Thābit ibn Qurra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Thābit ibn Qurra
Barkas:20010219-001-01.jpg
A modern artistic depiction of Thābit ibn Qurra
Jeneng pepakThābit ibn Qurra
Lair826 CE
Harran
PatiFèbruari 18, 901
Baghdad
ÉraIslamic Golden Age
Kawigatèn utamaMathematics, Mechanics, Astronomy, Astrology, Translation, Number theory
Gagasan wigati

Al-Ṣābiʾ Thābit ibn Qurra al-Ḥarrānī (Arab: ثابت بن قرة‎‎, Latin: Thebit/Thebith/Tebit;[2] ingkang miyos ing taun 826 lan séda ing tanggal 18 Fèbruari 901), inggih punika satunggaling ilmuwan matematika, fisika, astronom, lan ugi penerjemah wontn ing taun- taun emas Islam ingkang dumunung wonten ing Baghdad wonten ing tengahing abad kaping sanga. Thabit ibn Qurra inggih damel satunggaling asling temunan ingkang wigati kairing liring jaman inggih punika wonten ing bab aljabar, geometri, lan ugi astronomi. Wonten ing babagan astronomi, Thabit medalaken salah satungaling asiling rekonstruksi ingkang sepisanan wonten ing sistem Ptolemaic, lan ing babagan mekanik piyambakipun ingggih minangka tiyang ingkang manggihaken bab statik.[3]

Biografi[besut | besut sumber]

Thabit inggih miyos wonten ing Harran (ingkang dipunmangertosi minangka Carrhae wonten ing classical antiquity) ing Mesopotamia sisih inggil utawi ing Assyria (wonten ing dinten modheren ing Turki). Wonten ing layang ulemipun Muhammad bin Musa bin Shakir, salah satungglaing sedherek kakungipun Banu Musa, Thabit lajeng kesah kanggé sinau ing Baghdad wonten ing House of Eisdom. Piyambakipun inggih satunggaling ètnis tiyang Assyrian, pendhudhuk asli saking pamicara basa Syria / Aramaic,[4] lan punika kagunganipun Sabian Harran, satunggaling sèkté saking Hermetisme.[5] Déné ing sumber - sumber sanèsipun inggih nyuwun piyambakipun kanggé dados tiyang Mandaean.[6] Wontn ing kasus sanèsipun, kekalih sekte ingkang wonten inggih ugi gadhah daya tarik ingkang ageng wonten ing babagan astronomi, astrologi, lan matematika (mliginipun ing tiyang Mandaean).

Sabians inggih gesang wonten ing antawasipun pusat paling wigati saking pamarèntahanipun khalifah ngantos taun 1258, nalika tiyang Mongol mbubrahken kuilipun ingkang paling pungkasan. Ing salebeting pamarentahanipun tiyang Muslim, para kaum sanèsipun inggih minangka kaum ingkang minor, lan ing sakiteripun al Mutawakkil, ing pamarentahanipun Haran lajeng saged dados papan punjering kanggé nliti bab filsafat, esoteris, lan medis. Piyambakipun inggih bok bilih sampun kegabung kaliyan turunan saking sarjana Yunani ingkang kafir lan boten dipunparingi toleransi ing pamarentahanipun kaisar Byzantium, lajeng netep wonten ing siti ingkang dados bageyanipun saking khalifah Abbasiyah. Sasampunipun taun 750 Masehi, sapérangan para penguaos Muslin lan para ulama kathah ingkang ketarik kaliyan ngèlmu basa Yunani, lajeng sami ngoleksi lan damel pertalan kanthah karya saking basa Yunani Kuno saking bab ngèlmu filosofi lan matematika. Sanajan ta piyambakipun lajeng dados pamicara ing basa Arab, ing jaman pra Islam, lan punika inggih minangka prakawis ingkang sampun biyasa kanggé para Sabian kanggé micara mawi basa Yunani.

Thabit lan para murid- muridipun dumunung ing tengah- tengahing para intelektual ingkang ageng, lab bok bilih ingkang ugi minangka kitha ingkang paling ageng kanthi iliring wekdal, Baghdad. Piyambakipun lajeng pados padamelan ingkang langkung sibuk kanggé nliti bab matematika, astronomi, astrologi, sikir, mekanik, usada, lan filsafat. Salajengipun ing gesangipun, ingkang nglindhungi Tabit inggih punika khaifah Al Mu'tadid (ingkang kekuasanipun saking taun 892 ngantos taun 902). Thabit lajeng dados kanca celakipun khalifah lan ugi dados punggawanipun khalifah. Thabit séda wonten ing Baghdad. Sasampunipun piyambakipun séda, nama sanèsipun saking tiyang Sabean ingkang ugi dados misuwur inggih punika Abu Abdalah Mohammad bin Jabir Al Battani. Thabit lan wayahipun, Ibrahim ibn Sinan ibn Thabit nyinaoni bab kurva ingkang dipunbetahaken kanggé damel srengéngé. Putranipun Thabit ingkang jaler inggih punika Sinan ibn Thabit inggih punika dados satunggaling dhoter ingkang misuwur lan gadhah tanggel jawab kanggé ngawasi sedaya griya sakit umum ingkang wonten ing Baghdad. Piyambakipun inggih ugi minangka anggota saking sekte Sabian.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Panza, Marco (2008). "The Role of Algebraic Inferences in Na'īm Ibn Mūsā's Collection of Geometrical Propositions". Arabic Sciences and Philosophy. Cambridge University Press. 18 (2): 165–191. doi:10.1017/S0957423908000532.
  2. Latham, J. D. (2003). "Review of Richard Lorch's 'Thabit ibn Qurran: On the Sector-Figure and Related Texts'". Journal of Semitic Studies. Oxford University Press. 48 (2): 401–403. doi:10.1093/jss/48.2.401.
  3. Holme, Audun (2010). Geometry: our cultural heritage (édhisi ka-2nd). Heidelberg: Springer. kc. 188. ISBN 3-642-14440-3.
  4. John J. O'Connor lan Edmund F. Robertson. Al-Sabi Thabit ibn Qurra al-Harrani ing MacTutor archive.
  5. (Churton p. 27)
  6. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-12-20. Dibukak ing 2013-03-03.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)