Istanbul
Istanbul (basa Turki: İstanbul) iku kutha sing paling gedhé ing Turki. Nganti taun 1930 kutha iki luwih umum dikenal déning wong barat kanthi jeneng Yunani-né yakuwi Konstantinopel; sawetara ana sing ngarani Stambul, khususé ing abad ke-19. Luwih adoh sakdurungé, kutha iki uga naté dikenal minangka Bizantium utawa Byzantion. Kutha iki nduwé pedhunung 11 yuta jiwa.
Kanthi populasiné sing kurang luwih 11 nganti 15 yuta, Istanbul dadi kutha kang paling padhet pedunungé ing Turki lan ngrupaaké salah sawijining kutha paling gedhé ing Eropa. Kutha iki uga dadi ibu kutha administratif Provinsi Istanbul.
Bab lan Paragraf
Sajarah[sunting | Owah sumber]
Didhegaké déning kaisar Romawi Konstantin ing koloni Yunani kuno sing arané Bizantium, lan dijenengké Konstantinopel kanggo ngurmati kaisar, kutha iki dadi ibu kutha wétan kekaisaran Romawi lan sabanjuré dadi ibu kutha kekaisaran Romawi Wétan. Sawisé runtuh Konstantinopel ana ing taun 1453 kutha iki dadi bagian lan dadi ibu kutha Kekaisaran Ottoman. Sakdurungé perebutan mau, bangsa Turki ngarani kutha iki kanthi jeneng İstanbul, nanging sacara resmi migunaaké jeneng Qustantaniyyeh (قسطنطنيه), kang surasané "Kota Konstantin" djroning basa Arab. Mung, ana ing tanggal 28 Maret 1930 kutha iki dijenengké Istanbul manèh.
Wisata[sunting | Owah sumber]
- Istana Topkapı, patilasan Istana Sultan
- Grand Bazaar, pasar gedhé ing tengah kutha Istanbul
- Selat Bosporus, kang ngubungaké Segara Ireng karo Segara Aegean saterusé menyang Segara Mediteranian
- Masjid Biru, masjid paling gedhé ing Istanbul
- Hagia Sophia utawa Ayasofya, sejarahé tau dianggo minangka gereja, masjid, saiki dadi museum kanggo wisata.
Uga Pirsani[sunting | Owah sumber]
Pranala njaba[sunting | Owah sumber]
- (en) Situs resmi
- (en) Istanbul di Encyclopaedia of Turkey
- (en) istanbul forever
- (en) Mapo Istanbul
- (en) Lonely Planet Istanbul