Paskah
Praèn
| Paskah | |
|---|---|
| Dipèngeti | Mayoritas umat Kristen |
| Jinis | Kristen |
| Ancas | Ngrayakaké Yesus (Isa Almasih) wungu saka séda. |
| Karaméan | Kebaktian gréja, bujana kulawarga, golèk endhog Paskah kanggo bocah-bosah lan mènèhi bebungah kanggo wong diwasa (mligi ing AS lan Kanada) |
| Pèngetan | Donga, donga pasa, donga sawengi nutuk (mligi tradhisi Wétan), kebaktian ésuk (mligi tradhisi Protèstan AS) |
| Tanggal | Masalah skrip: Fungsi "getRawValue" ora ana.Cithakan:Infobox holiday/wd |
| Tanggal ing 2025 | |
| Gegayutan | Paskah Yahudi, Pra-Paskah:Rebo Awu, Minggu Palem; Minggu Suci: Kemis Putih, Jemuah Adi, Setu Suci; Mékrad Dalem Yésus, Pentakosta, Minggu Trinitas, lan Corpus Christi ing wuriné. |
Paskah (Grikenlan: Πάσχα utawa Paskha[1]) iku riyaya paling wigati sajeroning taun liturgi gréjawi Kristen. Tumrap umat Kristen, Paskah identik karo Yesus, kang déning Paulus sinebut "cempé Paskah"; jemaat Kristen nganti saiki percaya yèn Yesus disalibaké, séda lan dikubur[a], lan ing dina katelu[b] wungu saka antarané wong mati. Paskah ngrayakaké dina wungu Dalem mau lan minangka riyaya kang paling wigati amarga mèngeti prastawa kang paling sakral sajeroning uripé Yesus.