dhèwèké asring metu bengi kanggo mriksa, lan jaga wargané.

Pangrembakaning Ngelmu[besut | besut sumber]

1. Babagan Ngelmu Filsafat

Tokoh pinter Islam ing babagan ngelmu filsafat iki yaiku Abu Nasyar Muhammad bin Muhammad bin Tarhan kang misuwur kanthi jeneng al-Farabi, Abu Yusuf bin Ishak kang misuwur kanthi jeneng al-Kindi, Ibnu Sina, Al-Ghazali, Ibnu Rusyd, Ibnu Bajah, lan Ibnu Thufail.

2. Babagan Ngelmu Kedhokteran lan Kesehatan

Tokoh pinter Islam ing babagan kedhokteran iki yaiku Jabir bin Hayyan kang misuwur minangka bapak ngelmu kimia. Hunaian bin Ishak kang misuwur minangka juru penerjemah buku-buku saka manca, Ibnu Sahal, ar-Razi (juru lelara cangkrangen lan campak), Thabit Ibnu Qurra.

3. Babagan Ngelmu Petungan Matématika

Tokoh pinter Islam ing babagan ngelmu petungan (matématika) yaiku Muhammad bin Musa al-Khawarizmi (panemu angka nol) ing karya anggitane kanthi irah-irahan Algebra, Ngelmu Petungan Geometri, Umar bin Farukhan (buku anggitane yaiku Quadriparttum), Banu Musa (ngelmu ngitung palumahan kang rata lan bunder).

4. Babagan Ngelmu Falak

Tokoh pinter Islam ing babagan ngelmu Falak yaiku Abu Masyar al-Falaky (buku anggitane yaiku Isbatul Ulum lan Haiatul Falak), Jabir Batany (panemu teropong kanggo ndelok lintang, Raihan Bairuny (buku anggitane al-Afarul Bagiyah 'ainil Khaliyah, Istkhrajul Autad, lan sakpanunggale).

5. Babagan Ngelmu Astronomi

Tokoh pinter Islam ing babagan ngelmu astronomi yaiku al-Farazi (pangripta astro lobe), al-Gatani/Albetagnius, al-Farghoni utawa Alfragenius.

6. Babagan Ngelmu Tafsir

Tokoh pinter Islam ing babagan ngelmu tafsir iki yaiku Ibnu Jarir at-Thabari, Ibnu Atiyah al-Andalusy, as-Suda, Mupatil bin Sulaiman, Muhammad bin Ishak, lan sakpituruté.

7. Babagan Ngelmu Kadis

Tokoh pinter Islam ing babagan ngelmu kadis iki yaiku Imam Bukhari, Imam Muslim, Ibnu Majah, Abu Daud, at-Tirmidzi, lan sakpanunggale.

8. Babagan Ngelmu Kalam

Tokoh pinter Islam ing babagan ngelmu Kalam iki yaiku Wasil bin Atha', Abu Huzail al-Allaf, ad-Dhaam, Abu Hasan al-Asy'ari, Hujjatul Islam Imam al-Ghazali. Ngelmu kalam utawa tauhid iki saya ngrembaka tinimbang jaman sakdurunge.


Cathetan sikil[besut | besut sumber]