Januari 2009
26 Januari 2009 - Grahana srengéngé cincin katon kaping 26 Januari 2009 ing Samudra Hindhia bagéyan kidul, ujung kidul Pulo Sumatra (Lampung), Selat Sundha, Pulo Bangka bagian kidul, Pulo Belitung, lan Kalimantan, Jawa Kulon bebarengan karo Taun Anyar Imlek.(JawaPos)
20 - Barack Obama dilantik minangka Presiden Amérika Sarékat kaping 44. (BBC)
19 - Hamas mèlu nyatakaké gencatan senjata sawisé Israel ngumumaké bakal narik pasukané saka Lurung Gaza jroning seminggu. (detikNews)
18 - Kobongan gedhé ing dépo pangisèn BBM duwèké Pertamina ing Plumpang, Jakarta Lor. (Metro TV Online)
17 - Israel sacara sepihak mratélakaké gencatan senjata jroning konflik Israel-Hamas. (NYTimes)
17 - Qatar lan Mauritania mèlu medhot hubungan karo Israel minangka protès ngenani serangan militèr Israel ing Lurung Gaza. (detikNews)
16 - FIA mbatalaké A1GP Indonesia sing sadurungé bakal dianakaké tanggal 6-8 Februari 2009 ing Lippo Village, Tangerang, amarga penyelenggara ora bisa nepati wates wektu kanggo ngrampungaké sirkit. (A1GP)
15 Januari 2009 - Harifin A. Tumpa kapilih dadi Ketua Mahkamah Agung Republik Indonesia. (detikNews)
15 - Montor mabur US Airways pamaburan 1549 tiba ing Kali Hudson sawisé lepas landhas saka Bandhara LaGuardia ing New York City amarga motoré kalebonan manuk. (Yahoo!)
14 - Bolivia lan Venezuela medhot hubungan diplomatik karo Israel minangka protès ngenani serangan militèr Israel ing Jalur Gaza. (detikNews)
14 - Sawisé mudhunaké rega BBM, Pamaréntah Indonesia uga mudhunaké tarip sepur kelas ekonomi kanggo jurusan menengah lan adoh gedhéné 8 persèn, wiwit tanggal 15 Januari 2009. (detikNews)
12 - Cristiano Ronaldo dinobataké minangka Pemain Paling Apik Donya FIFA 2008, ngalahaké Lionel Messi lan Fernando Torres. (detikSport)
12 - Pamaréntah Indonesia mudhunaké rega BBM jinis premium lan solar dadi Rp4.500,00 per liter, sarta tarif dhasar listrik kanggo industri gedhéné rata-rata 8 persèn, wiwit 15 Januari 2009. (detikFinance)
11 - Kapal Motor Teratai Prima 0 sing nggawa 250 penumpang lan 17 awak kapal kèrem ing Tanjung Baturoro, Sendana, Majene, Sulawesi Kulon, nalika lelayaran saka Parepare, Sulawesi Kidul, tumuju Samarinda, Kalimantan Wétan. 18 korban kasil dislametaké lan nasib 249 wong liyané durung kinawruhan. (Kompas.com)
10 - Badan Pengawas Obat lan Panganan (BPOM) nemokaké welasan produk panganan jajanan tanpa idin ing kawasan niaga Sudirman, Jakarta Kidul, DKI Jakarta; salah sajiné ngandhut melamin. (Liputan 6)
8 - Rokèt-rokèt saka Libanon sing ditémbakaké menyang Israel bisa mbukak front kapindho. (AP via Yahoo!)
7 - Massa ing Surabaya nyègel sinagoga Yahudi ing kutha iku lan ngobong bendéra Israel ing palataran ngarepe. (Suara Karya)
4 - Èwon pasukan dharat Israel didhukung barisan tank lan helikopter tempur nglancaraké serangan dharat ing Gaza, Setu wengi. (AP)
4 - Amérika Sarékat mblokir seruan Dewan Keamanan PBB supaya gencatan senjata cepet dilaksanakaké ing Lurung Gaza lan Israel kidul kanthi alesan ora ana kamungkinan Hamas bakal nuruti seruan Dewan minggu kapungkur supaya cepet mungkasi kakerasan. (AP)
4 - Gazprom, raseksa energi Rusia, nyeru marang Ukraina supaya rundingan manèh bab pasulayan sing wis nyebabaké Moskwa mutus pasokan gas menyang negara iku, sinambi ndakwa Ukraina wis nyedhot pasokan sing dikarepaké kanggo Eropah. (AP)
4 - Luwih saka 50 wong ilang nalika sawijining kapal sing kabotan panumpang kèrem ing Kali Saptakoshi, watara 400 km saka Katmandu, Nepal. (AP)
4 - Pasukan Sri Lanka tansaya nyedhak menyang Mullaittivu, distrik alas ing pesisir wétan-lor negara iku sing dadi fasilitas utama militer Macan Tamil. (AFP)
4 - Lindhu kakuwatan 7,2 pada Skala Richter, Ngaat ésuk, ngguncang wilayah Samlauki, Maluku, lan Manokwari, Papua Kulon.(Liputan 6)
4 - Brooke Anderson, juru wicara Presiden Amérika Sarékat kapilih, mratélakaké, Barack Obama nulak mènèhi tanggapan tumrap serangan dharat Israel menyang Lurung Gaza.(Liputan 6)
2 - Lindhu tektonik kanthi kakuwatan 5,4 Skala Richter ngguncang Bengkulu jam 01.37.24 WIB. Katrangan BMG saenggon nyebutaké, lindhu kedadéyan ing titik koordinat 4,45 LS lan 101,13 BT, ing Kabupatèn Bengkulu Lor.(Liputan 6)
Mangga mirsani [sunting]
- Desember 2008 - Januari 2009 - Februari 2009
| Januari-Februari-Maret-April-Mei-Juni-Juli-Agustus-September-Oktober-November-Desember |
| Dasawarsa | Januari Taun : | |||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| 1900-an | 1900 | 1901 | 1902 | 1903 | 1904 | 1905 | 906 | 1907 | 1908 | 1909 |
| 1910-an | 1910 | 1911 | 1912 | 1913 | 1914 | 1915 | 1916 | 1917 | 1918 | 1919 |
| 1920-an | 1920 | 1921 | 1922 | 1923 | 1924 | 1925 | 1926 | 1927 | 1928 | 1929 |
| 1930-an | 1930 | 1931 | 1932 | 1933 | 1934 | 1935 | 1936 | 1937 | 1938 | 1939 |
| 1940-an | 1940 | 1941 | 1942 | 1943 | 1944 | 1945 | 1946 | 1947 | 1948 | 1949 |
| 1950-an | 1950 | 1951 | 1952 | 1953 | 1954 | 1955 | 1956 | 1957 | 1958 | 1959 |
| 1960-an | 1960 | 1961 | 1962 | 1963 | 1964 | 1965 | 1966 | 1967 | 1968 | 1969 |
| 1970-an | 1970 | 1971 | 1972 | 1973 | 1974 | 1975 | 1976 | 1977 | 1978 | 1979 |
| 1980-an | 1980 | 1981 | 1982 | 1983 | 1984 | 1985 | 1986 | 1987 | 1988 | 1989 |
| 1990-an | 1990 | 1991 | 1992 | 1993 | 1994 | 1995 | 1996 | 1997 | 1998 | 1999 |
| 2000-an | 2000 | 2001 | 2002 | 2003 | 2004 | 2005 | 2006 | 2007 | 2008 | 2009 |
| 2010-an | 2010 | 2011 | 2012 | 2013 | 2014 | 2015 | 2016 | 2017 | 2018 | 2019 |
| 2020-an | 2020 | 2021 | 2022 | 2023 | 2024 | 2025 | 2026 | 2027 | 2028 | 2029 |