Trawèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kaanan kasiapan salat trawèh ing wulan suci Ramelan ana Masjidil Karam, Mekah
Shalat Tarweh ing Masjid Agung Kairouan, Tunisia

Salat Trawèh (uga karan terawèh utawa tarawèh) iku salat sunat kang diayahi mligi mung ing sasi pasa. Trawèh sajeroning basa Arab iku wangun jamak saka تَرْوِيْحَةٌ (tarwihah) kang tegesé "wektu sadhéla kanggo ngaso". Wektu salat sunat iki yaiku sawisé nglakoni shalat ngisak, sadurunge witir, ananging uga bisa dilakoni sawise witir, mung wae iki ngluputake kang luwih utama. Racaké diayahi kanthi bebarengan ing masjid. Rasulullah mung naté ngayahi salat iki kanthi bebarengan kaping telu. Sinebutake yèn Rasulullah ora mbanjuraké (nerusake) ing wengi-wengi saterusé amarga wedi yèn bab iki banjur dadi kuwajiban umat muslim.

Wektune[besut | besut sumber]

Wektune terus lumaku tekan pungkasaning wengi. Diriwayatake déning jamaah saka Abu Hurairah ngendikakake yen Rasulullah saw ndhawuhake salat ing sasi Ramelan/Ramadhan iku, ananging ora majibake. Panjenengané ngendika.

مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيْمَانًاوَاحْتِسَابًاغُفِرَلَهُ مَاتَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ.

"Sing sapa wonge kang tangi sajroning sasi Ramelan amarga iman lan ngarep-arep ridha saka Allah, mula dingapurani dosa kang wis kepungkur."

Jamaah uga ngriwayatake saliyane Tirmidzi saka Aisyah ra, ngendikakake yen Kanjeng Nabi Saw salat ing masjid, banjur uga akeh wong-wong kang melu salat. Wengi sabanjure, Kanjeng Nabi salat uga lan wong-wong kang melu salat saya akeh. Sabanjure ing wengi kaping 3, wong-wong wis padha kumpul, nanging Kanjeng Nabi ora metu. Nalika esuk Kanjeng Nabi ngendika.

قَدْرَأَيْتُ صَنِيْعَكُمْ فَلَمْ يَمْنَعْنِىْ مِنَ الْخُرُوْجِ إِلَيْكُمْ إِلاَّ أَنِّى خَشِيْتُ أَنْ تُفْرَضَ عَلَيْكُمْ.

"Sawise dakweruhi apa wae kang sira kabeh lakoni dene ingsun uga ora ana alangan supaya metu, mung wae ingsun kuwatir yen shalat iki difardhukake (diwajibaké) kanggo sira kabeh. Kedadeyan iki sajroning sasi Ramelan."



Rakangat Salat[besut | besut sumber]

Ana sawatara praktèk ngenani gunggung rakangat lan salam sajeroning salat trawèh, ing mangsa Rasulullah gunggung rakangat ana 8 rakangat ditambah 3 rakangat witir. Lan ing jaman kalipah Umar, Usman, lan Ali dadi 20 rakangat ditambah 3 rakangat witir. Déné salam lumrahé saben rong rakangat nanging ana uga kang salam saben patang rakangat.

Diriwayatake uga dening Abu Ya'la lan Thabrani kanthi sanad Hasan saka Jabir ngendika, "Ubay bin Ka'ab teka menyang Rasulullah saw lan matur, 'Dhuh Rasulullah, wau dalu dumadi samubarang dhateng kula,'. Kanjeng Nabi saw ndangu, 'Kedadeyan apa iku he Ubay?'. Dheweke mangsuli, 'Wonten sawetara pawongan wanita wonten griya kula, lajeng padha matur 'Kita ora maca Kuran, amarga iku kita arep salat bareng kowe wae.' Kula lajeng salat bebarengan 8 rakangat lajeng witir.' Katon panjenengané ridha lan ora ngendika nadyan satembung."

Niyat Salat[besut | besut sumber]

Niyat salat punika, padha uga karo salat-salat kang dilapalaké kaya salat liyané yaiku cukup diucapaké ing sajeroning ati, uga kang paling utawa yaiku niyat amarga Gusti Allah Tangala kanthi ati kang iklas lan duwé pangarep lan ngarepaké lila Gusti Kang Maha Agung lan Welas Asih, niyat uga bisa diucapaké kanthi swara lirih utawa alon, kanthi jangkep, niyat salat trawèh 2 rakangat yaiku:

َأُصَلِّى سُنَّةَ التَّرَاوِيحِ رَكْعَتَيْنِ مَأْمُومًا/إِمَامًا للهِ تَعَالَى
َUshalli sunnatat taraawiihi rak'ataini (ma'muman/imaaman) lillahi ta'aalaa.

Tegesé: "Aku niyat salat trawèh rong rakangat (dadi makmum/imam) amarga Allah Tangala."

Utawa:

َأُصَلِّى سُنَّةَ التَّرَاوِيحِ رَكْعَتَيْنِ للهِ تَعَالَى

"Usholli sunnatattarowihi rok'ataini lillahi ta'ala"

Tegesé: "Aku niyat salat trawèh rong rakangat amarga Allah Tangala."

Kaanan kaya mengkené, uga bisa dilakoni jroning cara-cara liya kaya ta nindakaké salat trawèh, kathi formasi 2 kaping 2 ugi 4 rakangat. Ditindakaké saben rakangat pungkasan sapisan salam saben rampung nindakaké 4 rakangat. Nindakaké salat trawèh kudu migunakaké niyat salat trawèh, kang kudu dibabarake nganggo imbuhan arbaa raka'ataini.

Jamaah Sajeroning Salat Tarweh[besut | besut sumber]

Shalat bisa dilakoni kanthi jamaah nanging uga bisa dilakoni dhewe-dhewe, ananging kanthi jamaah ing masjid yaiku luwih utama. Miturut Jumhur Ngulama, wis dijlentrehake ing ndhuwur, yen Rasulullah saw uga nglakoni kanthi jamaah, nanging ora diterusaké metu ing masjid amarga kuatir mbokmenawa diwajibaké. Sabanjure ya Sayyidina Umar kang wiwit terus jamaah bareng karo sawijining imam.

Abdur Rahman bin Abdul Qari ngendika, "Ing sawijining wengi sajroning sasi Ramelan aku metu bareng Umar menyang masjid, ing kono wis akeh wong-wong kang padha shalat dhewe-dhewe lan ana uga kang shalat banjur dimakmumi wong akeh. Umar banjur ngendika, 'Aku nduweni panemu luwih apik maneh yen padha diklumpukake kanthi ngetutaké sawijining qari' (tegese imam). Dakrasa yaiku kang luwih utama.'

Kanthi mangkono banjur wengi sabanjure wong-wong padha diklumpukake lan minangka imam ditunjuk sawijining wong kanthi jeneng Ubay bin Ka'ab. Wengi liyane, aku metu maneh menyang masjid bareng Umar. Dene wong-wong akeh kang shalat ngetutaké sawijining qari' wae. Nalika iku Umar ngendika, 'Becik banget bid'ah iki. Ananging wong-wong kang turu kanggo shalat ing wektu pungkasaning wengi samengko yaiku kang luwih utama tinimbang wong-wong kang nglakoni saiki,'. Nalika iku wong-wong padha shalat ing wiwitaning wengi." Diriwayatake dening Bukhari, Ibnu Huzaimah, Baihaqi, lan liya-liyane.

Surat kang Diwaca[besut | besut sumber]

Nalika shalat tarweh iku ora ditemokaké samubarang saka Kanjeng Nabi. Ana sawijining katrangan, yen jaman mbiyen wong-wong salaf maca surat akehe 200 ayat. Awit saka suwene anggone ngadeg, banjur padha sandharan tekene. Wektu baline yaiku ing wayah fajar kurang setitik lan amarga iku padha gage nangekake para bature supaya enggal nyedhiyani panganan, awit wedi yen selak fajar. Ana uga kang maca Surat al-Baqarah sajroning 8 rakangat akehe ana 12, mula iku dianggep samubarang kang entheng wae.

Ibnu Qudamah ngendika, "Imam njlentrehaké yen dheweke maca kang entheng wae nalika shalat bebarengan karo wong akeh sajroning sasi Ramelan. Babar pisan ora diabot-abotake, luwih-luwih ing wayah wengi kang cendhak (mangsa ketiga)."

Al Qadhi ngendika, "Ora becik yen wacane iku kurang saka khataman Kuran sepisan sajroning sesasi, supaya bisa dirungokake kabeh ayate iku. Nanging uga ora becik ngluwihi khataman sepisan, amarga kuwatir rinasa abot dening makmum samburine. Saumpama bisa ngukur kahanane wong-wong akeh mula perkara iku luwih utama maneh, kaya kang diriwayatake dening Abu Dzar, ngendikane, 'Kita shalat bebarengan Nabi Saw nganti kita padha wedi kéringan anggone sahur.' Nalika iku imam maca surat kang gunggunge satusan ayate."

Rujukan[besut | besut sumber]