Khalifah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Khalifah iku sesebutan kanggo panguwasa sawisé Muhammad séda. Khalifah, manut tetembungané, nduwé arti "sesulih." Khalifah kang kondhang ana papat, yaiku Abu Bakar As Shidiq, Umar bin Khattab, Utsman bin Affan, lan Ali bin Abi Thalib. Khalifah papat iki asring sinebut Khulafaur Rasyidin. Sabubaré Khulafaur Rasyidin, ing jagad pamaréntah Arab dukuwasani déning Wangsa (Bani) Umayyah lan Wangsa Abbasiyah, banjur diterusaké Wangsa Utsmaniyyah. Nanging, kaanan sabubaré Khulafaur Rasyidin akèh dendra sairing karo thukuling prabédan kapitayan lan adu kuwasa.

Tlatah kang dikuwasani wong-wong Islam ing jaman Khulafaur Rasyidin

Kanggo Singah, kang pantes lungguh dadi Khalifah yaiku Ali bin Abi Thalib. Dhasaré, Muhammad naté wasiat supaya kang nggantèkaké kapamimpinan iku Ali kang isih pernah sepupu lan uga mantu Kanjeng Nabi. Sing layak mimpin iku Ahlul Bayt utawa kulawarga Muhammad lan dipercaya maksum (kalis ing dosa).

Khalifah, mligi jaman Khulafaur Rasyidin dadi punjering kawicaksanan sawatara urusan agama lan papréntahan. Pamilihané ora ana kang gumathok. Nalika Abu Bakar diangkat, kalungguhan khalifah ditemtokaké kanthi pamilihan lan banjur dibaiat. Déné, Abu Bakar banjur nunjuk Umar bin Khattab dadi khalifah sabanjuré. Mula nalika Abu Bakar séda, Umar kang dadi khalifah. Umar ora nunjuk sapa-sapa. Nalika séda, para tokoh pilihan dikumpulaké lan milih Utsman bin Affan. Sawisé Utsman tilar donya, Ali bin Abi Thalib kang madeg khalifah. Dendra ing Arab dadi gedhé nalika Muawiyyah mbalela. Ali bin Abi Thalib kesingkir. Muawiyyah ngedegaké Wangsa Umayyah. Sawisé Wangsa Umayyah nyekel kuwasa, kalungguhan khalifah kaya déné ing karajan utawa monarki kang diwawas saka keturunan. Semono uga jaman Abbasiyah lan Utsmaniyah.

Sajarah[besut | besut sumber]

Kalifah iku asring uga ingaran Amirul Mukminin - Pamimpin Wong-Wong Mukmin. Muhammad madeg ana ing Medinah, lan sawisé séda, punjeré tetep ing kutha iki. Ing sajarah Islam, sabubaré Muhammad tilar donya, padha regejegan ing antarané Sunni lan Singah, yaiku prakara sapa kang nyekel dadi pimpinané.

Yèn manut Sunni, kalifah pisanan kang ingaran Amirul Mukminin iku Abu Bakar Shidiq, banjur Umar bin Khattab. Utsman bin Affan lan Ali bin Abi Thalib uga olèh jejuluk kang padha, nanging Singah nganggep Ali luwih cocog.[1]

Panguwasa sawisé khalifah papat mau banjur ora ngrujuk manèh marang pamilihan kanthi cara rembugan, nanging diterusaké dadi monarki. Sistem kang lumaku sabanjuré iku dicekel déning Wangsa Umayyah, Wangsa Abbasiyah, lan Utsmaniyah (Ottoman).

Sawetara nagara kang mayoritas muslim, kaya déné Indonésia lan Malaysia durung naté dadi bawahané kekhalifahan, kajaba Acèh kang naté dikuwasani Wangsa Utsmaniyah lan uga Fatimiyyah.[2] Mula, ing tlatah Malayu lan Jawa luwih kaloka konsèp sultan kang ora ana sambung rapeté karo khalifah ing donya Arab.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Tore Kjeilen. "Lexic Orient.com". Lexic Orient.com. Diarsip saka sing asli ing 2018-10-01. Dibukak ing 2011-06-05.
  2. New world hegemony in the Malay world, By Geoffrey C. Gunn, pg. 96