Dubai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dubai
إمارة دبيّ
Émirat
Émirat Dubai
Sheikh Zayed Road nalika wanci dalu
Sheikh Zayed Road nalika wanci dalu
Gendéra Dubai
Gendéra
Location of Dubai
NagariUni Émirat Arab
ÉmiratDubai
Sesambetan (kutha)9 Juni 1833
Sesambetan (emirat)2 Desember 1971
DiyasaMaktoum bin Bati bin Suhail (1833)
SeatDubai
Anak pérangan
Pamaréntahan
 • JinisMonarki konstitusional[1]
 • EmirMohammed bin Rashid Al Maktoum
 • Pangeran MakuthaHamdan bin Mohammed bin Rashid Al Maktoum
Laladan[2]
 • Émirat4.114 km2 (1,588 sq mi)
 • Métro1.287,4 km2 (4,971 sq mi)
Cacah warga (2008)[3]
 • Émirat2.262.000
 • Pepadhet408,18/km2 (105,720/sq mi)
 • Métro2.262.000
 • Bangsa [4]42,3% Indian
17% Emirat
13,3% Pakistan
7,5% Bangladesh
9,1% Arab lainnya
10,8% Barat
Zona wektuWaktu standar UEA (UTC+4)
Situs wèb
Dubai Emirate
Dubai Municipality

Dubai (cara Arab: دبيّ‎‎‎, transliteration: Dubaiy) inggih punika satunggal saking pitung émirat lan kutha ingkang padhet piyambak ing Uni Émirat Arab (UEA). Pernahipun wonten ing saturuting iring kidul Teluk Pèrsi ing Ujung Arab. Kutha gedhé Dubai kala-kala kawastanan Kutha Dubai supados boten kalintu kaliyan Émirat Dubai.

Dhokumèn ingkang sinerat ngandharaken bilih wontenipun kutha punika sedangunipun 150 tahun saderengipun UEA dipundamel. Dubai punika mbagi kuwasa hukum, pulitik, militèr lan ékonomi kaliyan Emirat sanesipun wonten ing bunderan federal, sinaosa saben Emirat punika gadhah yuridiksi marang sapérangan kuwasa kados déné jejeging hukum sipil, ndombani, lan anyaran fasilitas lika. Dubai punika gadhah populasi paling ageng lan kalebet Emirat paling ageng angka kalih miturut jembaripun, saksampunipun Abu Dhabi.[5] Dubai ugi Abu Dhabi punika kalih Emirat ingkang gadhah hak veto dhumateng bab kritis kawigatosan nasional wonten ing Dewan Nasional Federal negara wau.[6] Dubai punika sampun dipunpimpin déning dinasti Al Maktoum wiwit saking taun 1833. Pemimpinipun samenika Mohammed bin Rashid Al Maktoum, ugi gadhah jabatan minangka Nayakotama lan Wakil Presidèn UEA.

Sumber pendapatan emirat menika asalipun saking dagang, real estat lan pelayanan wonten ing bab arta.[7] Pendapatan ingkang asalipun saking minyak bum lan ugi gas alam menika paring sumbangan kirang saking 6% (2006)[8] ekonomi Dubai menika nilainipun US$37 miliar (2005).[9] Real estat lan konstruksi, menika paring sumbangan 22.6% dhumateng ekonomi wonten ing taun 2005, saderengipunnmangsa konstruksi kanthi skala ingkang ageng kalampahan dumugi samenika.[10] Dubai menika sampun narik kawigatosanipun donya lumantar proyek real estat ingkang inovatif[11] lan ugi ajang olahraga. Perangan menika damel nambah narik kawigatosan sareng kaliyan wigatinipun wonten ing bab bisnis donya, ugi sampun ngangkat prekawis hak asasi manungsa babagan tenaga kerja asing.[12]

Etimologi[besut | besut sumber]

Wonten ing taun 1820-an, Dubai menika dipunsebat minangka Al Wasl dening sejarawan Britania Raya. Ananging, sapérangan cathetan ingkang nyebataken sejarah budaya Uni Emirat Arab utawi emiratipun medal amargi tradhisi wewengkon menika kanggé nyathet lan marisaken cariyos rakyat saha mitos. Asal linguistik tembung Dubai menika ugi dados pirembagan, sapérangan tiyang menika pitados asalipun saking basa Persia, wondene sanesipun menika mastani basa Arab menika akar basa saking tembung menika. Miturut Fedel Handhal, panaliti sejarah lan budaya UEA, tembung Dubai menika saged asalipun saking tembung Daba (derivatif saking Yadub), ingkang ateges menjalar; tembung menika saged ugi dados rujukan wonten ing aliran lepen alit Dubai tumuju dharatan.[13]

Sejarah[besut | besut sumber]

Sekedhik ingkang mengertosi babagan budaya pra-Islam ing sisih kidul wetan jazirah Arab, kejawi kathah kutha kuna wonten ing wewengkon kasebat ingkang dados pusat dagang ing antawisipun donya Wetan lan donya Kulon. Tirahan saking rawa mangrove kuno, ingkang yuswanipun 7.000 tahun, kapanggihaken nalika pambangunan jalur selokan sangandhaping lemah caket kaliyan Dubai Internet City. Wewengkon menika dipuntutupi pasir kirang langkung 5.000 saksampunipun garis pantai mundur saking dharatan, dados perangan saking garis pantai kutha samenika.[14] Saderengipun Islam, tiyang-tiyang wonten ing wewengkon menika paring sesembahan dhumateng Bajir (utawi Bajar).[15] Kamaharajan Bizantium lan Sassaniyah gadhah kuwasa ingkang ageng ing kala menika, kanthi Sassaniyah ingkang gadhah kuwasa ing sapérangan ageng wewengkon. Saksampunipun panyebaran Islam wonten ing papan kasebat, Khalifah Umayyah, saking donya Islam sisih wetan miyaraken wewengkonipun dhumateng kidul-wetan Arabia lan kasil saged ngalahaken Sassaniyah. Penggalian ingkang dipunlampahi dening Dubai Museum wonten ing wewengkon Al-Jumayra (Jumeirah) ngleresaken wontenipun sapérangan artefak saking periode Umayyah.[16] Sebatan Dubai ingkang sepisan dipuncatheh inggih menika wonten ing taun 1095 wonten ing "Book of Geography" dening ahli geografi Andalusia-Arab Abu Abdullah al-Bakri. Pedagang permata Venesia Gaspero Balbi rawuh ing wewengkon menika ing taun 1580 lan nyebataken Dubai (Dibei) permatanipun.[16] Cathetan ingkang damel dokumentasi kutha Dubai menika medal saksampunipun 1799.[17]

Wonten ing wiwitanipun abad ingkang kaping 19, klan Al Abu Falasa (Dinasti Al-Falasi) saking klan Bani Yas madegaken Dubai, ingkang dados perangan saking Abu Dhabi dumugi taun 1833.[18] Tanggal 8 Januari 1820, sheikh Dubai lan sheikh sanesipun ing wewengkon menika paring tapak asma dhumateng "Prajanjen Damai Maritim Umum" kaliyan pamarentah Britania.[14] Ananging, ing taun 1833, dinasti Al Maktoum (ingkang ugi keturunan Dinasti Al-Falasi) saking suku Bani Yas nilar pamukiman Abu Dhabi lan mendhet ailh Dubai saking klan Abu Falasa tanpa paring perlawanan.[18] Dubai menika wonten ing sangandhaping perlindungan Britania Raya dening "Prajanjen Eksklusif" ing taun 1892, kanthi sarujuk perlindungan Dubai dhumateng serangan menapa kemawon saking Kamaharajan Ottoman.[18] Kalih marabaya nyerang kutha menika ing saktengahing taun 1800-an. Ingkang sepisan, ing taun 1841, satunggaling epidemi cacar menika medal wonten ing pamukiman Bur Dubai, ingkang meksa penduduk pindhah dhateng wetan wonten ing Deira. Salajengipun wonten ing taun 1894, wonten kobongan ing Deira, ingkang damel angus kathah griya.[19] Ananging, papan geografis kutha menika tansah narik pedagang lan tiyang ingkang sadean saking sedaya wewengkon kasebat. Emir Dubai narik pedagang asing lan mandhapaken pajak dagang, ingkang narik dagang saking Sharjah lan Bandar Lengeh, ingkang kalebet hubungan dagang utama wonten ing mangsa kasebat.[19][20]

Caketipun geografi Dubai kaliyan India ndadosaken minangka papan ingkang wigati. Kutha Dubai menika pelabuhan dagang asing wigati, mliginipun saking India, kathah ing antawisipun menika manggen wonten ing kutha kasebat. Dubai menika dipunmangertosi amargi ekspor permata dumugi 1930-an. Ananging, industri permata Dubai menika nglampahi dampak saking Perang Donya I, lajeng Depresi Besar ing taun 1920-an. Menika ndadosaken kutha menika nglampahi migrasi masal penduduk ing bagian sanès saking Teluk Persia.[14] Wiwit saking madegipun, Dubai menika wonten prekawis kaliyan Abu Dhabi. Ing taun 1947, sengketa wates ing antawisipun Dubai lan Abu Dhabi wonten ing sektor ler wates resminipun, ewah dados perang kalih emirat kasebat.[21] Arbitrasi dening Britania lan pambangunan pager ingkang mbentang dhateng kidul-wetan saking pantai ing Ras Hassian ingkang ngasilaken mandegipun tembak-tembakan.[22] Ananging, sengketa bab wates kekalih emirat menika kalajengaken saksampunipun ndamel UEA ing taun 1979 prajanjen formal kalampahan ingkang mungkasi tembak-tembakan lan sengketa bab wates kalih pihak emirat.[23] Listrik, telepon ln bandar udara dipunmadegaken wonten ing Dubai nalika taun 1950-an, nalika Britania mindhah kantor administratif lokalipun saking Sharjah dhumateng Dubai.[24] Ing taun 1966 kutha menika gabung kaliyan nagari Qatar ingkang nembe mardhika kanggé netepaken satuan arta ingkang enggal, Riyal Qatar/Dubai, saksampunipun deflasi rupee Teluk.[17] Minyak kapanggihaken wonten ing Dubai ing taun ingkang sami, saksampunipun lajeng kutha kasebat paring konsesi dhumaten perusahaan minyak internasional. Panggihan minyak menika mbeta Dubai dhumateng mlebetipun para pekerja asing kanthi jumlah ingkang ageng, mliginipun saking India lan Pakistan. Menika ndadosaken populasi kutha wiwit saking taun 1968 dumugi 1975 mundhak dados 300%, dening sapérangan prakiraan.[25]

Tanggal 2 Desember 1971 Dubai, sareng kaliyan Abu Dhabi lan gangsal emirat sanesipun, ndhapuk Uni Emirat Arab saksampunipun tilas pelindung Britania nilaraken Teluk Persia tahun 1971.[26] Tahun 1973, Dubai menika ndherek gabung kaliyan emirat sanesipun kanggé ngginakaken arta tunggal: Dirham UEA. Tahun 1970-an, Dubai lajeng ngrembaka saking pendapatan ingkang asalipun saking lenga lan dagang, malah saksampunipun kutha menika pikantuk imigran Lebanon ingkang ngungsi saking perang sipil wonten ing Lebanon.[27] Zona Bebas Jebel Ali, kaperang saking pelabuhan Jebel Ali (dipunandharaken minangka pelabuhan damelan ingkang paling ageng wonten ing donya) dipunmadegaken tahun 1979, ingkang nyawisaken impor buruh lan kapital ekspor boten winares dhumateng perusahaan asing.[28]

Perang Teluk Persia 1990 menika paring dampak ingkang ageng dhumateng kutha menika. Kanthi ekonomi, bank wonten Dubai menika nglampahi penarikan dana ingkang radi ageng amargi kondisi politik boten tamtu ing wewengkon kasebat. Sedangunipun 1990-an, kathah komunitas dagang asing - sepisan saking Kuwait, sedangunipun Perang Teluk, lan lajeng saking Bahrain, sedangunipun wonten rusuh Syiah — lajeng mindhahaken bisnis dhateng Dubai.[20] Dubai nyiapaken pangkalan kanggé ngisi bahan bakar kanggé pasukan sekutu wonten ing zona bebas Jebel Ali sedangunipun Perang Teluk Persia, lan malih sedangunipun Invasi Irak 2003. Tambahan ingkang ageng bab regi lenga saksampunipun Perang Teluk Persia meksa Dubai lajeng fokus ing bab perdagangan bebas lan pariwisata.[29] Suksesipun zona bebas Jebel Ali ngeparengaken kutha menika ngginakaken modelipun kanggé mbangun kumpulan zona bebas enggal, kadosdene Dubai Internet City, Dubai Media City lan Dubai Maritime City. Pambangunan Burj Al Arab, hotel madeg kanthi bebas paling ageng wonten ing donya, ugi pambangunan papan kanggé mapan ingkang enggal, ugi dipunginakaken kanggé masaraken Dubai wonten ing bidang pariwisata. Wiwit saking 2002, kutha menika mindhak ing bab investasi real estat pribadi kanggé ndhapuk malih langit-langit Dubai[29] kanthi proyek kadosdene The Palm Islands, The World Islands lan Burj Dubai. Ananging tuwuhing ekonomi ingkang kiyat ing sapérangan taun pungkasan menika dipunsebabaken dening nilai inflasi ingkang mindhak (11.2% ing tahun 2007 nalika dipunetang dhumateng Indeks Harga Konsumen) ingkang kagabungaken kaliyan regi sewa kantor lan pamukiman ingkang kathah, ingkag damel minggahipun substansial beaya kanggé urip tiyang ingkang ngginakaken.[30]

Geografi[besut | besut sumber]

Pemandangan Dubai

Dubai menika mapan wonten ing pantai Teluk Persia wonten ing Uni Emirat Arab lan mapan 16 m ing saknginggilipun permukaan sagara. Emirat Dubai menika ngginakaken wates ingkang sami kaliyan Abu Dhabi ing sisih kidul, Sharjah wonten ing sisih lor-wetan, lan Kasultanan Oman ing sisih kidul wetan. Hatta, eksklave alit emirat, dipunubengi tigang sisi dening Oman lan dening emirat Ajman ing (kulon) lan Ras Al Khaimah (ing lor). Teluk Persia winatesan kaliyan pantai kulon emirat. Dubai mapan wonten ing 25°16′11″N 55°18′34″E / 25.2697°N 55.3095°E / 25.2697; 55.3095 lan kalebet wilayah ingkang wiyaripun 4.114 km² (1.588 mi²).

Dubai menika mapan langsung wonten ing Gurun Arabia. Ananging, topografi Dubai menika langkung beda saking bagiyan kidul UEA ingkang sapérangan dipunkebaki kaliyan pola gurun mawi pasir, wondene gurun ingkang wonten lisah (minyak)ipun menika wonetn ing sapérangan ageng wewengkon kidul negara menika.[31] Pasiripun menika kapeangan saking kerang ingkang ajur lan kora ingkang alus, putih lan resik. Ing wetan kutha, dharatan pantai mawi uyah, dipunmangertosi minangka sabkha, paring dalan tumuju dhateng bentangan gundhukan pasir lor-kidul. Langkung tebih dhateng wetan, gundukan pasir menika sansaya ageng lan warninipun abang amargi wesi oksida.[25] Gurun mawi pasir ingkang rata menika paring dalan tumuju ing Pagunungan Hajar Kulon, ingkang mbentang ing sedawaning wates Dubai kaliyan Oman ing Hatta. Hajar Kulon menika kawontenanipun gersang, boten rata lan awut-awutan, wonten mriku pagununganipun dumugi 1.300 meter woten ing sapérangan papan.

Dubai menika boten gadhah badan toya alami utawi oase, ananging Dubai menika gadhah teluk sempit alami, lepen alit Dubai ingkang dipunkedhuk supados langkung jero kanggé kapal ageng ingkang badhe nglewati. Dubai ugi gadhah ngarai lan bolongan toya ingkang ngebaki dhasaring pegunungan Al Hajar Kulon. Sagara ingkang wiyar mawi pasir ingkang wonten ing sapérangan ageng kidul Dubai, ingkang damel Dubai wonten ing gurun pasir ingkang dipunmangertosi minangka The Empty Quarter. Kanthiseismik, Dubai menika wonten ing zona ingkang saestu stabil - jalur tugelan seismik ingkang paling cerak, Tugelan Zargos, mapan 120 km saking UEA lan saged boten paring dampak menapa kemawon tumrap Dubai.[32] Para ilmuwan ugi damel prakiran bilih saged tsunami wonten ing wewengkon alit kasebat amargi aliran toya ing Teluk Persia menika boten jero kanggé damel tsunami.[32]

Gurun mawi pasir ingkang ngubengi kutha menika damel suket lan wit palem kurma. Hyacinth gurun menika tuwuh wonten ing dataran sabkha ing wetan kutha, wondene wit akasia lan ghad tuwuh wonten ing dataran rata ing sacelaking pegunungan Al Hajar Kulon. Saperangan wit asli kadosdene palem kurma lan neem ugi wit impor kadosdene eukaliptus tuwuh wonten ing taman nasional Dubai. Bustard houbara, hyena mawi garis, caracal, serigala gurun, elang lan oryx Arab menika limrah wonten gurun Dubai. Dubai menika mapan wonten ing jalur migrasi ing antawisipun Eropa, Asia lan Afrika, lan langkung saking 320 peksi (manuk) migrasi nglewati emirat menika nalika wonten ing mangsa semi lan mangsa gogrok. Ilining toya ing Dubai menika kanggé langkung saking 300 spésies ulam, kalebet hammour.

Lepen alit Dubai menika njejer lor-wetan lan kidul-kulon lumantar kutha. Bagiyan wetan kutha menika damel pamukiman Deira lan winatesan kaliyan emirat Sharjah wonten ing wetan lan kutha Al Aweer ing kidul. Bandar Udara Internasional Dubai mapan wonten ing kidul Deira, wondene Palm Deira mapan wonten ing lor Deira wonten ing Teluk Persia. Kathah mangsa real estat Dubai menika dipundamelaken pusat wonten ing kulon lepen alit Dubai, ing garis pantai Jumeirah. Pelabuhan Rashid, Jebel Ali, Burj Al Arab, Palm Jumeirah lan kempalan zona bebas kanthi tema kadosdene Business Bay sedayanipun mapan wonten ing wewengkon menika. Gangsal rute utama — E 11 (Sheikh Zayed Road), E 311 (Emirates Road), E 44 (Dubai-Hatta Highway), E 77 (Dubai-Al Habab Road) lan E 66 (Oud Metha Road) — njejer lumantar Dubai, ingkang ngubungaken kutha menika kaliyan emirat sanesipun. Ingkang dados tambahanipun, sapérangan rute antar kutha wigati kadosdene D 89 (Al Maktoum Road/Airport Road), D 85 (Baniyas Road), D 75 (Sheikh Rashid Road), D 73 (Al Dhiyafa Road), D 94 (Jumeirah Road) lan D 92 (Al Khaleej/Al Wasl Road) ingkang ngubungaken minangka pamukiman wonten ing kutha. Wonten ing sisih wetan lan kulon kutha menika dipunsambetaken kaliyan Jembatan Al Maktoum, Jembatan Al Garhoud, Terowongan Al Shindagha, Panyeberangan Business Bay lan Jembatan Terapung.

Iklim[besut | besut sumber]

Dubai menika gadhah iklim ingkang panas. Ing sapérangan wekdal, lembab (garing sedangungipun panas ingkang ekstrem) kanthi kathah wulan ingkang nyathet temperatur wonten ing saknginggilipun 40 °C. Temperatur paling inggil ingkang nate dipuncathet wonten ing Dubai inggih menika 47.3 °C. Etungan curah jawahipun menika saestu sekedhik, kanthi rata-rata rata-rata 150mm saben tahun; jawahipun menika pusatipun ing kirang langkung wulan Januari, Februari lan Maret. Ananging jawah ingkang deres boten limrah ing Dubai ing sedangunipun mangsa adhem lan Januari 2008 damel cathetan rekor 120 mm (atau 5") curah jawah ing sedangunipun 24 jam,[33] Lembabipun rata-rata wonten ing Dubai menika kirang langkung 60% lan langkung inggil ing sedangunipun wulan mangsa adhem.

Papréntahan lan politik[besut | besut sumber]

Pamarentah Dubai menika ngawontenaken operasi ing lingkup monarki konstitusional, lan sampun dipunpimpin dening kulawarga Al Maktoum wiwit saking 1833. Pemimpin ingkang samenika, Mohammed bin Rashid Al Maktoum, ugi jumeneng minangka Nayakotama Uni Emirat Arab lan anggota Dewan paling inggil UEA (SCU). Dubai menika nunjuk 8 anggota wonten ing periode kalih mangsa jabatan dhumateng Dewan Nasional Federal (FNC) UEA, badan legislatif federal paling inggil.[34] Dubai Municipality (CM) dipunmadegaken dening pemimpin Dubai, Rashid bin Saeed Al Maktoum tahun 1954 damel damel perancanaan kutha, pelayanan warga kutha lan pambaharuan fasilitas lokal.[35] DM menika dipunketuani dening Hamdan bin Rashid Al Maktoum, deputi pemimpin Dubai lan kaperang saking sapérangan departemen kadosdene Departemen Dalan, Departemen Perencanaan lan Survei, Departemen Lingkungan lan Kesehatan Umum lan Departemen Keuangan. Tahun 2001, Dubai Municipality mlebet ing proyek e-Government kanthi ancas nyawisaken 40 layanan kutha lumantar portal webipun (Dubai.ae). Tiga welas layanan dipunmedalaken Oktober 2001, wondene sapérangan layanan sanesipun dipundamel jadwal operasi ing mangsa ngajeng.

Dubai lan Ras al Khaimah inggih menika satunggaling kalih emirat ingkang boten ndherek sistem yudisial federal Uni Emirat Arab. Mahkamah yudisial emirat kaperang saking Mahkamah Kapisan, Mahkamah Banding, lan Mahkamah Kasasi. Mahkamah Kapisan menika kaperang saking pengadilan sipil, ingkang mireng sedaya klaim sipil, Pengadilan Kriminal, ingkang mireng saking sambatipun polisi, lan Pengadilan Syariah, ingkang tanggel jawab awit prekawis Muslim. Non-Muslim boten mlebet wonten ing Pengadilan Syariah. Mahkamah Kasasi inggih menika mahkamah paling inggil emirat lan namung mireng sengketa wonten hukum.[36] [[Dubai Police dipunmadegaken ing tahun 1956 ing permukiman Naif, gadhah yurisdiksi penegakan hukum wonten ing emirat menika; kuasanipun menika wonten ing sangandhaping komando langsung Mohammed bin Rashid al Maktoum, pemimpin Dubai. Dubai Municipality ugi gadhah tugas ing sanitasi lan infrastruktur selokan ing sangandhaping lemah kutha. Tuwuhing kutha ingkang cepet menika damel perawatan infrastruktur selokan sangandhaping lemah dipunwiyaraken dumugi watesipun.[37]

Ekonomi[besut | besut sumber]

Produk domestik bruto Dubai wonten ing tahun 2005 dumugi US$37 miliar.[9] Sinaosa ekonomi Dubai dipunbangun kanthi latar wingking industri minyak,[38] pendapatan saking lenga lan gas alam menika namung paring sumbangan kirang saking 6% pendapatan emirat menika.[8] Dipunprakirakaken bilih Dubai menika damel 240.000 barel lenga ing saben dinten lan kathah gas saking pengeboran lepas pantai. Pendapatan emirat ing pendapatan gas UEA menika namung paring sumbangan kirang langkung 2%. Cadangan lenga Dubai sampun mandhap lan dipunprakirakaken boten wonten isinipun ing sedangunipun 20 taun salajengipun.[39] Real Estat lan Konstruksi (22.6%),[10] Perdagangan (16%), entrepôt (15%) lan layanan keuangan (11&) inggih menika kontributor paling ageng dhumateng ekonomi Dubai.[40] Negara re-ekspor paling inggil wonten ing Dubai kalebet Iran (US$790 yuta), India (US$204 yuta) lan Arab Saudi (US$194 yuta). Negara impor paling inggil emirat inggih menika (US$1.5 miliar), Cina (US$1.4 miliar) lan Amerika Serikat (US$1.4 miliar).[7]

Transportasi[besut | besut sumber]

Bandar Udara Internasional Dubai (IATA: DXB), kanggé Emirates Airline, menika paring layanan kutha Dubai lan emirat sanesipun wonten ing negara menika. Bardar udara menika paring layanan dhumateng 34 yuta penumpang lan 260.000 penerbangan wonten ing 2007.[41] Bandar Udara Internasional Dubai mapan wonten ing peringkat kaping 17 ing antawisipun bandar udara internasional sanesipun miturur lalu lintas kargo ing taun 2006.[42] Terminal kaping tiga lan concourse enggal menika nembe dipunbikak wonten ing wulan oktober taun 2008, paring layanan penerbangan Emirates.[43] Terminal enggal menika badhe katujukaken dhateng Emirates Airline lan paring panjurung Airbus A380. Pambangunan Bandar Udara Internasional Dubai World Central, nembe dipunbangun wonten ing Jebel Ali, dipunwarakaken tahun 2004. Fase sepisan menika dipundamel jadwal kapungkasan tahun 2008, lan saksampunipun nglampahi operasi bandar udara enggal menika nembe nadhe paring layanan dhateng maskapai asing. Emirates (penerbangan penumpang lan kargo) ananging wonten ing Bandar Udara Internasional Dubai.[44]

Dubai menika gadhah sistem bus ageng ingkang paring layanan 69 rute lan paring angkutan 90 juta tiyang wonten ing 2006. Road and Transport Authority (RTA) ngumumaken ing tahun 2006 bilih 620 bus enggal badhe dipuntambahaken dhateng armadanipun ingkang kaperang saking 170 bus tingkat kalih.[45] Sinaosa mode transportasi utama ing Dubai inggih menika lumantar kendaraan pribadi, Dubai ugi gadhah sistem taksi ingkang ageng.

Budaya[besut | besut sumber]

Dubai menika gadhah masyarakat ingkang beda-beda lan multietnis.[46] Budaya asli kutha menika satunggaling komunitas pemburu permata asli ingkang alit dipungantos kaliyan rawuhipun kelompok etnis lan bangsa sanès — sepisan saking Iran ing wiwitan taun 1900-an, lajeng saking India lan Pakistan ing 1960-an.

Maneka masakan wonten ing Dubai menika refleksi saking masyarakat ingkang kosmopolitan. Dhaharan Arab menika kondhang sanget lan wonten ing kutha menika, wiwit saking papan dhaharshawarma alit wonten ing Deira lan Al Karama dumugi restoran kelas inggil wonten ing hotel-hotel Dubai. Dhaharan cepet saji, masakan Asia Kidul, masakan Cina ugi kondhang lan samekta kantjhi wiyar. Sadeanipun lan konsumsi daging babi, sinaosa boten ilegal, namung dipunpasaraken lan dipunsade dhateng non-Muslim, ing wewengkon tartamtu.[47] Sami kaliyan menika, sadean alkohol ugi dipunawasi. Idin likir (liquor) dipunbetahaken kanggé nyade alkohol; ananging, alkohol wonten ing bar lan restoran ing hotel bintang papat utawi gangsal.[48] Kafe shisha lan qahwa ugi kondhang wonten ing Dubai.

Film Hollywood lan Bollywood kondhang wonten ing Dubai.Kutha menik ngawontenaken Dubai International Film Festival tahunan, ingkang narik selebriti saking sinema Arab lan internasional. Dubai menika gadhah pagelaran musik ingkag aktif, kanthi musisi Amr Diab, Diana Haddad, Tarkan, Aerosmith, Santana, Elton John, Pink, Shakira, Celine Dion lan Phil Collins ingkang sampun ngawontenaken konser ing kutha kasebat. Kylie Minogue dipunbayar 4.4 juta dolar kanggé ngawontenaken pagelaran nalika pambuka resor Atlantis tanggal 20 November 2008. Dubai Desert Rock Festival ugi kalebet festival ageng sanesipun ingkang ndherekaken artis heavy metal lan rock.

Galeri[besut | besut sumber]

Media[besut | besut sumber]

Dubai menika gadhah sapérangan saking 26-stasiun televisi kadosdene:

Stasiun Televisi Frekuensi Jaringan Status
Nasional (12-saluran)
MBC 1, MBC 4, MBC Action 22 UHF Viva Nasional
Fox 26 UHF Emtek
LBC Sat 28 UHF Emtek
Al Jazeera TV 30 UHF Al Jazeera Network
OSN First More, OSN News, Al Yawm, Series Channel 42 UHF OSN Media
ITV 1, ITV 2 46 UHF ITV Arabia Group
Daerah (14-saluran)
ADTV Al Oula, ADTV Al Emarat, ADTV Sports 1, ADTV Sports 2, ADTV Drama 48 UHF ADTV Lokal
Dubai One, Dubai TV, Dubai Sports 1, Dubai Sports 2, Sama Dubai 50 UHF Dubai Media Corporation
O Channel, Net TV Arabia, Zee Alwan 52 UHF First Media
Kompas TV 54 UHF KG

Kutha kembar[besut | besut sumber]

Dubai menika gadhah 15 kutha kembar, lan kathahipun prajanjen kutha kembar ingkang dipuntindakaken saderengipun 2002.[49]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. "UAE Constitution". Helplinelaw.com. Diarsip saka sing asli ing 2013-02-17. Dibukak ing 2008-07-21.
  2. Wiyar "emirat Dubai", kalebet pulo damelanipun.
  3. "Dubai: Profile of geographical entity including name variants Archived 2013-04-17 at the Wayback Machine.. World Gazetteer.
  4. "Country and Metropolitan Stats in Brief
  5. "United Arab Emirates: metropolitan areas". Diarsip saka sing asli ing 2012-12-04. Dibukak ing 2017-12-31.
  6. The Government and Politics of the Middle East and North Africa. D Long, B Reich. p.157
  7. a b An Economic Profile of Dubai Dubai Healthcare City. 2000
  8. a b Oil share dips in Dubai GDP AMEInfo (9 June 2007) Retrieved on 15 October 2007.
  9. a b Dubai economy set to treble by 2015 ArabianBusiness.com (3 February 2007) Retrieved on 15 October 2007.
  10. a b "Dubai diversifies out of oil". AMEInfo. 2005-09-07. Dibukak ing 2008-08-12.
  11. Dubai map with upcoming freehold developments
  12. Mike Davis (2006) Fear and money in Dubai, New Left Review 41, pp. 47-68
  13. How did Dubai, Abu Dhabi and other cities get their names? Experts reveal all Archived 2009-08-25 at the Wayback Machine.. UAEInteract.com. 10 March 2007
  14. a b c "History and Traditions of the UAE" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2009-03-26. Dibukak ing 2018-02-20.
  15. "History and Background of the UAE" (PDF). Diarsip (PDF) saka asliné ing 2006-09-25. Dibukak ing 2006-09-25.
  16. a b The Coming of Islam and the Islamic Period in the UAE. King, Geoffrey R.
  17. a b Economic and Environmental Impacts of tourism on Dubai and Hawaii. McEachern, Nadeau, et al
  18. a b c Country ProBerkas: United Arab Emirates. United States Library of Congress
  19. a b Modernity and tradition in Dubai architecture. Karim, Luiza
  20. a b THE EMIRATES OF ABU DHABI AND DUBAI:CONTRASTING ROLES IN THE INTERNATIONAL SYSTEM. Davidson, Christopher. March 2007
  21. The UAE: Internal Boundaries And The Boundary With Oman Archived 2009-09-18 at the Wayback Machine.. Archived Editions. Walker, J.
  22. The Middle East and North Africa. Schofield, C. p 175
  23. Dubai. Carter, T and Dunston, L. Lonely Planet Publications
  24. Dubai City. Melamid, Alexander. Jul 1989
  25. a b Historic population statistics
  26. "Six Persian Gulf Emirates Agree to a Federation". New York Times. Jul 19, 1971. pg. 4
  27. "Beirut Showing Signs of Recovery From Wounds of War". New York Times. 26 May 1977. pg.2
  28. The United Arab Emirates: Economic Vibrancy and US Interests. Asian Affairs. Peterson, JE. July 2002, Vol 34, Issue 2.
  29. a b "Dubai Focus" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2009-09-23. Dibukak ing 2018-02-20.
  30. Robust growth poses threat of inflation to high-flying Dubai. Kuwait Times. Mar. 8, 2007
  31. Environmental Development and Protection in the UAE Archived 2017-06-21 at the Wayback Machine.. Aspinall, Simon
  32. a b Earthquake risk in Dubai 'lower than that of London']. UAEInteract.com
  33. Average mean rainfall for Dubai Archived 2008-12-20 at the Wayback Machine.. UAEInteract.com
  34. Executive and Legislative Branches. US Library of Congress
  35. Organizational Chart. Dubai Municipality
  36. The UAE Court System. Consulate of the United States.
  37. Raw sewage threat to booming Dubai
  38. "Dubai - Overview:", USAToday.com, retrieved 22 July 2007
  39. "UAE Oil and Gas"
  40. Prospects of Dubai Economic Sectors Archived 2008-02-16 at the Wayback Machine.. Dubai Chamber of Commerce. 2003
  41. "Dubai International - world's fastest growing airport in 2007". AMEInfo. 2008-01-09. Dibukak ing 2008-01-10.
  42. %20Releases/2007_PRs/PR060307_PrelimResults2006.pdf World's Busiest Airports - Preliminary Rankings (PDF). Airports Council International
  43. "Dubai International Airport maintains double-digit growth in the first half of 2007". Dubai International Airport. 2007-07-05. Diarsip saka sing asli ing 2007-12-28. Dibukak ing 2008-01-10.
  44. Emirates for corridor between DIA and new mega airport Archived 2008-10-25 at the Wayback Machine. Gulf News (27 October 2007). Retrieved on 3 November 2007.
  45. Fleet of new buses for Dubai 7days 2007
  46. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng migrationinformation
  47. Food and Agricultural Import Regulations and Standards Archived 2008-02-26 at the Wayback Machine.. GAIN Report. United States Department of Agriculture
  48. Welcome to Dubai Archived 2008-02-26 at the Wayback Machine. New Zealand Trade and Enterprise
  49. Twinning Cities Agreements UAE Official Website

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Koordhinat: 25°12′N 55°18′E / 25.2°N 55.3°E / 25.2; 55.3