Ksatriya
Ksatriya inggih punika golongan para bangsawan ingkang tumemen babagan pamerentahan utawi administrasi nagara. Ksatriya ugi minangka golongan para ksatriya utawi para Raja ingkang ahli babagan militèr saha pinter migunakaken senjata. Kuwajiban golongan Ksatriya inggih punika ngayomi golongan Brahmana, Waisya, saha Sudra. Manawi golongan Ksatriya nindakaken kuwajibanipun kanthi leres, piyambakipun badhé angsal berkah saha pandonga saking golongan Brahmana, Waisya, sarta Sudra.[1]
Ing jaman sapunika Ksatriya tegesipun pakaryan satunggaling tiyang ingkang ngabdi dhumateng penegakan hukum, kabecika lan keadilan prajurit, saged ugi minangka perwira ingkang gagah berani. Kelompok punika kalebet pamimpin nagara, pimpinan lembaga utawi tokoh masarakat amargi tugasipun saperlu njamin kaciptanipun kabecika, kasaénan, keadilan, katentreman lan keamanan ing lingkungan masarakat, bangsa lan nagara.
Ksatriya ing Pewayangan
[besut | besut sumber]Puntadewa
[besut | besut sumber]Inggih punika Raja ing Amarta utawi Indrapasta. Sasampunipun perang Bharatayuda Puntadewa dados raja ing Astina kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa gadhah jejuluk antawisipun: Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira, lan Sami Aji. Priyantun ingkang jujur, saréh, suci, luhur, remen tinulung, tresna tumrap tiyang sepuhipun saha njagi sedhérék-sedhérékipun. Gadhah pusaka kanthi aran Jamus Kalimasada, ingkang paédahipun saged dados pituduh lan pinulung tumrap kesaénan lan kasejahteraan. Puntadewa gadhah garwa kalih inggih punika Dewi Drupadi lan Dewi Kuntulwilaten.[2]
Bratasena
[besut | besut sumber]Nalika diwasa namanipun Werkudara, inggih punika ksatria Jodipati lan Tanggulpamenang. Naté dados raja Giliwesi kanthi gelar Prabu Tuguwasesa. Kagungan jejuluk antawisipun: Bima, Bayusutu, Dandun Wacana, Kusuma Waligita. Piyantun ingkang jujur, boten gumedhé, suci, manut tumrap ara-araipun (mliginipun Dewaruci)l, tresna tumrap ibu saha sedherekipun. Nalika perang gadhah jargon “Menang, nalika kalah ateges mati”. Kagungan kalih prameswuri inggih punika: Arimbi lan Nagagini. Kaliyan Arimbi pikantuk putra inggih punika Gatotkaca. Saking Nagagini angsal putra kanthi asma Antasena.[3]
Arjuna
[besut | besut sumber]Inggih punika Ksatria Madukara, raja Tinjomaya ugi. Kagungan jejuluk ingkang kathah antawisipun: Janaka, Parta, Panduputra, Kumbawali, Margana, Kuntadi, Indratanaya, Prabu Kariti, Palgunadi, Dananjaya. Priyantung ingkang remen lung tinulung, remen tapabrata, cerdik lan pinter, ahli ing kabudayan lan kesenian. Arjuna inggin punika ksatria ingkang sekti mandraguna. Kekasining para Déwa, panjalmaning Déwa Wisnu. Kagungan garwa ingkang kathah kamangka gadhah jejuluk “Lelananging jagad”, gadhah paras ingkang gagah lan boten wonten tandhinganipun. Prameswarinipun ing Arcapada ya iku Wara Sumbadra lan Wara Srikandi. Lan prameswari ingkang sanèsipun inggih punika Rarasati, Sulastri, Gandawati, Ulupi, Maeswara, lsp.[4]
Nakula
[besut | besut sumber]Inggih punika putra kapapat Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Madrim ingkang lair sesarengan kaliyan Sadewa.[4]
Sadewa
[besut | besut sumber]Putra kaping gangalipun Prabu Pandu kaliyan Dewi Madrim, dilairaken sesarengan kaliyan Nakula.[4]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.
- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-01-28. Dibukak ing 2013-01-10.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-03-04. Dibukak ing 2013-01-10.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ a b c [1]