Salat tahajud

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Salat Tahajud ya iku salat kang dilakoni ing wayah tengah wengi ing antarané salat isya lan Salat shubuh sawisé tangi turu. Gunggung rokaat salat tahajud paling sethithik 2 rokaat tekan ora ana watesé. Nalika arep turu apiké maca ayat kursi, surat al ikhlas, surat al falaq lan surat an nas.[1]

Rentang Wektu[besut | besut sumber]

Rentang wektu salat Tahajud bisa dipara dadi 3 pérangan, ya iku:

  1. Saprotelon wengi pertama: kira-kira jam 19.00 – 22.00
  2. Saprotelon wengi ka-loro: kira-kira jam 22.00 – 01.00
  3. Saprotelon wengi ka-telu: kira-kira jam 01.00 – 04.00.[2]

Hukum[besut | besut sumber]

Hukum salat Tahajjud ya iku sunat muakkadah. Salat sunat iki didhasarake kanthi dalil saka Al-Qur-an, Sunat Rasulullah shallallaahu ‘alaihi wa sallam, lan ijma’ kaum Muslimin.[3]

Dalil saka Al Quran[besut | besut sumber]

  1. “Dhèwèké banget sthike turu ing wayah wengi, lan ing akir-akir wengi dhèwèké njaluk ngapura (Marang Allah).” (Adz-Dzaariyaat: 17-18)
  2. “Lambunge dhèwèké adoh saka paturon, dhèwèké ndo'a marang Rabb-e kanthi rasa wedi lan ngarep, lan dhèwèké nafkahke sapérangan saka rizki kang Kita wenehake marang dhèwèké. Sawijining wong ora ngerteni apa kang diumpetake ya iku (macem-maceme nikmat) kang nyenengake pandelengan mripat, dadi alesan kanggo apa kang wis dhèwèké lakokake.” (As-Sajdah: 16-17)
  3. “(Apa kowe hai wong musyrik kang luwih untung) utawa wong kang ngibadah ing wayah wengi kanthi sujud lan berdiri, lagi dhèwèké wedi marang (adzab) akhirat lan ngarepake rahmat saka Allah” (Az-Zumar: 9)
  4. “Lan ing sapérangan wayah wengi padhaha salat Tahajud….” (Al-Israa’: 79).[4]

Dalil saka Hadist[besut | besut sumber]

  1. Pasa kang paling utama sawisé pasa Ramelan ya iku pasa ing wulan Muharram. Salat kang paling utama sawisé salat wajib ya iku salat wengi.” (Hadits shahih, diriwayatke saka Muslim ing kitab Ash Shiyam, hadits no. 1163).[5]

Tata Cara[besut | besut sumber]

Persiapan sadurungé salat:

  1. Turu dhisik
  2. Tangi ing sepertelune wengi
  3. Nganggo siwak utawa sikatan, banjur wudhu lan nganggo klambi resik.[6]

Cara Nglakoni[besut | besut sumber]

Do'ane Tahajud[besut | besut sumber]

Rabbanaa aatina fid-dun-yaa hasanataw wa fil aakhirati hasanataw wa qinaa adzaaban-naar.

ing hadits Bukhari, rasulullah manawa wungu sare ing tengah wengi banjur tahajud maca donga:

اَللّهُمَّ لَكَ الْحَمْدُ أَنْتَ نُوْرُ السَّمَاوَاتِ وَاْلأَرْضِ وَمَنْ فِيْهِنَّ، وَلَكَ الْحَمْدُ أَنْتَ قَيِّمُ السَّمَاوَاتِ وَاْلأَرْضِ وَمَنْ فِيْهِنَّ، وَلَكَ الْحَمْدُ أَنْتَ رَبُّ السَّمَاوَاتِ وَاْلأَرْضِ وَمَنْ فِيْهِنَّ، وَلَكَ الْحَمْدُ لَكَ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَاْلأَرْضِ وَمَنْ فِيْهِنَّ، وَلَكَ الْحَمْدُ أَنْتَ مَلِكُ السَّمَاوَاتِ وَاْلأَرْضِ، وَلَكَ الْحَمْدُ، أَنْتَ الْحَقُّ، وَوَعْدُكَ الْحَقُّ، وَقَوْلُكَ الْحَقُّ، وَلِقَاؤُكَ الْحَقُّ، وَالْجَنَّةُ حَقٌّ، وَالنَّارُ حَقٌّ، وَالنَّبِيُّوْنَ حَقٌّ، وَمُحَمَّدٌ حَقٌّ، وَالسَّاعَةُ حَقٌّ، اَللّهُمَّ لَكَ أَسْلَمْتُ، وَعَلَيْكَ تَوَكَّلْتُ، وَبِكَ آمَنْتُ، وَإِلَيْكَ أَنَبْتُ، وَبِكَ خَاصَمْتُ، وَإِلَيْكَ حَاكَمْتُ. فَاغْفِرْ لِيْ مَا قَدَّمْتُ وَمَا أَخَّرْتُ، وَمَا أَسْرَرْتُ وَمَا أَعْلَنْتُ، أَنْتَ الْمُقَدِّمُ وَأَنْتَ الْمُؤَخِّرُ، لاَ إِلٰهَ إِلاَّ أَنْتَ، أَنْتَ إِلٰهِيْ لاَ إِلٰهَ إِلاَّ أَنْتَ

[8]

Kautaman Tahajud[besut | besut sumber]

Rasulullah SAW ngendika: “Barang sapa salat Tahajud kanthi apik, lan tertib kang rapi, Allah bakal menehake 9 kemuliaan: 5 macem ing donya lan 4 macem ing akhirat.” Lima kautamaan ing donya ya iku:

  1. Diadohake déning Allah saka bencana
  2. Tandha taate ketok ing praupane
  3. Bakal ditresnani para hamba Allah kang shaleh lan kabèh manungsa.
  4. Ilate bisangucap ukara kang ngandut hikmah.
  5. Bakal didakekake wong wicaksana.

Papat kautamaan ing akhirat, ya iku:

  1. Raine sumringah nalika tangi saka kubur ing dina piwales
  2. Bakal éntuk keringanan nalika di hisab
  3. Bisa rikat kaya guntur nalika nyebrang kreteg Shirotol Mustaqim
  4. Cathetan amale diwènèhake ing tangan tengen.[9]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1], diaksés tanggal 22 Juli 2011.
  2. [2], diaksés tanggal 22 Juli 2011.
  3. [3], diaksés tanggal 22 Juli 2011.
  4. [4], diaksés tanggal 22 Juli 2011.
  5. [5], diaksés tanggal 22 Juli 2011.
  6. [6], diaksés tanggal 25 Juli 2011.
  7. [7], diaksés tanggal 25 Juli 2011.
  8. [8], diaksés tanggal 25 Juli 2011.
  9. [9], diaksés tanggal 25 Juli 2011.