Januari 2011
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
- 14 Januari Presiden Ben Ali saking Tunisia mlajeng dhateng negari ngamanca sasampunipun huru-hara. Piyambakipun sampun mréntah saking taun 1987.
- 13 Wonten organisme ingkang umuripun sampun 34.000 taun taksih gesang dipun panggihaken.(Yahoo!)
- 9 Referèndum ngenani kamardikan Sudan Kidul sampun dipun wiwiti.
- 9 Wonten montor miber Air Iran Pamiberan 277 dhawah celak kutha Urumiyeh ing Iran. Saking 156 panumpang wonten 33 ingkang slamet lan 72 jiwa téwas.
Gabrielle Giffords
- 8 Anggota Congress Amérika Sarékat, Gabrielle Giffords dipun témbak in Tucson, Arizona nanging taksih gesang. Wonten 6 tiyang bèntenipun téwas lan 12 tatu-tatu. Ingkang némbak satunggaling tiyang jaler umur 22 taun.
- 5 Kobongan ageng ing satunggaling pabrik kimia Chemie-Pack ing Moerdijk sakidulipun Rotterdam ndamel latu saha asep inggil sanget. Begjanipun mboten wonten korban jiwa.(RNW)
Grahana srengéngé ing Sana, Yaman
- 4 Grahana srengéngé kapisan ing taun 2011 katingal cetha ing Eropah, Afrika Lèr lan Asia Lèr.
- 3 Angkatan pungkasan wajib militèr Jerman dipun undhang. Ing tanggal 1 Maret 2011 ingkang dipun undhang namun angkatan sukalilawan kémawon. Wiwit tanggal 1 Juli, wajib militèr ing Jerman badhé dipun jabel.
- 2 Rusia ngèndelaken sedaya montor mabur Tupolev 154 satelasipun wonten sawatawis kacilakan ing taun 2010 lan tanggal 1 Januari.
- 1 Januari 2011 Estonia minangka anggota Uni Eropah dados negari kapindhah manten Uni Sovyèt ingkang ngadopsi valuta Euro.
- 1 Hungaria dados kepala Uni Eropah kanggé nem sasi.
Mangga mirsani [sunting]