Jakat pitrah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
اللہ کا نام.jpg
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Jakat pitrah miturut istilah yaiku jakat kang wajib ditokake saben wong kang mukmin ing sasi Ramelan. Amarga iku, jakat pitrah mung dilakoni wiwit wiwitan sasi Ramelan nganti sadurunge shalat Idul Fitri. Bahan kanggo jakat pitrah yaiku bahan panganan pokok, kang bisa maregi, akeh ditandur wong, lan suwe (ora gampang basi/kedaluwarsa). Gedhene jakat pitrah kang kudu ditokake ing saben wong yaiku 1 sha' utawa padha karo 2,5 kg utawa duwit kang regane padha karo rega bahan pangan pokok kanggo 1 wong.

Sing wajib mbayar[besut | besut sumber]

• Agamane Islam.

  • Nglakoni panguripan ing sasi Ramelan. Ing perkara iki, kalebu bayi kang wis lair sadurunge srengengene angslup ing dina pungkasan sasi Ramelan. Semono uga sawijining wong kang seda sadurunge srengengene angslup ing pungkasan sasi Ramelan.
  • Bisa mbayar jakat, tegese dheweke nduweni kaluwihan bandha kanggo nyukupi kabutuhan kulawargane nalika dina riyaya Idul Fitri.

Gedhéné jakat[besut | besut sumber]

Gedhéné jakat kang kudu diwetokaké miturut para ulama yaiku sarujuk karo penafsiran marang kadis iku gedhéné siji sha' utawa kira-kira padha karo 3,5 liter utawa 2.7 kg panganan utama (glepung, kurma, gandum, aqith) utawa siyang biyasa dikonsumsi ing tlatah mau (Madahab syafi'i lan Maliki)[1]

Wektu[besut | besut sumber]

a. Wektu Ta'jil

Mbayar jakat pitrah kanthi ta'jil ukume diolehake, yaiku dilakoni wiwit wiwitan sasi Ramelan nganti tekan dina pungkasan sasi Ramelan sadurunge maghrib.

b. Wektu Wajib

Ukum wajib iki kanggo wong Islam kang mbayar jakat pitrah wiwit srengengene angslup (salat Maghrib) nganti sadurunge salat Subuh ing pungkasan sasi Ramelan.

c. Wektu Kang Luwih Utama (Afdal)

Wektu kang luwih utama kanggo mbayar jakat pitrah kanggone wong Islam yaiku wiwit pungkasan salat Subuh nganti sadurunge salat Idul Fitri.

Kang nampa jakat[besut | besut sumber]

  1. Fakir : wong kang ora nduwe bandha lan ora duwe penghasilan kanggo nyukupi kabutuhan pangan, sandhang, omah, lan kabutuhan primer liyane.
  2. Miskin : wong kang nduweni bandha lan penghasilan, nanging durung cukup kanggo nyukupi kabutuhan, minim kanggo awake lan kulawarga kang dadi tanggungane.
  3. Amil : wong kang ngleksanakake kabeh urusan jakat, kalebu administrasi pengelolaan, wiwit ngrencanakake, ngumpulake, nyathetake, nliti, ngitung, setor, lan nyalurake.
  4. Muallaf : wong kang kudu dijinakake atine marang Islam (amarga lagi mentas ngrasuk Islam) supaya luwih manteb imane marang Islam.
  5. Riqab : mbebasake batur tukon lan upaya kanggo ngilangake kabeh wujud batur tukonan.
  6. Gharimin : wong kang nduwe utang kanggo kepentingan dheweke dhewe.
  7. Sabilillah : upaya lan kegiatan wong utawa klompok kang tujuwane kanggo ngedegake kapentingan Islam.
  8. Ibnus Sabil : wong kang lagi nganakake lelungan dudu kanggo maksiat saka 1 wewengkon menyang wewengkon liyane lan entek sangune.

Deleng uga[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Pos keadilan peduli ummat [1].

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Jakat