Sisilia
Sisilia (basa Italia: Sicilia) iku laladan otonomi Italia lan pulo paling gedhé ing Segara Tengah, kanthi jembar wewengkon 25.703 km² lan 4.968.991 padunung.
Isi
Kutha-kutha ing Sisilia[besut | besut sumber]
Kutha-kuthaa wigati ing Sisilia ya iku sang kutha krajan regione, Palermo lan kutha krajan-kutha krajan propinsi ya iku Catania, Messina, Siracusa, Trapani, Enna, Caltanissetta, Agrigento, Ragusa. Kutha-kutha liyané kang misuwur ya iku Cefalù, Taormina, Bronte, Marsala, Corleone, Castellammare del Golfo Francavilla di Sicilia, lan Abacaenum (saikiTripi).
Geografi[besut | besut sumber]
Gunung geni Etna dumunung ing cedhak Catania. Kapuloan Eolie ing sisih lor sacara administratif bagéan saka Sisilia, sarta Isole Egadi ing sisih kulon, Kapuloan Ustica ing kulon-lor, lan Kapuloan Pelagia ing sisih kidul-kulon.
Sisilia kawentar jroning rong milenia minangka laladan pengasil woh-wohan: Olive (zaitun) lan anggur iku kasil agrikultur Sisilia liyané. Pertambangan ing distrik Caltanissetta dadi laladan kang ngasilakésulfur kang gedhé ing pungkasan abad ka-19, nanging tansaya mudhun wiwit taun 1950-an.
Transportasi[besut | besut sumber]
Dharat[besut | besut sumber]
Jaringan dalan tol ana ing pulo iki, sebagéan arupa kreteg amarga tlatahé kang dumadi saka dhataran kang akè bukité.
Sepur[besut | besut sumber]
Sisilia kahubung karo ujung Italia liwat jaringan sepur kang dilayani déning perusahaan Trenitalia. Sepuré kudu diunggahaké menyang kapal feri dhisik kanggo nyebrang antar pulo.
Udhara[besut | besut sumber]
Sisilia dihubungkan liwat udhara déning Papan Anggegana Internasional Palermo lan Papan Anggegana Catania-Fontanarossa. Liyané iku uga ana papan anggegana regional kang cilik ing Trapani, Pasisirlleria lan Lampedusa.
Kasenian[besut | besut sumber]
Sisilia dikenal minangka panggonan seni: akèh penyair lan penulis dilairaké ing tlatah iki, antara liya Luigi Pirandello, Giovanni Verga, Salvatore Quasimodo, Gesualdo Bufalino lan Ignazio Buttitta.
Basa[besut | besut sumber]
Sebagéan padunung Sisilia nganggo basa Italia lan basa Sisilia.
Pranala jaba[besut | besut sumber]
Pirsani pandhuan wisata Sisilia ing Wikivoyage
- (it) Situs resmi
- (en) Regione Siciliana
| Eropah | Italia | Sisilia (Sicilia) |
| Agrigento | Caltanissetta | Catania | Enna | Messina | Palermo | Ragusa | Siracusa | Trapani |
|
||||||||||||
