Menyang kontèn

Wuku

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Pawukon)
Gambaran Wuku Warigagung lan Wuku Sungsang saka Babad ing Sangkala.

Wuku iku arane unit wektu kang ditata saka 30 peken. Sa-peken utawa minggu katata saka 7 dina. Dadi setaun wuku katata saka 210 dina. Pangitungan nganggo wuku utawa diarani pawukon digunakaké ing Bali lan Jawa.

Sajane ide dhasar saka pangitungan miturut wuku iki yaiku patemonane rong dina ing sistem pancawara(pasar) lan saptawara(peken) kang dadi siji. Sistem pancawara utawa pasaran katata saka limang dina, lha banjur sistem saptawara tembung saka pitung dina.

Ing sawuku, patemonane antara dina pasaran lan dina peken wis mesthi. Conthone dina Setu-Pon ana ing wuku Wugu. Miturut kaparcayan tradhisional wong Bali lan Jawa, kabèh dina-dina iki nduwé arti dhéwé-dhéwé.

Pratélan Wuku-Wuku

[besut | besut sumber]
  1. Sinta
  2. Landhep
  3. Wukir, Ukir1
  4. Kurantil, Kulantir1
  5. Tolu, Tulu1
  6. Gumbreg
  7. Wariga alit, Wariga1
  8. Wariga agung, Warigadian1
  9. Julungwangi, Julungwangi1
  10. Sungsang

11. Galungan, Dungulan1
12. Kuningan
13.Langkir
14. Mandasiya, Medangsia1
15. Julungpujut, Pujut1
16. Pahang
17. Kuruwelut, Krulut1
18. Marakeh, Merakih1
19. Tambir
20. Medangkungan

21. Maktal
22. Wuye, Uye1
23. Manahil, Menail1
24. Prangbakat
25. Bala
26. Wugu. Ugu1
27. Wayang
28. Kulawu, Kelawu1
29. Dukut
30. Watugunung

1Jeneng alternatif, racaké kang dienggo ing Bali. Yèn dideleng mung pasang aksarane (ejaan) kang rada béda.

Perabot Wuku

[besut | besut sumber]

Perabot Wuku bisa dibédakaké dadi telung jinis, yaiku:[1]

  • kang kagolong Penanggalan, yaiku perabot Wuku kang lumaku miturut tanggal.
  • kang kagolong Bincil,
  • kang asalé sala leluri.

Perabot Wuku kang kagolong Penanggalan

[besut | besut sumber]

Perabot Wuku kang kagolong Penanggalan iku perabot Wuku kang lumaku miturut tanggal, yaiku: dina, pasaran, padéwan, paringkelan lan padangon.

  • Padewan, yaiku perabot Wuku kang dumadi saka wolung rupa, gunané kanggo meruhi watek manungsa lan kaperluan liyané. Padéwan iku duwé nomer urut kang ora kena diowahi. Cara ngitungé diwiwiti saka urutan pisanan 'Bethari Sri' ing dina Ahad Paing Wuku Sinta nganti entèk nembé bali manèh saka wiwitan. Perlu diélingi yaiku nalika Wuku Galungan, Bathara Kala wiwit dina Senèn Pon, Selasa Wagé kanthi terus terusan sajeroning 3 dina, nembé genti Bathari Uma ing dina Rebo Kliwon. Katelu dina mau dijenengaké Dungulan utawa Dendan Kukudan. Urutan lan watek sarta mupangaté kaya pratélan ing ngisor:
    • Bethari Sri, wateké: welas asih, mupangaté: nandur pari lan klapa.
    • Bathara Indra, wateké: teliti nanging angkuh, mupangaté: wiwit ajar kabèh èlmu.
    • Bathara Guru, wateké: mènèhi pacoban lan ganjaran, nanging "lelemeran", mupangaté: masang tumbal.
    • Bathara Yamadipati, wateké: pangertèn nanging kesèd, mupangaté: miwiti usaha dagang.
    • Bathara Rudra, wateké: berbudi lan bojakrama (loma bab panganan), mupangaté nderes, gawé sumur, wangan.
    • Bathara Brama, wateké: nrangasan lan ora srantan, mupangaté: miwiti babad alas lan sawah tegalan.
    • Bathara Kala, wateké: èlèk budiné, serakah, seneng ngapusi. mupangaté: gawé paugeran aturan lsp.
    • Bathari Uma, wateké: welas nanging jail, mupangaté: gawé pager lan wates.
  • Paringkelan, asal saka ringkel kang tegesé apes. Paringkelan ana enem yaiku: Tungle, Aryang, Wurukung, Paningron, Uwas, lan Mawulu.
    • Tunglé: tegesé apesé ing godhong, wateké: sanggup nanging ora diayahi, mupangat:gawé isin, larangan: aja nandur kang dijupuk godhongé kaya tembako, suruh, janganan lsp.
    • Aryang: tegesé apesé ing manungsa, wateké:kerep lali, mupangat: gawé sabangsa racun, warangan lsp, larangan: mantu, ngadegaké omah, pindhah omah, miwiti nandur.
    • Wurukung: tegesé apesé ing kéwan, wateké: léna, mupangat: kanggo ajag, larangan: negor alas.
    • Paningron: tegesé apesé ing manuk, wateké: takabur, mupangat: mikat uatawa luru manuk, larangan: gawé kurungan.
    • Uwas: tegesé apesé ing iwak loh, wateké: mélikan, mupangat: gawé piranti golèk iwak kaya jala, jaring, pancing lsp.
    • Mawulu: tegesé apesé ing wiji, wateké: kerep lara, mupangat: miwiti ngolah sawah, larangan: miwiti nandur winih.
  • Padangon, yaiku perabot Wuku kang dumadi saka sangang rupa kanggo meruhi watek manungsa lan kaperluan liyané.[2]
    • Dangu: tegesé watu, wateké: meneng, cublúk, abot, atos.
    • Jagur: tegesé macan, wateké: galak, awas, luwes, rosa.
    • Gigis: tegesé bumi, watêké: jembar, ngreksa, momot.
    • Kerangan: tegesé srengéngé, wateké: atos, titi, ajeg, ngawruhi ala lan becík, padhang.
    • Nohan: tegesé rembulan, wateké: bungah lan sengsem, asan, kena pitenah.
    • Wogan: tegesé uler, wateké: mugên, antêpan.
    • Tulus: tegesé banyu, wateké: temen, rosa, jembar, diérami, lembut pangarahé.
    • Wurung: tegesé geni, wateké: panasbaran ing sabarang karepé.
    • Dadi: tegesé kayu, wateké: luhur lumuh kaungkulan.

Perabot Wuku kang kagolong Bincil

[besut | besut sumber]
  • Paarasan, ana 10 warna miturut gunggung neptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptu dina lan pasaran dina kelairané banjur dipara sepuluh lan sisané nuduhaké wateké wong mau. Yèn gunggung neptu 10 utawa kurang saka sepuluh, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau. Urutan Paarasan lan wateké:
    1. Aras Tuding lakuning sétan, wateké antarané wanthèn, kerep kaanggo gawéné nanging seneng mélik (calimut).
    2. Aras Kembang lakuné jejodhon, wateké antarané ora diéman nanging gampang olèh rasa asih saka wong liya sarta gampang mikir lan nyambut gawé.
    3. Lakuné Lintang, wateké antarané meneng, andhap asor, sabar betah melèk, bisa dagang lan kawruh basa, nanging yèn duwé karep ora bisa dialang-alangi lan kerep pindhah omah.
    4. Lakuné Rembulan, wateké antarané pinter samubarang gawéan, wawasan jembar, rikat mukti nanging ora bisa sugih amarga sungkanan.
    5. Lakuné Srengéngé, wateké antarané manis wicara, pangertèn, sok dialem, nanging yèn tukaran tansah kalah.
    6. Lakuné Banyu, wateké antarané teguh budiné, sregeb, ramah kerep dadi pamimpin.
    7. Lakuné Bumi, wateké antarané meneng, gampang nesu, ora duwé kanca lan bodho atiné welas asih.
    8. Lakuné Geni, wateké antarané gampang nesu, dhengki.
    9. Aras Peksi Lakuné Angin, wateké antarané meneng, seneng dialem.
    10. Aras Pepet Lakuné Pandhita Sekti, wateké antarané meneng, landhep pikiré.

Tabel neptu miturut dina lan pasaran:

  • Pancasuda, ana 7 warna miturut gunggung neptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptu dina lan pasaran dina kelairané banjur dipara pitu lan sisané nuduhaké wateké wong mau. Yèn gunggung neptu 7 utawa kurang saka pitu, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau.
    1. Wasésa Sagara: wateké agung budiné, gampang mènèhi ngapura, bisa nampa omongan apik lan èlèk sarta gedhé wibawané.
    2. Tunggak Semi: wateké Ora pedhot rejekiné.
    3. Satriya Wibawa: wateké tansah olèh kawibawan lan drajad.
    4. Sumur Sinaba: wateké dadi panggonan ngangsu kawruh.
    5. Satriya Wirang: wateké kerep nanggung isin lan kena alangan.
    6. Bumi Kapetak: wateké atiné resik kudu sregeb nyambut gawé lan tirakat.
    7. Lebu katiup angin: wateké mlaratan, ora krasanan kerep pindhah, kerep ora kasembadan rencanané lan kerep ngalamun.

Tabel neptu Pancasuda:

  • Kamarokan, ana 6 warna miturut neptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptu dina lan pasaran dina kelairané banjur dipara enem lan sisané nuduhaké wateké wong mau. Yèn gunggung neptu 6 utawa kurang saka enem, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau.
    1. Nuju Padu: wateké èlèk, kerep sulaya.
    2. Kala Tinantang: wateké èlèk, tansah kakurangan kerep lara lan gampang nesu.
    3. Sanggar Waringin: wateké apik, tentrem, olèh kabagjan lan rejeki, atiné tenang lan bisa dadi pelindhung kulawarga sarta seneng golèk kawruh.
    4. Mantri Sinaroja: wateké apik, kagayuh apa kang dikarepaké, uripé seneng ora kakurangan sandhang pangan lan akèh anaké.
    5. Macan Ketawan: wateké sedengan, disegani nanging uga diadohi lan kerep kélangan.
    6. Nuju Pati: wateké mampet rejekiné, susah uripé, yèn kanggo mantu rikat pisahan, kerep kena bilahi.

Perabot Wuku kang asalé saka leluri

[besut | besut sumber]
  • Waler-sanger:
    • Sing asal saka pawukon antarané: Taliwangké, Sampar wangké, Dungulan, Kala Dité, Kala mendhem, Anggara kasih, Bulan sunya, Tangisé Dewi Sinta, Jabung kala Wuku, Jaya bumi, Sarik agung lsp.
    • Sing ora asal saka pawukon antarané: Bangas, Rebo wekasan, Dina tanpa tanggal lsp.

Wariga gemet

[besut | besut sumber]

Wariga Gemet iku kasimpulan ala becikíng siji-sijiníng dina ing saubengan wuku. Cacahé ana 210 dina. Saben siji-sijiníng dina ing sajeroning saubengan wuku duwé watak ala utawa becík (rahayu). Carané nemtokaké ala beciking dina nganggo nggabungaké kabèh watak-wataké prabot Pawukon lan Wetonan. Manawa bakal kanggo ngadani pakaryan gedhé kaya déné duwé gawé lan sapanunggalané perlu digatèkaké sirikan-sirikan mau ing ngisor iki

Dina pananggalan: Dinå pétungan 7 (Saptawara), kabèh dianggep becik ora ana síng disirík. Dina Pasaran (Pancawara), kabèh ora ana síng disirík. Dina Paringkêlan (Sadwara), síng disirík siji paringkelan yaiku: Aryang.

Dina kang dudu pananggalan: Dina Padéwan (Astawara), síng disirík siji: padéwan Kala. Dina Padangon (Sangawara), síng disirík siji: padangon Wurung.

Praboté Pawukon Bincilan (pétung neptu): Pancasudå, ana 7 warna, kang disirík 3, yaiku: Satriyå Wirang, Bumi Kapetak, lan Lebu Katiyúb Angín. Rakam (kamarokan), ana 6 warna, kang disirík 3, yaiku: Kala Tinantang, Demang Kandhuruwan, lan Nuju Pati. Paarasan, ana 10 warna, síng disirík 2, yaiku Aras Tudíng lan Aras Pepet.

Praboté Pawukon Leluri: Tali Wangké, ana 6 disirík kabèh. Sampar Wangké, ana 5 disirík kabèh. Sarik Agung, ana 4 disirík kabèh. Kala Dhité, ana 3 disirík kabèh. Dhendhan Kukudan, ana 3 urut-urutan disirík kabèh. Séngkan Turunan, ana 10 síng disirík 5, yaiku: Asu Ajag Tumurun, Sapi Gumarang Tumurun, Cèlèng Demalung Tumurun, Kuthilapas Sumengka, lan Srigati Sumengka.

Wariga Gemet lumrahé isíh diganepi nganggo waton-waton liyané nalikané golèk dina becik kanggo sawijiníng kaperluwan. Jalaran manut panemuné wong Jawa pancèn ana waton-waton síng kudu dienggoni tumrapíng sasi, tanggal, lan dina. Sasi:

  • Siji-sijiníng sasi iku ana kang dianggep becík kanggo keperluwan.
  • Siji-sijiníng sasi ana dina kang diarani “sangar” lan “larangan” kang perlu disirík.
  • Sasi kang ora ana dinané Anggara Kasíh (Selasa Kliwon) beciké disirík.

Tanggal:

  • Ana tanggal saben sadhéngah sasi síng dianggep ala kanggo kaperluwan.
  • Ana tanggal naas lan bangas síng perlu disirík.

Dina:

  • Dina lan pasaran síng padha karo dina lan pasaran wiwitaning taun beciké disirík.
  • Dina lan pasaran síng padha karo dina lan pasaran pungkasaníng taun beciké disirík.
  • Dina lan pasaran kang padha karo dina lan pasaran tanggal 3 Sura beciké disirík.

Cathetan: Panampané saben wong marang anané Wariga Gemet kang nengeri dina ala lan becík ora padha. Bisa percaya bisa ora. Ana síng nganggep kabèh dina becík ora perlu wedi manawa arep nindakaké apa waé.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Penanggalan Jawa 120 Tahun Kurup Asapon, H Djanudji, Dahara Prize,2006, ISBN 979-501-454-4
  2. Situs Ki Demang: Watake prabot Pawukon

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]