Umrah

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Allah1.png
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Umrah kuwi salah sijiné ibadah jroning agama Islam. Mèh padha karo ibadah kaji, ibadah umroh diayahi kanthi cara nglakoni sawetara ritual ibadah ing kutha suci Mekkah, khususé ing Masjid Al Haram. Bédané umrah karo kaji yakuwi bab wektuné. Umrah bisa dilakoni sawektu-wektu (saben dina, sabensasi, saben taun), déné ibadah kaji mung bisa dilakoni ana ing wektu antara tanggal 8 Dzulhijjah nganti 12 Dzulhijjah. Ibadah kaji kuwi wajib kanggoné sing kuwasa, nanging yèn ibadah umrah kuwi ana sing wajib lan ana sing sunnah hukumé. (Yèn dilakoni olèh pahala, yèn ora dilakoni ora dosa). Umrah wajib kuwi umrah kanggo sing sapisanan dilakoni lan diarani Umrahul Islam. lan umrah sing diayahi amarga duwé nadar. Umrah sing kapindho lan saterusé sing dudu amarga nadar kuwi klebu saunnah ukumé.

Syarat, rukun lan wajib umrah[sunting | sunting sumber]

Syarat umrah[sunting | sunting sumber]

  1. Islam
  2. Baligh (diwasa)
  3. Aqil (duwé akal)
  4. Mardika (dudu budhak)
  5. Istitha'ah (kuwawa)

Yèn ora nduwèni syarat-syarat mau gugur kawajiban umrah kanggo sawenèh uwong.

Rukun umrah[sunting | sunting sumber]

  1. Niat ihram
    1. Thawaf umrah (ngubengi ka'bah)
    2. Sa'i
    3. Tahallul (gunting rambut)
    4. Tartib (miturut paugeran lan urut)

Wajib umrah[sunting | sunting sumber]

  1. Ihram saka miqat (papan miwiti niat)
    1. Ngadohi larangan umrah

Kawajiban iki yèn dilanggar tetep sah nanging kudu mbayar dham (dhendha).

Ihram[sunting | sunting sumber]

Ihram yakuwi nindakaké umrah utawa ibadah kaji diwiwiti saka miqat. Jroning ngayahi ihram wong lanang nganggo sandhangan rong lembar kain tanpa jaitan, siji kango sarungan lan sijiné minangka seléndhang. Sandhangan ihram iki disunnahaké awarna putih, ora kena nganggo clana, klambi, topi lan ora kena nutup kemiri (mata kaki). Kanggoné wanita, olèh nganggo sandhangan biasa sing nutupi sakabèhing awak, lan disunnahaké nganggo sarwa putih, nanging ora kena nutupi rai lan tapak tangan (ora kena nganggo sarung tangan).

Tata Cara Umrah[sunting | sunting sumber]

Kanggo tata cara ibadah Umrah, perlu digatèkaké bab-bab ing ngisor iki :

  1. Disunnahaké adus (janabah) sadurungé ihram.
  2. Nganggo sandhangan ihram. Kanggo wong lanang arupa rong potong kain putih resik (tanpa jaitan), kang dianggo sarung lan selendhang, déné kanggo wanita ngganggo sandhangan apa waé kang nutup aurat tanpa nganggo hiasan asésori lan ora nganggo cadar utawa sarung tangan.
  3. Niat umrah jroning ati lan ngucapaké Labbaika 'umrotan utawa Labbaikallahumma bi'umrotin. Nuli maca talbiyah (rada banter tumrap wong lanang, déné wanita cukup angger krungu wong sing ana ing sisihé). Ucapan talbiyah yakuwi: Labbaikallahumma labbaik, labbaika laa syarika laka labbaik. Innal hamda wan ni'mata laka wal mulk laa syarika laka.
  4. Yèn wis tekan kutha Mekkah, disunnahaké adus luwih dhisik sadurungé mlebu (Masjid Al Haram).
  5. Satekané ing Ka'bah, wacan talbiyah diendhegaké sadurungé thawaf. Nuli nuju Hajar Aswad, karo njawil nganggo tangan tengen utawa ngecup (yèn bisa) lan ngucapaké Bismillahi wallahu akbar. Yèn ora bisa ngecup utawa njawil Hajar Aswad, cukup mènèhi isyarat lan nyebut Allahu akbar.
  6. Thawaf, yakuwi ngubengi ka'bah ping pitung ubengan. Telung ubengan pisanan mlaku cepet lan sisané mlaku biasa. Thawaf diwiwiti lan dipungkasi ing Hajar Aswad lan ka'bah didadèkaé sisih kiwa (mubengé ngiwa).
  7. Shalat rong raka'at ing tlatah Maqam Ibrahim (yèn bisa) utawa ing panggonan liyané jroning Masjid Al Haram kanthi maca surat Al-Kafirun ing raka'at kapisan lan Al-Ikhlas ing raka'at kapindho.
  8. Sa'i, yakuwi munggah ka bukit Shafa lan ngadhep kiblat karo ngangkat tangan kaloroné, lan ngucapaké: Innash shofa wal marwata min sya'aairillah. Abda'u bima bada'allahu bihi (Aku miwiti kanthi apa Allah miwiti). Nuli takbir ping telu tanpa mènèhi tandha lan ngucapaké: Laa ilaha illallahu wahdahu laa syarika lahu. Lahul mulku wa lahul hamdu wahuwa 'alaa kulli syai'in qodiir. Laa ilaha illallahu wahdahu anjaza wa'dahu wa shodaqo 'abdahu wa hazamal ahzaaba wahdahu 3x. Terus maca donga sak senengé.
  9. Amalan ing ndhuwur mau dibalèni saben ubengan ing sisihé bukit Shafa lan Marwah dikanthi donga.
  10. Sa'i dilakoni ping pitu (ngétungé: budhal sepisan, bali sepisan, diwiwiti saka Shofa lan dipungkasi ing bukit Marwah).
  11. Tahalul (gunting rambut), kanggo wong lanang disunnahaké cukur gundhul lan motong wates driji tumrapé wanita.
  12. Kanthi ritual potong rambut (tahalul) mau, ibadah umrah wis rampung.
Thawaf ngubengi ka'bah

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Umrah&oldid=812734"