Liter
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Liter yaiku unit ukur saka volume. Liter dudu salah siji saka unit SI, senajan dianggep "unit sakjabaning SI kang bisa ditampa ppigunane karo SI". Unit SI kanggo volume yaiku meter kubik (m³).
1 l = 1 dm3 = 1.000 cm3 = 1.000 cc
1 ml = 1 cm3 = 1 cc
Simbol liter yaiku huruf l cilik, utawa hurup kapitale, L. Huruf l cilik latin (ℓ) uga digunakake senajan ora ditampa dening BIPM.
Definisi [sunting]
1 liter padha karo:
- 0.001 meter kubik,
- 1 desimeter kubik,
- 1000 sentimeter kubik
- volume kubus kang sisi-sisine 10 sentimeter.
Liter uga bisa dipara dadi unit kang luwih cilik, yaiku 1 liter padha karo:
- 1.000.000 mikroliter (µL)
- 1.000 mililiter (mL) = 1.000 sentimeter kubik (cm³ utawa cc),
- 100 sentiliter (cL),
- 10 desiliter (dL),
- 0,01 hektoliter (hL).