Salat istikarah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
اللہ کا نام.jpg
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Salat Istikharah ya iku salat sunat kang cacahé rong rakangat kang duwé mupangat utawa tumuju kanggo nyeyuwun ing Ngersané Allah kang Maha Agung lan Welas Asih kanggo nemtokaké pilihan kang luwih becik ing antarané loro pilihan kang durung cetha kasil katentukake apik lan alané.

Wektu Nindakake[besut | besut sumber]

Salat Istikarah lan salat Hajat wektuné luwih utama dilakoni kaya salat Tahajjud ya iku ing wayah wengi utawa telungprapaté wengi kurang luwih jam 12 nganti jam 3 wengi, uga digarap kaya salat lumrahé.

Niat Salat[besut | besut sumber]

Niat salat Istikharah semanauga padha karo niyat salat-salat kang liyané, ya iku diucapake déning ati utawa dibatin bisa uga diucapake kanthi lirih utawa alon.Pangucapan niyat salat kang banter utawa seru ora wangun manawa diucapake kanthi swara banter uga bisa nganggu umat muslim liyané ing sajeroning nglakoni salat.

Lafazh niyat:

USALLI SUNNATAL ISTIKHAARATI RAK'ATAINI LILLAAHI TA'AALAA.ALLAAHU AKBAR.
Artiné:Aku niyat salat sunat istikharah loro rakangat amarga Allah Ta'ala.Allahu Akbar.

Tata Cara[besut | besut sumber]

Salat istikharah uga bisa digarap rong rakangat utawa nganti rolas (12) rakangat kanthi enem salam. Sarampungé maca surat Al-Fatihah ing rakangat kapisanan banjur maca Surat Al-Kafirun kaping pisan.Banjur sapungkasane maca Al-Fatihah ing rakangat kang kaloro, maca sapisan Surah Al-Ikhlas sapisan. Uga ana wacanan surat kang liya, sapungkasané maca Al-Fatihah ing rakangat kang pisanan, maca ayat Al-Kursi kaping pitu.Banjur maca Al-Fatihah ing raka,at kaloro, maca Surat Al-Ikhlas (kaping sewelas.

Sawisé salam diterusake maca do'a salat istikharah nuwun patunjuk lan ngutarakake masalah kang diadepi. Ing kadis kang bahas babagan donga sakpungkasané salat istikharah saka Jabir r.a ngemukakake sajeroning donga mau uga katatar mengkene:

"Ya Allah, aku nuwun patunjuk kasaenan ing pangerapan ya Allah kanthi ngèlmu kang mupangat ing sajeroning ajaran Islam. Nuwun kakuatan kanthi kakuwatan ya Allah.Ya Allah, Ora ana kajaba Allah kang maha Agung lan ngerti sakabehané apa kang ana ing donya iki tabahana ing ngadepi masalah lan pinggirake kabèh masalahku lan kabèh maslaha kang diadepi umat muslim kang ana ing donya.Nanging ing masalah iki ala utawa ora becik ing awakku sumangga disumingkirake saka awakku lan agama Islam ku.Ing dalan panguripanku uga tetpake sira ing kabecikan ing ngendhi ana Ridha lan kabecikana iku. (HR Al Bukhari)

Réferènsi[besut | besut sumber]