Seni
Seni iku bagian kabudayan sing ana hubungané karo wujud rasa apik utawa éndah. Rasa apik iku anané ing batin, ing pikiran manungsa. Kesenian iku fungsiné kanggo nyaluraké rasa éndah ing pikiran, tegesé, kesenian iku prosès nyiptaaké wujud-wujud sing ndadèkaké ati ngrasa seneng, puas, bungah kanggo memapki sisi batin/spiritual kauripan manungsa.
Sebagéan wong duwé anggepan yèn Seni iku mung pelengkap, Sakjané seni iku wis ana kawit menungsa lair, dadi ing saben individu, jiwa seni iku tuwuh bareng karo èlmu sawenèh individu mau.
[sunting] Fungsi
Fungsi seni iku kanggo ngalusaken perasaan, pikiran uga watek/kepribadian, lewih lanjut kanggo ngalusaken tingkah polah utawa tingkah laku menungsa. Kasil pribadi sing wis dibekeli rasa alus iku mengko dadi duwe sifat santun, toleran lan bijak. Mulane kawit cilik menungsa iku wis moali dibekeli muatan seni misale liwat tembang bocah saking biyunge, tembang Tak Lelo Lelo Lelo Ledung contone, utawa saking dongeng sing dicritaaken ramane. Fungsi liyane kanggo numbuhke sifat kreatif utamane ing bocah-bocah.
Dolanan iku donya seni bocah sing terus dilakoni nganti bocah iku melebu sekolah. Pelajaran nggambar ing sekolah iku salah siji cara kanggo numbuhke rasa seni ing jiwa bocah.
[sunting] Werna-Werna Seni
- Sastra, yaiku sawijing tembung silihan saka Basa Sansekerta; "śāstra", sing tegese "tulisan" utawa "buku", saka tembung dasar "śās-" sing tegese "weruh". Ing basa Jawa, tembung iki biasane dienggo ngarani "kasusastran" utawa sajinising tulisan sing nduwe arti utawa kaendahan tartamtu.
- Seni rupa,yaiku cabang seni sing wujud karya senine bisa dipirsani/disawang lan bisa diraba. Seni rupa iku ngolah konsep garis, bidang, wujud, volume, kelir, tekstur lan pencahayaan sing kabeh kudu manut aturan-aturan estetika.
- Seni pagelaran, yaiku jenis-jenis karya seni sing merloke panggung utawa pelataran kanggo nampilke kasil karya senine.
- Dolanan Bocah yaiku arupa seni dolanan bocah-bocah cilik. Ing jaman saiki, dolanan mau suwéning suwé wis ora dikenal manèh, amarga kadhesek karo dolanan sing luwih modhèrn.
[sunting] Kesenian miturut Wilayah
Wujud seni iku lengket karo enggon utawa papan asal jenisé seni iku. Sifat, werna, gaya lan kabèh perangkat seni mesthi cocok karo enggon asalé seni iku.
- Kesenian Barat utawa kesenian bangsa kulon
- Kesenian Timur utawa kesenian bangsa wétan
- Kesenian Indonésia utawa kesenian khas bangsa Indonésia
- Kesenian Jawa utawa kesenian suku bangsa {{wong Jawa|Jawa]]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.