Salat limang wektu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
اللہ کا نام.jpg
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Salat Limang Wektu iku Salat Perlu / Fardhu (salat wajib) kang diayahi sadina kaping lima. Ukum salat iki Fardhu 'Ain, ya iku wajib diayahi déning saben Muslim kang wis ngancik diwasa (pubertas), kajaba ana alangan tinamtu.

Salat Limang Wektu wujud salah siji saka lima Rukun Islam. Allah mudhunaké préntah salat ing prastawa Israk Mékrad.

Jinis salat[besut | besut sumber]

Kalima salat limang wektu mau ya iku:

  1. Subuh, dumadi saka 2 rakangat. Wektu Subuh diwiwiti saka munculé fajar shaddiq, ya iku cahya putih kang malang ing bang wétan. Wektu subuh mungkasi nalika mlethèking srengéngé.
  2. Luhur / Lohor / Duhur, dumadi saka 4 rakangat. Wektu Luhur diwiwiti yèn srengéngé wis miring mangulon, lan mungkasi nalika mlebu wektu Asar.
  3. Asar, dumadi saka 4 rakangat. Wektu Asar diwiwiti yèn dawaning ayang-ayang barang ngluwihi dawaning barang iku dhéwé. Mligi ing madahab Kanapi, wektu Asar diwiwiti yèn dawané ayang-ayang barang kaping pindho ngluwihi dawané barang iku dhéwé. Wektu Asar mungkasi kanthi angsluping srengéngé.
  4. Mahrib, dumadi saka 3 rakangat. Wektu Mahrib diwiwiti saka angsluping srengéngé, lan mungkasi ing mlebuné wektu Ngisa.
  5. Ngisa / Ngisak / Isak, dumadi saka 4 rakangat. Wektu Ngisa diwiwiti nalika ilang cahya abang (syafaq) ing langit kulon, lan mungkasi nalika fajar shaddiq. Miturut Imam Singah, Salat Ngisa bisa dilakoni sawisé ngayahi Salat Mahrib.

Mligi ing dina Jemuwah, Muslim lanang wajib ngayahi salat Jemuwah ing mesjid kanthi jamaah (bebarengan) minangka gegantiné Salat Luhur. Salat Jemuwah ora wajib tumrap wanita, utawa tumrap kang pinuju ana ing lelungan (musafir).

Miturut kadis, saka Abdullah bin Umar ra, Mukamad maringi sabda: Wektu salat Luhur yèn srengéngé wis gingsir, lan kaanan ayang-ayang padha dawané nganti mlebu wektu Asar. Lan wektu Asar nganti srengéngé durung awarna kuning (angslup). Lan wektu salat Mahrib ing sajeroning wektu sadurungé angslup méga abang. Lan wektu salat Ngisa nganti tengah wengi pérangan saparoné. Wektu salat Subuh saka saput lemah nganti sadurungé srengéngé mlethèk. (Shahih Muslim)

Wektu salat[besut | besut sumber]

Wektu salat relatif saka édharing srengéngé

Wektu salat saben dina, lan antara panggonan siji lan sijiné béda-béda. Wektu salat magepokan karo prastawa parédharan semu srengéngé relatif marang bumi. Cekaké, kanggo nemtokaké wektu salat, perlu kawruh ngenani papan géografis, wektu (tanggal), lan èlevasi.

Syuruq[besut | besut sumber]

Syuruq ya iku mlethèking srengéngé. Wektu syuruq nandhani mungkasiné wektu Subuh. Wektu mlethèking srengéngé bisa dipirsani ing almanak astronomi utawa diétung kanthi migunakaké algoritma tinamtu.

Pranala njaba[besut | besut sumber]