Babilonia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Mesopotamia kuna
Babylonlion.JPG
Eufrat Tigris
Kutha / Karajan
Sumeria: Uruk Ur Eridu
Kish Lagash Nippur
Karajan Akkadia: Akkad
Babilonia Isin Susa
Asyur: Assur Niniwe
Dur-Sharrukin Nimrud
Babilonia Khaldea
Elam Amori
Hurrian Mitanni
Kassit Urartu
Kronologi
Raja-raja Sumeria
Dhaptar raja Asyur
Dhaptar raja Babilonia
Basa
Aram
Sumeria Akkadia
Elam Hurria
Mitologi
Enûma Elish
Gilgames Marduk
peta kuna kutha Babilonia

Babilonia, ugi dipunsebat kutha Babel, Kutha (paradaban-negari) ingkang dumunung wonten tlatah Mesopotamia (sapunika tlatah nagara Irak), wonten tlatah Sumeria kaliyan Akkadia ingkang kutha krajannipun Babilonia.[1][2] Ingkang dipunjumenengaken déning raja Namrudz wonten tlatah Sumeria utawi Sumeria.[3][4] Tembung Babilonia saking abasa Ibrani,בָּבֶל - BABEL dipunjlentrehaken kanthi cara etimologi populer, kaliyan tetembungan ingkang sami, abasa Ibrani בָּלַל - BALAL utawi BAVEL, dipunartosaken tembung Babilonia bab-ili.[3] Jamak saking bah-ilani, ingkang dipunartosaken nganggé abasa Sumer kuna ka-dingir-ra,'pintu gerbang Allah' .[3] Abasa Mesir b-bi-r' (=bbr utawi bbl), abasa Pèrsi kuna babirus.[3] Ananging menawi dipunpriksani saking tembung asalipun (ingkang inti), Babilonia ugi sami kaliyan balal, 'kakacauan'.[4] Seratan wonten naskah-naskah Babilo-nia sapunika tin-tir (ki), 'urip tandhuran-tandhuran', utawi dipunartosaken 'tempat urip' ; e-ki, tempat terus-terusan'.[3] Miturut tradisi Babilonia, kutha kasebut dibangun déning dewa Marduk nuli dipunambrukaken Sargon +/- 2350 SM nalika piyambakipun mendhet lemah wonten mriku kangge mbangun kutha ingkang enggal, inggih punika kutha Akkad.[3] Babilonia sampun wonten kala taun 1696-1654 SM.[1] Dipunjlentrehaken, manawa kutha punika dipunsebat kaping pisanan wonten tablet ( barang Arkéologi ) saking pamaréntahan Sargon Saking Akkad nalika Abad ka-23 SM (2300 SM).[1] Salajengipun dipunbangun pamaréntahan Neobabbilonia.[1] Raja Namrudz (2275-1943 SM), naté amaréntah supados damel Menara Babel ( Tower of Babel) saderengipun mangsanipun raja Nebukadnezar II (605-562 SM).[1] Miturut sanjangipun para sajarawan, nalika mangsanipun Nebukadnezar II Kutha Babilonia ngantos masa keemasan, kanthi raja punika njumenengaken Taman Gantung.[1] Masarakat Babilonia pitados, muja dewa Isthar kaliyan Shamash.[5]

Kutha Babilonia ingkang dumunung wonten pinggir lèpèn Efrat (80 km saking kilenipun kutha Bagdad sapunika, Irak) kutha kang dados kutha krajan saka negari Babel babagan prekawis pulitik kaliyan agama, uga kangge kutha krajan saka karajan kaliyan kabudayan wonten tlatah mrika.[3]

Nama[besut | besut sumber]

Namanipun saking tembung Ibrani בָּבֶל - BABEL utawa BAVEL menawi dipunartosaken dados tembung Babilonia bab-ili. jamak saka tembung bah-ilani, ingkang dipunartosaken nganggé abasa Sumer saking mangsa ingkang langkung kuna ka-dingir-ra, ingkang artosipun 'pintu gerbang Allah' .[3] Saking abasa Mesir b-bi-r' (= bbr utawa bbl), abasa Pèrsi kuna babirus.[3] Nama sanèsipun saged dados padanan tembung wonten naskah-naskah Babilo-nia ya iku tin-tir (ki), 'hidup pohon-pohon ' , tembung kalawau artosipun 'papan kauripan' : e-ki, 'papan terus-terusan' .[3] שֵׁשַׁךְ - SESAKH saking Yeremia 25:26; 51:40.[3] Padatanipun diartosaken teka-teki ingkang tumuju Babel, wonten ingkang dipunanggap seski, tembung kang kadosipun boten asring dipunagem kaliyan sampun lawas sanget.[3]

Sastra[besut | besut sumber]

Nalika jaman tablet Abu Salabik, sampun dipanggihi cathetan wonten tlatah Anatolia, Siria, Palestina, Mesir kaliyan Yunani.[3] Seratan asli utawi salinanipun wonten perpustakaan kerajaan Asyur, inggih punika wonten Asyur, Niniwe kaliyan Kalah.[3]

Wonten sastra punika kadosta 50 cariyos babagan tokoh-tokoh lami sarta dongeng-dongeng wonten Akad (ingkang sampun disalin déning tiyang Sumer, kaliyan intinipun babagan pangriptaan, banjir, peh) kinten-kinten taun 2800-2500 sM, sastra Babel sampun maju.[3] Sampun wonten bukti manawa para panyerat Semitis sampun nyerat seratan Sumer ingkang sepuh punika ngangge tekhnik sastra ingkang enggal.[3] Salaminipun jaman sastra, Babilonia angsal prabawa déning tlatah Timur Tengah, salinanipun sampun diangsal wonten Anatolia, Siria, Palestina, Mesir kaliyan Yunani.[3] Seratan asli utawi salinanipun diparingaken wonten perpustakaan karajan Asyur, inggih punika wonten Asyur, Niniwe kaliyan Kalah.[3]

Karya sastra punika wonten 'Sastra Hikmat' kayata karangan babagan 'manungsa kaliyan dewa', babagan tiyang ingkang dipunsebat 'Ayub saking Babel' tludiul bet nemeqii, katerangan donya, pambicaraan, dialog, ajar-ajar praktis, amsal, paribasan, cariyos, cathetan-cathetan alit, kidung kasmaran.[3] 'Sastra agama' kayata mazmur, kidhung rohani kaliyan donga-donga dhumateng para dewa kaliyan para raja, nalika upacara.[3] Mantera, nuli daftar-daftar seratan ingkang dereng dipanggihi ngantos sapunika.[3] 'Sastra ilmiah' kadosta ilmu kadhokteran (prognosa, diagnosa, resep, buku sekolah babagan obat, bedah kaliyan kewan), ilmu kimia (kadosta babagan kepripun damel lingsa wangi kaliyan kaca).[3] géologi (daftar nama watu, warna kaliyan kuwatipun), ilmu nuduh, botani (daftar tetandhuran kaliyan obat bius), zoologi (daftar kewan), wonten naskah bababan matematika kaliyan daftar angka-angka, astronomi (daftar sasi ingkang kedhah dipuntambahaken wonten kalender supados sami kaliyan obahan saking surya kaliyan rembulan.[3]

Wonten Babel riwayat sajarah sampun sae, kutipan saking riwayat punika wonten salebetipun sastra sanes, kadosta syair, wangsa kaliyan kalender lintang.[3] Kumpulan hukum-hukum ingkang asalipun saking raja Esynunna, Hammurabi, saged dipunbanding kaliyan saprampatyuta naskah sanèsipun seratan, dokumen legal, administratif, ékonomi saking Jaman 3000-300 sM.[3] Sesampunipun abad 4 sM, wonten parkembangan wonten ilmu babagan peta lintang kaliyan rasi sarta seratan wonten tablet lemah ingkang ngange hurup Yunani, kaliyan bahan-bahan seratan sanèsipun.[3]

Agami[besut | besut sumber]

Wiwiti taun 3000 sM sampun wonten asma para dewa kaliyan embelipun, asma-asma tambahan, kaliyan kuil-kuil.[3] Meski wonten daftar paling akir saking Niniwe tarikh abad 7 sM nyerat langkung saking 2.500 cacahipun, Kathah dewa-dewa ingkang dipunpanggihi saking Sumeria kuna ingkang dipendhet saking tiyang Semit sesampunipun dinasti kaping pisan saking Babel (watara 1800 sM), sahingga cacahipun ingkang leres saking para dewa ingkang dipunsembah wonten jamanipun boten patos kathah.[3] Wonten tiyang ingkang saged nyepeng para setan jahat utawa nyanyi mantera kados kidung-kidung utawi cara-cara ingkang diserat wonten ayat-ayat (surpu; maglu) utawi kaliyan lambang-lambang (kuppuru).[3]

Dewa-dewi[besut | besut sumber]

Patung Isthar

Wonten dewa Anu (abasa Sumer An), yapunika dewa langit, kaliyan dewa kuil kaping pisanipun E.anna wonten Uruk.[3] Yapunika 'El saking bangsa Semit, kaliyan garwanipun, Innana utawi Innin ingkang dipunrusak déning Isytar.[3] Sinkritistis ingkang sami dipanggihi uga babagan Enlil.[3] Dewa udara, sifat-sifatipun nuli dipunwenehaken dhateng Bel (Baal) kaliyan Marduk ('ME-RODAKH).[3] Garwanipun ingkang asmanipun Ninlil utawa Ninhursag nuli dipunsamiaken kaliyan Isytar uga.[3] Dewa kaping-3 saking para dewa ingkang paling inggil inggih punika Ea (abasa Sumer Enki) , dewa kabijaksanan, kuilipun E.abzu, wonten tlatah Eridu kaliyan garwanipun ingkang asmanipun Dam-gal, Nin-mah utawi Damkina, garwa agung saking bumi kaliyan langit.[3]

Dewa ingkang migati sanèsipun inggih punika Isytar.[3] dewa bangsa Semit, mula-mula kadosipun dewa jantan (abasa Arab 'Athtar).[3] Ananging, amargi diwenehaken kakuasan Innana ugi kanthi cara sinkritis.[3] Isytar dados dewi ingkang utama saking cinta kaliyan pahlawan perang ugi dipunanggap putri saking Sin.[3] Sin, dewa rembulan saking Babel (abasa Sumer su'en) dipunsembah bebarengan kaliyan garwanipun, Ningal wonten kuil-kuil tlatah Ur kaliyan Haran.[3] Dicariyosaken manawa Sin punika putra Anu saking Enlil.[3] Shamasy, ingkang garwanipun Aya ugi dipunanggap wentuk saking Isytar, sapunika surya ingkang dados kakuwatanipun (abasa Sumer utu).[3] putra Sin, dewa kakuwatan, kaadilan kaliyan perang.[3] Kuil-kuilipun ingkang utama (E. Babbar, 'griya Surya') wonten tlatah Sippar kaliyan Larsa.[3]

Adad, ingkang saking Semit Kulon, inggih punika dewa badai, Addu utawi Hadad saking Kanaan.[3] Nergal kaliyan garwanipun, Ereski-gal, amarintah donya andhap, tuan saka wabah (Irra), demam kaliyan lelara sanèsipun.[3] Amarga bangsa Amori ingkang tambah ageng, mula panyembahan dhateng Marduk (abasa Sumer amar'ut, 'sapi enom saka surya'), putra sulung saking Enki, dados migati wonten Babilonia.[3] ' Nabu, dewa saking ilmu pangatahuan kaliyan sastra, anggadhahi kuil (E-zida) wonten kutha NEBO, NINIWE,KALAH.[3] Kathat dewa ingkang migati saking tlatah-tlatah tartamtu.[3] Ugi dewa Asyur (an.sar: dados dewa nasional saking Asyur, Amurru (martu, 'kulon') ingkang disamikaken kaliyan dewa Anu, Sin kaliyan Adad, inggih punika dewa saking Semit kulon kadosta Dagon.[3] Dummuzi inggih punika dewa saking pertumbuhan.[3] Ninggalipun, ananging sanes kabangkitanipun, dados bahan saking mitos Isytar.[3] Ninurta punika dewa saking Babel kaliyan Asyur babagan perang kaliyan pamburuan.[3]

Kapitadosan[besut | besut sumber]

Kuil Pamujan

Wonten Babilonia kathah pelayan kuil kaliyan tingkatanipun, para raja utawi pamaréntahan ingkang dados pamimpin paling inggil nalika parayan wonten kagiyatan tartamtu.[3] Nalika jaman Sumer kuna sadaya padamelan dipunwontenaken teng kuil, kaliyan tiyang ingkang angadhahi derajat ingkang inggil (mu).[3] Wonten upacara nyembah Sin, imam agungipun inggih punika putra raja.[3] Kepala imamipun (imahhu) anggadhahi imam ingkang kathah (tsongu).[3]

Tiyang ingkang anggadhahi padamelan kangge muja para dewa-dewa liwat kalbu.[3] Kabaktian-kabaktian ingkang sampun asring (dullu) kadosta menehaken korban kangge para dewa kangge didahar menapa dipununjuk.[3] Patung-patung diagemaken rasukan, benda-benda ingkang dados nazar diwenehaken wonten caketipun.[3] Korban-korban ingkang badhe didadosaken nazar dipunparingaken wonten inggilipun mezbah.[3]

Dinten Riyaya[besut | besut sumber]

Kutha kaliyan kuil angadhahi parayaan piyambak-piyambak kaliyan dinteb-dinten suci ingkang mligi.[3] Wonten Babel, Erekh, Ur, kadosta wonten Asyur, Niniwe kaliyan tlatah Kalah, parayaan Taun Enggal takitu, punika parayaan ingkang paling ageng: pesta punika dirayakaken wonten musim rontok, ananging angsal ugi dipunlakksanakaken wektu sanes, kaliyan macam-macam upacara wonten pusat-pusat nalika jaman-jaman ingkang sanes-sanes.[3] Wonten tlatah Babel pesta ngantos kalih minggu laminipun: upacaranipun kadosta pawai dewa-dewa dhumateng kuil Marduk, nuli mandhapaken kaliyan nginggilaken rajanipun, Sidang Dewa-dewa.[3] Panentuan nasib kangge wektu ngajengipun, dipunakiri pesta 'pernikahan suci' (raja kaliyan imam wanita, wakil dewa) Pesta-pesta wonten karajan kadosta upacara maringaken mahkota dhumateng raja (tasih wonten naskah saking Ur-Nammu, Nabopolasar), pesta pribadi kayata kalahiran, polakrama kaliyan palantikan gadis dados imam wanita.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Miturut kadadosan 10:10 Nimrod dipunparingaken wonten dhasar kutha punika supados kutha krajan.[3] Ananging tradisi agamawi Babilonia pitados, manawa ingkang maringaken dhasar punika dewa Marduk.[3] Boten wonten seratan sanesipun babagan cariyos kutah punika jumeneng.[3]

Sargon I saking Akkad (watara 2350 sM) lan para penerusipun.[3] Shar-kalisharri, njemenengakén kuil-kuil kangge para dewa-dewa Anunitum clan Amal, miturut tradisi uga ndandosakén panggung kuil.[3] Kadosipun nalika masa Agade, sampun dipunjumenengakén wonten inggilipun reremukan kutha Babel saderengipun.[3] Wonten jaman Shulgi saking Ur (± 2000 sM) Babel dipunserang dipunparintah déning para gubernur-gubernur (patesi) saking Ur.[3] Amargi miyosipun dinasti Amari kaping pisan wonten Babel diparintah déning Sumu-abum.[3] Tembok-tembok kutha ingkang dipundandosi déning Hammurabi sarta para panerusipun, dados kutha krajan ngantos dirubuhakén déning suku Het ± 1595 sM.[3]

Kutha Babel nate dicepeng déning bangsa Kasdim, Marduk-Apla-Iddina II (722-710, 703-702 sM), miturut cariyos ingkang sarupa kaliyan cariyos Sargon II saking Asyur babagan perang ngalawan kutha Babel.[3]

Usaha kangge ngicalaken pambrontakan punika, wonten tiyang Babel ingkang dipunboyong Samaria, wonten kutha Samaria tiyang punika dipun dadosaken anggota pemujaan dhateng para dewa-dewa kutha saka Babel (2 Raja 17:24-30).[3] Sanherib ndawuh putranipun dados raja Babel ananging piyambakipun dipunpejahi déning Elam, 694 sM.[3]

Sanherib ingkang anggadhahi pangarepan suoaya saged ngicalaken rasa satriya para masarakat Babel anggonipun njagi kasatuan saka kuthanipun.[3] supados kutha Babel ambruk wonten taun 689 ugi supados piyambakipun saged mindahaken tugu-tugu suci.[3] Putranipun, Esarhadon, anggadhahi niyat kangge ndandosi kutha suci kasebut: piyambakipun mindahaken Manasye maring Babel dados tawanan (2 Tawarikh 33:11).[3] Piyambakipun ndandosaken kutha Babel supados saged tunduk dhumateng putra-putranipun, Samas-sum-ukin.[3] Ananging para putra sami padu, Asyurbanipal saking Asyur.[3] Nalika 652-648 sM kutha Babel rusak amargi perang, masarakat Asyur akiripun ndawuh Kandalanu, dados gubernur.[3]

Wonten abad kaping 626 sM, Nabopo-lasar mbangun kutha kasebut kemalih.[3] Pambangunan punika dipunlajengaken déning Nebukadnezar II, raja Babel, sanesipun raja ingkang nate amarintah wonten kutha Babel inggih punika raja Zedekia, Arnel-Marduk (Ewil Merodakh), Belsyazar, amarintah bebarengan kaliyan Nabonidus.[3] Wonten Al-Kitab uga sampun wonten seratan babagan cariyos kaliyan berita kutha Babel ingkang dados kutha krajan tambahan saka Pèrsi.[3]

Punapa ingkang wonten kuil dipundadosaken upeti Sesbazar kangge mbangun kaliyan madosi laporan.[3] kadosuipun arsip ingkang wonten Babel, dados alesan babagan Yahudi buangan ingkang wangsul marang kutha Babel dipimpin déning Ezra.[3] Babel naté uga dados tlatah pusat para bregajul kayata Nidintu-Bel (522 sM); Araka (521 sM); Belsyimanni kaliyan Syamasy-eriba (482 sM).[3]

Nalika Xerxes merangi kutha Babel ringsek (478 sM); Aleksander anggadhahi niyat kangge ndandosi, ananinging saderengipun dados, piyambakipun ninggal donya.[3] Sampun mbangun Selcukia wonten pesisir Lepen Tigris, dados pusat pamarintahan Seleukid.[3] Seratan-seratan ingkang wujudipun wiji wonten papan saged dimangertosi menawi kuil Bel wonten mrika ajeg ngantos taun 75 sM.[3]

Panjajahan Asyur (745-626 sM)[besut | besut sumber]

Cathetan babagan Babilonia

Nalika jaman pamarintahan Nabu-nasir (Nabonassar), ingkang amarintah taun 747-735 sM, (jaman enggal), dipunwiwiti parjuangan kangge ngerebut kamardikan saking Asyur.[3] Tiglat-Pileser III saking Asyur dadosaken piyambakipun dados 'Raja Sumer kaliyan Akad, mbungkem Bel (= Marduk) kaliyan nuntut takhta Babel nalika taun 745 sM, uga ngagem asma Pul(u).[3] Gangsal welas taun sesampunipun piyambakipun numpas pambarontakan Ukinzer saka Bit-Amukkani.[3]

Wonten, sheik ingkang nyaingi piyambakipun, Marduk-Apla-Iddina II, saking Bit-Yakin kidul, maringaken upeti dhumateng Tiglat-PiJeser.[3] Samaria ingkang sampun dipunkepung déning Salmaneser V kaliyan Sargon II nalika taun 726-722 dados kasempatan Marduk-Apla-Iddina (Merodakh-Baladan) kangge ngelaksanakaken tipu.[3] Ngantos 10 taun laminipun (721-210 sM) Marduk amarintah kutha Babel ngantos para tantara Asyur nyerang Der, ngalahaken Humbanigas saking Elam, kangge ngrebut kutha Babel.[3]

Nalika Sargon ninggal donya, 705 sM, Merodakh-Bala nentang Asyur.[3] Amargi pambarontakan punika Merodakh Baladan anggadhahi kasempatan kangge ngangkat piyambakipun dados raja Babel.[3] Sanherih merangi, ngalahaken para pandukungipun saking Elam nalika perang wonten Kutha kaliyan Kis, nuli tumuju Babel nempataken tiyang pro-Asyur, Bel-ibni, supados munggah takhta.[3] Bit-Yakin ingkang dipunrusak, ananging Metodakh-Baladan sampun kesah tumuju Elam, wonten mrika piyambakipun ninggal yuswa saderengipun Sanherib maringi ukuman, taun 694 sM.[3] Kangge sawetara wektu putra saking Sanherib, Esarhadon, anggadhahi tanggung jawab babagan Babel, dados raja enem.[3] Piyambakipun munggah takhta nalika taun 681, ndandosi kuil-kuil kutha kaliyan mangsulaken kaagunganipun, mula piyambakipun mindah Manasye marang Babel.[3]

Awit bangsa Elam dipunbujuk déning suku-suku Babel, Esarhadon dados pamimpin pasukan maring 'tanah-tanah samudra' nalika taun 67R sM, ngangkat Na'id-Marduk dados pamimpin, nalika sasi Mei 672 Esarhadon amarintah para bawahanipun supados sumpah kangge mbiyantu putranipun, Ayurbanipal, ingkang dados bakal raja saking Asyur, kaliyan putranipun Samas-sum-ukin dados bakal raja saking Babel (Iraq, 20, 1958), Wektu piyambakipun ninggal yuswa, taun 669 rencana punika kalaksanan amargi dipunpimpin déning ibu suri.[3] Ananging watara taun 652 sM kembaran saka Esarhadon saka Babel dados pambarontak nentang pamarintah pusat.[3]

Jaman Neo-Babel (Kasdim) (626-539 sM)[besut | besut sumber]

Relief Nebukadnezar II

Nabopolasar, gubernur Lempongan Pèrsi, tiyang Kasdim, dados pamimpin pamarintahan nalika tanggal 22 Nov 626, damai kaliyan Elam. Sesampunipun Nabopolasar ngalahaken bangsa Asyur wonten Salat, kirang langkung 623 tlatah Der sampun bebas. Kitab Sajarah Babel ingkang dados sumber utami dipunpitados nalika jaman Neo-Babel. Nalika taun 623-616 sM Nabopolasar ngusir para tiyang Asyur ingkang wonten lepen Efrat kaliyan Tigris. Nalika taun 614 tiyang Media mbiyantu tiyang Babel kangge nyerang Asyur.

Para sekuthu punika uga dipunbiyantu déning bangsa Skit supados saged dumunung wonten Niniwe taun 612 sM, tiyang Babel madosi tiyang ingkang kesang maring kulon. Serangan-serangan Babel wonten Siria, dilanjut kaliyan serangan tumuju Haran, 609 sM, kaliyan nggerebek suku-suku wonten lor nalika taun 609-606 sM.

Nabopolasar ingkang sampun sepuh pitados kaliyan bakal raja, Nebukadnezar, nalika sasi Mei-Juni 605 sM Ncbukadnezar nyerang Karkemis, naklukaken para tantara Mesir wonten Hamat. Nalika taun 604 sM Nebukadnezar angsal upeti saking para raja wonten Siro-Palestina. Ananging Askelon nulak wonten seratan kangge nyuwun supados Pirngon mbiyantu kangge ngelawan serangan kangge perluasan Babel. Nalika taun 601 tiyang Babel perang kaliyan tiyang Mesir. Kangge ancang-ancang perang, tantara Babel nyerbu suku-suku Arab (taun 599/8, Yeremia 49:28-33). Nalika sasi Kislev, taun pamarintahan Nebukadnezar ingkang ka-7, Nebukadnezar ngengken para tantara kangge ngepung supados saged nyepeng pamarintahan wonten tlatah punika. Piyambakipun nangkap raja, ngangkat pamarintahan miturut apa kang diremeni, ngerampas jarahan saking kutha punika.

Karuntuhan Yerusalem nalika sasi Maret 597 tanggal 16, ananging perang-perang Babel dhateng Yehuda nalika Zedekia mberontak sampun nate dicariyosaken wonten Yeremia (52:4 dab; 2 Raja 25:7). Yerusalem rusak nalika taun 587 sM. Wonten seratan Babel ingkang nyenggol-nyenggol serangan Mesir taun 568/7 sM.

amarga panangkapan Yoyakhin, pangangkatan Matanyal-Zedekia kaliyan pambuangan Yehuda, dipuncariosaken wonten al kitab. Taun-taun sesampunipun Nebukadnezar nyerang Elam. Seratan babagan sajarah Babel boten diserat kemalih.

Wangsa Akemenus (539-332 sM)[besut | besut sumber]

Koresy ingkang sampun naklukaken Media, Pèrsi kaliyan Elam, mlebet Babel nalika tanggal 16 Oktober 539 sM, sesampunipun Babel dipunparintah déning jenderal Gobrias.[3] Toya saking lepen Efrat diputher maring Opis supados saged nyerang benteng liwat lepen ingkang sampun garing.[3] Belsyazar kaliyan Nabonidus dipupejahi.[3]

Kambises, dados pamarintah ngantos ninggal yuswa nalika perang.[3] Pejahipun Kambises andadosaken pamberontakan, mula para masarakat ngerampas takhta.[3] Ngantos Desember 522 Darius I mangsulaken tata tertib.[3] Nalika masa pamarintahanipun (522-4R6 sM) Kambises idin kangge tiyang Yahudi kangge njumenengaken kemalih Bait Allah wonten Yerusalem dipimpinan déning Zerubabel.[3]

Babel nate diamarintah déning raja-raja saking Pèrsi; Xerxes (486-470 sM, *AHASYWEROS), Artaxerxes I (464-423 sM) kaliyan Darius II (423-408 sM).[3] Aleksander III uga nate amarintah (331-323 sM) dilajengaken kaliyan Filipus-Arrhidaeus (323-316 sM) kaliyan Aleksander IV (316-312 sM).[3] Kalah malih, dipunamarintah déning tiyang Seleukus (312-64 sM), tiyang Partia (Arsakid) kaliyan tiyang Sasania ngantos dikalahaken déning tiyang Arab nalika taun 641 M.[3] Sesampunipun jaman Neo-Babel kaliyan jaman-jaman sesampunipun, wonten kolonisasi Yahudi dhumateng Babel, sesampunipun Yerusalem ambruk nalika taun 70 M kolonisasi-kolonisasi manika anggadhahi prabawa wonten diaspora.[3]

Panelitian[besut | besut sumber]

Babilonia

Awit Herodes saking Halikarnasus (watara 460 sM) ninggalaken cariyos babagan kutha Babel.[3] Benyamin saking Tudela (abad 12), Rauwolf (1574), Niebuhr (1764), C.J Rich (1811-1821) kaliyan Ker Porter (1818) ngelajengaken panelitian punika kanthi cara ingkang langkung ilmiah.[3] Usaha kaping pisanan dipunlaksanakaken déning Layard (1850) lan Fresnel (1852), wonten bukti kutha ingkang sampun dikeruk kanthi sistematis déning Deutsche Orient Gesellschaft dipimpim Koldewey (1899-1917).[3] Uga déning Lenzen nalika taun 1956-1958.[3] Awit taun 1962 tiyang Irak sampun ndandosi kuil Ninmah.[3] Saking panelitian ingkang dipundadosaken satunggal dipunangsal bukti-bukti ingkang kathahipun langkung saka 10.000 ayat-ayat kaserat, Wonten tiyang ingkang damel bata weruh gambar ingkang dipunngertosi sampun wonten nalika jaman Nebukadnezar.[3]

Kutha Babel punika diubengi déning tembok-tembok kang kasusun muter-muter.[3] Tembok paling njawi dawanipun ngantos 27 km, kuwat kaliyan amba wonten panggung kangge pertahanan, anggadahi 8 gerbang.[3] Wonten lor gerbang punika ageng, wonten saking Isytar tumuju margi ingakng dados arak-arakan maring Esagila.[3] kuil Marduk, kaliyan ziggurat Etemenanki.[3] Margi ageng punika saka watu tebihipun 920 m, tembok-tembok punika ditatani wau ingkang sampun dilapis gambar 120 singa (lambang Isytar), 575 musrussu - naga-naga (Marduk), lan kebo-kebo lanang (Bel) ditata genten.[3]

Margi punika mbelok maring ngulan nyebrang lepen Efrat dados panghubung Kutha enggal wonten pesisir kulan saking kutha krajan ingkang lami.[3] Istana-istana ingkang utama dipunbentengi, wonten ruwang takhta (52 X 17 m) ingkang kadosipun dipunagem nakila jaman Daniel.[3] Wonten pojok wetan saking istana, wonten sisa-sisa saking tiang-tiang ingkang dipunanggep déning Koldewey dados panyangga saking 'taman-taman gantung' ingkang dipunbangun déning Nebukadnezar kangge Amitis, garwanipun.[3] Kangge palipur kangen maring asalipun.[3]

Sampun kathah bagiyan kutha kaliyan kuil-kuil ingkang dipanggihi, 53 sampun ditepangi, asma-asma saking bagiyan kutha punika kala-kala diagem kangge dados tunjuk margi (Shuanna, [JCS 23, 1970, him 63] Susan, Tuba, Tintir, Kullab).[3]

Menara Babilonia (Babel)[besut | besut sumber]

Menara Babel

Kanthi sapunika dereng wonten bukti Arkéologi, menawi kutha Babel sampun wonten saderengipun dinasti kapian (+/- 1800 SM).[3] Ananging miturut tradisi Babel ugi seratan sejarah saking Sharkalisharri, nyariosaken menawi raja saking Agade kr 2250 SM mbangun manèh menara kuil (Ziggurat) ingkang wonten Babel.[3][4] Bentukipun tingkat-tingkat (Ziggurat), Wujud kasebut dipunkembangaken kemalih nalika +/- 3000 SM dupun milai saking tumenos utawi panggung ingkang nyangga kuil caketipun kaliyan kuil-kuil ingkang wonten kutha kayata kuil wonten Erekh ugi kuil wonten 'Ukair.[3] Menara punika ngalami kerusakan ingkang ageng nalika perang ( taun 652-648 SM), ananging dipundandani kemalih nalika masanipun Nebukadnezar II (605-562 SM).[3] Banguna punika ingkang dipun jlentrehaken Koldewey nalika tau 1899.[3] Lantai ingkang paling ngandhap ukuranipun 90x90 m, inggilipun 30 m.[3] Wonten lantai ingkang andhap punika dipun bangun gangsal lantai inggilipun 6 kanthi 18 m.[3] Menawi tambah inggil, lantainipun inggilipun nambah alit ukuranipun.[3] kangge mahkota saking bangunan manika, wonten tingkatan lantai ingkang paling inggil dipunbangun kuil.[3] Ingkang dados anggepan nalika jaman punika, kuil kasebut dados tempat kadhatengan para Dewa nalika anggadahi urusan kaliyan manungsa.[3]

Menara Babel dipunrusak Xerxes nalika taun 472 SM[besut | besut sumber]

Aleksander ngresiki ambrukanipun supados saged mbangun kemalih, anaging boten dados amargi piyambakipun ninggal dunnya.[3] Patok-patok ingkang dados batesanipun nuli dipunbuwang kaliyan masarakat ingkang wonten punika, sapunika tlatah kasebut dipunsebat Etemenanki utawi bolongan (Es-Sahn).[3] Wonten ingkang nyamikaken bangunan kasebat kayata Es-Shan, ingkang dipunsamikaken sisa-sisa saking ziggurat ingkang tasih wonten saking tlatah Borsippa (Mod Birs Nimrud), 11 km sebelah tenggara Babel (hambok menawi saking jaman NeoBabilonia).[3] Dipunduga kemalih, miturut Alkitab.[3] Dur-Kurigalzu (Aqar Quf), wonten sebelah tenggara Bagdad.[3] Ananging kutha kasebut dipunbangun nalika taun 1400 SM.[3] Ingkang saged dados kasimpulan, cariyos kitab ingkang nyariosaken bab sejarah kadadian menara utawi bangunan-bangunan punika boten saged punpitados.[3]

Taman gantung Babilonia[besut | besut sumber]

Taman Gantung Babilonia

Taman Gantung Babilonia, wonten ing tlatah Babilonia.[6] Imperrum kuna Mesopotamia ingkang caket kaliyan lepen ''Euphrates'', sapunika dipuntepang Irak kidul.[6] Taman Gantung Babilonia, dipunbangun wonten tlatah Babilonia nalika taun 450 saderengipun masehi.[7] Taman punika dipunbangun raja Nebukadnezar II (Bukhtannasar), kangge bungahaken garwanipun, Amyitis (wonten sumber sanes ingkang nyebat asma garwannipun Nebukadnezar II, Amuhia)[7][8], Amyitis sapunika putrinipun raja Medes saking negari Media.[8] Permausuri punika oneng kaliyan kampungipun ingkang tebih saking kerajaan Babilonia.[9] Amargi punika, raja Babilonia Bukhtannasar amarintah prajurit sumarga ngawontenaken ekspediai-ekspedisi wonten tlatah ngetan, inggih punika tlatah Nuswantara.[9] Garwanipun raja Babilonia Bukhtannasar dipunduga saking Nuswantara.[9]

Galeri[besut | besut sumber]

Cathetan Suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f kisah dua malaikat dipununduh tanggal 23 Mei 2011
  2. ^ edukasi.kemdiknas.go.id dipununduh tanggal 23 Mei 2011
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as at au av aw ax ay az ba bb bc bd be bf bg bh bi bj bk bl bm bn bo bp bq br bs bt bu bv bw bx by bz ca cb cc cd ce cf cg ch ci cj ck cl cm cn co cp cq cr cs ct cu cv cw cx cy cz da db dc dd de df dg dh di dj dk dl dm dn do dp dq dr ds dt du dv dw dx dy dz ea eb ec ed ee ef eg eh ei ej ek el em en eo ep eq er es et babel, babilonia dipununduh tanggal 23 Mei 2011
  4. ^ a b c MISTERI BABILONIA dipununduh tanggal 24 Mei 2011
  5. ^ anak lembu emas dipununduh tanggal 25 Mei 2011
  6. ^ a b (id)Benarkah Taman Gantung Babylonia Pernah Ada? dipununduh tanggal 26 Mei 2011
  7. ^ a b (id)wartawarga,student Journalism dipununduh tanggal 26 Mei 2011
  8. ^ a b (id)Taman Babilonia yang menjadi Legenda dipununduh tanggal 26 Mei 2011
  9. ^ a b c (id)Menyingkap Misteri Taman Gantung Babilonia dipununduh tanggal 26 Mei 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Babilonia&oldid=1097503"