Siti Hajar
|
Hajar (Arab:هاجر, Ibrani:הָגָר) inggih punika garwanipun Kanjeng Nabi Ibrahim 'alaihissalam sarta ibu saking Nabi Ismail 'alaihissalam. Wiwitanipun, Siti Hajar minangka rencangipun Kanjeng Nabi ibrahim, nanging sémah nabi ingkang kapindha Sarah mandul utawi boten saged gadhah laré, piyambakipun nyuwun dhateng Kanjeng Nabi Ibrahim supados nggarwa Siti Hajar. Putra Kanjeng Nabi Ibrahim ingkang patutan kaliyan Siti Hajar inggih punika Kanjeng Nabi Ismail.[1]
Biografi
[besut | besut sumber]Tembung "Hajar" punika dumados saking tembung ing basa Arab injih punika Ha ajruka ingkang mengku teges "iki peparingmu".
Rikala Siti Sarah dipunpundhut déning Raja Pirngon utawi Fir'aun ing Mesir (sanes Pirngon jaman Kanjeng Nabi Musa 'alaihissalam) kanthi ancas nedya dipundadosaken garwa ampeyan utawi selir, Gusti Allah maringi pitulungan dhateng Siti Sarah satemah Raja Pirngon kraos ajrih saéngga mboten sios nggarwa Siti Sarah, lan ugi Pirngon lajeng maringi sawijining batur tukon kagem Siti Sarah ingkang naminipun Hajar, nanging salajengipun, Siti Hajar dipundadosaken bebungah dhumateng Kanjeng Nabi Ibrahim.
Miterat kitab Qishash al Anbiya (tegesipun Cariyosing Para Nabi) anggitanipun Imam Ibnu Katsir, wiwitanipun Siti Hajar punika salah satunggaling putri saking bangsa Qibthi (Mesir). Miterat Kitab Qishash al Anbiya, sawijining serat utawi buku ingkang ngandhut babagan kawruh para Nabi, Siti Hajar punika putra putri sawijining ratu saking Nagari Maghreb, jejuluk Dhu al-'arsh ingkang taksih tedhak turunipun para nabi. Dhu al-'arsh gugur déning Pirngon nalika dumados paprangan antawisipun Maghreb lumawan Nagari Mesir , saéngga Siti Hajar dipundadosaken batur dening Pirngon. Ananging, miterat cariyos sanèsipun, Hajar punika putra putri saking ratu Mesir.
Perjuanganipun Siti Hajar nggulawentah Kanjeng Nabi Ismail
[besut | besut sumber]Wiwitanipun, Siti Hajar dipunbekta Kanjeng Nabi Ibrahim saking bumi Kan’aan dhateng sawijining ereng-ereng ingkang gersang, mboten wonten tuk, namung gumelaring ara-ara samun. Mboten wonten tetuwuhan ingkang tukul wonten mriku. Sajatosipun Siti Hajar ajrih sanget amargi éwed madosi toya saha dedhaharan. Kanjeng Nabi Ibrahim landhep panggraitanipun, mangertosi kawontenanipun ingkang dipunalami déning sémahipun, nanging Siti Hajar ugi mangertosi menapa ingkang dipuntindakaken déning garwanipun sanes kekajenganipun piyambak, ananging minangka hanetepi dhawuhipun Gusti Allah, pramila Hajar nampi kawontenan punika kanthi manah ingkang yakin Gusti Allah boten naté nelantaraken lan nilaraken piyambakipun.[2] Satindakipun Kanjeng Nabi Ibrahim, Siti Hajar gesang piyambakan, mboten gadhah kanca lan rowang kejawi ingkang putra, Kanjeng Nabi Ismail ingkang taksih alit. Énjing punika Ismail muwun jalaran ngraosaken ngelak lan luwe sanget kepéngin ngunjuk saha dhahar. Kemangka sedaya sangu sampun sami telas. Kanthi manah ingkang sisah lan melas dhumateng Ismail, Siti Hajar sigra minggah dhateng bukit Shafa kanthi pangajab nedya pinanggih tiyang ingkang saged paring pitulungan dhumateng piyambakipun saha putranipun, nanging boten wonten tiyang wonten mriku.[2] Gantos minggah dhateng Bukit Marwah. Nalika wonten ing bukit Marwah, Siti Hajar pirsa tuk sumbering toya ingkang medalaken cahya, gegancangan nyaketi tuk punika, nanging pranyata boten wonten, Hajar ugi pirsa ing bukit Shafa wonten toya, nanging kanyatanipun boten wonten, piyambakipun lelampahan ngantos pitung ambalan saking bukit Shafa dhateng bukit Marwah ngantos sukunipun medalaken getih. Pungkasanipun Siti Hajar kraos sayah, lajeng wangsul wonten papanipun utawi griyanipun. Nanging sasampunipun dugi ing griyanipun, Hajar ningali putraanipun boten muwun malih, dipuntingali kanthi premati, ing sukunipun Ismail wonten sawijining tuk sumber toya, lajeng Hajar rikat-rikat mundhut toya punika kanggé dipununjukaken déning putranipun.[2] Hajar boten naté kéndel kanggé muji asma dalem Allah, amargi wonten ing papan punika kathah kaberkahan ngantos Ismail dhiwasa.[2]
Haji
[besut | besut sumber]Tumindakipun Siti Hajar ingkang wola-wali madosi toya kanggé putranipun, lumampah antawisipun bukit Shafa saha Marwah dipundadosaken salah satunggaling peranganipun ibadah haji kanggé para umat muslim ingkang winastan sa'i (Sa`i Arab: سَعِي). Nalika ngibadah haji saha umrah, tiyang ingkang nindakaken haji utawi umrah kedah ngubengi bukit Safa saha Marwa ngantos pitung ambalan ingkang ancasipun mengeti pangorbananipun lan nelangsanipun Siti Hajar madosi toya kanggé putranipun nun injih Ismail. Pérangan punika nggambaraken gegambaraning perjuwanganipun ibu wonten ing Islam, ugi kapamarsaaning tiyang éstri.[1]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b (ing basa Arab)Biografi Siti Hajar (dipununduh 13 Novèmber 2012)
- ↑ a b c d Perjuangan Siti Hajar ngopéni Ismail[pranala mati permanèn](dipununduh 13 Novèmber 2012)