Konflik Gaza 2008-2009
| Konflik Gaza 2008-2009 | |||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Bagéan saka Konflik Israel-Palestina | |||||||||
Wilayah konflik |
|||||||||
|
|||||||||
| Pihak sing kalibat | |||||||||
Jihad Islam Palestina |
|||||||||
| Komandhan | |||||||||
| Kakuwatan | |||||||||
| 176.500 tentara reguler (total)[1] | 10,000[2]
20,000 anggota Hamas ing Gaza |
||||||||
| Cacahé korban | |||||||||
| 10 tiwas 84 tatu[3] |
+700 tiwas, klebu:[4] 219 bocah 89 wadon ± 3100 tatu. |
||||||||
Konflik Gaza 2008-2009iku ngarujuk marang konflik sing lumaku antara Israel lan Hamas, sing kadadéyan sawisé kadaluwarsané gencatan senjata jroning 6 sasi.[5] Israel nglancaraké serangan udhara, diarani Operasi Cast Lead (basa Ibrani: מבצע עופרת יצוקה, Mivtza Oferet Yetzukah), marang Lurung Gaza minangka walesan marang serangan roket saka Gaza lan Hamas.
Sawijining jajak pendapat sing dianakaké déning surat kabar Haaretz nuduhaké yèn masyarakat Israel ana ingsamburiné operasi iku. Malah, saliyané 52 persèn sing ndhukung serangan udhara, ana 19 persèn sing ngarepaké serangan dharat. Saka bab iki, ana 25 persèn sing nganjuraké énggal gencatan senjata. Perkembangan iki nylametaké popularitas koalisi Partai Kadima (Mentri Luar Negeri Tzipi Livni) lan Partai Buruh (Mentri Pertahanan Ehud Barak), sing mlorot nalika ngadhepi Benjamin Netanyahu sing ultranasionalis[6].
Perang iki bisa-bisa bakal tansaya ambra-ambra sawisé telu utawa lima roket sing diculaké saka Libanon ngantem telung lokasi ing wilayah Galilee Israel lor. Témbakan roket saka njaban Palestina iku nyilakani wong loro.[7] Israel mbales némbakaké 6 mortir menyang Libanon. Durung diweruhi apa ana kurban jiwa saka serangan Israel kasebut.[8]
Delengen uga [sunting]
Referensi [sunting]
- ^ The Institute for National Security Studies", chapter Israel, March 23, 2008.
- ^ http://www.ynetnews.com/articles/0,7340,L-3360655,00.html
- ^ http://67.19.80.66/republika/RP/RP/2009/01/08/index.shtml Israel Kewalahan
- ^ http://www.aljazeera.com/news/articles/34/More_than_700_Martyrs_3100_Wounded_in_Israeli_Agg.html More than 700 Martyrs, 3100 Wounded in Israeli Aggression on Gaza
- ^ "TIMELINE - Israeli-Hamas violence since truce ended", Reuters, 1 Januari, 2009. diaksès tanggal 2 Januari, 2009.
- ^ Perang Para Politikus, Tempo
- ^ Roket dari Lebanon Hantam Israel
- ^ Israel Lancarkan Serangan Balasan ke Lebanon
Pranala njaba [sunting]