Cut Nyak Dhien
Cut Nyak Dhien (Lampadang, 1848 – 6 November 1908, Sumedang, Jawa Barat; dimakamké ing Gunung Puyuh, Sumedang), kuwi sawijining Pahlawan Nasional Indonésia saka Aceh kang berjuang nglawan Walanda ing mangsa Perang Aceh. Sawisé wilayah VI Mukim diserang, panjenengané ngungsi, sauntara garwané, Ibrahim Lamnga mèlu perang nglawan walanda. Ibrahim Lamnga tèwas ing Gle Tarum tanggal 29 Juni 1878 kang nyebabaké Cut Nyak Dhien murka lan sumpah bakal numpes Walanda.
Teuku Umar, salah siji tokoh kang nglawan Walanda, nglamar Cut Nyak Dhien. Wiwitané Cut Nyak Dhien nulak, nanging amarga Teuku Umar ngidinaké mèlu perang, Cut Nyak Dhien setuju palakrama ing taun 1880 kang nyebabaké moral pasukan perlawanan Aceh tansaya ningkat. Tembé mburi Teuku Umar lan Cut Nyak Dhien kagungan putra kang asmané Cut Gambang.[1] Sawisé nikah karo Teuku Umar, panjenengané bebarengan karo Teuku Umar nerusaké paperangan nglawan Walanda, nanging, Teuku Umar gugur wektu nyerang Meulaboh ing tanggal 11 Februari 1899, saéngga panjenengané berjuang dhéwé ing pedalaman Meulaboh karo pasukané. Cut Nyak Dien wektu semana wis tuwa lan duwé penyakit encok lan rabun, saéngga siji anakbuahé aran Pang Laot nglaporaké awit krasa mesakaké.[2][3] Wusanané Cut Nyak Dhien dicekel lan digawa menyang Banda Aceh, kangggo dirawat lan penyakité wiwit mari, nanging, panjenengané banjur nambah semangat perlawanan rakyat Aceh sarta isih kekanthèn karo para pejuang Aceh kang durung kecekel, saéngga Cut Nyak Dhien banjur dipindah menyang Sumedang, Jawa Kulon, lan sabanjuré séda ing tanggal 6 November 1908 lan disarèkaké ing Gunung Puyuh, Sumedang.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Apresiasi
[sunting] Biografi jroning seni
Perjuangan Cut Nyak Dien digambaraké jroning film kanthi irah-irahan Tjoet Nja' Dhien ing taun 1988 kang disutradarani déning Eros Djarot lan dibintangi Christine Hakim minangka Tjoet Nja' Dhien, Piet Burnama dadi Pang Laot, Rudy Wowor dadi Snouck Hurgronje lan Slamet Rahardjo dadi Teuku Umar. Film iki ngrengkuh Piala Citra minangka film paling apik, lan minangka film Indonésia pisanan kang ditayangaké ing Festival Film Cannes (taun 1989).
Biografinya juga pernah dituangkan dalam bentuk cerita bergambar secara berseri dalam majalah anak-anak Ananda.
[sunting] Pakurmatan
- Sawijining kapal perang TNI-AL diwènèhi jeneng KRI Cut Nyak Dhien.
- Dhuwit rupiah kang ajiné Rp. 10.000,00 diwetokaké taun 1998 ngamot gambar Cut Nyak Dhien kanthi katrangan Tjoet Njak Dhien.
- Asmané diabadèkaké minangka jeneng dalan ing sawetara kutha ing Indonésia.
- Masjid Aceh kecil didirikan di dekat makamnya untuk mengenangnya.
[sunting] Delengen uga
[sunting] Referensi
[sunting] Catatan sikil
- ↑ Tjoet Njak Dien (Cut Nyak Dhien).
- ↑ Armand, Deddi. Cut Nyak Dien. Penerbit: Pustaka Ananda
- ↑ Tentang Cut Nyak Dien di tokohindonesia.com
[sunting] Daftar pustaka
- Armand, Deddi. Cut Nyak Dien. Penerbit: Pustaka Ananda.
- Sudarmanto, Y.B. 1999. Jejak Pahlawan Indonesia. Penerbit: Grasindo.
- Muhazir. 1984 .Pahlawan Repulusi Aceh
[sunting] Pranala njaba
- (id) Biografi Cut Nyak Dhien ing tokohindonesia.com
- (id) Biografi Cut Nyak Dhien ing Website Pamaréntah Provinsi Nanggroe Aceh Darussalam

