Rolas Imam

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bismillahir Rahmanir Rahim Bagéan saka artikel ngenani
Imam Syi'ah
Rolas Imam


  1. Ali bin Abi Thalib
  2. Hasan al-Mujtaba
  3. Husain asy-Syahid
  4. Ali Zainal Abidin
  5. Muhammad al-Baqir
  6. Ja'far ash-Shadiq
  7. Musa al-Kadzim
  8. Ali ar-Ridha
  9. Muhammad al-Jawad
  10. Ali al-Hadi
  11. Hasan al-Askari
  12. Muhammad al-Mahdi

Rolas Imam (Basa Arab: اثنا عشرية - Itsnāˤashariyya) iku salah sawijining pang ing ajaran Singah kang paling akèh umaté. Diarani Rolas Imam amarga ajaran iki percaya anané 12 imam kang mimpin muslim, diwiwiti déning Imam Ali ra. lan dipungkasi déning Imam Mahdi Al-Muntazhar (Imam Mahdi kang ditunggu), sawijining imam kang katon ing taun 868 nanging banjur muksa (ghoib). Para pamélu Itsna Asyariyyah yakin yèn Imam Mahdi bakal kondur ngadhepi dajjal lan bakal mangun papréntahan Islam.

Kayakinan Itsna Asyariyyah[besut | besut sumber]

Syariah miturut Itsna Asyariyyah[besut | besut sumber]

Para pangikut ajaran Singah Itsna Asyariyyah punika mendhet adhedasar ukum (Syariah), kados al-Qur'an sarta Sunat Rasul. Bentennipun ukum syariah Sunni kaliyan Singah punika bab kayakinan manawi Muhammad sampun ngutus Ali ra. dados iman kaping pisanan sasampunipun Muhammad saw. Salajengipun, miturut pangikut Singah Itsna Asyariyyah, Imam utawi pamimpin umat punika boten dipilih déning manungsa kanthi cara dhémokrasi (pemilu). Imam punika kalungguhan langsung saking Allah. Nanging para pangikut paham Sunni langkung pitados manawi pamimpin umat punika dipunpilih kanthi cara pamilu sarta ingkang gadhah suwanten sarujuk ingkang kathah piyambak punika ingkang dados pamimpin (khalifah). Paham ingkang bènten punika ingkang damel Singah sarta Sunni dados misah. Wonten ngandhap punika bèntenipun prekawis Syari'ah déning Singah sarta Sunni:

  1. Ukum mendhet hadits saking Muhammad saw. sarta para Ahlul Bait[1].
  2. Boten mendhet hadits kanggé tuntunan ukum, tuladha ingkanng dipunriwayataken déning Abu Bakar, Umar sarta Usman (Katelu punika khulafaur rasyidin sadherengipun Ali ra.)
  3. Maringi status ma'shum (bébas saking kasalahan) déning para Imam sarta para pangikut ajaran saking para imam.

Doktrin Utami[besut | besut sumber]

Wonten ing ajaran Islam ilèn Singah Itsna Asyariyyah, wonten 10 rukun Islam, ingkang kaya 5 rukun Sunni, Sunni = 5 rukun, nanging para sunni ugi gadhah 5 Ushuluddin (rukun iman versi Sunni)[2]. Wonten ngandhap dipunjlentrehaken kayakinan-kayakinan para pangikut Itsna Asyariyyah babagan Ushuluddin (prinsip kayakinan) kaliyan Furu' ad-Din (prinsip kaagamaan):

Prinsip kaimanan Itsna Asyariyyah[besut | besut sumber]

Mullah ingkang taksih wonten ing Imamzadeh wonten ing Tabriz, Iran.

Aliran Itsna Asyariyyah boten marengaken taklid (keyakinan ingkang buta, boten wonten dalil ingkang dados adhedasar), nanging nggal mukallaf kedah mengertosi kayakinan ingkang sampun dipuntemtukaken:

  • Prekawis katauhidan: Para pangikut Itsna Asyariyyah punika yakin manawi Allah punika ingkang nyiptakaken, nyipta Adam langsung ngagem astanipun Gusti, nuli nyebulaken roh, maringi rizki sarta mematikan. Ugi maringi manungsa lara sarta ujian, sadaya punika adhedasar kakuasaanipun Gusti (QS Yasin:82). Ingkang dherek paham punika ugi pitados manawi Allah Maha Kuasa, Allah Maha Esa, Allah boten katingal sarta boten wonten gambaripu kanthi lairiyah déning manunsa. Sacara tauhid, sadayanipun sami kaliyan para umat Islam limrahipun.[3][4]
  • Prekawis keadilan: Para pangikut Itsna Asyariyyah pitados manawi Allah boten nglarani para hamba-Nipun, sarta para hamba-Nipun dipunparingi rizki ingkang dipunbutuhaken.
  • Prekawis kenabian: Ingkang ndhèrèk Itsna Asyariyyah punika yakin manawi rasul ingkang terakir punika umat Islam inggih punika Rasulullah Muhammad saw. nurut kaliyan ajaran Muhammad saw. punika wajib, kados ingkang kaserat wonten ing Al-Qur'an (QS Ali 'Imran:85)
  • Prekawis imamah: Para pangikut Islam Singah punika mlebet golongan cabang Itsna Asyariyyah (Singah Imamiyah) sami pidatos manawi wonten ing sistem kapemimpinan ingkang dipunsebat imamah ingkang asalipun saking Muhammad. Imam punika dados pamimpin umat Islam adhedasar pitunjuk saking Allah. Wonten ing prinsip ajaran Singah dipunsebutaken manawi sajatosipun, Allah boten nglataraken umat Islam tanpa pamimpin. Sami pitados manawi Imam ma'shum (bébas saking dosa) sarta kalungguhan Imam punika langsung déning ilham saking Allah. Nggal Imam bakal maringi wasiat déning Imam salajengipun.
  • Prekawis Dunia Akir: Allah bakal nguripaken manungsa kanggé ngetung amal. Para manungsa ingkang gadhah amal saé bakal angsal ganjaran suwarga salaminipun, nanging ingkang gadhah amal buruk bakal dipunlebetaken wonten ing neraka.

Konsep Iman[besut | besut sumber]

Pratélan Imam[besut | besut sumber]

Nomor Asma
Gelar
(Basa Arab/Basa Turki)[5]
Lahir–Wafat
(M/H)
Kapetingan Tempat lair Tempat séda sarta pusara
1 Ali bin Abi Thalib
علي بن أبي طالب
Abu al-Hassan
أبو الحسن
Amir al-Mu'minin
(Pamimpin tiyang ingkang beriman)[6]
Birinci Ali[7]
600–661[6]
23–40[8]
Imam ingkang kaping pisanan sarta gantosipun Muhammad saw anggènipun kuwasa. Para Sunni nganggep Ali ra. dados khalifah kapapat wonten ing Khulafaur Rasyidin. Ali ra. nempati posisi paling dhuwur saking sadaya tarekat Sufi.[6] Makkah, Arab Saudi[6] Séda amargi dipunpaten déning Abdurrahman bin Muljam, Khawarij saking Kufah, Irak. Imam Ali ra. mustakanipun ditebas nganggé pedang ingkang sampun diparingi wisa nalika dados imam salat subuh.[6][9] Dipunsarekaken wonten ing Masjid Imam Ali, Najaf, Irak
2 Hasan bin Ali
الحسن بن علي
Abu Muhammad
أبو محمد
al-Mujtaba
Ikinci Ali[7]
624–680[10]
3–50[11]
Hasan bin Ali inggih punika putu tuwa dhéwé saking Muhammad, putranipun Fatimah az-Zahra. Hasan nggantos dhapuk kuwasa bapanipun dados khalifah wonten ing Kufah. Adhedhasar perjanjen kaliyan Muawiyah I, Hasan nuli nyopot kuwasa Irak.[12] Madinah, Arab Saudi[10] Diracun déning garwanipun wonten ing Madinah, Arab Saudi amargi diputus Muawiyah I.[13] Dipunsarekaken wonten ing Pemakaman Baqi.
3 Husain bin Ali
الحسین بن علي
Abu Abdillah
أبو عبدالله
Sayyid al-Shuhada
Ūçüncü Ali[7]
626–680[14]
4–61[15]
Husain inggih punika putu saking Muhammad saw. ingkang séda amargi dipunpaten nalika tindakan maring Kufah dhateng Karbala. Husain dipunpaten amargi nentang Yazid bin Muawiyah. Insiden sedanipun Husain wonten ing Karbala ngantos sapunika dados ritual utami Singah.[14][16] Madinah, Arab Saudi[14] Syahid wonten ing Karbala.[14] Dipunsarekaken wonten ing Makam Imam Husain, Karbala, Irak
4 Ali bin Husain
علي بن الحسین
Abu Muhammad
أبو محمد
as-Sajjad, Zainul Abidin

[17]


Dorduncu Ali[7]
658-9[17] – 712[18]
38[17]–95[18]
Nyerat buku Shahifah as-Sajadiyyah ingkang dados buku wigati wonten ing ajaran Singah [18] Madinah, Arab Saudi[17] Miturut ilmuwan Singah, Ali bin Husain punika dipunyakini séda amargi dipunracun déning tiyang utusan saking Khalifah al-Walid wonten ing Madinah, Arab Saudi[18] Dipusarekaken wonten ing Pemakaman Baqi.
5 Muhammad al-Baqir
محمد بن علي
Abu Ja'far
أبو جعفر
al-Baqirul Ulum

(panjenenganipun ingkang mbagi ngèlmu) [19]


Besinci Ali[7]
677–732[19]
57–114[19]
Sumber saking Sunni kaliyan Singah njlentrehaken manawi Muhammad al-Baqir inggih punika salah satunggaling nimpuna fiqih ingkang gadhah banyak ingkang kathah nalika zamanipun.[19][20] Madinah, Arab Saudi[19] Miturut ilmuwan Singah, Muhammad al-Baqir diracun déning Ibrahim bin Walid wonten ing Madinah, Arab Saudi, amargi dipunutus Khalifah Hisyam bin Abdul Malik.[18]. Dipunsarekaken wonten ing Pemakaman Baqi.
6 Ja'far ash-Shadiq
جعفر بن محمد
Abu Abdillah
أبو عبدالله
ash-Shadiq[21]
(panjenenganipun ingkang jujur)
Altinci Ali[7]
702–765[21]
83–148 [21]
Panjenenganipun ngawontenaken Ja'fariyyah sarta ngembangaken ajaran Singah. Piyambakipun ngajari para murid kados, Imam Abu Hanifah babagan fiqih, sarta Jabar Ibnu Hayyan babagan alkimia[21][22][23] Madinah, Arab Saudi[21] Miturut sumber-sumber Singah, panjenenganipun diracun déning utusan saking Khalifah al-Mansur wonten ing Madinah, Arab Saudi[21]. Dipunsarekaken wonten ing Pemakaman Baqi.
7 Musa al-Kadzim
موسی بن جعفر
Abu al-Hassan I
أبو الحسن الاول [24]
al-Kadzim[25]
Yedinci Ali[7]
744–799[25]
128–183[25]
Pamimpin umat Islam Singah nalika wonten perpecahan wataranipun pangikut Ismailiyyah sarta pangikut sanèsipun sasampunipun Ja'far ash-Shadiq séda[26] Piyambakipun ndamel sistem pangumpulan ghanimah ing laladan Timur Tengah kaliyan Khurasan[27] Madinah, Arab Saudi[25] Dipunkunjara sarta dipunracun déning Harun ar-Rashid wonten ing Baghdad, Irak. Dipunsarekaken wonten ing Baghdad, Irak.[25]
8 Ali ar-Ridha
علي بن موسی
Abu al-Hassan II
أبو الحسن الثانی[24]
al-Ridha, Reza[28]
Sekizinci Ali[7]
765–817[28]
148–203[28]
Inggih punika putra makutha Khalifah al-Ma'mun, mpelopori diskusi antar-agama.[28] Madinah, Arab Saudi[28] Miturut sumber Singah, piyambakipun dipunracun déning Khalifah al-Ma'mun wonten ing Mashhad, Iran. Dipunsarekaken wonten ing Makam Imam Reza, Mashhad, Iran[28]
9 Muhammad al-Jawad
محمد بن علي
Abu Ja'far
أبو جعفر
al-Taqi, al-Jawwad[29]
Dokuzuncu Ali[7]
810–835[29]
195–220[29]
Kaentar amargi sipatipun ingkang saé dhumateng tiyang ingkang susah nalika mangsa Kekhalifahan Abbasiyah. Madinah, Arab Saudi[29] Dipunracun déning garwanipun, putra saking al-Ma'mun, Baghdad, Irak amargi dipunutus déning Khalifah al-Mu'tashim. Dipunsarekaken wonten ing Makam Kazmain, Baghdad.[29]
10 Ali al-Hadi
علي بن محمد
Abu al-Hassan III
أبو الحسن الثالث[30]
al-Hadi, al-Naqi[30]
Onuncu Ali[7]
827–868[30]
212–254[30]
Ngiyataken jaringan Wali ing komunitas Singah. Ali al-Hadi maringi instruksi, inggih punika mbimbing umat ing prekawis agama sarta ngempalaken 1/5 harta ghanimah.[30] Surayya, désa caketipun Madinah, Arab Saudi[30] Miturut sumber Singah, panjenenganipun diracun ten Samarra dhawuh Khalifah al-Mu'tazz.[31] Dipunsarekaken wonten ing Masjid Al-Askari, Samarra, Irak.
11 Hasan al-Asykari
الحسن بن علي
Abu Muhammad
أبو محمد
al-Asykari[32]
Onbirinci Ali[7]
846–874[32]
232–260[32]
Nalika samanten, umat Singah dipuntekan sarta dipunbatasi déning Kekhalifahan Abbasiyah dipunpimpin al-Mu'tamid[33] Madinah, Arab Saudi[32] Miturut sumber Singah, piyambakipun diracuni wonten ing Samarra, Irak. déning utusan Khalifah al-Mu'tamid. Panjenenganipun kasarékaken wonten ing Masjid Al-Askari, Samarra[34]
12 Mahdi
محمد بن الحسن
Abu al-Qasim
أبو القاسم
al-Mahdi, Imam ingkang dipunumpetaken, al-Hujjah [35]
Opunikanci Ali[7]
868–tidak diketahui[36]
255–tidak diketahui[36]
Miturut dhoktrin Itsna Asyariyyah, piyambakipun inggih punika imam ingkang sapunika, piyambakipun Imam Mahdi ingkang dipunjanjikaken.[37] Samarra, Irak[36] Miturut kayakinan Singah, panjenenganipun sapunika dipunumpetaken, bakal medhal nalika Allah ngizinaken.[36]

Wonten ingkang gadhah pamanggih manawi Imam wonten ing Singah gadhah dhapuk ingkang sajajar kaliyan nabi. Nanging, wonten ing aspek kayakinan kaum Singah Itsna Asyariyyah, para Imam punika sanès nabi utawi rasul. Para Imam namung mbekta pesen Muhammad saw. Singah Itsna Asyariyyah boten nganggep Imam langkung gadhah kuwasa tinimbang nabi. Padatanipun para muslim klentu anggènipun nanggapi paham Singah amargi prekawis punika. Malah, wonten ing ajaran Singah, manawi wonten tiyang ingkang nganggep wonten nabi utawi rasul sasampunipun Muhammad saw, bakal langsung dipunparingi status bid'ah utawi kafir.

Lakon Imam Mahdi[besut | besut sumber]

Nalika dinten akir badhé kalaksanan, kaum Singah Itsna Asyariyyah pitados manawi Imam al-Mahdi, ingkang Imam pungkasan saking kalih welas Imam punika bakal nyelametaken umat manungsa saking angkara sarta bakal nata papréntahan Islam. Kaum Pura Asyariyyah pitados manawi Imam Mahdi dipunumpetaken kaliyan Allah. bakal dipunutus dados pambrantas angkara sarta bela kabecikan sarta kaadilan sesarengan kaliyan Nabi Isa as. sadèrèngipun dinten akir. nanging pamanggihan punika dèrèng mesti amargi boten wonten pendukung mandhapipun Nabi Isa as nalika akir jaman

wonten ing Singah dibagi malih dados ilèn Zaidiyyah, Ismailiyyah utawi Bahraiyyah, sanès bab gantosanipun Imam kaliyan asma-asanipun, boten nganggep manawi Imam kaping-12 (Muhammad bin Hasan) punika Imam al-Mahdi.

Hadits wonten kumpulan Itsna Asyariyyah[besut | besut sumber]

  • Hadits Singah: ngendikanipun al-Ma'shum (Muhammad, ahlul bait kaliyan Imam). Hadits punika dipunteliti shahih botenipun.
  • Ilmu dariyah, Itsna Asyariyyah: inggih punika ngèlmu ingkang diagem nalika madosi tandha-tandha hadits nalika kaanan darurat kadospundi matan kaliyan sanad hadits[38].
  • Hadits sajalur: amargi hadits punika adhaptasi kanggé njagi wontenipun carita utawa ngendikanippun para al-Ma'shum (Muhammad, ahlul bait sarta Imam), mula wonten tiyang ingkang ngendikakaken hadist ingkang kathah satunggal jalur sarta bakal diterusaken nggal tiyang, kados ingkang sampun diserat sarta dipeluni ngèlmu Ushul Fiqih, manawi kaleresan hadist saking al-Ma'shum (Muhammad, ahlul bait sarta Imam) dèrèng mesti leres nanging wontenipun dipunsampaikaken nganggé kanthi jalur kang warni-warni.
  • Ilmu rijal: Ilmu ingkang ditujukaken kanggé nguji ngèlmu sarta kedadian para perawi nalika nyampaikake hadits kanggé mangertosi sarta ngidentifikasi hadits punika shahih utawi boten shahih.[39]
  • Sifat perawi ingkang riwayatipun sarta kualifikasinipun dipuntarima:
  1. Islam
  2. Kagungan akal
  3. Baligh
  4. Beriman
  5. Adil

Wonten ing Singah, wonten 4 kitab hadits, inggih punika:

Panyerat Kitab Taun miyos sarta sedanipun Gunggungipun hadits Katerangan
Al-Kafi Hadits-hadits wonten ing kitab punika dipunkampalaken déning Syaikh Abu Ja'far Muhammad bin Ya'qub al-Kulaini ar-Razi. Panjenengnipun inggih punika cendekiawan Islam ingkang limpad anggènipun ngèlmu hadits. Séda taun 329 Hijriyah Kirang langkung 16000 hadits ingkang wonten ing kitab al-Kafi, kagolong gunggung ingkang kathah piyambak anggènipun dipunkempalaken. Kitab Singah ingkang saé piyambak
Man la yahdarul fiqh
Kangge tiyang ingkang tliti ing ngèlmu fiqih
Dipunserat déning Syaikh Abu Ja'far Muhammad bin Ali bin Husein Miyos taun 305 Hijriyah, séda taun 381 Hijriyah Wonten ngantos 6000 hadits babagan Syariah
Tazhibul Ahkam Dipunserat déning Syaikh Abu Ja'far Muhammad bin Hasan al-Tusi Miyos wonten ing Khurasan taun 385 Hijriyah, séda nalika taun 460 Hijriyah Wonten kirang langkung 13590 Hadits wonten ing kitab punika.
Al-Istibshar fima Ikhtilaf minal Akhbar Dipunserat déning Syakih Abu Ja'far Muhammad bin Hasan al-Tusi Miyos wonten ing Khurasan taun 385 Hijriyah, lan séda nalika taun 460 Hijriyah Kinten-kinten wonten 5511 hadits ing kitab punika.
Al-Majmu' Al-Kulani, al-Qami kaliyan at-Tusi Séda nalika taun 329-381-460 Sedayanipun wonten ngantos 41101 hadits (kompilasi saking sekawan kitab, ingkang sampun

dipunjlentrehaken wonten ing nginggil)

Tlatah suci ingkang gadhah sujarah suci Itsna Asyariyyah[besut | besut sumber]

Nggal kaum muslim, Sunni utawi Singah, gadhah tlatah suci. Tlatah suci mau inggih punika tiga mésjid suci Masjidil Karam wonten ing Mekah, Masjid Nabawi wonten ing Madinah, sarta Masjidil Aqsa wonten ing Jerussalem. Kajawi tlatah punika, Singah uga gadhah tlatah suci sanèsipun, inggih punika makam-makam para Imam. Pasarean suci Singah inggih punika:

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Imam Muslim (translated by Aftab Shahryar) (2004). Sahih Muslim Abridged. Islamic Book Service. ISBN 81-7231-592-9.
  2. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2022-11-30. Dibukak ing 2013-04-29.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  3. نهجنا في الحياة من المهم إلى الممات للميرزا حسن ال عصفور
  4. عقائد الإمامية لمحمد جواد مغنية
  5. Gelar Imam punika nganggé basa Arab dipunagem amargi basa Arab punika liturgi wonten ing agama Islam Singah nanging gelar nganggé basa Turki punika saking pangikut ajaran Alawiyyah Encyclopedia of the Modern Middle East and North Africa. Gale Group. 2004. ISBN 978-0-02-865769-1. {{cite encyclopedia}}: Missing or empty |title= (pitulung)
  6. a b c d e Nasr, Seyyed Hossein. "Ali". Encyclopedia Britannica Online. Dibukak ing 2007-10-12.
  7. a b c d e f g h i j k l Encyclopedia of the Modern Middle East and North Africa. Gale Group. 2004. ISBN 978-0-02-865769-1. {{cite encyclopedia}}: Missing or empty |title= (pitulung)
  8. Tabatabae (1979), pp.190-192
  9. Tabatabae (1979), p.192
  10. a b "Hasan". Encyclopedia Britannica Online. Dibukak ing 2007-11-08.
  11. Tabatabae (1979), pp.194-195
  12. Madelung, Wilferd. "Hasan ibn Ali". Encyclopedia Iranica. Diarsip saka sing asli ing 2008-02-18. Dibukak ing 2008-03-23.
  13. Tabatabae (1979), p.195
  14. a b c d "al-Husayn". Encyclopedia Britannica Online. Dibukak ing 2007-11-08.
  15. Tabatabae (1979), pp.196-199
  16. Calmard, Jean. "Husayn ibn Ali". Encyclopedia Iranica. Diarsip saka sing asli ing 2008-01-17. Dibukak ing 2008-03-23.
  17. a b c d Madelung, Wilferd. "'ALÈ B. AL-HUOSAYN". Encyclopedia Iranica. Diarsip saka sing asli ing 2009-01-22. Dibukak ing 2007-11-08.
  18. a b c d e Tabatabae (1979), p.202
  19. a b c d e Madelung, Wilferd. "AL-BAQER, ABU JAFAR MOHAMMAD". Encyclopedia Iranica. Diarsip saka sing asli ing 2009-03-04. Dibukak ing 2007-11-08.
  20. Tabatabae (1979), p.203
  21. a b c d e f Tabatabae (1979), p.203-204
  22. Reseach Committee of Strasburg University, Imam Jafar Ibn Muhammad As-Sadiq A.S. The Great Muslim Scientist and Philosopher, translated by Kaukab Ali Mirza, 2000. Willowdale Ont. ISBN 0-9699490-1-4.
  23. "Wasil ibn Ata". Encyclopedia Britannica Online. Dibukak ing 2007-11-08.
  24. a b Madelung, Wilferd. "'ALÈ AL-HAÚDÈ". Encyclopedia Iranica. Diarsip saka sing asli ing 2008-08-03. Dibukak ing 2007-11-09.
  25. a b c d e Tabatabae (1979), p.205
  26. Tabatabae (1979) p. 78
  27. Sachedina (1988), pp.53-54
  28. a b c d e f Tabatabae (1979), pp.205-207
  29. a b c d e Tabatabae (1979), p. 207
  30. a b c d e f Madelung, Wilferd. "'ALÈ AL-HAÚDÈ". Encyclopedia Iranica. Diarsip saka sing asli ing 2008-08-03. Dibukak ing 2007-11-08.
  31. Tabatabae (1979), pp.208-209
  32. a b c d Halm, H. "'ASKARÈ". Encyclopedia Iranica. Diarsip saka sing asli ing 2007-12-30. Dibukak ing 2007-11-08.
  33. Tabatabae (1979) pp. 209-210
  34. Tabatabae (1979), pp.209-210
  35. "Muhammad al-Mahdi al-Hujjah". Encyclopedia Britannica Online. Dibukak ing 2007-11-08.
  36. a b c d Tabatabae (1979), pp.210-211
  37. Tabatabae (1979), pp. 211-214
  38. العلامة الدكتور الشيخ عبد الهادي الفضلي: أصول الحديث: 223
  39. العلامة الدكتور الشيخ عبد الهادي الفضلي: أصول علم الرجال: 11 ، الطبعة الثانية ، سنة: 1416 هجرية ، مؤسسة أم القرى للتحقيق والنشر