Duhsasana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Duhsasana

Dursasana utawa Duhsasana ing basa Sansekreta ditulis Duḥṣāsana lan tegesé ‘angèl dikuwasani’.

Miturut padhalangan, Dursasana iku putrane Prabu Dhestharastra klawan Dewi Gendari kang angka loro. Rayine Prabu Duryudana cer iki kalebu paraga kondhang tur uripé kebak guyu sarta lambeyan.

Wujud wayange sarira geng aluhur ronggah-ronggah sarwa wagu. Brengose crapang naga nglangi, gudheg wok simbar jaja, wulune abang. Netra pendhul, jénggot nggandhul, lan untune gingsul.

Kasatriyane ana ing Kadipaten Banjarjungut (Banjarjunut). Garwane sesilih Dewi Candramukiwati utawa Candramuki, Dewi Sweta, Dewi Lata, Dewi Nirjara utawa Nirsarawati lan Dewi Diwija. . Pusakane wujud panah kang gedhé arane Kiai Barla.

Asal jeneng (Ètimologi)[besut | besut sumber]

Jeneng Dursasana iku jare Ki dhalang mengku teges panggonan kang ala. Mula watake Dursasana angkara murka, sewenang-wenang, degsiya, lan ugal-ugalan. Yèn nuju ning pasewakan dicritakake lungguhe sila tumpang, déné yèn ana paseban njaba, lungguhe ana ngarep dhéwé, cedhak karo Patih Sengkuni. Mula padhatane banjur matur nungsung pawarta luwih dhisik ketimbang para Kurawa liyané :"Man..werta, man werti. Man Sengkuni ingkang putra wonten njawi nungsung warti, man Sengkunar wonten latar kula nungsung kabar, kadhospundhi dhawuh pangandhikanipun Kaka Prabu Duryudana lumantar paman Sengkuni...hoo...hoo...".

Dursasana iku kalebu paraga sing banget nyujanani marang kasetyane Dewi Banowati dan Dewi Mayuriwati (garwane Prabu Duryudana), sing miturut saka panemune Dursasana bathin-bathine Banowati dan Mayuriwati iku tansah memuji supaya Kurawa bisa tumpes tapis tanpa sisa saéngga bisa ngunggah-unggahi Arjuna/Janaka.

Perang Bharatayudha[besut | besut sumber]

Ing perang Baratayuda, Dursasana mati déning Werkudara nalika arep mlumpat kali Cingcinggoling (kali Kelawing). Dursasana kang keplayu nalika tetandhingan yudha mungsuh Werkudara nuli mlumpati kali Cingcinggoling, nanging tekan satengahe kali sikile Dursasana dijegal déning yitmane juru satang prau tambangan aran Ki Sarka kang mbiyèn wis tau diperjaya Dursasana kinarya tumbal perang. Bareng Dursasana wis kelakon keceblok ana satengahe kali, topong agemane banjur disaut déning yitmane Ki Tarka saéngga rikmane ngrembyah. déning Dyan Bratasena rikmane Dursasana disaut terus digeret ana padharatan. Tekan ing padharatan Dursasana banjur disirnakake. Kuwandhane dipotheng-poteng, bahune disempal-sempal, jangga ditigas, wadhuke disudhet nganggo Kuku Pancanaka, ususe diobrol-obrol, ludhirane dikokop déning Werkudara sarta kanggo kramas Dewi Drupadi, prameswarine Puntadewa.

Patine Dursasana sing kaya mangkono iku jalaran ngunduh wohing pakartine dhéwé. Dhek jaman Pandhawa kalah anggoné kasukan main dadu mungsuh Duryudana kang diwakili Sengkuni, Dursasana nedya gaewe wirange para Pandawa lan Drupadi. Sang Dewi nedya diblejeti agemane ana pasewakan agung praja Astina, nanging eloking kaanan, saben sandhangane Drupadi diudhari selembar déning Dursasana, isih terus ana waé lembaran sandhangane sing ana sangisore sandhangan sing arep diudhari iku, saéngga Drupadi opra sidha kawudhan. Kadadeyan mau banget gawé lara atine Pandawa lan Dewi Drupadi. Nganti Drupadi sumpah ora pati-pati gelungan manèh yèn durung kelakon kramas nganggo getihe Dursasana. Werkudara uga mèlu sumpah yèn besok tumapaking perang baratayuda bakal motheng-motheng kuwandhane Dursasana sing dianggep ngina marang para Pandawa.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa