Siwak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
miswak

Siwak utawa miswak ya iku salah sijiné kayu utawa oyod kang bisa dianggo sikatan utawa gawé ngresiki untu, gusi lan cangkem kanthi cara digosok-gosokaké.[1] Amarga saka iku kabèh jinis pang kayu utawa oyod apa waé bisa dipigunakaké kanggo siwak yèn ngebaki sarat, ya iku kudu lembut, saéngga kayu utawa oyod mau ora ngrusak gusi lan émail untu; bisa ngresiki lan mawa serat sarta asipat teles, saéngga oyod utawa kayu kang ora mawa serat ora bisa dianggo siwak; serat mau ora rontok nalika diango supaya ora ngregedi cangkem.[1] Siwak ing nagara-nagara muslim racaké digunakaké minangka gantiné sikat untu.[2]

Morfologi lan Habitat[besut | besut sumber]

Siwak utawa miswak, ya iku péranganing wit, oyod utawa pang wit-witan Salvadora persica kang racaké urip ing laladan Timur Tengah, Asia lan Afrika.[3] Siwak racaké kang digunakaké ya iku saka oyod lan pang wit arak (Salvadora persica) kang gediné wiwit saka 0,1 cm nganti 5 cm. Wit arak ya iku wit kang cilik kaya dadah kang akèh pang-pangé. Yèn kulité dioncèi wernané putih, oyoté wernané coklat, ambuné kaya slèdri lan rasané rodhok pedes.[3]

Sajarah Panggunaané Siwak[besut | besut sumber]

Panggunaan piranti-piranti kanggo ngresiki cangkem wis kawiwitan jaman mbièn. Manékawérna piranti prasaja minangka ngresiki cangkem saka turahan panganan kang isih ana ing cangkem, wiwit saka sogok untu, pang kayu, gombal, wulu manuk, balung kéwan nganti wulu landak.[2] Nanging kang isih akèh digunakaké tekan saiki ya iku kayu siwak utawa chewing stick.[2] Miswak utawa siwak digunakaké karo wong Babilonia wiwit 7000 taun kang kapungkur, banjur digunakaké uga ing jaman kraton Yunani lan Romawi, déning wong-wong yahudi, Mesir lan masarakat Islam.[2] Siwak duwé jeneng liya ing saben komunitas, kaya ta ing Timur Tengah karan kanti Miswak, siwak utawa arak, ina Tanzania karan miswak, lan ing Pakistan lan India karan kanti jeneng datan utawa miswak. Panggunaan chewing stick (kayu mamah) ing saben-saben negera asalé saka tuwuhan kang béda-béda.[2] Ing Timur Tengah, bahané saka wit Arak (Salvadora persica), ing Afrika kang digunakaké ya iku wit limun (Citrus aurantifolia) lan wit jeruk (Citrus sinesis).[2]

Kandutan Kimia Kayu Siwak[besut | besut sumber]

Siwak duwèni kandhutan kimia kang migunani tumprapé keséhatan, kayat:

  • Antibacterial acids, kang fungsiné kanggo matèni bakteri, nyegah infeksi lan ngendeg metuné getih saka gusi.[4] Panggunaan siwak pertama kali, mungkin rasané pedes amarga ing jero siwak ana kandutané mèh kaya mustard.[4]
  • Kandutan kimia, kaya Klorida, Pottasium, Sodium Bicarbonate, Fluoride, Silika, Sulfur, Vitamin C, Trimethyl amine, Salvadorine, Tannins lan pira-pira mineral kang fungsiné kanggo ngresiki untu, mutihaké lan nyéhataké untu lan gusi.[4]
  • Minyak ambu alami kang duwé rasa lan ambu kang seger, dadékaké cangkem dadi wangi lan ngilangi ambu kang ora énak.[4]
  • Anti decay agent (dat anti pembusukan), kang ngurangi jumlah bakteri ing cangkem lan nyegah bosoké untu. Kajaba iku siwak uga marakaké ngrangsang produksi saliva (idu).[4]

Anjuran Siwakan[besut | besut sumber]

Siwakan wujud slah sijiné sunat Nabi SAW, ya iku sunat muakkad. Kanjeng Nabi remen lan mesti nglakoni siwakan. Anata hadis anggoné supaya nglakoni siwakan ya iku:

عن عائشة رضي الله عنها أن النبي صلى الله عليه وسلم قال: السِّوَاكُ مَطْهَرَةٌ للْفَمِ ، مَرْضَاةٌ للِرَّبِّ

Kang artiné: Saka Aisyah yèn Nabi SAW ngendika, "Siwak iku nyucèkaké cangkem, nekaaké ridha Robbi".(HR. an-Nasa`i, Ibnu Khuzaemah, Ibnu Hibban dan al-Bukhari kanthi muallaq, dishahihaké déning al-Albani sajeroning Shahih at-Targhib wa at-Tarhib nomer 209).

Pira-pira hadis sahih lan buku-buku sajarah wis nyebutaké yèn Nabi gatèkaké keséhatan cangkem lan untu sahéngga saben arep mlebu omah, Nabi mesti disiki kanti ngresiki tutuké kanti piranti siwak. Ndeleng mangkono akèhé mupangaté saka siwak, bisa iku saka segi Agama, sosial, lan keséhatan mangka Nabi mèh-mèh waé majèpaké umaté supaya ngamalaké sunat siwak ing saben arep salat lan wudhu. Kayata hadis iki: Yènta iku ora ngabotaké umatKu mangka bakal tak préntahaké kowé kabèh supaya siwakan saben arep salat lan wudhu (HR Bukhari dan Mangsa).[5]

Mupangat[besut | besut sumber]

Ing ngisor iki pira-pira rahasia lan mupangat ngamalaké sunat siwak kang dijelasaké déning Al-Bajuri sajeroning kitapé:

  • Nggampangaké wong kang golèk ngèlmu anggoné mahami pelajarané
  • Ora gampang kena lelara mata
  • Nggampangaké mentuné nyawa nalika sakarotulmaut
  • Nikelaké ganjaran ngibadah
  • Mikolèh ridho Alloh SWT.
  • Nyéhataké untu lan gusi
  • Nguwataké apalan.[5]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b "Artikel Berjudul: Sekilas Tentang Siwak". 
  2. a b c d e f [1], Kaunduh tanggal (1/10/2012).
  3. a b [2], Kaunduh (3/10/2012).
  4. a b c d e [3], Kaunduh 3/10/2012.
  5. a b [4], Kaunduh 22/10/12.


Pranala njaba[besut | besut sumber]

Artikel Berjudul: Sekilas Tentang Siwak [5] [6] [7]