Sutradara

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Sutradara

Sutradara (basa Inggris: director) iku wong kang gawéyané ngarahaké pemain film ing sajroné prosès gawè film kang trep karo Manuskrip.[1] (Tukang gawé film uga dinggo ngrujuk produser film).[1] Manuskrip utawa skenario kuwi dianggo ngontrol aspèk-aspèk seni lan drama.[1] Minangka dirèktur ngawasi pegawé utawa pekerja teknik lan pemain kanggo nyukupi wawasan pengarahané.[1] Sutradara uga duwé tugas mbimbing kru tèknisi lan para pemain film kanggo ngrealisasiké kreativitas kang diduwèni.[1]

Tanggung jawab[sunting]

Sutradara duwé tanggung jawab ing aspek-aspek kreatif panggawéan film ing bab interpretatif lan teknis.[2] Dhéwèkw duwé posisi paling dhuwur saka segi artistik lan mimpin panggawéan film ing bab apa kang perlu kétok lan ditonton penonton.[2] Sakliyané kuwi uga ngatur pemain ning ngarep kaméra lan ngarahké akting uga dialog.[2] Sutradara uga ngontrol posisi lan obahé kamera, suara, lampu, lan bab-bab liya kang ana hubungané karo rampungé film.[2] Ing sajroné nglakoni tanggung jawabé, sutradara kerja karo kru film lan pemain film.[2] Ing antarané penata fotografi, penata kostum, penata kamera lan liya-liyané.[2] Sakliyané kuwi sutradara uga mèlu kétut ing prosès panggawéan film mulai saka pra-produksi, produksi, nganti tekan pasca-produksi.[2]

Cathetan suku[sunting]

  1. ^ a b c d e (id)Sutradara(25 Juni 2011)
  2. ^ a b c d e f g (id)Sutradara(26 Juni 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sutradara&oldid=841972"