Akkadia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Koordhinat: 33°6′N 44°6′E / 33.100°N 44.100°E / 33.100; 44.100

Akkad
2334 BC–2154 BC
Pernahé Akkad
Map of the Akkadian Empire, showing Sargon's conquests.
Kutha krajan Akkad
Basa Akkadian, Sumerian
Pamaréntahan Monarky (Akkadians)
King Sargon saking Akkad
Jaman sajarah Ancient
 •  Established 2334 BC
 •  Disestablished 2154 BC

Akkadia sapunika dinasti kakekaisaran ingkang wonten tlatah Mesopotamia, sejarahipun dipunmilai taun 2350 SM.[1][2] Dinasti punika kalogong dinasti ingkang kapisan wonten tlatah Mesopotamia (nanging taksih dipunteliti, taksih rumiyinan dinasti Akkadia punapa dinasti Sumeria).[1] Amergi data ingkang boten cekap, boten saged dipunjlentrehaken abasa pundi ingkang ngriyini, abasa Akkadians utawi abasa Semit.[3] Sistem papréntahanipun dipunsebat Akkadians, nama mau dipunpendhet saking nama kutha Akkad, ingkang dipundadosaken raja Sargon tlatah papréntahan (tlatah punika dèrèng gambalang wonten pundi, nanging manawi boten klentu tlatah punika wonten lepen Efrat watara Sippr kaliyan Kish[4]).[1] Jeneng Akkad dipungandhengaken kaliyan kelompok penduduk ingkang maju bareng kaliyan bangsa Sumeria.[1] Akkadia punika ugi dados basa ingkang dipun-ginakaken sarta dados neraca peradaban kagunan.[1] Jeneng Akkadia dipanggihi wonten sumber-sumber ingkang kaserat wonten catethan sajarah abad ka-27.[1] Asma-asma para ahli Torèt saking Akkadia uga kapanggih wonten arsip Tall Abu Salabikh, caketipun Nippur wonten Babel pusat.[1] nanging cathetan punika sinkron kaliyan cathetan ingkang dipungadhahi tiyang-tiyang saking Shuruppuk.[3]

Prabawa saking Akkad[besut | besut sumber]

Wonten sajarah abasa, abasa Akkad angsal prestise sastra ingkang andadosaken abasa mau sami kaliyan abasa Sumeria Dipunsebapaken ugi amarga garnisum Akkadia(skrip) ingkang wonten tlatah Susa.[1] Kagunan plastik, Kagunan grafis, ugi kagunan patung ingkang ingkang dados pamujaan kanthi segel silider saged sampurna, tèknologi pertanianipun ugi sampun maju.[1][2] Papréntahan Akkad ingkang dipunpimpin lima raja sapunika dipunanggep papréntahan ingkang paling produktif wonten sajarah Mesopotamia.[1] Nanging wadyabala separatis boten sarujuk manawi sadaya tlatah ingkang sampu dikuasai dipunsatunggalaken, Dinasti Akkad tetep ngeluasaken cakrawala polotik kaliyan dhimènsi.[3] Priode Akkadia punika remen kaliyan historiographers sami kaliyan era sadèrèngipun.[1] Amergi rasa remenipun bangsa Akkadia kaliyan ngèlmu historiographers, saéngga wonten frase ingkang artosipun " Bakal wonten raja saking papat panjuru bumi, " nalika iku ngramalaken kadadian sapunika ngagem ngèlmu dukun, kaya ta mirsani bentukipun ati domba.[1]

Papréntahan Raja Sargon[besut | besut sumber]

Miturut cathetan raja-raja ingkang wonten Sumeria, gangsal raja ingkang dados panguasa wonten Akkadia ya iku, Sargon, Rimush, Manishtusu, Naram-Sin, kaliyan Shar-kali-sharri sadayanipun dados raja Akkadia kanthi 142 taun.[1] Manawi namung raja Sargon, piyambakipun dados raja laminipun 56 taun (data kasebat boten saged dipunpriksa, nanging wonten cathetan ingkang saged dipungandhengaken sumarga saged dipunpitados, ya iku cathetan raja Ur ingkang kaping III).[1] Saderengipun dados raja Akkadia, Sargon dados juru minum saking Raja Ur-Zababa Kish.[1] Miturut legendha, Sargon sapunika bocah ingkang dibuang nalika lair, lajeng dipunrumat kaliyan tukang tandur wonten karajan, ngantos dipunremeni kaliyan dewi Isthar nuli dipunboyong wonten pangadilan karajan.[1]

Sumber sajarah ingkang utama papréntahan Raja Sargon dipunangsal saking salinan ahli-ahli Torèt Babilonia Tuwa wonten Nippur.[1] Para ahli Torèt punika saking Akkadia, ngagem kalih abasa teks, yapunika abasa Sumeria kaliyan abasa teks Akkadia.[1] Saking chatetan punika dipunmangertosi sajarah saking Raja Sargon, inggih punika[1]:

  • Raja Sargon sampun perang kaliyan kutha-kutha wonten Sumeria, Babilonia Kidul.
  • Sargon sampun nangkap Lugalzagesi saking Uruk, bekasipun penguasa Umma, ingkang sampun nyerang UruKAgina wonten Lagash.
  • Wonten 34 paparangan ingkang kantindadaken déning Raja Sargon wonten tlatah kidul.
  • Tlatah ingkang sampun dipunkuasani raja Sargon: Mari, Tuttul wonten Balikh, wonten tlatah mriku Raja Sargon nyembah déwa Dagan (Dagon), Ebla (Tall Mardikh wonten Suriah), "alas cedar" (Amanus utawi Lebanon), ugi "gunung pérak " (patempuran wonten Elam kaliyan kaki bukit Zagros).
  • Perintah pandamelan pelabuhan Meluhha (tlatah Indus), Magan (manawi sapunika kadosipun Oman), kaliyan Dilmun (Bahrain) wonten tlatah Akkad kanthi rikat.
peta kuna tlatah Akkadia

Kangge ngelancaraken niatipun Raja Sargon kanggé nyatunggalaken sadaya tlatah, piyambakipun ngutus putrinipun Enheduanna dados pendeta ageng wonten kuil Dewi Bulan Nanna, tlatah Ur.[5] Boten namung punika, Enheduanna ugi dipunutus Sargon dados pendeta ageng wonten kuil déwa Langit An, tlatah Uruk.[5] Sargo ugi nyerat kalih himne kanggé nyembah para déwa.[5] Papréntahan Dinasti Akkadia sukses, tlatahipun mbentang saking Lebanon wonten pasisir Mediterania, kanthi Loripun Turki kaliyan tlatah kidul Lempongan Pèrsi.[5]

Akir Dinasti Akkadia[besut | besut sumber]

saking raja-raja sadèrèngipun Shar-kali-sharri (2217 SM-2193 SM), namung wonten prasasti ingkang singkat nuli selamat.[1] Perang sederek ingkang dipunsebapaken suksesi andamel cathetan sajarah punika rusak.[1] faktor ingkang andamel dinasti Akkadia bubar inggih punika[1]:

  • invasi saking Amurrus nomaden (Amori), ingkang dipunsebat Martu déning bangsa Sumeria (saking barat laut).
  • infiltrasi saking Gutians, ingkang kadosipun saking tlatah watara lepen Tigris kaliyan Pegunungan Zagros timur.

Gallery[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v The Akkadians dipununduh tanggal 22 Mèi 2011, tabuh 14.48 WIB
  2. a b Akkadia dipununduh tanggal 22 Mèi 2011, tabuh 15.27 WIB
  3. a b c Kekaisaran Akkadia dipununduh tanggal 22 Mèi 2011, tabuh 14.56 WIB
  4. Akkad Kuno di Mesopotamia (Irak Timur) dipununduh tanggal 22 Mèi 2011, tabuh 15,38 WIB
  5. a b c d historyforkids Archived 2011-08-23 at the Wayback Machine. dipununduh tanggal 22 Mèi 2011, tabuh 15.15 WIB