Ganesa (Sanskerta गणेश; ganeṣarungokna(pitulung·info)) iku salah siji déwa misuwur sajeroning agama Hindhu lan akèh dipuja déning umat Hindhu, sing nduwé gelar minangka Déwa kawruh lan kacerdasan, Déwa pelindhung, Déwa penolak bala utawa bencana lan Déwa kawicaksanan. Lukisan lan reca né akèh tinemu ing sadhéngah papan ing India; kalebu Nepal, Tibet lan Asia Kidul-wétan. Sajeroning relief, reca lan lukisan, Ganésa kerep digambaraké asirah gajah, lengen papat lan awak lemu. Ganésa dikenal uga kanthi jeneng Ganapati, Winayaka lan Pilleyar. Sajeroning tradhisi pewayangan, Ganésa karan Bathara Gana, lan dianggep salah siji putra Bathara Guru (Siwa). Sawetara sékté sajeroning agama Hindhu muja tanpa peduli golongan. Pamujanmarang Ganesa nganti sumrambah menyang umat Jaina, Buda, lan ing sajabané India.[2]
↑"Ganesha getting ready to throw his lotus. Basohli miniature, circa 1730. National Museum, New Delhi. In the Masalah skrip: Fungsi "xlit" ora ana. (VII, 70), in order to kill the demon of egotism (Masalah skrip: Fungsi "xlit" ora ana.) who had attacked him, Masalah skrip: Fungsi "xlit" ora ana. throws his lotus at him. Unable to bear the fragrance of the divine flower, the demon surrenders to Masalah skrip: Fungsi "xlit" ora ana.. " For quotation of description of the work, see: Martin-Dubost (1997), p. 73.