En-Hedu-ana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Enheduanna, putri saking Akkadians (Mesopotamia) (2350-2250SM).[1][2] dipuntepang ugi kaliyan asma En-hedu-ana atawi Enheduana ingkang artosipun "putri (tuan)", piyambakipun pendheta agung saking kuil Dewi Nanna (Dewi wulan), ingkang kuilipun wonten ing tlatah Ur, kutha ageng pusat saking karajan Akkadians.[1] Dipunutus bapanipun Sargon (raja wonten Akkadians nalika 2334-2279 SM) supados dados pendheta agung wonten tlatah punika, kanggé nyatunggalaken tlatah ingkang sampun Sargon kuasani.[3] Pangangkatan Enheduanna dados pandheta ageng punika sajatosipun pulitik ingkang dipunlancaraken Raja Sargon.[4] Piyambakipun ugi dados pendheta agung wonten tlatah, kuilipun Déwa An (Déwa Langit).[3] Panyerat tembang kagem muja Déwa kaliyan Dewi kapisan wonten cathetan sajarah dunya.[1][2] Karya-karyanipun kaserat ngagem tulisan paku nalika taun 4300 taun sadherenge, karyanipun ingkang kondhang inggih punikahimne utawi tembang pujian kagem Dewi Inanna, ngagunggaken Dewi Inanna kaliyan In-nin sa-gur-ra.[2] Tembang pamujaan ingkang sampun dipunserat kaliyan Enheduanna wonten tiga (temanipun tembang pamujaan boten sami kaliyan tema ingkang sampun dipunserat kaliyan pendheta agami kuna, sadherengipun).[1] Tembang pamujaan punika kanggé muja dewi Inanna, dewi prajurit ingkang galEnheduanna, putri saking Akkadians (Mesopotamia) (2350-2250SM).[1][2] dipuntepang ugi kaliyan asma En-hedu-ana atawi Enheduana ingkang artosipun "putri (tuan)", piyambakipun pendheta agung saking kuil Dewi Nanna (Dewi wulan), ingkang kuilipun wonten ing tlatah Ur, kutha ageng pusat saking karajan Akkadians.[1] Dipunutus bapanipun Sargon (raja wonten Akkadians nalika 2334-2279 SM) supados dados pendheta agung wonten tlatah punika, kanggé nyatunggalaken tlatah ingkang sampun Sargon kuasani.[3] Pangangkatan Enheduanna dados pandheta ageng punika sajatosipun pulitik ingkang dipunlancaraken Raja Sargon.[4] Enheduanna sapunika mbiyantu bapanipun supados ngawrataken kakuasaan pulitik kutha Sumeria ngagem cara ndamel tiyang Sumeria supados kathah ingkang nganut ugi nyembah Dewi Inanna, saéngga Inanna dados Dewi ingkang langkung kathah dipunsembah, boten kaya ta Déwa utawi Dewi sanèsipun.[1] Piyambakipun ugi dados pendheta agung wonten tlatah Uruk, kuilipun Déwa An (Déwa Langit).[3] Panyerat tembang kagem muja Déwa kaliyan Dewi kapisan wonten cathetan sajarah dunya.[1][2] Karya-karyanipun kaserat ngagem tulisan paku nalika taun 4300 taun sadherenge, karyanipun ingkang kondhang inggih punikahimne utawi tembang pujian kagem Dewi Inanna, ngagunggaken Dewi Inanna kaliyan In-nin sa-gur-ra.[2] Tembang pamujaan ingkang sampun dipunserat kaliyan Enheduanna wonten tiga (temanipun tembang pamujaan boten sami kaliyan tema ingkang sampun dipunserat kaliyan pendheta agami kuna, sadherengipun).[1] Tembang pamujaan punika kanggé muja dewi Inanna, dewi prajurit ingkang galak nuli bringas.[1], Dawanipun tembang ngantos 30 bait.[1] Isinipun tembang mau samenika komunikasi Enheduanna kaliyan Dewi ingkang dipunsembah kaliyan piyambakipun.[2] Ibu saking pendheta Enheduanna samenika tiyang Sumeria saking Mesopotamia kidul.[2]

Delengna ugi[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k Enheduanna dipununduh tanggal 22 Mèi 2011
  2. ^ a b c d e f g h www.public.asu.edu dipununduh tanggal 23 Mèi 2011 Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "enheduanna" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  3. ^ a b c d history world dipununduh tanggal 23 Mèi 2011
  4. ^ a b Akkadian Empire dipununduh tanggal 23 Mèi 2011