Bathara Gana
Bathara Gana (Ganesha) inggih punika dewaning kawruh/ngelmi lan dados lambangipun kawicaksanan. Kahyanganipun ing Glugutinatar. Wujudipun buta rai liman.
Miturut layang Smaradahana anggitanipun Empu Dharmaja (jamanipun Prabu Kameswara ratu ing Kediri), Bathara Ganesha inggih punika putranipun Sang Hyang Siwah (Bathara Guru) miyos saking Dewi Uma.
Nalikanipun Sang Hyang Siwah tindak mratapa, kahyangan katekanan mengsah, inggih punika narendra ing Tanjungparang Sang Prabu Nilarudraka. Ratu buta rai liman punika nyuwun tumurunipun Bathari Gagarmayang nedya kapundhut garwa. Amargi mboten dipinangkani, lajeng ngamuk punggung sabalanipun. Para dewa kawon sedaya.
Miturut wawasanipun Bathara Narada, namung Sang Hyang Siwah ingkang saged nyirnakaken mengsah. Sigra matah Bathara Kamajaya supados njugaraken tapanipun Sang Hyang Siwah. Ketaman Jemparing Pancawisaya, Sang Hyang Siwah badhar tapanipun. Duka yayah sinipi Sang Hyang Siwah. Ing tengah-tengah palarapanipun mijil netra sumorot, ngober angganipun Bathara Kamajaya. Bathara Kamajaya sirna margalayu.
Dewi Ratih bareng midhanget garwanipun seda, sigra nusul tumuju papan garwanipun seda. Satekanipun ing papan punika, geni ingkang sampun sirêp sanalika murub mulat-mulat malih. Dewi Ratih bela pati obong.
Sakonduripun Sang Hyang Siwah ing kahyangan, kepanggih Dewi Uma, lajeng kangen-kangenan. Wasana Dewi Uma mbobot. Nalikanipun nembe mbobot eném, para dewa sowan api-api tuwi konduripun Bathara Siwah, nanging kaliyan mbekta liman titihanipun Bathara Indra. Nalika mekaten Bathara Siwah lan Dewi Uma pinuju lenggahan.
Bareng priksa wujudipun Gajah Erawana ingkang wujudipun ageng sanget, Dewi Uma kaget lan njerit ajrih. Bathara Siwah ngrêrêpa garwanipun kaliyan paring pangandikan bilih putranipun bakal mijil kakung, nanging sirahipun sirah liman.
Nalikanipun jabang bayi miyos, ambarengi rawuhipun Prabu Nilarudraka sawadyabalanipun ngrabasa Kahyangan Jonggringsaloka. Ganesha ingkang taksih bayi dipunmajengaken ing paprangan. Ganesha dipunidak-idak dening Prabu Nilarudraka mboten pejah, malah sangsaya ageng, lan saged mejahi Prabu Nilarudraka sawadyabalanipun.
Kapurih ugi mirsani
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |