Pananggalan Saka

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Kalèndher Saka)

Pananggalan Saka utawa Kalèndher Saka iku pananggalan sing asalé saka India. Pananggalan iki minangka sawijining pananggalan syamsiah-kamariah (candra-surya) utawa kalèndher luni-solar. Era Saka diwiwiti ing taun 78 Masehi.

Jeneng wulan[besut | besut sumber]

Sawijining taun Saka dipérang dadi rolas wulan. Ing ngisor jeneng wulan-wulan mau:

  1. Srawanamasa, kurang luwih trep karo wulan Juli-Agustus utawa wulan Jawa/Bali Kasa
  2. Bhadrawadamasa, kurang luwih trep karo wulan Agustus-September utawa wulan Jawa/Bali Karo
  3. Asujimasa, kurang luwih trep karo wulan September-Oktober utawa wulan Jawa/Bali Katiga
  4. Kartikamasa, kurang luwih trep karo wulan Oktober-November utawa wulan Jawa/Bali Kapat
  5. Margasiramasa, kurang luwih trep karo wulan November-Dhésèmber utawa wulan Jawa/Bali Kalima
  6. Posyamasa, kurang luwih trep karo wulan Dhésèmber-Januari utawa wulan Jawa/Bali Kanem
  7. Maghamasa, kurang luwih trep karo wulan Januari-Fèbruari utawa wulan Jawa/Bali Kapitu
  8. Phalgunamasa, kurang luwih trep karo wulan Fèbruari-Maret utawa wulan Jawa/Bali Kawolu
  9. Cetramasa, kurang luwih trep karo wulan Maret-April utawa wulan Jawa/Bali Kasanga
  10. Wesakhamasa, kurang luwih trep karo wulan April-Mèi utawa wulan Jawa/Bali Kasepuluh/Kadasa
  11. Jyesthamasa, kurang luwih trep karo wulan Mèi-Juni utawa wulan Jawa Dhesta utawa Bali Desta
  12. Asadhamasa, kurang luwih trep karo wulan Juni-Juli utawa wulan Jawa Sadha utawa Bali Desta

Jeneng mangsa[besut | besut sumber]

Ing India satu taun dipérang dadi enam mangsa, utawa karo tembung lain setiap mangsa berlangsung dua wulan. Ing ngisor jeneng-jeneng mangsa

  1. Warsa, mangsa udan trep karo Srawana lan Bhadrawada.
  2. Sarat, mangsa rontok, lan seterusnya.
  3. Hemanta, mangsa adhem
  4. Sisira, mangsa sejuk kabut
  5. Basanta, mangsa semi
  6. Grisma, mangsa panas

Taun Luni-Solar[besut | besut sumber]

Amarga wulan-wulan sajeroning pananggalan Saka mung dumadi dari 30 hari, mula taun anyar kudu disesuaiaké saben taun kanggo ngiringi daur ubengan srengéngé.

Sajarah Kalèndher Saka[besut | besut sumber]

Pananggalan Saka diwiwiti ing taun 78 Masehi lan uga ingaran minangka pananggalan Saliwahana (Sâlivâhana). Wektu semana Saliwahana sing dadi ratu misuwur saka India pérangan kidul, ngalahaké kaum Saka. Ananging sumber liya nyebutaké yèn kaum mau dikalahaké déning Wikramaditya (Vikramâditya). Wikramaditya iku mungsuh utawa saingan Saliwahana, asalé saka India pérangan lor.

Ngenani kaum Saka ana sing nyebut yèn kaum iki kalebu sukabangsa Turki utawa Tatar. Nanging ana uga sing nyebut yèn kalebu kaum Arya saka suku Scythia. Sumber liya manèh nyebut yèn kaum iki sakbeneré wong Yunani (sajeroning basa Sansekerta ingaran Yavana sing kuwasa ing Baktria (saiki Afganistan).

Pananggalan Saka ing Indonésia[besut | besut sumber]

Sadurungé mlebu agama Islam, para sukubangsa ing Nusantara pérangan kulon sing kena prabawa agama Hindhu, migunakaké pananggalan Saka. Nanging kalèndher Saka sing dipigunakaké dimodifikasi déning sawetara sukubangsa, mligi wong Jawa lan Bali. Ing Jawa lan Bali kalèndher Saka ditambahi karo cara pananggalan lokal. Sawisé agama Islam mlebu ing Mataram, déning Sultan Agung diwanuhaké kalèndher Jawa Islam sing dadi perpaduan antara kalèndher Islam lan kalèndher Saka. Ing Bali kalèndher Saka sing wis ditambahi karo unsur-unsur lokal dianggo nganti saiki, semono uga ing sawetara laladan ing Jawa, kaya ing Tengger sing akèh panganut agama Hindhu.

Pratélan Pustaka[besut | besut sumber]

  • Dowson, John, 1992, A Classical Dictionary of Hindu Mythology and Religion. New Delhi: Heritage Publishers.
  • Ricklefs, M.C., 1978, Modern Javanese historical tradition: a study of an original Kartasura chronicle and related materials. London: School of Oriental and African Studies, University of London.
  • Zoetmulder, P.J., 1983, Kalangwan. Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang. Jakarta: Djambatan.
  • Zoetmulder, P.J., 1995, Kamus Jawa Kuna-Indonésia. Bekerja sama karo S.O. Robson. Penerjemah Darusuprapta lan Sumarti Suprayitna. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.

Its actually short for "Very fast Mota car". (mota as in car)