Hadis

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Allah1.png
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Hadits (basa arab: الحديث) sacara harfiah maknané tetembungan utawa ujar. Jroning terminologi Islam tetembungan mau arupa ujar utawa sabdané Nabi Muhammad SAW. Nanging asring tembung iki ngalami perluasan makna saéngga disinonimaké karo sunnah saéngga maknané kabèh sabda, lelaku, katetapan lan parsetujon saka Nabi Muhammad SAW kang didadèkaké paugeran utawa hukum jroning agama. Hadits minangka sumber hukum jroning agama Islam nduwèni kalungguhan kaloro ana ing tingkatan sumber hukum ngisoré Al Qur'an. Ing panganggone, ora samubarang hadits bisa katampa lan bisa kanggo dasar hukum. Kanthi ilmu hadis (disebut ilmu mustholah hadits), hadits-hadits kang ono diteliti sanad lan matane kanggo mangerteni sawijining hadits asli saka Nabi utawa dudu kaya kang kapratelakake ing ngisor.

Struktur Hadits[sunting | sunting sumber]

Sacara struktur hadits kapérang dadi rong komponen utama yakuwi sanad / isnad (ranté penutur) lan matan (redhaksi).

Conto:Musaddad ngabari yèn Yahyaa kayadéné diwartakaké déning Syu'bah, saka Qatadah saka Anas saka Rasulullah SAW, yèn Panjenengane medar sabda: "Ora sampurna iman sawenèh uwong ing antarané kowé kabèh saéngga dhèwèké tresna marang seduluré apa kang ditresnani kanggo awaké dhéwé " (Hadits riwayat Bukhari)

Sanad[sunting | sunting sumber]

Sanad kuwi ranté penutur/perawi (periwayat) hadits. Sanad dumadi saka kabèh penutur wiwit saka wong kang nyathet hadits mau jroning bukuné (kitab hadits) nganti tekan Rasulullah. Sanad, mènèhi gambaran asli orané sawijining riwayat. Yèn dijupuk saka conto ing ndhuwur, sanad hadits kuwi mau:

Al-Bukhari > Musaddad > Yahyaa > Syu’bah > Qatadah > Anas > Nabi Muhammad SAW

Sawijining hadits bisa nduwé sawetara sanad kanthi cacah penutur/perawi béda-béda jroning lapisan sanad-é, lapisan jroning sanad mau diarani thaqabah. Wigatiné cacahing sanad lan penutur jroning saben thaqabah sanad bakal nemtokaké derajat hadits mau, bab iki dijelasaké luwih cetha ana ing klasifikasi hadits. Dadi kang perlu dicermati jroning mangertèni Al Hadits, kagandhèng karo sanad-é yakuwi :

  • Keutuhan sanad, antarane wong ing urutan kuwi opo ana sing ora nunggal sejaman/ora ketemu
  • Cacahé
  • Perawi akhir-é
  • Kahanan wong kang ono ing sanad, yaiku apa wong kang ono sajroning sanda mau riwayate bisa ditampa opo ora.

Matan[sunting | sunting sumber]

Matan kuwi redhaksi utawa isine hadits. Saka conto ing ndhuwur, matan hadits mau yakuwi:

""Ora sampurna iman sawenèh uwong ing antarané kowé kabèh saéngga dhèwèké tresna marang seduluré apa kang ditresnani kanggo awaké dhéwé"

Kagandèng karo matan utawa redhaksi, kang perlu dicermati jroning mangertèni hadist yakuwi:

  • Pucuk sanad minangka sumber redhaksi, apa marang Nabi Muhammad utawa dudu,
  • Matan hadist iku dhéwé jroning hubunganékaro hadist liya kang luwih kuat sanad-é (apa ana kang melemahkan/ngringkihaké utawa nguataké) l sabanjuré karo ayat jroning Al Quran (apa ana kang kosokbalèn).

Klasifikasi Hadits[sunting | sunting sumber]

Hadits bisa diklasifikasèkaké adhedhasar sawetara kritéria yakuwi wiwitan pucuk sanad, wutuh orané ranté sanad, cacahé penutur (periwayat) sarta tingkat asli orané hadits (bis ditampa orané hadits mau)

Miturut pucuk sanad[sunting | sunting sumber]

Kanthi dhasar klasifikasi iki hadis dipérang dadi telung golongan yakuwi marfu' (kaangkat), mauquf (mandheg) lan maqtu' :

  • Hadis Marfu' yakuwi hadis kang pucuk sanad-é langsung marang Nabi Muhammad SAW (conto:hadits ing dhuwur)
  • Hadis Mauquf yakuwi hadis kang sanad-é mandheg tekan para Sahabat Nabi tanpa ana tandha-tandha, sacara tetembungan utawa lelaku kang nuduhaké derajat marfu'. Conto: Al Bukhari jroning kitab Al-Fara'id (hukum waris) mratélakaké yèn Abu Bakar, Ibnu Abbas lan Ibnu Al-Zubair ngendika: "Kakèk kuwi (diperlakukan kayadéné) bapak". Nanging yèn ekspresi kang dipigunakaké sahabat kayata "Kita diperintahaké..", "Kita dilarang...", "Kita biasa... yèn lagi bebarengan karo rasulullah", derajat hadis mau wis ora mauquf nanging setara karo marfu'.
  • Hadis Maqtu' yakuwi hadis kang pucuk sanad-é marang para Tabi'in (penerus). Conto hadis iki yakuwi: Imam Muslim ngriwayataké jroning pambuka sahih-é yèn Ibnu Sirin ngendika: "Kawruh iki (hadis) yakuwi agama, mula sing ati-ati saka ngendi kowé njupuk agamamu".

Asli orané hadis kang kabagi jroning golongan iki gumantung marang sawetara faktor liya kaya kahanan ranté sanad utawa penutur-é. Nanging klasifikasi iki tetep wigati banget amarga klasifikasi iki mbédakaké ucapan lan lelaku Rasulullah SAW saka ucapan para sahabat utawa tabi'in saéngga mupangati banget jroning perdhébatan jroning fikih ( Suhaib Hasan, Science of Hadits).

Miturut kautuhan ranté/lapisan sanad[sunting | sunting sumber]

Adhedhasar klasifikasi iki hadits kabagi dadi sawetara golongan yakuwi Musnad, Munqati', Mu'allaq, Mu'dal lan Mursal. Kautuhan ranté sanad maksudé yakuwi saben penutur ing saben tataran dimungkinaké sacara wektu lan kondhisi kanggo krungu saka penutur sadhuwuré.

Ilustrasi sanad : Pencatat Hadits > penutur 4> penutur 3 > penutur 2 (tabi'in) > penutur 1(Para sahabat) > Rasulullah SAW
  • Hadits Musnad, sawijining hadits kagolong musnad yèn urutan sanad sing diduwèni hadits kasebut ora kapotong ing bagéyan tartamtu. Yakuwi urutan penutur mungkinaké dumadiné transfer hadits adhedhasar wektu lan kondhisi.
  • Hadits Mursal. Yèn penutur 1 ora ditemokaké, utawa utawa tabi'in nisbataké langsung marang Rasulullah SAW (conto: tabi'in (penutur2) ngandhakaké "Rasulullah medhar sabda " tanpa njelasaké anané sahabat sing nuturaké marang dhèwèké).
  • Hadits Munqati' . Yèn sanad pedhot ing salah siji penutur yakuwi penutur 4 utawa 3
  • Hadits Mu'dal yèn sanad pedhot ing rong generasi penutur maturut-turut.
  • Hadits Mu'allaq yèn sanad pedhot ing penutur 4 nganti penutur 1 (Conto: "Sawiji pencatat hadits ngandharaké, wis teka marang aku yèn Rasulullah medharaké...." tanpa njelasaké sanad antara awaké nganti Rasulullah).

Miturut cacahing penutur[sunting | sunting sumber]

Cacahing penutur sing dimaksud yakuwi cacahing penutur jroning saben tataran saka sanad, utawa anané sawetara jalur sing béda sing dadi sanad hadits kasebut. Miturut klasifikasi iki hadits dipérang dadi loro yakuwi hadits Mutawatir lan hadits Ahad.

  • Hadits mutawatir, yakuwi hadits sing diriwayataké déning saklompok wong saka sawetara sanad lan ora ana kamungkinan yèn wong-wong mau kabèh sepakat kanggo ngapusi bebarengan bab kuwi. Dadi hadits mutawatir nduwèni sawetara sanad lan cacahing penutur ing saben lapisan (thaqabah) imbang. Para ulama béda panemu ngenani cacahing sanad minimum hadits mutawatir (sebagéyan netepaké 20 lan 40 wong ing saben lapisan sanad). Hadits mutawatir dhéwé bisa dibédakaké antara rong jinis yakuwi mutawatir lafzhy (redaksional padha ing saben riwayat) lan ma'nawy (ing redaksional ana pabédan nanging makna padha ing saben riwayat)
  • Hadits ahad, hadits sing diriwayataké déninhg saklompok wong nanging ora nggayuh tataran mutawatir. Hadits ahad banjur dibédakaké dadi telung jinis antara liya :
    • Gharib, yèn mung ana siji jalur sanad (ing salah siji lapisan ana mung siji penutur, senadyan ing lapisan liya ana akèh penutur)
    • Aziz, yèn ana loro jalur sanad (loro penutur ing salah siji lapisan)
    • Mashur, yèn ana luwih saka loro jalur sanad (telu utawa luwih penutur ing salah siji lapisan) nanging ora nggayuh derajat mutawatir.

Miturut tataran asli orané[sunting | sunting sumber]

Kategorisasi tataran kaaslian hadis yaiku klasifikasi sing paling wigati lan arupa kesimpulan marang tataran dinampa utawa ditulaké hadis kasebut. Tataran hadis ing klasifikasi iki kapérang dadi 4 tataran yaiku shahih, hasan, da'if lan maudu'

  • Hadis Shahih, yaiku tataran paling dhuwur ditampa orané sawijining hadis. Hadis shahih ngebaki persyaratan :
    1. Sanad-é sinambung;
    2. Diriwayataké déning penutur/perawi sing adil, nduwèni sipat istiqomah, akhlak becik, ora fasik, kajaga muruah(keurmatan)-né, lan kuwat daya pangéling-élingé.
    3. Matan-né ora ngandhut kajanggalan/bertentangan (syadz) sarta ora ana sebab tersembunyi utawa ora nyata sing gawé cacaté hadis .
  • Hadis Hasan, yèn hadis kasebut sanad-éa sinambung, diriwayataké déning rawi sing adil nanging ora sampurna daya pangéling-élingé, sarta matan-né ora syadz sarta cacat.
  • Hadis Dhaif (lemah), yaiku hadis sing sanad-é ora sinambung (bisa arupa mursal, mu’allaq, mudallas, munqati’ utawa mu’dal)lan diriwayataké déning wong sing ora adil utawa ora kuwat daya pangéling-élingé, ngandhut kajanggalan utawa cacat.
  • Hadis Maudu', yèn hadis disujanani palsu utawa gawéyan amarga jroning sanad-é ditemoni penutur sing nduwèni kamungkinan ngapusi.

Jinis-jinis liya[sunting | sunting sumber]

Ana sawetara jinis hadis liya sing ora disebutaké jroning klasifikasi ing dhuwur antara liya:

  • Hadis Matruk, sing ateges hadis sing ditinggalaké yaiku Hadis sing mung diriwayataké déning siji perawi waé lan perawi iku didakwa ngapusi.
  • Hadis Mungkar, yaiku hadis sing mung diriwayataké déning siji perawi sing lemah sing bertentangan karo hadis sing diriwayataké déning perawi sing pinercaya/jujur.
  • Hadis Mu'allal, tegesé hadis sing dinilai sakit utawa cacat yaiku hadis sing ing njeroné ana cacat sing tersembunyi. Miturut Ibnu Hajar Al Atsqalani hadis Mu'allal yaiku hadis sing katoné apik nanging sawisé diselidiki nyatané ana cacaté. Hadis iki biasa uga disebut Hadis Ma'lul (sing dicacati) lan disebut Hadis Mu'tal (Hadis sakit utawa cacat)
  • Hadis Mudlthorib, tegesé hadis sing kacau yaiku hadis sing diriwayataké déning siji perawi saka sawetara sanad karo matan (isi) kacau utawa ora padha lan kontradiksi karo sing dikompromèkaké
  • Hadis Maqlub, yaiku hadis sing kuwalik yaiku hadis sing diriwayataké déning perawi sing ing jeroné kuwalik ndhisikaké sing mburi utawa suwaliké, saka sanad (silsilah) utawa matan (isi) né.
  • Hadis gholia, yaiku hadis sing kuwalik sebagian lafalé saéngga pengertiané owah
  • Hadis Mudraj, yaiku hadis sing ngalami panambahan isi déning perawiné
  • Hadis Syadz, Hadis sing arang-arang, yaiku hadis sing diriwayataké déning perawi wong sing pinercaya sing bertentangan karo hadis liya sing diriwayataké saka perawi-perawi sing liya.
  • Hadis Mudallas, disebut uga hadis sing didhelikaké cacaté. Yaiku Hadis sing diriwayataké liwat sanad sing mènèhi kesan kaya-kaya ora ana cacaté, kamangka sabeneré ana, jroning sanad utawa ing gurué. Mula Hadis Mudallas iki hadis sing ditutup-tutupi kaemahan sanadé.

Periwayat Hadits[sunting | sunting sumber]

Samak kitab hadits Sahih Bukhari

Periwayat Hadis sing ditampa déning Muslim Sunni[sunting | sunting sumber]

Aturan-aturan Hadis saka Sunni éntuk wangun pungkasané kurang luwih 3 abad sawisé wafaté Nabi Muhammad SAW. Èlmuwan hadis sing banjur ndhébataké kaotentikan sawetara hadis nanging otoritas saka buku-buku kasebut ningkat pesat. Aturan-aturan iki, ana sing nyatakaké kanthi Koleksi Enem Hadis Utama ana uga kanthi Koleksi Pitu Hadis Utama, klebu:

  1. Shahih Bukhari, disusun déning Bukhari (194-256 H)
  2. Shahih Muslim, disusun déning Muslim (204-262 H)
  3. Sunan Abu Daud, disusun déning Abu Dawud (202-275 H)
  4. Sunan at-Turmudzi, disusun déning Imam Turmudzi(209-279 H)
  5. Sunan an-Nasa'i, disusun déning Imam Nasa'i (215-303 H)
  6. Sunan Ibnu Majah, disusun déning Ibnu Majah (209-273).

Shahih Bukhari lan Shahih Muslim biasané dianggep sing paling dipercaya saka koleksi iki. Ana sawetara perdhbatan bab apa anggota ka-6 saka aturan iki kuduné Ibnu Majah utawa Al Muwaththa saka Imam Malik. Saliyané kuwi, ana uga sing nglebokaké Musnad saka Ahmad bin Hanbal minangka bagéyan saka aturan kasebut.

Periwayat Hadits yang ditampa déning Muslim Syi'ah[sunting | sunting sumber]

Muslim Syi'ah mung percaya hadits sing diriwayataké déning katurunan Muhammad saw, liwat Fatimah az-Zahra, utawa déning pameluk Islam wiwitan sing mihak Ali bin Abi Thalib. Syi'ah ora migunakaké hadits sing asalé utawa diriwayataké déning wong sing miturut kaum Syi'ah diklaim mungsuhi Ali, kaya Aisyah, garwa Muhammad saw, sing nglawan Ali ing Perang Jamal.

Ana sawetara sekte jroning Syi'ah, ananging sebagéyan gedhé migunakaké:

  • Ushul al-Kafi
  • Al-Istibshar
  • Al-Tahdzib
  • Man La Yahduruhu al-Faqih

Kitab-kitab Hadits[sunting | sunting sumber]

Adhedhasar masa penghimpunan Al Hadits

Abad kaping-2 H[sunting | sunting sumber]

Sawetara kitab sing misuwur :

  1. Al Muwaththa déning Malik bin Anas
  2. Al Musnad déning Asy-Syafi'i (tahun 150 - 204 H / 767 - 820 M)
  3. Mukhtaliful Hadist déning Asy-Syafi'i
  4. Al Jami' déning Abdurrazzaq Ash Shan'ani
  5. Mushannaf Syu'bah déning Syu'bah bin Hajjaj (tahun 82 - 160 H / 701 - 776 M)
  6. Mushannaf Sufyan déning Sufyan bin Uyainah (tahun 107 - 190 H / 725 - 814 M)
  7. Mushannaf Al Laist déning Al Laist bin Sa'ad (tahun 94 - 175 / 713 - 792 M)
  8. As Sunan Al Auza'i déning Al Auza'i (tahun 88 - 157 / 707 - 773 M)
  9. As Sunan Al Humaidi (wafat tahun 219 H / 834 M)
Saka kasanga kitab kasebut sing olèh kawigatèn banget déning para ulama mung telu, yaiku Al Muwaththa', Al Musnad lan Mukhtaliful Hadist. Déné saluwihé kurang olèh kawigatèn banjur ilang.

Abad ke 3 H[sunting | sunting sumber]

  • Musnadul Kabir déning Ahmad bin Hambal lan 3 werna liyané yaiku Kitab Shahih, Kitab Sunan lan Kitab Musnad sing salengkapé :
  1. Al Jami'ush Shahih Bukhari déning Imam Bukhari (194-256 H / 810-870 M)
  2. Al Jami'ush Shahih Muslim déning Imam Muslim (204-261 H / 820-875 M)
  3. As Sunan Ibnu Majah déning Ibnu Majah (207-273 H / 824-887 M)
  4. As Sunan Abu Dawud déning Abu Dawud (202-275 H / 817-889 M)
  5. As Sunan At Tirmidzi déning At Tirmidzi (209-279 H / 825-892 M)
  6. As Sunan Nasai déning An Nasai (225-303 H / 839-915 M)
  7. As Sunan Darimi déning Darimi (181-255 H / 797-869 M)
  8. Al Muntaqa déning Ibnu Jarud (wafat 307 H / 920 M)
  9. Al Musnad Al Humaidi déning Ali Madaini (161-234 H / 777-848 M)
  10. Al Musnad Al Bazar déning Al Bazar (wafat 290 H / 905 M)
  11. Al Musnad Baqi bin Mukhlad déning Baqi bin Mukhlad (131-176 H / 846-889 M)
  12. Al Musnad Ibnu Rahawaih déning Ibnu Rahawaih (161-238 H / 778-852 M)
Sakumpulan kitab wiwit nomer 1 nganti 6 iki kerep disebut minangka kutubus sittah (kitab sing enem).

Abad ke 4 H[sunting | sunting sumber]

  1. Al Mu'jamul Kabir déning Ath Thabarani (260-340 H / 873-952 M)
  2. Al Mu'jamul Ausath déning Ath Thabarani (260-340 H / 873-952 M)
  3. Al Mu'jamush Shaghir déning Ath Thabarani (260-340 H / 873-952 M)
  4. Al Mustadrak déning Al Hakim (321-405 H / 933-1014 M)
  5. Ash Shahih déning Ibnu Khuzaimah (233-311 H / 838-924 M)
  6. At Taqasim wal Anwa' déning Abu Awwanah (wafat 316 H / 928 M)
  7. As Shahih déning Abu Hatim bin Hibban (wafat 354 H/ 965 M)
  8. Al Muntaqa déning Ibnu Sakan (wafat 353 H / 964 M)
  9. As Sunan déning Ad Daruquthni (306-385 H / 919-995 M)
  10. Al Mushannaf déning Ath Thahawi (239-321 H / 853-933 M)
  11. Al Musnad déning Ibnu Nashar Ar Razi (wafat 301 H / 913 M)

Abad ke 5 H lan sabanjuré[sunting | sunting sumber]

  • Kasil penghimpunan
  • Kanthi sumber saka kutubus sittah waé
  1. Jami'ul Ushul déning Ibnu Atsir Al Jazari (556-630 H / 1160-1233 M)
  2. Tashiful Wushul déning Al Fairuz Zabadi (? - ? H / ? - 1084 M)
  • Kanthi sumber saka kkutubus sittah lan kitab liyané, yaiku Jami'ul Masanid déning Ibnu Katsir (706-774 H / 1302-1373 M)
  • Kanthi sumber saka saliyané kutubus sittah, yaiku Jami'ush Shaghir déning As Sayuthi (849-911 H / 1445-1505 M)
  • Kasil pembidangan (nglompokaké jroning bidang-bidang)
  • Kitab Al Hadits Hukum, ing antarané :
  1. Sunan déning Ad Daruquthni (306-385 H / 919-995 M)
  2. As Sunannul Kubra déning Al Baihaqi (384-458 H / 994-1066 M)
  3. Al Imam déning Ibnul Daqiqil 'Id (625-702 H / 1228-1302 M)
  4. Muntaqal Akhbar déning Majduddin Al Hirani (? - 652 H / ? - 1254 M)
  5. Bulughul Maram déning Ibnu Hajar Al Asqalani (773-852 H / 1371-1448 M)
  6. 'Umdatul Ahkam déning 'Abdul Ghani Al Maqdisi (541-600 H / 1146-1203 M)
  7. Al Muharrar déning Ibnu Qadamah Al Maqdisi (675-744 H / 1276-1343 M)
  • Kitab Al Hadits Akhlaq
  1. At Targhib wat Tarhib déning Al Mundziri (581-656 H / 1185-1258 M)
  2. Riyadhus Shalihin déning Imam Nawawi (631-676 H / 1233-1277 M)
  • Syarah (kaya tafsir kanggo Al Hadist)
  1. Kanggo Shahih Bukhari ana Fathul Bari déning Ibnu Hajar Asqalani (773-852 H / 1371-1448 M)
  2. Kanggo Shahih Muslim ana Minhajul Muhadditsin déning Imam Nawai (631-676 H / 1233-1277 M)
  3. Kanggo Shahih Muslim ana Al Mu'allim déning Al Maziri (wafat 536 H / 1142 M)
  4. Kanggo Muntaqal Akhbar ana Nailul Authar déning As Syaukani (wafat 1250 H / 1834 M)
  5. Kanggo Bulughul Maram ana Subulussalam déning Ash Shan'ani (wafat 1099 H / 1687 M)
  • Mukhtashar (ringkasan)
  1. Kanggo Shahih Bukhari ing antarané Tajridush Shahih déning Al Husain bin Mubarrak (546-631 H / 1152-1233 M)
  2. Kanggo Shahih Muslim ing antarané Mukhtashar déning Al Mundziri (581-656 H / 1185-1258 M)

Referensi[sunting | sunting sumber]

  • Introduction to the Science of Hadith Classification by Shaikh (Dr.) Suhaib Hassan [1]
  • Pengetahuan Dasar tentang Pokok-pokok Ajaran Islam (A/B) déning Mh. Amin Jaiz
  • Metodologi Kritik Matan Hadis déning Dr. Salahudin ibn Ahmad al-Adlabi, terjamahan, ISBN 979-578-047-6

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Hadis&oldid=814732"