Mekah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Mekkah)
Jump to navigation Jump to search
Dedonga ing mburiné Maqam Ibrahim, sangarepé lawang Ka'bah

Mekah utawa Makkah Al Mukarromah basa Arab: مكة المكرمة iku kutha utama ing Saudi Arabia kang dadi tujuan utama kaum Muslimin sajeroning ngibadah kaji. Ing Mekah dumunung yasan utama Ka'bah kang dadi pathokan arah kéblat kanggo salat kaum muslimin ing saindhenging jagad sarta prosesi Ibadah haji. Kautaman kutha Mekah, saliyané panggonan lahiré Muhammad, uga anané Masjidil Karam lan Ka'bah ing njeroné, kacetha ing sabda Nabi:

"Salat ing Masjidil Karam duwé pahala 100000 x"

Géografi[besut | besut sumber]

Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
اللہ کا نام.jpg
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Kutha Mekah dumunung watara 600 km sisih kidul kutha Madinah, kurang luwih 200 km sisih wétan lor kutha Jeddah persisé ing koordinat 21°25′24″N 39°49′24″E / 21.42333°N 39.82333°E / 21.42333; 39.82333. Kutha Mekah wujud lembah ciut kang diubengi déning gunung gunung lan wangunan Ka'bah minangka punjeré. Mulané, ing jaman biyèn kutha iki rawan banjir yèn mangsa udan. Pungkasané pamaréntah Saudi Arabia ndandani lan ngrenovasi kutha iki. Kayadéné kutha-kutha ing tlatah Arab liyané kutha Mekah duwé iklim ara-ara.

Ékonomi[besut | besut sumber]

Kutha Mekah kaloka minangka kutha dagang, wektu jaman biyèn kaloka dadi jalur dagang antara Yaman-Mekah-Madinah-Damsyiq (Damaskus) kanthi penghasilan saben pemberangkatan kafilah nganti 600.000 pound. Saliyané kaloka minangka kutha dagang, ékonomi kutha Mekah uga madeg saka tetanèn, peternakan lan pelayanan jasa kanggo jemaah haji, antarané usaha perhotèlan lan penginepan.

Wiyata[besut | besut sumber]

Minangka punjer agama Islam liyané kutha Madinah, kutha iki nduwé punjer punjer pendidikan lan pengajaran agama Islam.

Sajarah[besut | besut sumber]

Perkembangan kutha Mekah magepokan karo kanyatan anané Ismail lan Siti Hajar minangka kang ndunungi kapisan kutha iki kang ditempataké déning Ibrahim amarga préntah Allah. Perkembangan sabanjuré muncul wong-wong Jurhum kang sidané manggon ing kana. Sabanjuré kutha iki dipanggedhèni déning Kurès minangka kabilah utawa suku kang utama ing Jazirah Arab amarga nduwé hak pemeliharaan tumrapé Ka'bah. Suku iki misuwur ing babagan dagang malahan wektu iku aktivitas dagangé kaloka nganti tekan Damaskus, Palestina lan Afrika. Tokoh minangka kepala kabilah quraisy ya iku Qussai kang diterusaké déning Abdul Muthalib. Muhammad iku keturunan langsung saka Ismail sarta Qussai.

Taun 671, Muhammad lair ing kutha iki lan tuwuh diwasa. Pisanan nampa wahyu saka Allah ajarané ditolak déning kaumé dhéwé kang wektu iku isih ana sajeroning pepetenging pikir (Jahilliyah) saéngga pindhah menyang kutha Madinah. Sawisé Madinah tuwuh ngrembaka, Muhammad balik menyang Mekah manèh kanthi misi mbebasaké kutha Mekah tanpa wutahing getih.

Sakbanjuré Mekah kapatah déning administrasi khalifah kang punjeré ing Madinah, lan para ratu kang wektu iku kuwasa ing Damaskus (Dinasti Ummayyah), Baghdad (Dinasti Abbasiyah) lan Turki (Usmaniyah) kang nalika iku dipanggedhèni déning Syarif Hussein nuli didadèkké siji déning Abdul Aziz ibnu Saud, dadi andhahané pamaréntahan Saudi Arabia nganti dina iki minangka pelayan kutha suci kaloroné (Mekah lan Madinah).

Kutha-kutha sajeroning Ibadah Haji[besut | besut sumber]

Saliyané Mekah, kutha utawa laladan kang dipigunaaké sajeroning peribadatan haji ya iku Mina, Muzdalifah lan Arafah. Uga ana kutha utawa laladan kang dipigunaaké déning para jemaah haji minangka miwiti prosesiné, antarané Bir Ali utawa Dzulkulaifah kang dumunung ing njaba kutha Madinah dadi pathokan jamaah kang asalé saka Madinah, sarta Qarnul Manazil utawa Yalamlam kanggo jemaah haji kang m;ebu saka arah Yaman.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.