Al-Ghazali

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Abu Hamid Muhammad bin Muhammad al Ghazali ath-Thusi asy-Syafi'i (lair ing Thus; 1058 / 450 H – tilar donya ing Thus; 1111 / 14 Jumadil Akhir 505 H; umur 52–53 taun) iku filosof dan teolog muslim Pèrsi, sing dikenal minangka Algazel ing donya Kulon abad tengahan.

Panjenengané karan Abu Hamid amarga salah siji putrané asma Hamid. Gelaré al-Ghazali ath-Thusi gegayutan karo ramané sing makarya minangka pamintal wulu wedhus lan papan kelairané ya iku Ghazalah ing Bandar Thus, Khurasan, Pèrsi (Iran). Déné gelar asy-Syafi'i nuduhaké yèn panjenengané duwé madahab Syafi'i. Ghazali asal saka kulawarga prasaja. Ramané duwé gegayuhan sing dhuwur ya iku péngin putrané dadi wong alim lan salèh. Imam Al-Ghazali iku ulama, ahli pikir, ahli filsafat Islam sing pinunjul lan akèh mènèhi sumbangan marang perkembangan kemajuan manungsa. Panjenengané naté mengku jawatan minangka Naib Kanselor ing Madrasah Nizhamiyah, pusat pengajian dhuwur ing Baghdad. Imam Al-Ghazali séda tanggal 14 Jumadil Akhir taun 505 Hijriah bebarengan karo taun 1111 Masèhi ing Thus.

Karya[besut | besut sumber]

Teologi[besut | besut sumber]

  • Al-Munqidh min adh-Dhalal
  • Al-Iqtishad fi al-I`tiqad
  • Al-Risalah al-Qudsiyyah
  • Kitab al-Arba'in fi Ushul ad-Din
  • Mizan al-Amal
  • Ad-Durrah al-Fakhirah fi Kasyf Ulum al-Akhirah[1][2]

Tasawuf[besut | besut sumber]

  • Ihya Ulumuddin (Kebangkitan Ilmu-Ilmu Agama)[3], merupakan karyanya yang kaloka
  • Kimiya as-Sa'adah (Kimia Kebahagiaan)[4]
  • Misykah al-Anwar (The Niche of Lights)

Filsafat[besut | besut sumber]

  • Maqasid al-Falasifah
  • Tahafut al-Falasifah,[5] buku iki mbahas kelemahan-kelemahan para filosof mangsa iku, sing sabanjuré ditanggapi déning Ibnu Rushdi sajeroning buku Tahafut al-Tahafut (The Incoherence of the Incoherence).

Fiqih[besut | besut sumber]

  • Al-Mushtasfa min `Ilm al-Ushul

Logika[besut | besut sumber]

  • Mi`yar al-Ilm (The Standard Measure of Knowledge)
  • al-Qistas al-Mustaqim (The Just Balance)
  • Mihakk al-Nazar fi al-Manthiq (The Touchstone of Proof in Logic)

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Laoust, H: La politique de Gazali, 1970.
  • Campanini, M.: Al-Ghazzali, in S.H. Nasr and O. Leaman, History of Islamic Philosophy 1996.
  • Watt, W M.: Muslim Intellectual: A Study of al-Ghazali, Edinburgh 1963.

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. (ing basa Arab) Al-Ghazali. Ad-Durrah al-Fakhirah fi Kasyf Ulum al-Akhirah. Dar al-Kutub al-Ilmiyyah, Beirut. Cetakan I, 1409 H / 1988 M.
  2. --. Kasyf Ulum al-Akhirah, Berwisata ke Alam Ruh. Penerbit Marja', Bandung. Cetakan I, Dzulhijjah 1424 H / Januari 2004 M.
  3. (ing basa Arab)--. Ihya Ulumuddin (pranala unduhan, unduhan 5.33 MB).
  4. --. The Alchemy of Happiness. Translator: Claud Field (1863-1941). Northbrook Society. 1909.
  5. Marmura. Al-Ghazali The Incoherence of the Philosophers (2nd edition). Printing Press, Brigham. ISBN 0-8425-2466-5.