Transfigurasi Kristus

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Bagéan saka seri babagan
Yésus Kristus

Kölner Maler um 1450-1460 001.jpg

Asma lan sesebutan
YésusKristusMesiasIsa AlmasihJuruwilujeng

Yésus Kristus lan Kakristenan
KronologiKalairanSilsilah
PambaptisanPelayananMukjizat
PerumpamaanBujana AkirPanyekelan
PangadilanPanyalibanPati
PanguburanWunguMékrad
Rawuh kapindhoPenghakiman

Ajaran utama Yésus Kristus
MesiasKotbah ing Bukit
Donga Rama KawulaUkum Katresnan
Bujana WengiAmanat Agung

Pandhangan marang Yésus
Pandhangan Kristen
Pandhangan Islam
Pandhangan Yahudi
Yesus jroning sajarah
Yesus jroning karya seni

Transfigurasi déning Lodovico Carracci, 1594, nggambaraké Elia, Yésus, lan Musa karo Rasul telu.

Transfigurasi Kristus iku prastawa ing ngendi Yésus dimulyakaké ing gunung, sarta ketemu karo Musa lan Elia ing ndhuwur gunung iku. Pasuryan Dalem sumunar lan kebak déning kamulyan. Iki arupa puncuk spiritualitas saka Yésus.[1] Nalika prastawa iku, ana telu murid Yesus bebarengan karo Panjenengané; Petrus, Yakobus lan Yohanes.[2] Cahya kamulyan sing mancar saka pasuryané Yésus iku kanggo mènèhi pangajaran marang para murid ngenani kedadéyan ing mburiné prastawa sing nyedhihaké sing bakal dialami Yesus.[2] Prastawa (panyaliban) sing bakal nggawa marang kamenangan, kamulyan ing samburiné panginan lan panyercan, lan bakal ana kamulyan sing bakal nguwataké para murid jroning kauripané ndhèrèk Yésus, guruné iku.[2]

Prastawa iki banjur dadi tradhisi umat Kristen jroning ngayati salah sawijining prastawa uripé Yésus Kristus.[1] Wektu kanggo ngleksanakaké transfigurasi iki dumadi ing minggu sakdurungé ngriyayakaké Dina Riyaya Jemuwah Agung minangka pèngetan séda Dalem Yésus.[1] Transfigurasi iki didadèkaké titik punjer jroning karya Yésus minangka Mesias miturut rencana Allah.[1] Prastawa iki bisa dikawruhi jroning Alkitab ing Injil Matius 17:1-12, utawa ing Injil Markus 9: 2-13 utawa ing Injil Lukas 9: 28-36.[3][1]

Tujuan transfigurasi iki yaiku kanggo mènèhi spiritualitas marang umat Kristen jroning sikap batin, lan duwé dampak ing sikap lairé uga.[4] Sikap batin iku miturut Kardinal Carlo Mantini bisa dideleng jroning dhiri Santo Paulus jroning sapérangan perkara: anané suka gambiraning batin lan katentreman sing gedhé, anané sikap puji panuwun, kasiapan jroning ndhèrèk Yésus.[4]

Réferènsi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e (id)Stefan Leks., Tafsir Injil Matius, Yogyakarta: Kanisius
  2. ^ a b c (id) William Barclay., Pemahaman Alkitab Setiap Hari - Injil Matius 11-28, Jakarta: BPK Gunung Mulia, 2009
  3. ^ (id) Alkitab, Jakarta : Lembaga Alkitab Indonesia. Matius 17:1-12; Markus 9:2-13; Lukas 9:28-36
  4. ^ a b (id) Spiritualitas Damai, Yogyakarta: Kanisius, 2008