Salat grahana
|
Salat grahana utawa Salat kusufain miturut jenengé diayahi nalika ana kadadéan grahana rembulan utawa srengéngé. Salat kang dilakoni nalika ana grahana rembulan ingaran Salat Khusuf déné nalika grahana srengéngé ingaran Salat Kusuf. Ukum Salat Grahana yaiku Sunat Muakkadah utawa sunat kang ditekenaken kanggo wong lanang utawa wadon. Muhammad tau dhawuh kang tegesé
- "Sajatiné srengéngé lan rembulan iku rong tandha saka tandha-tandha kekuwasaane Allah, lan lelorone dudu grahana (amarga) anané wong mati, utawa kauripane (klairane). Mangka manawa kowe kabèh weruh grahana, shalatana." (Hadis diriwayatake Imam Bukhari).[1]
Wektu
[besut | besut sumber]Salat grahana dilakokna kaya Salat id (Idul Fitri utawa Idul Adha). Wektu Salat Grahana yaiku awit kedadene grahana nganti ilange grahana (srengéngé lan rembulan katon manèh). Manawa grahana kedadene ing akhire awan (nalikané salat ing wektu iku dimakruhake banget), mangka salat diganti kanthi dzikir marang Allah, lan ndedonga marang Allah.[1]
Tata cara
[besut | besut sumber]Tata carané Salat Grahana yaiku kaum muslimin kumpul ing masjid tanpa adan lan iqamah. Banjur salat rong rakangat, lan ing saben rakangat nglakoni ruku' ping loro, lan rong sujud kanthi ndawakake wacanane, ruku', lan sujud. Manawa grahana rampung ing tengah-tengahé salat, mangka sholate kena dirampungake kaya déné salat sunat biyasa.[1]
Salat Grahana ora ana khutbahe, nanging imam éntuk paring nasihat marang jamaah, amarga prekara iku apik banget.[1]
Rujukan
[besut | besut sumber]- Kumpulan Salat-Salat Sunat, Drs. Moh. Rifa'i, CV Toha Putra, Semarang, 1993
- Tuntunan salat sunnat, Dzikir.org Archived 2008-12-05 at the Wayback Machine.
Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |