Sangkakala

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Slompret keong ukir (ing basa Hindi aran Vamavarta Shankhas) saka jaman Pala, Indhi (udakara abad kaping 11 tekan 12 Masehi). Slompret kang paling kiwa katon ukiran kang ditambahi pérak,nggambarake Bathara Wisnu lan Dewi Lakshmiwati

Sangkakala utawa sangka iku salah siji piranti musik kang anggoné migunakaké kanthi cara disebul kang kagawé saka omah kerang.[1] Piranti iki diarani sangkakala amarga piranti iki jaman biyèn diarani sangka lan disebul kanthi wektu kang wis diatur, mula diarani sangkakala. Jaman biyèn sangkakala minangka kapentingan tartemtu, kaya ta arep mènèhi wara-wara, miwiti perang, nglumpukake prajurit, lan kagunan liyané.[2][3]

Sangkakala miturut agama[besut | besut sumber]

Hindhu[besut | besut sumber]

Ing agama Hindhu, sangkakala iku dadi pralambang kamakmuran. Mula saka iku, sangkakala disebul nalika perang utawa nalika ana upacara kaagamaan, kaya ta Puja. Ana cathetan kang mratélakaké yèn sangkakala iku digunakaké nalika perang ana ing sastra Hindhu Kuna kang diarani Mahabharata. Saliyané iku sangkakala uga dadi piranti déwa-dewi tartemtu, kaya ta Wisnu, Laksmi, utawa Ganesa.

Islam[besut | besut sumber]

Ing salah sawijining ajaran utawa ngèlmu agama Abrahamik, yaiku Islam ana kang mratélakaké sawijining malaékat kang jenenge Israfil duwé pakaryan kanggo nyebul Shur (sangkakala) nalika dina akhir. Nalika Allah wis rampung anggoné ndadèkaké donya lan saisine kabèh, banjur Allah ngriptakake sangkakala lan diadhepke ing Israfil. Dicritake, malaékat Israfil mesthi madhep 'Arsy, ngenteni kapan Israfil didhawuhake nyebul sangkakala mau.

Wujud Shur[besut | besut sumber]

Ing salah sawijining hadist sinebutake , yen sangkakala iku kayadéné sungu saka cahya, kanthi ukuran kang gedhé kang garis tengahe ambané salangit lan donya. Ing hadist liyane sinebutake sangkakala malaékat Israfil digawé saka sungu, Sungu kang disebul.[4]

Sabdane Kanjeng Nabi Muhammad, Satemene Allah ngriptakake sangkakala nduweni cawang cacah papat, yaiku ing sisih kulon, sisih wetan, sangisoring langit sapitu pérangan ngisor, lan sandhuwuring langit sapitu pérangan dhuwur.[5]

Ing sajrone sangkakala ana lawang-lawang kang cacahé padha karo cacahé ruh (nyawa) kang ana ing jagad iki, ing jerone ana 70 omah, yaiku salah sijiné ruh para nabi, siji omah kanggo malaékat, sijine kanggo para jin, sijine kanggo para ruh manungsa, sijine kanggo ruh para kéwan lan nganti genep 70 warna omah kanthi 70 warna makluk.

Gladri[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. "Definisi sangkakala dalam KBBI". Diarsip saka sing asli ing 2009-08-05. Dibukak ing 2011-10-18.
  2. Shofar dan Sangkakala Perak
  3. "terdengar tiupan sangkakala yang dasyat bunyinya untuk mengumpulkan orang-orang pilihan". Diarsip saka sing asli ing 2009-08-31. Dibukak ing 2011-10-18.
  4. Diriwayatke sakaImam Ahmad, Imam Tirmidzi lan Abu Dawud.
  5. Diriwayatke saka Abu Hurairah.