Minggu Palem

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yesus mlebet Yerusalem kanthi nitih kuldi.
Taun Liturgi
Gréja Ritus Kulon
Gréja Ritus Wétan

Minggu Palem punika dinten riyaya Kristen ingkang mesthi dhawah ing dinten Minggu sadèrèngipun Paskah. Riyaya punika wonten ing sekawan Ayat, inggih punika Markus 11:1-11, Matius 21:1-11, Lukas 19:28-44 lan Yohanes 12:12-19. Riyadi punika wujud riyadi mlebetipun Yesus dhumateng kitha Yerusalem sadèrèngipun panjenenganipun dipunkisas.[1] Mlebetipun Yesus dhumateng kitha suci utawi Yerusalem wujud prakawis ingkang mirunggan, amargi dumadosipun namung sepindhah salaminipun Yesus gesang. Pupunika sebabipun Minggu Palem dipunsebat pambuka minggu suci, ingkang fokusipun dhumateng minggu pungkasan Yesus ing kitha Yerusalem.[1] Salebetipun liturgi Minggu Palem, umat dipunpérang ron palem lan ruwang gréja dipunpepaki ornamèn palem.[1]

Simbol Palem salebetipun Minggu Palem[besut | besut sumber]

Ron palem inggih punika simbul saking kemenangan. Ron palem punika mbeta teges dhumateng arah simbol Kristen.[2] Ron palem dipun-ginakaken kanggé nélakaken kamenangan martir dhumateng pati. Martir asring dipungambaraken kanthi ron palem ing antawisipun papan utawi tambahan kanggé instrumèn saking kasyahidan.[2] Kristus kerep ugi nedahaken gegandhèngan ron palem minangka simbul kamenangan dhumateng dosa lan pati. Langkung cetha malih, prakawis punika dipunasosiasiaken kanthi kajayan-Nipun mlebet Yerusalem, (Yohanes 12:12-13).[2]

Ron palem kangungan warni ijem, ijem punika warni saking tetuwuhan lan mangsa semi. Mila simbul kamenangan saking mangsa semi ing sainggiling mangsa salju utawi kagesangan ing sainggiling pati, dados satunggiling campuran saking kuning lan biru punika ugi nglambangaken amal lan régistrasi saking pakaryan jiwa ingkang becik.[2]

Nalika Minggu Palem, umat ngawé-awé mawi ron palem sinambi nyanyi.[2] Perkawis punika nélakaken tumutipun umat sesarengan Yesus salebetipun arak-arakan dhumateng Yerusalem.[2] Pupunika nélakaken tujuan ingkang badhé dipungayuh ing mangsa ingkang badhé dhateng: kitha Allah, ing pundi wonten katentreman.[3]

Gladri[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b c Rachman, Rasid. Hari Raya Liturgi. Jakarta: BPK Gunung Mulia, 2005.
  2. a b c d e f Ferguson, George. Signs & Symbols in Christian Art. New York: Oxfort University Press, 1958.
  3. Sudibya, F.X. Warsito Djoko. Aneka Simbol. Jakarta Pusat: Obor, 1995.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Minggu Suci