Kiyamat (Islam)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kiamat (Islam))
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
اللہ کا نام.jpg
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Dina kiyamat (Arab: يوم القيامة‎) yaiku dina nalikane kabeh samubarang ing donya lan kabeh jagat raya bakal ajur lan sawise iku manungsa ditangekake saka alam kubur menyang alam akhirat kanggo nampa pangadilan saka Allah.

Iman marang dina kiyamat tegese kita yakin kanthi temen-temen yen ing sawijining dina mengko jagat raya lan isine iki bakal purna/rampung. Nalika iku manungsa mesthi bakal ditangekake saka alam kubure tumuju alam akhirat kanggo nanggeljawab kabeh pakaryane lan nampa pangadilan saka Allah.

Percaya lan yakin dina kiyamat kalebu sendi-sendi kaimanan kang banget penting ing akidah Islam. Amarga iku, wong kang ora percaya dina kiyamat kalebu wong kang ora iman. Allah nerangake mesthi anane dina kiyamat ing Kuran:

وَأَنَّ ٱ لسَّاعَةَءَاتِيَةٌلاَّرَيْبَ فِيه‍َاوَأَنَّ ٱللَّهَ يَبْعَثُ مَن فِى ٱلْقُبُورِ

Tegese:

"Lan satemene dina kiyamat iku mesthi bakal tumeka, ora ana mangu-mangu kanggo iku, lan yen satemene Allah bakal nangekake kabeh wong ing njero kubur." (Q.S.al-Hajj:7)

Panguripan kang langgeng yaiku panguripan ing akhirat. Wong kang iman yakin benere Islam saengga panguripan ing akhirat dadi tujuan utamane. Imane marang panguripan langgeng ing akhirat kabukten dening taate marang ajaran Islam amarga panguripan donya iki mung sauntara.

Jinising Kiyamat[besut | besut sumber]

Dina pungkasan utawa kiyamat dhasare dumadi saka 2 jinis, yaiku kiyamat sughra lan kiyamat kubra.

1.Kiyamat Sughra (Kiyamat Cilik)

Kiyamat Sughra tegese kiyamat cilik, yaiku prastawa matine sawijining wong lan rusake sawetara alam kayata gunung njebluk, lemah longsor, banjir, lan lindhu. Prastawa kasebut minangka pangeling-eling kita supaya tansah jaga-jaga.

Anane kiyamat sughra bakal ngeterake rasa sadar ing dhiri kita yen kabeh gaweyane Allah ora ana kang langgeng. Kabeh bakal rusak. Amarga iku, saben manungsa bakal ngadhepi pati. Allah Swt ngendika:

...كُلُّ نَفْسٍ ذَآءِقَةُ ٱلْمَوْتِ

Tegese:

"Saben-saben jiwa bakal ngrasakake pati..."(Q.S.Ali Imran:185)

2.Kiyamat Kubra (Kiyamat Gedhe)

Pangertene kiyamat kubra yaiku kedadeyan ajure jagat raya kabeh kalebu kang ana ing njerone, kayata manungsa, sato kewan, tetuwuhan, lan tandha diwiwiti panguripan ing akhirat sarta manungsa bakal nanggeljawabake kabeh amal pakaryane kang tau dilakoni nalika urip.


Ètimologi[besut | besut sumber]

Tembung kiyamat asring diartèkaké dina nalika donya remuk. Ing basa Arab, "Yaumul Qiyamah" iku arti sajatiné dina nalika manungsa padha tangi. Tembung kang padha karo "remuking donya" iku "As-Saa'ah".

Dirunut saka basa, Yaum al-Qiyamah karakit saka 3 tembung, yaiku:

  1. Yaum (يوم‎) = Dina, mangsa
  2. Qiyam (قيام‎) = Ngadeg, tangi, madeg
  3. 'Ummah (أمة) = Umat, bangsa

Deleng uga[besut | besut sumber]

Catatan kaki[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]