Lindhu
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Lindhu utawa gempa bumi iku kedadèn getaran ing lumahing bumi sing dijalari anané obahing lèmpèng tektonik ing kerak bumi utawa sebab-sebab liya. Lindhu iki sakjané saben wektu kedadèn ing bumi nanging sebagéyan skala getarané cilik banget nganti ora krasa, nanging nèk diukur nganggo alat ukur lindhu seismograf, getaran iki bisa diukur.
Pangukuran skala getaran lindhu iku diukur miturut skala Richter sing ètungan skalané antara 1 nganti 9. Saliyané skala Richter, lindhu uga bisa diukur nganggo skala Mercalli.
[sunting] Jenis Lindhu
[sunting] Daftar Lindhu
Lindhu sing paling gedhé sing kacathet ing jaman modhèrn saiki yaiku lindhu ing Chili taun 1960, iku nganti 9,5 skala Richter.
| No. | Enggon | Taun | Skala (Richter) | Koordinat |
|---|---|---|---|---|
| 1 | Chili | 1960 | 9.5 | -38.24 -73.05 |
| 2 | Prince William Sound, Alaska | 1964 | 9.2 | 61.06 -147.65 |
| 3 | Lepas pantai kulon Sumatra, Indonésia | 2004 | 9.0 | 3.30 95.78 |
| 4 | Kamchatka | 1952 | 9.0 | 52.76 160.06 |
| 5 | Lepas pantai Ekuador | 1906 | 8.8 | 1.0 -81.5 |
| 6 | Sumatra Lor, Indonésia | 2005 | 8.7 | 2.08 97.01 |
| 7 | Pulo Rat, Alaska | 1965 | 8.7 | 51.21 178.50 |
| 8 | Kepuloan Andreanof, Alaska | 1957 | 8.6 | 51.56 -175.39 |
| 9 | Assam, Tibet | 1950 | 8.6 | 28.5 96.5 |
| 10 | Kapuloan Kuril | 1963 | 8.5 | 44.9 149.6 |
| 11 | Laut Banda, Indonésia | 1938 | 8.5 | -5.05 131.62 |
| 12 | Wewatesan Chili lan Argentina | 1922 | 8.5 | -28.55 -70.50 |
[sunting] Persiapan Ngadhepi Lindhu
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.