Sajarah Prancis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Roman La Guerre du Feu ingkang ngemot ringkesan évolusi Néolitik ing Prancis

Saking Jaman Watu Tumuju Jaman Wesi[besut | besut sumber]

Tapak tilasipun kawontenan manungsa ing Prancis sampun wonten 1.800.000 warsa kapengker [1]. Kinten-kinten wekdal punika nedahaken manawi évolusi ngengingi sajarah Prancis punika panjang sanget [1]. Warsa 600.000 SM manungsa ngginakaken geni[1]. Ing antawisipun warsa 35.000-10.000 SM, évolusi sajarah wiwit katingal langkung cetha nalika mlebet satunggaling tahap pangrembakan ingkang dipunwastani jaman Palaéolitikum[1]. Jaman Palaéolitik ingkang tinandha kanthi karya-karya seni rupa ingkang gadhah mutu saé paling wiwitan kados ta ingkang katingal saking manéka pethétan ing gebyoking guwa ing Lascaux utawi réca-réca alit kados ta réca Venus saking Brassempouy[1]. Warsa 10.000 SM, kawontenan iklim ngalami ewah-éwahan ingkang ageng [1]. Jaman ès sampun paripurna lan kagantosaken déning periode ingkang iklimipun langkung sedeng[1]. Mammaouth ugi sampun kandeg, déné rusa kutub tumuju lèr[1]. Sapérangan jinising kéwan sanèsipun wiwit dipundadosaken kéwan pangingon kados ta segawon ing warsa 800 SM[1]. Kususipun ménda lan ménda gibas ing warsa 6000 SM ing wewengkon kiduling Prancis lan lembu ing warsa 5.000 SM[1]. Ing antawisipun warsa 10.000 dumugi 5.000 SM punika dipunwastani minangka periode Epipaleolitik utawi Mesolitik ingkan puncakipun ing révolusi Néolitik lan dhusun-dhusun purba, manungsa lajeng dados pambudidaya alam[1]. Évolusi lamat-lamat punika ingkang dipunlukisaken lumantar ringkesan kronologis ingkang ngiket salebetipun roman La Guerre du Feu anggitanipun J.-H. Rosny[1].

Révolusi Neolitik (6000 SM)[besut | besut sumber]

Wiwit milenium kaping 6 SM kadadosan pergeseran pola pagesangan pendhudhuk ing Barat[1]. Wiwit jaman punika Prancis kénging kalih prabawa ingkang salajengipun dados ciri ajeg sajarah inggih punika arus prabawa ingkang dhateng saking kawasan Laut Tengah lumantar pangrembakan pelayaran maritim paling wiwitan, lan arus prabawa saking kawasan lembah Kali Danube ing Éropah Tengah[1]. Lumantar kaling alur hubugan punika ingkang asalaipun saking Wétan[1]. Sanajan kadar prabawa ing saben wewengkon bènten-bènten, ananging asil patemon kanthi unsur-unsur njawi punika dadosaken sadaya ing satunggal tipé évolusi ingkang sami, inggih punika komunitas-komunitas petani purba ingkang nglompok mbentuk ékan-ékan dhusun, sarta nerapaken satunggaling sistem produksi campuran antawisipun peternakan, pertanian, lan kerajinan, tuladhanipun pandamelan tembikar[1]. Kawontenan punika ngeteraken tiyang-tiyang ingkang kathah-kathahipun taksih nindakaken pola pagesangan pindhah-pindhah punika sangsaya dadosaken masarakat nindakaken pola pagesangan kanthi ajeg[1]. Kanthi ajeg wonten satunggaling wewengkon tartemtu, ingkang strukturipun dipuntemtokaken piyambak, pramila kadadosan ewahing tata pagesangan ingkang utami sanget salebeting komunitas-komunitas padusunan punika kanthi nerapaken pola hierarki sosial ingkang adhedhasar paclathon, jinising pagaweyan, lan peranan saben-saben tiyang[1]. Kanthi cara punika dadosaken tiga ékan wewengkon ageng ing gadhah ciri kas[1].

Kadadosan ékan-ékan wewengkon[besut | besut sumber]

Wewengkon Prancis ingkang pisanan ngalami fenomena Neolitik wiwit milennium kaping 5 SM inggih punika wewengkon kidul (Midi)[1]. Prabawa njawi ingkang nyawiji ing kawontenan punika mliginipun saking kawasan Laut Tengah[1]. Kawontenan tembikar kanthi tatahan pethétan kulit kerang saking wewengkon punika, ingkang dipunsebat cardium, saking istilah kabudayan cardiale[1]. Kabudayan punika sumebar ngantos sekubenging wewengkon pasisir Laut Tengah, sanajan namung kasil mlebet kirang saking 100 kilomèter ing wewengkon terpencil[1]. Pendhudhuk kanthi kabudayan cardiale punika taksih tumemplek kanthi kabiyasan lami kados ta methik tanduran, manggèn ing guwa-guwa watu, ngingu mendha lan mendha gibas, sarta nanem gandung lan Hordeum vulgare (orge)[1]. Sampun wonten bentuk-bentuk panggènan ingkang kawangun ing dataran terbuka minangka perintis wujud dhusun, kados ta kapanggih ing situs Couthezon ing wewengkon Vaucluse ingkang gubuk-gubukipun bunder[1]. Lumebet millenium kaping 4 SM prabawa kabudayan cardiale punika sumebar ngantos njangko wewengkon-wewengkon ing sigaran lèr (situs Roucadour ing wewengkon Lot), sanajan lingkup panyebaranipun tetep winates[1]. Sejatosipun ingkang pisanan ngembangaken kabudayan pertanian inggih punika wewengkon-wewengkon ing belahan wétan Prancis[1]. Kabudayan punika sinebat rubanée satunggaling istilah ingkang ugi saking name jinis kerajinan tembikar ingkang pinethétan goresan kanthi wujud spiral, uliran, utawi lengkungan. Kabudayan punika dipuntepangaken déning golongan-golongan pamdhateng saking Lembah Danube lan kawasan Éropah Tengah[1]. Kelompok-kelompok ing pangrawuh saking lembah Danube lan kawasan Éropah Tengah[1]. Klompok-golongan ingkang dumugi kanthi bekta uba rampe jangkep lan lajeng bikak tegalan ing nginggilipun lahan-lahan kanthi lapisan lemah endapan (loess) ingkang subur, lan bangun dhusun-dhusun kanthi gegriya ing dhawanipun ingkang mancik 8-40 mèter[1]. Tapak tilas leng tilasanipun saka pancang saking griya-griya kala wau kapanggih ing sapérangan situs purbakala, ing Cuiry-lès-Chaudardes (Aisme) lan ing Charmoy (yonne)[1]. Ing nginggilipun lahan ingkang tumata rapi lan dipunparingi pager semak belukar minangka panjagi, para petani kala wau tetanem (serealia) sarta ternak lembu lan babi[1]. Ing mangsa punika laladan-laladan pasisir Samudra Atantik Tengah ngalami satunggaling fénomena budaya sanès, inggih punika kabudayan Megalitik[1]. Sampun dangu kabudayan punika tansah dipungayutaken kaliyan tiyang-tiyang Celt (ide ingkang ngantos sapunika taksih wonten ing tokoh Obelix ing serial komik Asterix)[1]. Sejatosipun dolmèn-dolmèn ingkang paling sepuh saking milenium kaping 5 SM[1]. Dolmèn utawi méja watu punika ingkang wiwitanipun dipundeleh ing salabetipun yasan tumulus utawi cuwèran inggih punika ruangan mayit[1]. Mènhir utawi tugu batu ngantos samangké taksih boten gampil dipunpastèkaken umuripun lan hambok manawi dipundamel paling wingking[1]. Ginanipun taksih dados teka-teki, kalebet deretan menhir ingkang kapanggih ing Carnac[1]. Pandamelan monumen-monumen ageng kala wau kados ta ménhir-ménhir ingkang kapanggih ing Barnenez caketipun Morlaix, utawi yasan-yasan tulus ing Bougon (Deux-Sèvres), nyirataken kawontenan satunggaling wujud masarakat ingkang gadhah tatan organisasi lan hiérarki[1]. Kawontenan bentuk-bentuk arsitéktur asli kados punika sajatosipun gegayutan kaliyan manéka éwah-éwahan pola ékonomi ingkang caket sesambetanipun kaliyan gejala manggèn netep lan pangrembakan pertanian[1].

Kabudayan Chasséen[besut | besut sumber]

Kabudayan Chasséen asalipun saking satunggaling situs purbakala, Chassey, ingkang dumunung ing wewengkon Saône-et-Loire, sanajan kabudayan punika aslinipun saking wewengkon kidul (Midi)[1]. Ing salebeting kabudayan punika unsur-unsur prabawa laut Tengah katingal punjul[1]. Kanthi wekdal ingkang boten dangu, kabudayan punika sampun sumebar ing sapérangan wewengkon Prancis, kejawi ing wewengkon-wewengkon wétan[1]. Ciri utami saking kabudayan Chasséen inggih punika punjulipun pangrembakan pendhudhuk sarta kagiyatan pertanian[1]. Papan panggènan, sangsaya kathah awit dipunadegaken dhusun-dhusun ageng kados ta Saint-Michel-du-Touch lan Villeneuve-Tolosane ing lembah Kali Garonne, ingkang ambanipun 20 lan 15 hektar[1]. Ing sapérangan wewengkon dipunbikak lahan-lahan pertanian énggal kanthi ciri kas kanthi wujud perkampungan mawa bètèng ing kawasan Wétan-Tengah, inggih punika kabudayan tiyang Matignons (Charente) lan Peu-Richardn(Charente-Maritime), ingkang bènten kaliyan budayan Chasséen[1]. Ing wewengkon-wewengkon pinggiring tlaga ugi wonten dhusun-dhusun, tuladhanipun Charavines ing pinggiring Danau paladru (Isère)[1].

Jaman Néolitik Pungkasan lan Mula Bukanipun Metalurgi[besut | besut sumber]

Ing antawisipun warsa 2500-2000 SM inggih punika mangsa pangrembakan peradapan-peradapan Neolitik ingkang tinandha kanthi mindhakipun intènsitas palenggahan lahan[1]. Kabudayan Fontbouisse, ing wewengkon pedalaman Montpellier inggih punika tuladha saé kanthi cacah perkampungan ingkang kathah (20-25 perkampungan saben 100 km²) kapérang dados babagan-babagan laham pinisah ingkang tumata nglompokaken para pendhuhuk dataran cendhèk lan pendhudhuk dataran tinggi, para peternak lan petani, perkampungan Fontbouisse lan Cambous (Hérault) ingkang gadhah gubuk-gubuk kanthi wujud bunder sarta yasan-yasan ageng saking watu lonjong ingkang minangka kandhang ménda gibas[1]. Gejala pangrembakan ingkang sami katingal ing wewengkon aliran Lèpèn Seine (Bassin Parisien), inggih punika lembah Lèpèn Seine, Oise lan Marne[1]. Ananging babagan ingkang paling katingal ing mangsa punika inggih ngginakaken logam (emas lan tembaga)[1]. Metalurgi sampun tinepang ing dunya Wétan wiwit warsa 6000 SM, lajeng dumugi Kilèn[1]. Papan panggènan ingkang pisanan ngginakaken wiji tembaga inggih punika wewengkon Cévennes lan wewengkon Massif Central sisih Kidul-wétan [1]. Papan panggènan punika ugi kapanggih ciri kabudayan Fontbouisse ananging ingkang ngrembakakaken metalurgi ing sakubenging Éropah inggih punika golongan ingkang asal-usulipun taksih dadosaken silang pamanggih ingkang winastan tiyang Companiformes [1]. Asma punika saking gelas kanthi wujud loncèng ingkang gegayutan kaliyan ekspansi golongan punika [1]. Periode Néolitik punika ingkang nglarasaken anggènipun ngginakaken barang-barang tradisional saking watu kaliyan benda-benda logam ingkang nembé wonten ingkang ugi dipunwastani periode Chalcolitik[1].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au av aw ax ay az ba bb bc bd Carpentier, Jean. 2011. Sajarah Prancis. Jakarta: Balai Pustaka. Kaca 27-30. ISBN 13:978-979-91-0347-5