Salat subuh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
اللہ کا نام.jpg
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Salat Subuh iku salah siji saka salat fadhu kang diwajibaké marang umat Islam saben wayah ésuk, ya iku antara tekané fajar nganti mlethèking srengéngé. Gunggung rakangat sajeroning salat subuh ana rong rakangat. Tumrap madzab Syafii, nalika ngayahi salat subuh iki nganggo maca donga Qunut. Sadurungé salat subuh, disunnataké nglakoni Salat Sunat rong rakangat ya iku salat Rawatib.

Kautaman[besut | besut sumber]

Kautaman salat fajar kanthi jama’ah[1]: Sepisan: Bakal ana ing sajeroning pangreksan Allah, utawa jaminan Allah, pengawasan É lan pangreksan Allah ing donya lan akhirat. Diriwayataké déning Muslim ing sajeroning kitab shahih saka Jundub bin Abdullah yèn Muhammad ngendika, “Sok sapaa kang salat subuh mula bakal ana ing sajeroning jaminan Allah… “

Kaloro: Ngayahi salat fajar bakal nylametaké saka api neraka. Diriwayataké déning Muslim ing kitab shahihé saka Ammarah bin Ruwaibah ngendika: Aku wis krungu Rasulullah SAW ngendika, “Ora bakal tau mlebu neraka wong kang ngayahi salat sadurungé mlethèk srengéngé lan sadurungé angslup, ya iku salat fajar lan asar”.

Katelu: Ngayahi salat fajar minangka sebab mlebu swarga. Diriwayataké déning Al-Bukhari lan Muslim saka Abi Musa Al-Asya’ari yèn Muhammad ngendika, “Sok sapaa kang salat rong wektu kang adhem mula dhèwèké bakal mlebu swarga”.

Kapapat: Malaékat nyeksèni salat iki. Allah maringi firman: “…lan (adegaké uga salat) subuh. Sabeneré salat subuh iku diseksi (déning malaékat)”. (QS. Al-Isro’: 78) Diriwayataké Al-Bukhari lan Muslim saka Abi Hurairah RA yèn Nabi Muhammad ngendika, “Silih rawuh nyedhaki panjenengan sami malaékat wengi lan malaékat awan, banjur malaékat-malaékat mau kumpul ing salat fajar lan asar, banjur munggah ing wektu wengi, banjur Allah takon marang para malaékat lan Allah Maha Pirsa ngenani kahanané: Piyé panjenengan ninggal hamba-hamba -Ku?. Mula para malaékat njawab: Kita ninggal wong-wong iku sajeroning kaanan ngadegaké salat lan nekani wong-wong iku sajeroning kaanan ngadegaké salat”.

Kalima: Wong kang ngadegaké salat fajar bakal olèh cahya kang sampurna ing dina kiyamat. Diriwayataké déning Ibnu Majah ing sajeroning kitab sunahé saka Sahl bin Sa’d Al-Sa’idi yèn Muhammad ngendika, “Wènèhana kabar gembira marang wong kang mlaku sajeroning pepeteng tumuju masjid yèn wong-wong mau olèh cahya kang sampurna ing dina kiyamat”.

Kaenem: Bakal ditulis minangka tangi sadawaning wengi. Diriwayataké déning Muslim saka Utsman bin Affan yèn Muhammad ngendika, “Sok sapaa kang salat isya’ kanthi jama’ah mula dhèwèké kaya-kaya tangi setengah wengi lan sok sapaa kang salat subuh kanthi jama’ah mula kaya-kaya dhèwèké salat sawengi muput”.

Kapitu: Aman saka sipat kamunafikan. Diriwayataké déning Al-Bukhari lan Muslim saka Abi Hurairah RA yèn Muhammad ngendika, “Sabeneré salat kang paling abot tumrap wong-wong munafiq ya iku salat isya lan salat fajar, saupama wong-wong iku ngerti kautamaan kang ana mesthi bakal nekani kanthi cara mbrangkang, …

Kawolu: Rong rakangat sadurungé fajar luwih apik saka donya lan saisiné. Diriwayataké déning Muslim ing sajeroning kitab shahihé saka Aisyah RA yèn Muhammad ngendika, “Dua rekaat salat fajar luwih apik saka donya lan saisiné”. Yèn sunat fajar waé luwih apik saka donya lan saisiné, arupa harta, pura, kali-kali, istri-istri lan sapanunggalané kabèh kabutuhan kang disenengi manungsa lan kalezatané, apamanèh salat fajar iku dhéwé?.

Kasanga: Ndeleng Allah, lan iki tujuan utama kang diarep-arep déning kang ngupaya kanthi temenan lan manungsa rebutan péngin olèh kanugrahan mau. Diriwayataké déning Al-Bukhari lan Muslim saka Jarir Al-Bajali RA ngendika: Kita ing sisih Muhammad lan ing sawijining wengi beliau mirsani rembulan purnama banjur ngendika, “Sabeneré kowé kabèh bakal weruh Tuhanmu kaya déné kowé bisa ndeleng rembulan purnama iki, kowé ora bakal ngrasa susah ndelengé, yèn kowé bisa ora dikalahaké djroning ngayahi salat sadurungé mlethèk lan angslupé srengéngé, mula ayahi, banjur beliau maos sawiji ayat: “…lan tasbih-a sinambi muji Tuhanmu sadurungé mlethèk srengéngé lan sadurungé angslup”. (QS. Qaf: 39)

Kasepuluh: Wong kang tansah njaga salat fajar iku wong kang paling apik sajeroning uripé, wong kang paling kreatif, lan duwé ati paling lembut. Diriwayataké déning Al-Bukhari lan Muslim saka Abi Hurairah yèn Muhammad ngendika, “Setan ngiket cengel sirah salah siji antarané kowé kabèh nalika turu kanthi telung talènan, lan mbundheli saben tali karo kandha marang awakmu wengi kang dawa mula turu-a. Banjur yèn kowé tangi lan nyebut asma Allah copot siji taliné, lan yèn kowé njupuk wudhu copot tali kapindho, lan yèn kowé ngayahi salat bakal copot tali katelu, mula kowé bakal miwiti ésuk kanthi jiwa kang kréatif lan jiwa apik, nanging yèn ora kowé bakal duwé jiwa èlèk lan kesèd”

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]