Menyang kontèn

Kabupatèn Klathèn

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kabupaten Klaten)
Klathèn
كَبُڤَتَينْ کلَتَينْ
ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦑ꧀ꦭꦛꦺꦤ꧀
Kabupatèn

Lambang
Sesanti: Klaten Bersinar
Koordhinat: 7°39′28″S 110°39′52″E / 7.657893°S 110.6645683°E / -7.657893; 110.6645683Koordhinat: 7°39′28″S 110°39′52″E / 7.657893°S 110.6645683°E / -7.657893; 110.6645683
NagaraIndonésia
ProvinsiJawa Tengah
Kutha krajanKlathèn
Kacamatan[2]
Pamaréntahan
 • BupatiHj. Sri Mulyani, S.E.[3]
Laladan
 • Gunggung655,56 km2 (253,11 sq mi)
Cacah warga (Sènsus 2015)
 • Gunggung1,158,795 [1]
Zona wektuWIK (UTC+7)
Situs wèbklatenkab.go.id (ing basa Indonésia)

Kabupatèn Klathèn (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦑ꧀ꦭꦛꦺꦤ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ کلَتَينْ), (basa Indonésia Kabupaten Klaten) iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih lor DIY, kutha Klathèn iku kutha krajan kabupatèné. Amba wewengkon kabupatèn iki ± 655,56 km².

Sajarah

[besut | besut sumber]

Miturut sumber arsip kolonial, arsip kuno, karo manuskrip Jawi crita kang paling dipercaya ngenani cikal bakal Klathèn yaiku crita ngenani Kyai lan Nyai Mlati. Kyai lan Nyai Mlati yaiku Abdi Dalem saka Kraton Mataram kang manggon ana ing Kampung Sekalekan. Loro abdi dalem kuwi mau diparingi tugas karo raja kanggo maringi kembang melati lan buah Joho menyang putri-putri Keraton kanggo nggawe ngirengake untune. Gawe nyukupi kabutuhan kembang melati iku mau Kyai lan Nyai Mlati nanduri sawahane Raden Ayu Mangunkusuma karo tanduran kembang melati. Ing sajarah, ngadheke Bèntèng utawa loji Klathèn ing ngisore pamrentah Sunan Paku Buwana IV uga duweni teges kang penting ing sajarah e kabupatèn Klathèn. Tanggal diselehake watu pisanan kanggo dhasar bèntèng didadekake pamrentah kabupatèn Klathèn ing jerone Peraturan Daerah Nomer 12 Taun 2007 dadi tanggal pengetan kabupatèn Klathèn kang dielingi saben tahun karo masyarakat.[4]

Géografi

[besut | besut sumber]

Miturut géografi Kabupatèn Klathèn papané antarané 110o30'-110o45' bujur wétan lan 7o30'-7o45' lintang kidul.

Jembaring wewengkon kabupatèn Klathèn ana 665,56 km2. Ing sisih wétan mawates karo kabupatèn Sukaharja. Jarak saking kabupatèn Sukaharja kalan kabupaten Klatèak kinten-kinten 47 km[5]. Ing sisih kidul mawatesan karo kabupatèn Gunungkidul (Daerah Istimewa Yogyakarta). Ing sisih kulon mawatesan karo kabupatèn Sléman (Daerah Istimewa Yogyakarta) lan ing sisih lor mawatesan karo kabupatèn Boyolali.

Miturut topografi, kabupatèn Klathèn tlatahé kapérang dadi panggonan ing antaraning gunung Merapi lan pagunungan Sèwu lan dhuwuré antara 75-160 mèter ing dhuwuré sagara sing kapérang dadi tlatah ing pèrèng Gunung Merapi di pérangan utara areal miring, wewengkon datar dan wewengkon nggegunung di pérangan kidul.

Dideleng saka dhuwuré, tlatah kabupatèn Klathèn tumata saka dataran lan pagunungan, lan panggonané ana ing dhuwur sing béda-béda, yeku 9,72% panggonane ana ing dhuwur 0-100 mèter saka sagara. 77,52% ana ing dhuwur 100-500 mèter saka sagara lan 12,76% panggonané ana ing dhuwur 500-1000 mèter saka sagara.

Kaanan iklim Kabupatèn Klathèn kalebu iklim tropis karo mangsa udan lan mangsa kalaron silih ganti sadawaning taun, témperatur udara rata-rata 28-30o Celsius lan curah udan rata-rata kurang luwih 153 mm saben sasi karo curah udan dhuwur dhéwé sasi Januari (350mm) lan curah udan ngisor dhéwé sasi Juli (8mm).

Kacamatan

[besut | besut sumber]
Alun-alun Klathèn ing wayah wengi

Kabupatèn Klathèn ketata saking 26 kacamatan, kalurahan lan 401 désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Klathèn ya iku:

Plesiran

[besut | besut sumber]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]


  1. [1]. Retrieved 12 Dhésèmber 2017 (ing basa Indonésia)
  2. https://klatenkab.go.id/daftar-website-kecamatan-di-kabupaten-klaten. Retrieved on 27 November 2017.
  3. https://klatenkab.go.id/profil-pimpinan-badan-publik/. Retrieved 12 Dhésèmber 2019.
  4. Website Resmi Pemerintah, Kabupaten Klaten. "Sejarah Kabupaten Klaten". Dibukak ing 2021-10-14.
  5. Kabupatèn Klathèn. "PROFIL KABUPATEN KLATEN" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2021-10-27. Dibukak ing 2021-10-11.