Menyang kontèn

Sanad

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Sanad iku ranté penutur/perawi (periwayat) hadis. Sanad dumadi saka kabèh penutur wiwit saka wong kang nyathet kadis mau sajeroning bukuné (kitab hadis) nganti tekan Rasulullah. Sanad, mènèhi gambaran asli orané sawijining riwayat. Yèn dijupuk saka conto ing ndhuwur, sanad hadis iku mau:

Al-Bukhari > Musaddad > Yahyaa > Syu’bah > Qatadah > Anas > Muhammad

Sawijining kadis bisa nduwé sawatara sanad kanthi cacah penutur/perawi béda-béda sajeroning lapisan sanad-é, lapisan sajeroning sanad mau diarani thaqabah. Wigatiné cacahing sanad lan penutur sajeroning saben thaqabah sanad bakal nemtokaké drajat kadis mau, bab iki dijelasaké luwih cetha ana ing klasifikasi hadis. Dadi kang perlu dicermati sajeroning mangertèni Al Kadis, kagandhèng karo sanad-é yaiku:

  • Kautuhan sanad, antarané wong ing urutan iku apa ana kang ora nunggal sejaman/ora ketemu
  • Cacahé
  • Perawi akir-é
  • Kaanan wong kang ana ing sanad, yaiku apa wong kang ana sajeroning sanda mau riwayaté bisa ditampa apa ora.

Klasifikasi Kadis[besut | besut sumber]

Kadis bisa diklasifikasèkaké dhedhasar sawatara kritéria yaiku wiwitan pucuk sanad, wutuh orané ranté sanad, cacahé penutur (periwayat) sarta tingkat asli orané kadis (bisa ditampa orané kadis mau)

Miturut pucuk sanad[besut | besut sumber]

Kanthi dhasar klasifikasi iki kadis dipérang dadi telung golongan yaiku marfu' (kaangkat), mauquf (mandheg) lan maqtu':

  • Kadis Marfu' yaiku kadis kang pucuk sanad-é langsung marang Muhammad (conto:kadis ing dhuwur)
  • Kadis Mauquf yaiku kadis kang sanad-é mandheg tekan para sahabat nabi tanpa ana tandha-tandha, kanthi tetembungan utawa lelaku kang nuduhaké drajat marfu'. Conto: Al Bukhari sajeroning kitab Al-Fara'id (ukum waris) mratélakaké yèn Abu Bakar, Ibnu Abbas lan Ibnu Al-Zubair ngendika: "Kakèk iku (diperlakukan kaya déné) bapak". Nanging yèn èksprèsi kang dipigunakaké sahabat kaya ta "Kita didhawuhi..", "Kita dilarang...", "Kita biyasa... yèn lagi bebarengan karo rasulullah", drajat kadis mau wis ora mauquf nanging setara karo marfu'.
  • Kadis Maqtu' yaiku kadis kang pucuk sanad-é marang para Tabi'in (penerus). Conto kadis iki yaiku: Imam Muslim ngriwayataké sajeroning pambuka sahih-é yèn Ibnu Sirin ngendika: "Kawruh iki (kadis) yaiku agama, mula kang ati-ati saka ngendi kowé njupuk agamamu".

Asli orané kadis kang kapérang dadi golongan iki gumantung marang sawatara faktor liya kaya kaanan ranté sanad utawa penutur-é. Nanging klasifikasi iki tetep wigati banget amarga klasifikasi iki mbédakaké ucapan lan lelaku Rasulullah SAW saka ucapan para sahabat utawa tabi'in saéngga mupangati banget sajeroning perdhébatan sajeroning fikih (Suhaib Hasan, Science of Kadis).

Miturut kautuhan ranté/lapisan sanad[besut | besut sumber]

Adhedhasar klasifikasi iki kadis kapérang dadi sawatara golongan yaiku Musnad, Munqati', Mu'allaq, Mu'dal lan Mursal. Kautuhan ranté sanad maksudé yaiku saben penutur ing saben tataran dimungkinaké kanthi wektu lan kondhisi kanggo krungu saka penutur sadhuwuré.

Ilustrasi sanad: Pencatat Kadis > penutur 4> penutur 3 > penutur 2 (tabi'in) > penutur 1(Para sahabat) > Rasulullah SAW
  • Kadis Musnad, sawijining kadis kagolong musnad yèn urutan sanad kang diduwèni kadis mau ora kapotong ing pérangan tartamtu. Yaiku urutan penutur mungkinaké dumadiné transfer kadis dhedhasar wektu lan kondhisi.
  • Kadis Mursal. Yèn penutur 1 ora tinemu, utawa utawa tabi'in nisbataké langsung marang Rasulullah SAW (conto: tabi'in (penutur2) ngandhakaké "Rasulullah medhar sabda " tanpa njelasaké anané sahabat kang nuturaké marang dhèwèké).
  • Kadis Munqati'. Yèn sanad pedhot ing salah siji penutur yaiku penutur 4 utawa 3
  • Kadis Mu'dal yèn sanad pedhot ing rong génerasi penutur maturut-turut.
  • Kadis Mu'allaq yèn sanad pedhot ing penutur 4 nganti penutur 1 (Conto: "Sawiji pencatat kadis ngandharaké, wis teka marang aku yèn Rasulullah medharaké...." tanpa njelasaké sanad antara awaké nganti Rasulullah).

Miturut cacahing penutur[besut | besut sumber]

Cacahing penutur kang dimaksud yaiku cacahing penutur sajeroning saben tataran saka sanad, utawa anané sawatara jalur kang béda kang dadi sanad kadis mau. Miturut klasifikasi iki kadis dipérang dadi loro yaiku kadis Mutawatir lan kadis Ahad.

  • Kadis mutawatir, yaiku kadis kang diriwayataké déning saklompok wong saka sawatara sanad lan ora ana kamungkinan yèn wong-wong mau kabèh sepakat kanggo ngapusi bebarengan bab iku. Dadi kadis mutawatir duwé sawatara sanad lan cacahing penutur ing saben lapisan (thaqabah) imbang. Para ulama béda panemu ngenani cacahing sanad minimum kadis mutawatir (sapérangan ngukuhaké 20 lan 40 wong ing saben lapisan sanad). Kadis mutawatir dhéwé bisa dibédakaké antara rong jinis yaiku mutawatir lafzhy (redaksional padha ing saben riwayat) lan ma'nawy (ing redaksional ana pabédan nanging makna padha ing saben riwayat)
  • Kadis ahad, kadis kang diriwayataké déninhg saklompok wong nanging ora nggayuh tataran mutawatir. Kadis ahad banjur dibédakaké dadi telung jinis antarané:
    • Gharib, yèn mung ana siji jalur sanad (ing salah siji lapisan ana mung siji penutur, sanadyan ing lapisan liya ana akèh penutur)
    • Aziz, yèn ana loro jalur sanad (loro penutur ing salah siji lapisan)
    • Mashur, yèn ana punjul loro jalur sanad (telu utawa luwih penutur ing salah siji lapisan) nanging ora nggayuh drajat mutawatir.

Miturut tataran asli orané[besut | besut sumber]

Kategorisasi tataran kaaslian hadis yaiku klasifikasi kang paling wigati lan wujud kesimpulan marang tataran dinampa utawa ditulaké hadis mau. Tataran hadis ing klasifikasi iki kapérang dadi 4 tataran yaiku shahih, hasan, da'if lan maudu'

  • Hadis Shahih, yaiku tataran paling dhuwur ditampa orané sawijining hadis. Hadis shahih ngebaki persyaratan:
    1. Sanad-é sinambung;
    2. Diriwayataké déning penutur/perawi kang adil, duwé sipat istiqomah, akhlak becik, ora fasik, kajaga muruah(keurmatan)-né, lan kuwat daya pangéling-élingé.
    3. Matan-né ora ngandhut kajanggalan/bertentangan (syadz) sarta ora ana sebab tersembunyi utawa ora nyata kang gawé cacaté hadis.
  • Hadis Hasan, yèn hadis mau sanad-éa sinambung, diriwayataké déning rawi kang adil nanging ora sampurna daya pangéling-élingé, sarta matan-né ora syadz sarta cacat.
  • Hadis Dhaif (lemah), yaiku hadis kang sanad-é ora sinambung (bisa wujud mursal, mu’allaq, mudallas, munqati’ utawa mu’dal)lan diriwayataké déning wong kang ora adil utawa ora kuwat daya pangéling-élingé, ngandhut kajanggalan utawa cacat.
  • Hadis Maudu', yèn hadis disujanani palsu utawa gawéan amarga sajeroning sanad-é ditemoni penutur kang duwé kamungkinan ngapusi.

Jinis-jinis liya[besut | besut sumber]

Ana sawatara jinis hadis liya kang ora disebutaké sajeroning klasifikasi ing dhuwur antarané:

  • Hadis Matruk, kang ateges hadis kang ditinggalaké yaiku Hadis kang mung diriwayataké déning siji perawi waé lan perawi iku didakwa ngapusi.
  • Hadis Mungkar, yaiku hadis kang mung diriwayataké déning siji perawi kang lemah kang bertentangan karo hadis kang diriwayataké déning perawi kang pinercaya/jujur.
  • Hadis Mu'allal, tegesé hadis kang dinilai sakit utawa cacat yaiku hadis kang ing njeroné ana cacat kang tersembunyi. Miturut Ibnu Hajar Al Atsqalani hadis Mu'allal yaiku hadis kang katoné apik nanging sawisé diselidiki nyatané ana cacaté. Hadis iki biyasa uga ingaran Hadis Ma'lul (kang dicacati) lan ingaran Hadis Mu'tal (Hadis sakit utawa cacat)
  • Hadis Mudlthorib, tegesé hadis kang kacau yaiku hadis kang diriwayataké déning siji perawi saka sawatara sanad karo matan (isi) kacau utawa ora padha lan kontradiksi karo kang dikompromèkaké
  • Hadis Maqlub, yaiku hadis kang kuwalik yaiku hadis kang diriwayataké déning perawi kang ing jeroné kuwalik ndhisikaké kang mburi utawa suwaliké, saka sanad (silsilah) utawa matan (isi) né.
  • Hadis gholia, yaiku hadis kang kuwalik sapérangan lafalé saéngga pengertiané owah
  • Hadis Mudraj, yaiku hadis kang ngalami panambahan isi déning perawiné
  • Hadis Syadz, Hadis kang arang-arang, yaiku hadis kang diriwayataké déning perawi wong kang pinercaya kang bertentangan karo hadis liya kang diriwayataké saka perawi-perawi kang liya.
  • Hadis Mudallas, ingaran uga hadis kang didhelikaké cacaté. Yaiku Hadis kang diriwayataké liwat sanad kang mènèhi kesan kaya-kaya ora ana cacaté, kamangka sabeneré ana, sajeroning sanad utawa ing gurué. Mula Hadis Mudallas iki hadis kang ditutup-tutupi kaemahan sanadé.

Réherènsi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]