Pertamina
| PT Pertamina (Persero) | |
|---|---|
| Gambar:Logo pertamina0.gif | |
| Jenis | BUMN |
| Indhustri | Lenga lan Gas Bumi |
| Diadegaké | 10 Desember 1957 |
| Kantor pusat | Jl. Medan Merdeka Timur 1A Jakarta 10110 Telp : (021) 3815111, 3816111 Fax : (021) 3633585,3843882 |
| Tokoh wigati | Karen Agustiawan, Dirut |
| Situs wèb | http://www.pertamina.com/ |
PT Pertamina (Persero) (biyèn jenengé Perusahaan Pertambangan Lenga lan Gas Bumi Negara) iku sawijining BUMN sing duwé tugas ngelola panambangan lenga lan gas bumi ing Indonésia.
Pertamina tau duwé monopoli pangdegan SPBU ing Indonésia, nanging monopoli mau wis dibusak pamaréntah nalika taun 2001. Perusahaan iki uga ngoprasikaké 7 kilang lenga kanthi kapasitas total 1.051,7 MBSD, pabrik petrokimia kanthi kapasitas total 1.507.950 ton per taun lan pabrik LPG kanthi kapasitas total 102,3 yuta ton per taun.
Pertamina iku asil gabungan saka perusahaan Pertamin karo Permina sing didegaké nalika tanggal 10 Desember 1957. Panggabungan iki dumadi taun 1968. Direktur utama (Dirut) sing njabat saiki yaiku Karen Agustiawan sing dilantik déning Menneg BUMN Syofan Djalil tanggal 5 Februari 2009 nggantèkaké Dirut sing sadurungé Ari Hernanto Soemarno. Pelantikan Karen Agustiawan iki nyathet sajarah wigati amarga panjenengané dadi wanita pisanan sing kasil nglungguhi pucuk pimpinan ing perusahaan BUMN paling gedhé duwèkané Indonésia iku.
Kagiyatan Pertamina jroning nyelenggarakaké usaha ing babagan energi lan petrokimia, kabagi jroning sèktor Hulu lan Hilir, sarta ditunjang déning kagiyatan anak-anak perusahaan lan perusahaan patungan.
Pranala njaba [sunting]
- (id)Situs resmi
- (id)Pertamina Unit Pangolahan III Palembang
- (id)Pertamina Unit Pangolahan IV Cilacap