Menyang kontèn

Warak jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Warak jawa
Pemburu Éropah lan warak jawa kang mati taun 1895
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Perissodactyla
Famili: Rhinocerotidae
Génus: Rhinoceros
Spésies: R. sondaicus
Jeneng binomial
Rhinoceros sondaicus
Desmarest, 1822[2]
Subspesies

Rhinoceros sondaicus annamiticus
Rhinoceros sondaicus inermis (cures)
Rhinoceros sondaicus sondaicus

Wewengkon panggonané warak jawa[3]

Wwarak jawa (basa Indonésia: badak bercula-satu kecil, basa Latin: Rhinoceros sondaicus) iku anggota famili Rhinocerotidae kang duwé sungu cilik siji lan siji saka limang jinis warak kang isih ana. Warak iki lumebu gènus kang padha karo warak Indhi lan duwé kulit mosaik kang mémper klambi waja. Warak iki dawané 3,1–3,2 m lan dhuwuré 1,4–1,7 m. Warak iki luwih cilik tinimbang warak Indhi lan luwih cerak gedhéné awaké karo warak Ireng/warak Hitam. Ukuran sunguné lumrahé kurang saka 20 cm, luwih cilik tinimbang sungu spésies warak liyané.

Warak iki tau dadi salah siji warak ing Asia kang paling akèh panyebarané. Sanajan ingaran "Warak jawa", kéwan iki ora mung urip ing Pulo Jawa waé, nanging ing saindhenging Nuswantara, Asia Kidul-Wétan lan Indhi sarta Tiongkok. Spesies iki saiki statusé kritis, mung sithik populasi kang tinemu ing alam bébas, lan ora ana ing kebon ratu. Warak iki minangka mamalia paling langka ing bumi.[4] Populasi 40-50 warak urip ing Taman Nasional Ujung Kulon ing Pulo Jawa, Indonésia. Populasi warak jawa ing alam bébas liyané ana ing Taman Nasional Cat Tien, Vietnam kanthi prakiran populasi ora punjul wolu ing taun 2007. Kurangé populasi warak jawa amarga paburon kanggo mélik sunguné, sing migunani banget kanggo pangobatan tradhisional Tiongkok, kanthi rega $30.000 per kilogram ing pasar gelap.[4] Kurangé populasi warak iki uga amarga kélangan habitat, kang mligi amarga perang, kaya perang Vietnam ing Asia Kidul-Wétan kang uga njalari kurangé populasi warak jawa lan ngalangi pamulihan.[5] Papané mung kéri ana ing rong laladan kang direksa. Warak jawa uga isih ana résiko diburu, gampang kena lelara lan saya ciuté karagaman genetik kang njalari gangguan nalika tangkar-tumangkar.

Warak jawa bisa urip 30 tekan 45 taun ing alam bébas. Warak iki urip ing alas ratan ngisor (hutan hujan dataran cendhèk), ara-ara kanthi suket teles lan laladan dharatan banjir gedhé. Warak jawa akèhé anteng, kajaba ing mangsa pangenalan lan nggedhèkaké anak, sanajan sawijining golongan sok bisa ngumpul nalika nggegupak lan golèk mineral. Warak diwasa ora duwé kéwan pamangsa kang dadi mungsuh. Warak jawa lumrahé nyingkir saka manungsa, nanging bakal nyerang manungsa manawa keganggu. Panliti lan pangreksa alam arang nliti kéwan iki kanthi langsung amarga langkané kéwan iki lan anané bebaya ngganggu sawijining spésies kang mèh cures. Panliti migunaake kodhak lan conto buwangan kanggo ngukur kaséhatan lan tindak-tanduké kéwan-kéwan iki. Warak jawa luwih sithik disinaoni tinimbang spésies warak liyané.

Taksonomi lan pawènèhan jeneng

[besut | besut sumber]

Warak jawa sepisanan ditliti déning panliti alam saka njaba laladan mau ing taun 1787, nalika ana k'ewan loro ditembak ing Jawa. Balung warak jawa dikirim menyang panliti alam Walanda Petrus Camper, kang séda taun 1789 sadurungé nerbitaké panemoné manawa warak jawa iku spésies istimewa. Warak jawa liyané ditembak ing pulo Sumatra déning Alfred Duvaucel kang ngirim spesimené menyang rama tiriné, Georges Cuvier, èlmuwan Prancis kang misuwur. Cuvier ngrumangsani kéwan iki spésies istimewa taun 1822, lan ing taun kang padha diidhentifikasi déning Anselme Gaëtan Desmarest kanthi jeneng Rhinoceros sondaicus. Spesies iki spésies warak pungkasan kang diidhentifikasi.[6] Desmarest ing awalé ngidhentifikasi warak iki asalé saka Jawa, nanging samengkoné ngowahi lan nelaaké spesimené asalé saka pulo Jawa.[2]

Jeneng genusé Rhinoceros, ing njeroné uga ngamot warak Indhi, asalé saka basa Yunani: rhino tegesé irung, lan ceros tegesé sungu; sondaicus asalé saka tembung Sundha, laladan kang njangkep pulo Sumatra, Jawa, Kalimantan lan kapuloan cilik ing sekitaré. Warak jawa uga ingaran warak sungu-siji cilik (kanggo mbedaaké karo warak sungu-siji gedhé, jeneng liya saka warak Indhi).

Ana telung subspesies, nanging kari loro amarga sing siji wis cures:

  • Rhinoceros sondaicus sondaicus, jinis subspesies kang dingertèni yaiku warak jawa Indonésia' kang tau urip ing Pulo Jawa lan Sumatra. Saiki populasiné mung sawetara 40-50 ing Taman Nasional Ujung Kulon, papané ing pojok kidul Pulo Jawa. Sawijining panliti ngusulaké manawa warak jawa ing Sumatra lumebu subspesies kang béda, R.s. Floweri, nanging prakara iki ora ditampa kanthi wiyar.[7][8]
  • Rhinoceros sondaicus annamiticus, yaiku Warak jawa Vietnam utawa Warak Vietnam, kang tau urip ing Vietnam, Kamboja, Laos, Thailand lan Malaysia. Annamiticus asalé saka dhèrètan pagunungan Annam ing Asia Kidul-Wétan, péranganing papan uripé spésies iki. Saiki populasiné kira-kira kurang saka 12, uripé ing alas dhataran cendhèk ing Taman Nasional Cat Tien, Vietnam. Analisa génétika mènèhi tabet manawa loro subspesies kang isih ana duwé leluhur kang padha antara 300.000 lan 2 yuta taun kapungkur.[8][9]
  • Rhinoceros sondaicus inermis, yaiku Warak jawa Indhi, tau urip ing Benggala nganti Burma (Myanmar), nanging dianggep cures ing dasawarsa awal taun 1900-an. Inermis duwé teges tanpa sungu, amarga karakteristik warak iki yaiku sungu cilik ing warak lanang (lanang), lan ora ana sungu ing warak wadon (wadon). Spesimen spésies iki yaiku wadon kang ora duwé sungu. Situasi pulitik ing Burma nyegah taksiran spésies iki ing nagara iku, nanging kaslametané dianggep ora bisa dipercaya.[10][11][12]

Évolusi

[besut | besut sumber]
Warak Indhi cerak gandhengané karo warak jawa; Kekaroné iku loro anggota jinis gènus warak.

Leluhur warak sepisanan kapérang saka Perissodactyl liyané ing mangsa Eosen awal. Perbandingan DNA mitokondria mènèhi tabet manawa leluhur warak modhérn kapérang saka leluhur Equidae watara 50 yuta taun kapungkur.[13] Famili kang isih ana, Rhinocerotidae, sepisanan muncul ing mangsa Eosen akir ing Eurasia, lan leluhur spésies warak modhérn kapérang saka Asia ing awal Miosen.[14]

Warak jawa lan Indhi iku siji-sijiné anggota gènus Rhinoceros kang sepisanan muncul ing rekaman fosil ing Asia sakiwa-tengené 1,6 yuta-3,3 yuta taun kapungkur. Prakiraan molekul mènèhi tabet manawa spésies wis kapérang luwih awal, sakiwa-tengené 11,7 yuta taun kapungkur.[13][15] Sanajan lumebu ing jinis gènus, warak jawa lan Indhi dipercaya ora cerak gandhengané karo spésies warak liyané. Panlitén kang béda wis ngetokaké hipotèsis manawa warak iku mungkin cerak gandhengané karo Gaindetherium utawa Punjabitherium kang wis cures. Analisis klad Rhinocerotidae mapanaké Rhinoceros lan Punjabitherium kang wis cures ing klad karo Dicerorhinus, warak Sumatra. Panlitén liya ngusulaké manawa warak Sumatra luwih cerak gandhengané karo loro spésies warak ing Afrika.[16] Warak Sumatra bisa kapérang saka warak Asia liyané 15 yuta taun kapungkur.[4][14]

Dhéskripsi

[besut | besut sumber]

Warak jawa awaké luwih cilik tinimbang warak Indhi, lan mèh padha warak Ireng. Dawané bisa punjul 3,1–3,2 m lan dhuwuré 1,4–1,7 m. Warak diwasa duwé bobot antarané 900 nganti 2.300 kilogram. Ora tau dianaaké panlitén kanggo nglumpukké pangukuran akurat warak iki lan dudu prioritas.[4] Ukuran badan warak iki ora ana bédané antarané sing lanang lan wadon, malah ana warak wadon kang luwih gedhé. Warak ing Vietnam luwih cilik tinimbang kang ning Jawa kanthi dhasar panlitén bukti saka foto lan pangukuran tlipak sikilé..[17]

Kaya seduluré ing Indhi, warak jawa duwé sungu siji (spésies liya duwé sungu loro). Sunguné iku sungu paling cilik saka kabèh warak, lumrahé luwih cendhak saka 20 cm lan sing paling dawa 27 cm. Warak jawa arang migunakaké sunguné kanggo gelut, nanging migunakaké sunguné kanggo mindhah lendhut ing kubangan, kanggo narik tetuwuhan supaya bisa dipangan, lan mbukak dalan ngliwati végetasi kang kandel. Warak jawa duwé lambé ndhuwur kang dawa kang kena kanggo mbantu njupuk pangan. Untu seriné dawa lan landhep; untuné iki dipigunaaké nalika warak jawa gelut. Ing samburiné untu seri ana enem untu graham dawa kang dipigunaaké kanggo mamah tetuwuhan kasar. Kaya kabèh warak, warak jawa duwé pangambon lan pangrungu kang apik nanging duwé pasawangan mata kang ala. Warak-warak iki kira-kira urip 30 nganti 45 taun.[17]

Kulité ana wuluné/rambuté sethithik, wernané klawu utawa klawu-coklat mbungkus pundhak, geger lan bokong. Kulité kandel lan duwé pola mosaik alami lan dadi tameng. Pambungkus gulu warak jawa luwih cilik tinimbang warak Indhi, nanging tetep maujud wangun pelana ing pundak. Amarga anané résiko ngganggu spésies terancam, warak jawa disinaoni/ditliti liwat conto/sampel buwangan lan kodhak. Warak-warak iki arang ditemoni, diamati utawa diukur kanthi langsung.[18]

Panyebaran lan habitat

[besut | besut sumber]
Taman Nasional Ujung Kulon ing Jawa iku papan kanggo sisa warak jawa kang isih urip.

Kira-kira kurang saka 100 warak jawa isih ana ing alam bébas. Warak-warak dianggep mamalia paling kaancam; sanajan ish ana warak Sumatra kang papan kauripané ora direksa kaya warak jawa, lan sapérangan pangreksa alam nganggep warak mau duwé résiko kang luwih gedhé. Warak jawa dimangerténi isih urip ing rong panggonan, Taman Nasional Ujung Kulon ing pojok kulon pulo Jawa lan Taman Nasional Cat Tien kang papané kurang luwih 150 km sisih lor Kutha Ho Chi Minh.[8][19]

Kéwan iki tau nyebar saka Assam lan Benggala (warak Sumatra lan Indhi urip bebarengan ing papan mau[12]) mangétan tekan Myanmar, Thailand, Kamboja, Laos, Vietnam, lan ngidul ing ujung Malaka, sarta pulo Sumatra, Jawa lan Kalimantan.[20] Warak jawa uripé ing alas udan dhataran cendhèk, suket dhuwur lan papan turoné alang-alang kang akèh kaliné, dhataran banjir gedhé utawa laladan teles kang akèh blethokané. Sanajan ing sajarah warak jawa seneng laladan cendhèk, subspesies ing Vietnam kasurung nuju lemah kang luwih dhuwur (punjul 2.000 m), amarga gangguan lan perburuan déning manungsa.[10]

Papan uripé warak jawa wis nyusut sawisé 3.000 taun, wiwit sakiwa-tengené taun 1000 SM, papan uripé ing sisih lor warak iki ngrambah tekan Tiongkok, nanging wiwit mangidul kanthi kasar ing 0.5 km pendhak taun amarga padunungané manungsa tambah ing laladan iku.[21] Warak iki wiwit cures ing Indhi ing dekade awal abad kaping 20.[12] Warak jawa diburu nganti cures ing ujung Malaysia taun 1932.[22] Ing pungkasaning perang Vietnam, warak Vietnam dipercaya cures ing sakdawané lemah utama Asia. Pamburu lokal lan panegor alas ing Kamboja ngeklaim méruhi warak jawa ing Pagunungan Cardamom, nanging survey ing laladan mau gagal nemu bukti.[23] Populasi warak jawa uga mungkin ana ing pulo Kalimantan, sanajan spésimèn mau mungkin wujud warak Sumatra, populasi cilik kang isih urip ing kana.[20]

Warak jawa iku kéwan anteng kajaba nalika tangkar-tumangkar lan nalika ngemong anaké. Warak-warak sok ngumpul ing klumpukan cilik ing papan nggolèk mineral lan ing blethokan lendhut. Njerum ing lendhutan iku sipat umum kabèh warak kanggo njaga suhu badan lan mbantu nyegah lelara lan parasit. Warak jawa ora ngedhuk blethokan lendhuté dhéwé lan luwih seneng migunakaké blethokan lendhut kéwan liyané utawa blethokan kang ana kanthi alami kang banjur diambaké kanthi migunakaké sunguné. Papan kanggo nggolèki mineral uga wigati banget amarga nutrisiné saka uyah. Wewengkon warak lanang luwih amba ketimbang sing wadon. Ambané wewengkon warak lanang 12–20 km² lan wewengkon warak wadon kira-kira 3–14 km². Ora dingertèni ana apa orané gelut rebutan teritorial.[24]

Warak lanang nandhani wewengkoné kanthi tumpukan lethong lan cipratan uyuh. Garétan sikil ing lemah lan gulungan wit enom uga kanggo komunikasi. Anggota spésies warak liyané duwé padatan kas bebuwang ing tumpukan lethongé warak gedhé banjur nggaretaké sikil mburiné ing tlethong. Warak Sumatra lan Jawa nalika bebuwang ing tumpukan, ora nggaret. Adaptasi sipat iki dingertèni kanthi ékologi; ing alas udan Jawa lan Sumatera, métodhe iki manawa ora migunani kanggo nyebar ganda.[24]

Warak jawa duwé luwih sithik swara tinimbang warak Sumatra; sithik banget swarané warak jawa kang dingertèni. Warak jawa diwasa ora duwé mungsuh alami saliyané manungsa. Spesies iki, mligi ing Vietnam, iku spésies kang lumayu lumebu alas nalika manungsa nyerak saéngga angèl kanggo nliti warak.[5] Nalika manungsa creak banget karo warak jawa, warak iku dadi agresif lan banjur nyerang, nusuk nganggo untu seriné ing rahang ngisor lan nyruduk munggah nganggo ndhasé.[24] Sifat anti-sosialé manawa wujud adhaptasi tekanan populasi; bukti sajarah ngusulaké manawa spésies iki tau nglumpuk akèh.[8]

Pangané

[besut | besut sumber]

Warak jawa iku kéwan hèrbivor lan mangan manéka warna spésies tetuwuhan, mligi thukulan/pupus, pang-pang wit sing cilik, godhong-godhongan enom lan woh kang tiba. Akèh-akèhé tetuwuhan kang disenengi spésies iki tuwuh ing laladan kang kena sinar srengéngé: ing pambuka alas, semak-semak lan jinis végetasi liyané tanpa wit gedhé. Warak ngebrukké wit sing isih enom kanggo nyerakké pangané lan njupuk nganggo lambé dhuwur kang bisa nyekel pangan mau. Warak jawa iku pemakan kang paling gampang adhaptasi saka kabèh spésies warak. Warak kira-kira mangan 50 kg pangan sadina. Kaya warak Sumatra, warak iki merloaké uyah kanggo pangané. Papan kanggo nggolèki mineral umum ora ana ing Ujung Kulon, nanging warak jawa katon ngombé banyu saka sagara kanggo nutrisi padha karo sing dibutuhaké.[17]

Réproduksi

[besut | besut sumber]

Sifat sèksual warak jawa angél disinaoni amarga spésies iki arang diamati kanthi langsung lan ora ana kebun binatang kang duwé spesimené. Warak wadon mateng kanthi sèksual ing umur 3-4 taun lan sing lanang ing umur 6. Kamungkinan kanggo meteng kira-kira muncul ing période 16-19 wulan. Interval kalairan spésies iki 4–5 taun lan anaké marakaké mandheg kurang luwih rong taun. Papat spésies warak liyané duwé sipat pasangan kang mémper.[24]

Konservasi

[besut | besut sumber]
Lukisan taun 1861 nggambaraké paburon warak jawa.

Faktor utama kang ngurangi populasi warak jawa yaiku perburuan ngalap sunguné, masalah kang uga nyerang kabèh spésies warak. Sungu warak dadi komoditas dagang ing Tiongkok sasuwéné 2.000 taun kang dipigunaaké dadi obat kanggo pangobatan tradhisional Tiongkok. Sacara historis kulité kanggo gawé klambi waja wadya Tiongkok lan suku lokal ing Vietnam percaya manawa kulité bisa digunakaké dadi panangkal racun wisa ula.[25] Amarga papan uripé warak nyakup akèh laladan mlarat, angèl kanggo pendunung ora matèni kéwan iki kang bisa didol kanthi rega kang larang.[21] Nalika Convention on International Trade in Endangered Species of Wild Fauna and Flora sepisanan diwedharaké taun 1975, warak jawa dilebokaké ing pangreksan Appendix 1: kabèh dagang internasional produk warak jawa dianggép ilegal.[26] Survey pasar gelap sungu warak wis ngukuhaké manawa warak Asia duwé rega $30.000 pendhak kilogram, kaping teluné rega sungu warak Afrika.[4]

Ilangé habitat amarga tetanèn uga njalari kurangé populasi warak jawa, sanajan prakara iki dudu faktor signifikan manèh amarga warak mung urip ing rong taman nasional kang direksa. Rusaké habitat wis ngalangi pamulihan populasi warak kang dadi kurbané pamburon sungu. Sanajan wis nganggo samudaya konservasi, prospek keslametan warak jawa angèl. Amarga populasiné katutup ing rong papan cilik, warak-warak iki gampang kena lelara lan masalah panangkaran. Ahli génétika konservasi ngira manawa populasi 100 warak perlu pangreksan pambagéyan génétika spésies.[19]

Ujung Kulon

[besut | besut sumber]

Cithakan:Deleng uga Ujung Ujung Kulon lebur amarga gunung Krakatau njebug taun 1883. Sawisé iku warak jawa banjur ngolonisasi manèh ing ujung, nanging manungsa ora akèh kang manggon manèh ing ujung iku kaya sadurungé, saéngga dadi papan reksané warak.[19] Ing taun 1931, amarga warak jawa ing Sumatra ana ing pinggir kapunahan, pamaréntah Indhiya Nèderlan nelaaké manawa warak dadi spésies kang direksa, lan isih tetep direksa tekan sapréné.[10] Ing taun 1967 nalika dianaaké sensus warak ing Ujung Kulon, mung 25 warak kang ana. Ing taun 1980, populasi warak nambah, lan tetep ana ing populasi 50 nganti saiki. Sanajan warak ing Ujung Kulon ora duwé mungsuh alami, nanging warak-warak iki kudu saingan golèk pangan sing arang karo banteng alasan kang bisa njalari cacahing warak tetep ana ing sangisoré kapasitas ujung.[27] Ujung Kulon diurus déning mantri Kehutanan Républik Indonésia.[10] Ditemoaké paling sithik papat bayi warak jawa ing taun 2006.[28]

Tuwuhing populasi warak jawa ing Ujung Kulon
Taun Minimum Maksimum Rata-rata
1967 21 28 24.5
1968 20 29 24.5
1971 33 42 37.5
1982 53 59 56
1993 35 58 47
Sumber: Strategi Konservasi Warak Indonésia-Dirjen PHPA Dephut RI.[29]

Cat Tien

[besut | besut sumber]

Sithik anggota R.s. annamiticus kang kasisa urip ing Taman Nasional Cat Tien, Vietnam. Warak iki tau nyebar ing Asia Kidul-Wétan, sawisé perang Vietnam, warak jawa dianggép cures. Cara kang dipigunaaké ing pertempuran njalari rusaké ékosistem laladan: panggunaan Napalm, herbisida lan defolian saka Agen Oranye, pangeboman saka awang-awang lan panggunaan ranjau dharat. Perang uga mbanjiri laladan nganggo senjata. Sawisé perang, akèh sing ndunungi désa miskin, sing sadurungé migunakaké métodhe kaya jugangan jebakan, saiki duwé senjata mematikan kang njalari padha dadi pamburu warak kang éfisièn. Panyangka kapunahan subspesies éntuk tantangan nalika taun 1988, sawijining pamburu nembak warak wadon diwasa kang nunjukaké manawa spésies iki bisa slamet saka perang. Taun 1989, ilmuwan nliti alas Vietnam kidul kanggo nggolèki bukti warak liya kang slamet. Tlipak sikil warak anyar duwèané paling sithik 15 warak ditemoaké ing sakdawané kali Dong Nai.[30] Karena warak, laladan papan mereka tinggal menjadi pérangan Taman Nasional Cat Tien taun 1992.[25] Populasi warak-warak iki dikawatirké susut ing Vietnam, pangreksa alam ngira paling sithik 308 warak mungkin tanpa warak lanang sing slamet.[19][28] Pangreksa alam ndhiskusèkaké apa warak Vietnam duwé kamungkinan slamet, sapérangan nelaaké manawa populasi warak saka Indonésia kudu diwanuhaké kanggo nylamétaké populasi, lan liyané nelaaké manawa populasi bisa pulih manèh.[5][31]

Ing panangkaran

[besut | besut sumber]

Ora ana siji sijiya warak jawa ing kebon ratu (kebon kéwan). Taun 1800-an, paling sithik papat warak dipameraké ing Adelaide, Kalkuta lan London. Paling sithik 22 warak jawa wis didhokumentasiaké lan disimpen ing panangkaran, lan manawa cacahé luwih akèh amarga spésies iki kadhang salah ditafsiraké karo warak Indhi.[32] Warak jawa ora tau ditangani kanthi becik ing panangkaran: warak tuwa dhéwé kang urip mung tekan umur 20 taun, sakiwa-tengené setengah saka umur mau, warak ana ing alam bébas. Warak jawa paling kéri kang ana ing panangkaran mati ing Kebon ratu Adelaide, Australia taun 1907, papan spésies mau sithik kang dingertèni amarga wis ditunjuk warak Indhi.[17] Amarga saka program kang dawa lan larang ing taun 1980-an lan 1990-an kanggo nangkaraké warak Sumatra ing kebun ratu iku gagal, upaya kanggo ngreksa warak jawa ing kebon ratu ora bisa dipercaya manèh.[4]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. van Strien, N.J., Steinmetz, R., Manullang, B., Sectionov, Han, K.H., Isnan, W., Rookmaaker, K., Sumardja, E., Khan, M.K.M. & Ellis, S. (2008). "Rhinoceros sondaicus". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2008. International Union for Conservation of Nature. Dibukak ing 28 November 2008.{{cite web}}: CS1 maint: uses authors parameter (link)
  2. a b Rookmaaker, L.C. (1982). "The type locality of the Javan Rhinoceros (Rhinoceros sondaicus Desmarest, 1822)". Zeitschrift fur Saugetierkunde. 47 (6): 381–382.
  3. Péta kang asalé saka péta ing Foose lan Van Strien (1997). Péta iki ora ngamot populasi kemungkinan ing Kalimantan kang didheskripsiaké déning Cranbook lan Piper (2007).
  4. a b c d e f Dinerstein, Eric (2003). The Return of the Unicorns; The Natural History and Conservation of the Greater One-Horned Rhinoceros. New York: Columbia University Press. ISBN 0-231-08450-1.
  5. a b c Santiapillai, C. (1992). "Javan rhinoceros in Vietnam". Pachyderm. 15: 25–27.
  6. Rookmaaker, Kees (2005). "First sightings of Asian rhinos". Ing Fulconis, R. (èd.). Save the rhinos: EAZA Rhino Campaign 2005/6. London: European Association of Zoos and Aquaria. kc. 52.
  7. Asian Rhino Specialist Group (1996). "Rhinoceros sondaicus ssp. sondaicus". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2007. International Union for Conservation of Nature. Dibukak ing 16 Oktober 2007. Diakses padha 16 Oktober 2007.
  8. a b c d Fernando, Prithiviraj (Juni 2006). "Genetic diversity, phylogeny and conservation of the Javan hinoceros (Rhinoceros sondaicus)". Conservation Genetics. 7 (3): 439–448. {{cite journal}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  9. Asian Rhino Specialist Group (1996). "Rhinoceros sondaicus ssp. annamiticus". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2007. International Union for Conservation of Nature. Dibukak ing 16 Oktober 2007. {{cite web}}: Check date values in: |access-date= (pitulung) Diakses padha 16 Oktober 2007.
  10. a b c d Foose, Thomas J. (1997), Asian Rhinos – Status Survey and Conservation Action Plan., IUCN, Gland, Switzerland, and Cambridge, UK, ISBN 2-8317-0336-0 {{citation}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  11. Rookmaaker, Kees (1997). "Records of the Sundarbans Rhinoceros (Rhinoceros sondaicus inermis) in Indhi and Banggaladésa". Pachyderm. 24: 37–45.
  12. a b c Rookmaaker, L.C. (2002). "Historical records of the Javan rhinoceros in North-East Indhi". Newsletter of the Rhino Foundation of Nature in North-East Indhi (4): 11–12. {{cite journal}}: Unknown parameter |month= ignored (pitulung)
  13. a b Xu, Xiufeng. "The Complete Mitochondrial DNA Sequence of the Greater Indhin Rhinoceros, Rhinoceros unicornis, and the Phylogenetic Relationship Among Carnivora, Perissodactyla, and Artiodactyla (+ Cetacea)". Molecular Biology and Evolution. 13 (9): 1167–1173. Dibukak ing 2007-11-04. {{cite journal}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  14. a b Lacombat, Frédéric (2005). "The evolution of the rhinoceros". Ing Fulconis, R. (èd.). Save the rhinos: EAZA Rhino Campaign 2005/6. London: European Association of Zoos and Aquaria. kc. 46–49.
  15. Tougard, C. (2001). "Phylogenetic relationships of the five extant rhinoceros species (Rhinocerotidae, Perissodactyla) based on mitochondrial cytochrome b and 12s rRNA genes". Molecular Phylogenetics and Evolution. 19 (1): 34–44. {{cite journal}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  16. Cerdeño, Esperanza (1995). "Cladistic Analysis of the Family Rhinocerotidae (Perissodactyla)" (PDF). Novitates. American Musiyum of Natural History (3143). ISSN 0003-0082. Dibukak ing 2007-11-04.
  17. a b c d van Strien, Nico (2005). "Javan Rhinoceros". Ing Fulconis, R. (èd.). Save the rhinos: EAZA Rhino Campaign 2005/6. London: European Association of Zoos and Aquaria. kc. 75–79.
  18. Munro, Margaret (10 Mèi 2002). "Their trail is warm: Scientists are studying elusive rhinos by analyzing their feces". National Post.
  19. a b c d Derr, Mark (July 11, 2006). "Racing to Know the Rarest of Rhinos, Before It's Too Late". The New York Times. Dibukak ing 2007-10-14. {{cite news}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  20. a b Cranbook, Earl of (2007). "The Javan Rhinoceros Rhinoceros Sondaicus in Borneo" (PDF). The Raffles Bulletin of Zoology. University of Singapore. 55 (1): 217–220. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2013-04-15. Dibukak ing 2007-11-04. {{cite journal}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  21. a b Corlett, Richard T. (2007). "The Impact of Hunting on the Mammalian Fauna of Tropical Asian Forests". Biotropica. 39 (3): 202–303.
  22. Ismail, Faezah (9 Juni 1998). "On the horns of a dilemma". New Straits Times.
  23. Daltry, J.C. (2000). Cardamom Mountains biodiversity survey. Cambridge: Fauna and Flora International. {{cite book}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  24. a b c d Hutchins, M. (2006). "Rhinoceros behaviour: implications for captive management and conservation". International Zoo Yearbook. Zoological Society of London. 40: 150–173. {{cite journal}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  25. a b Stanley, Bruce (22 Juni 1993). "Scientists Find Surviving Members of Rhino Species". Associated Press.
  26. Emslie, R. (1999), African Rhino. Status Survey and Conservation Action Plan., IUCN/SSC African Rhino Specialist Group. IUCN, Gland, Switzerland and Cambridge, UK, ISBN 2831705029 {{citation}}: Unknown parameter |coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
  27. Dursin, Richel (16 Januari 2001). "Environment-Indonésia: Javan Rhinoceros Remains At High Risk". Inter Press Service.
  28. a b Williamson, Lucy (1 September, 2006). "Baby boom for near-extinct rhino". BBC News. Dibukak ing 2007-10-16. {{cite news}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  29. "Pertumbuhan Populasi Warak jawa di Ujung Ujung Kulon dari Data Hasil Sensus (1967 - 1993)". Departemen Kehutanan Republik Indonesia.[pranala mati permanèn]
  30. Raeburn, Paul (24 April, 1989). "World's Rarest Rhinos Found In War-Ravaged Region of Vietnam". Associated Press. {{cite news}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  31. "Javan Rhinoceros; Rare, mysterious, and highly threatened". World Wildlife Fund. March 28, 2007. Dibukak ing 2007-11-04. {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  32. Rookmaaker, L.C. (2005). "A Javan rhinoceros, Rhinoceros sondaicus, in Bali in 1839". Zoologische Garten. 75 (2): 129–131.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]