Idul Fitri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
عيد الفطر
Idul Fitri
(Pahargyan mungkasi Pasa Ramelan)
Eidulfitr meal.jpg
Idul Fitri ing Malaysia
Uga ingaran Eid, "Ramadan Eid", "Smaller Eid"; Idul Fitri, Hari Lebaran (Indonésia); Hari Raya Puasa, Hari Lebaran, Aidilfitri (Malaysia, Singapura, Brunei); Wakas ng Ramadan, Hari Raya Puasa (Filipina); Nonbu Perunaal (Tamil) Riyoyo, Riyayan, Ngaidul Fitri (Basa Jawa); Boboran Siyam (Basa Sundha); Uroë Raya Puasa (Basa Acèh); Rojar Eid (Banggaladésa); Ramazan Bayramı (Basa Turki); Eid Nimaz (Basa Sindhi); Korite (Senegal); Sallah (Hausa); Kochnay Akhtar (کوچنی اختر) (Pashto); Eid-e Sa'eed-e Fitr (The Mirthful Festival of Fitr, Pèrsi); Choti Eid (Basa Urdhu); Meethi Eid (Basa Urdhu);Cheriya Perunnal (Malayalam); Ramazanski Bajram, Eid (Bosnia); Bajram (Albania); Cejna Remezanê (Kurdi); Ramazanski Bajram (Kroasia); Idd (pacelathon ing Uganda)
Dipèngeti Muslim ing saindhenging donya
Jinis Islam
Ancas Mungkasi Pasa Ramelan
Karaméan Kembul bojana dhawar panganan legi-legi, nanggo klambi anyar lan maringi dhuwit marang bocah-bocah cilik
Pèngetan Salat, bayar (Jakat pitrah)
Tanggal 1 Syawal
Tanggal ing 2018 date missing (please add)
Gegayutan Ramelan, Idul Adha

Idul Fitri (Basa Arab: عيد الفطر ‘Īdu l-Fiṭr) iku dina riyaya umat Islam saben tanggal 1 Syawal sajeroning pananggalan Hijriyah. Idul Fitri dirayakaké sawisé umat Islam nglakoni pasa sesasi ing sasi Ramelan. Amarga cara ngukuhaké tanggal 1 Syawal kang didhasaraké marang mubengé rembulan marang bumi mau, mula Idul Fitri utawa Dina Riyaya ora padha tanggal lan sasiné saben taun yèn dideleng saka kalèndher Masèhi. Cara nemtokaké tanggal 1 Syawal uga béda-béda, saéngga bisa ana sapérangan umat Islam kang mahargya ing tanggal Masehi kang béda. Ing Indonésia, pamaréntah minangka kang kawogan nemtokaké tanggal 1 Syawal saben ngadhepi wektuné nganakaké pasamuan kang diarani sidang isbat, Sidhang mau dirawuhi déning para punggawa saka Kamentrian Agama, Majelis Ulama Indonesia, wakil-wakil saka organisasi massa Islam, lan para wakil nagara sahabat.

Ing tanggal 1 Syawal, umat Islam kumpul wayah ésuk lan ngayahi Salat id bebarengan ing masjid-masjid, utawa ing lapangan yèn kaanan ora udan. Béda karo ritual Salat Iedul Adha kang kudu pasa dhisik nalika budhal menyang papan panggonan salat, sajeroning salat id iki malah disunnahaké sarapan dhisik sadurungé mangkat.

Sadurungé diwiwiti salat id, lumrahé imam ngélikaké tumrap kang durung nindakaké bayar jakat pitrah. Wates wektu bayar pitrah ya iku sadurungé ngayahi salat id, déné kang telat lan lagi bayar sawisé salat id bakal diitung minangka sedekah biyasa.

Ibadah lan tradhisi ing Idul Fitri[besut | besut sumber]

Tradhisi takbiran kang dianakaké saben malem riyaya

Idul Fitri nandhani pungkasan dina pasa Ramelan.

Salat Idul Fitri lumrahé dianakaké ing lapangan. Déné ukum Salat Idul Fitri ya iku sunat mu'akkad. Sadurungé salat, kaum muslimin ngumandhangaké takbir.

Takbir dikumandangaké sawisé teka sasi Syawal. Saliyané ngayahi Salat Sunat Idul Fitri, kaum muslimin uga diwajibaké bayar jakat pitrah[1][2] kang akèhé saben wong 2,7 kilogram bahan panganan pokok. Tujuan sakai jakat pitrah iki kanggo andum kabegjan marang para fakir miskin. Sawisé salat disunnahaké midhangetaken kutbah kang diterusaké maca donga. Sawisé rampung, kaum muslimin banjur padha salaman silih apura siji lan sijiné. Kadhangkala ana kang diterusaké ngayahi ziarah kubur.[3]

Tradhisi kang biyasa dilakoni ing Indonésia saben ngadhepi dina dina Idul Fitri ya iku wujud silaturahmi marang wong tuwa lan sanak kadang liyané. Kanggo kaperluan silaturahmi lan njaluk ngapura marang wong tuwa iki banjur akèh wong kang mulih menyang kampung asalé kang kerep ingaran acara mudik. Tradhisi mudik iki njalari dalan-dalan banjur dadi macet. Tradhisi liya kang lumrah ya iku mangan kanthi menu utama wujud kupat kang lumrahé nganggo lawuh opor utawa jangan lodhèh.

Tata cara salat Idul Fitri[besut | besut sumber]

Salat Iedul Fitri diayahi rong rakangat. Ing rokaat pisanan sawisé takbiratul ihram ditambah takbir kaping pitu, lan ing rakangat kapindho takbir kaping lima. Ing antarané takbir mau kaprayogakaké maca hamdallah, muji Allah lan shalawat marang Muhammad S.A.W. Sawisé takbir tambahan, imam salat maca ta’awudz, surat Al Fatihah banjur maca surat Kuran kanthi kombinasi:

Tatacara sabanjuré padha karo ing salat-salat liyané. Sawisé rampung salat Idul Fitri kaprayogakaké ngrungokaké kutbah.

Adab Salat Id[besut | besut sumber]

Adab-adab salat Idul Fitri:

  • Adus sadurungé mangkat salat (H.R.Imam malik).
  • Nganggo wangi-parfum, tumrap wong lanang, lan sikat untu.
  • Nganggo sandhangan kang paling apik (H.R.Bukhari, Muslim).
  • Salat subuh dhisik sadurungé mangkat (H.R.Bukhari, Muslim).
  • Mangan dhisik sadurungé mangkat (H.R.Bukhari). Mangan sacukupé waé. Béda karo salat Idul Adha kang kudu ora mangan dhisik.
  • Disunnahaké mlaku tumuju lokasi, yèn bisa, (H.R.Ibnu Majah).
  • Lokasi salat ing lapangan (H.R.Bukhari, Muslim)
  • Takbir kanthi swara (ora mung sajeroning ati) nalika tumuju lokasi salat (Qs.Al Baqarah: 185).
  • Ora salat sunat sadurungé lan sawisé salat Id yèn ora ing jero masjid.
  • Ora ana adan lan iqamah (H.R.Muslim).
  • Wanita tumuju lokasi kanthi nutup aurat-nganggo jilbab lan tanpa wangèn-wangèn.
  • Silih ngucapaké salam. Niru lelaku sahabat Rasulullah SAW. Saka Jubair bin Nufair, panjenengané ngendika: "Sahabat Rasulullah SAW yèn ketemu ing dina id, silih ngucapaké-taqabballahu minna wa minkum (muga-muga Allah nampa amal kita lan amal panjenengan sami)" (H.R.Bukhari).

Wacan takbir ya iku:

Arab Latin Pertalan
الله أكبر الله أكبر الله أكبر Allahu akbar, Allahu akbar, Allahu akbar Allah Maha Agung, Allah Maha Agung, Allah Maha Agung
لا إله إلا ال la ilaha illa Allah Ora ana Gusti kajaba Allah
الله أكبر الله أكبر Allahu akbar, Allahu akbar Allah Maha Agung, Allah Maha Agung
ولله الحمد wa li-illahi al-hamd Kabèh puji mung marang Allah
  • Jamaah
  • Khutbah kapisan khatib disunatake maca takbir ping sanga, banjur ping pitu nalika khutbah kang kaping pindho
  • Ngethok kuku
  • Budhal lan bali nganggo dalan kang bedho
  • Ngewenehi sedekah
  • Ngerjakake salat sunat mutlak sadurungé khutbah
  • Maca takbir kajaba ing salat wiwit lingsire srengéngé satekane imam miwiti salat.[5]

Idul Fitri ing tlatah liya[besut | besut sumber]

Asia[besut | besut sumber]

Asia Tenggara[besut | besut sumber]

Ketupat2.jpg
Mudik.jpg

Umat Islam ing Indonésia nganggep Idul Fitri minangka dina riyaya kang utama, kaanan mangkono dimupangkataké kanggo kumpul karo kulawarga. Tradhisi mudik utawa bali menyang kampung, biyasa dilakoni déning wong kang padha ngumbara kanggo mulih menyang désa asal-usulé wiwit rong minggu sadurungé Idul Fitri. Pamaréntah duwé tanggung jawab nglancaraké para pemudik kang bali kampung mau. Dina Riyaya Idul Fitri kang ana ing Indonésia dipèngeti minangka dina prèi (libur) nasional, kang dipèngeti déning masarakat Indonésia kang mayoritas kang ndunungi Muslim. Panetepan Idul Firti katemtokaké déning pamaréntah kanthi ngayahi sidang Isbat kang ngajak rembugan ormas-ormas Islam kang ana ing Indonésia.

Dhedhaharan kang paling misuwur ing prayaan Idul Fitri ing Indonésia ya iku kupat, kang uga didadèkake tradhisi panganan ing Malaysia, Brunei, lan Singapura. Ing pérangan liya kang dadi pangarep-arep para bocah cilik ing dina riyaya ya iku dum-duman dhuwit riyaya (Basa Indonésia:salam tempel utawa angpao). Kagiatan liya kang ana ing dina riyaya ya iku antarané para tetangga duwé tradhisi dolan lan nyuwun pangapura, kang misuwur kanthi sebutan acara silaturahmi, utawa "halal bi-halal".

Ing tlatah manca kaya déné ing Malaysia, Singapura, uga Brunei, Idul Fitri misuwur kanthi sebutan Dina Riyaya Pasa utawa Dina Riyaya Aidil Fitri. Ing Indonésia, wayah bengi sadurungé prayaan dianakaké takbiran utawa dikumandangaké takbir ing dalan, masjid lan uga ing musholla, kang tujuané nguntapaké kamenangan lan muji syukur Keagungan Tuhan. Ing padésan utawa kampung uga ana tradhisi nguripake damar utawa pelita, panjut, utawa obor. Masarakat uga padha silih ngucapaké "Sugeng Dina Riyaya " utawa "Salam Aidil Fitri" lan "Maaf lair lan batin" kanggo pangucapan njaluk pangapura saka wong liya.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Weigers, Gerard."Ibadat". Encyclopedia of Islam and the Muslim world, kaca. 327
  2. ^ Gaffney, Patrick D. "Khutba." Encyclopedia of Islam and the Muslim World. kaca. 394.
  3. ^ Wiegers, Gerard. "Ritual". Encyclopedia of Islam and the Muslim world, kaca. 600
  4. ^ [ http://konsultasisyariah.com/shalat-idul-fitri-tata-cara Konsultasi Syariah: Tata cara salat Idul Fitri]
  5. ^ Masykuri, HM. Abdurrahman."Salat 'id (Hari Raya)". Kaifiyah dan Hikmah Salat versi kitab salaf, kaca. 141

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Gladri[besut | besut sumber]