Rama

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Rama
Prabu Ramawijaya
Prabu Ramawijaya
Dewanagari: राम
Éjaan Sanskerta: Rāma
Dasanama: Ramacandra; Ragawa;
Rama Wijaya; Ramabhadra;
Bhatara Rama; lan liya-liyané
Golongan: Titisan Bathara Wisnu
Dedalem: Ayodhya, Kerajaan Kosala
Gegaman: Busur Kokanda
Sisihan: Sita

Rama uga bisa kasebut Prabu Ramawijaya iku ratu ing Pancawati. Prabu Ramawijaya putrané Prabu Dasarata[1] ing Ayodya saka garwa Dèwi Reghu iya Sukasalya. Prabu Ramawijaya iku tokoh utamané Ramayana, salah siji wiracarita saka tanah Indhia sing uga misuwur ing tanah Jawa.

Dasanama[sunting | sunting sumber]

Dasanamané (jeneng liya): Prabu Sri Bathara Rama (titah titising Bathara Wisnu), Prabu Ramawijaya (tansah jaya/unggul ing payudhan), Rama Reghawa (putrané Dèwi Reghu/Sukasalya), Ramabadra (sumunar lir purnamasidhi), Ramacandra,[2] lan Ramayana.

Rama ing Ayodya[sunting | sunting sumber]

Prabu Dasarata kuwi garwané ana telu: Dèwi Reghu, Dèwi Kekayi lan Dèwi Sumitra. Dèwi Reghu peputra Raden Rama Reghawa, Dèwi Kekayi peputra Raden Barata, lan Dèwi Sumitra peputra Raden Laksmana lan Raden Satrugna (Tugena).

Sakdurungé kagarwa Prabu Dasarata, Kekayi duwé panuwun, yèn samengko kagungan putra kakung, kudu kalilanana jumeneng nata ing Ayodya. Tanpa menggalih kang wening, Prabu Dasarata nyaguhi, nadyan wis kagungan putra pembarep kakung Raden Rama. Kabèh putrané Prabu Dasarata digulawenthah déning Begawan Wasistha, saéngga bisa dadi satriya utama turta sekti mandraguna.[3]

Sawijining dina Rama ngleboni sayembara ing negara Matilidirja, lan klakon mboyong Dèwi Sinta, putriné Prabu Janaka.

Ditundhung saka praja[sunting | sunting sumber]

Sri Ramacandra, miturut mitologi Hindhu

Satekané ing Ayodya, Rama nedya dijumenengaké ratu, nanging Dèwi Kekayi (garwané Prabu Dasarata) ngucik janjiné Prabu Dasarata kang naté kawiyon, yaiku bakal njumenengaké ratu putrané kang patutan karo Kekayi.[4] Kejaba kuwi, Sang Dèwi Kekayi nyuwun supaya Prabu Dasarata nundhung Rama saka praja supaya ora ngrégoni Barata anggoné mangreh praja Ayodya.[5]

Rama kelakon ditundhung. Bebarengan karo Dèwi Sinta lan didherekaké Raden Laksmana, sigra manjing jroning alas.[6] Nalika manjing telenging alas Dhandaka, Dèwi Sinta ilang didhustha Prabu Dasamuka, ratu buta saka Ngalengka. Wektu kuwi Rama lagi mbedhag kidang kencana sing dipingini Dèwi Sinta.

Wadyabala kethèk[sunting | sunting sumber]

Rama nduwèni bala wujud kethèk pirang-pirang. Mula, dudu duwé bala kethèk iku, amarga biyèn wis tau mitulungi kasangsayané Narpati Sugriwa sing kejepit ana wit asem dhampit amarga pancakara mungsuh kadangé tuwa, Subali. Sabanjuré Subali klakon dipatèni déning Rama, saéngga Sugriwa bisa dadi ratu ing Guwa Kiskendha lan nggarwa Dèwi Tara. Minangka piwalesing budi, Sugriwa banjur dhawuh marang wadyabalané (para kethèk) supaya mbiyantu marang Rama anggoné ngupadi garwané, Dèwi Sinta, kang didhustha Dasamuka ratu buta ing Ngalengka.[5] Ramawijaya dalah para kethèk banjur padha yasa pasanggrahan ing gunung Malyawan (sok dikocapaké gunung Mangliawan). Pasanggrahan dadi wewangunané ora beda kaya kedhaton (kraton), mula banjur katelah Kraton Pancawati. Raden Rama banjur jumenang nata kanthi jejuluk Prabu Ramawijaya. Kejaba kuwi, Narpati Sugriwa sabalané banjur suwita marang Prabu Rama.

Nglurug menyang Ngalengka[sunting | sunting sumber]

Rama kang dibiyantu déning Narpati Sugriwa sawadyabalané lan Raden Wibisana (rayiné Prabu Dasamuka kang mbaléla ngiloni Prabu Rama) klakon nglurug menyang negara Ngalengka. Gelaré ngrebut baliné Sinta, nanging ing batin kang baku mbrasta tumindhak dur angkara budi candala kang sinandhang déning Dasamuka. Prabu Rama kang nglungguhi kautaman wusanané bisa unggul yudané. Dasamuka sirna kataman jemparing pusaka aran "Guhyawijaya" (Guhya kuwi mengku teges "gaib", déné "wijaya" tegesé kamenangan. Dadi maknané kamenangan kang sinadhi /gaib). Ragané Dasamuka banjur ditableg gunung Pangungrungan iya Somawana déning Senggana/Anoman.

Sawisé brubuh Ngalengka, sapatiné Dasamuka, Prabu Rama banjur ngangkat Wibisana jumenang nata ing Ngalengka. Nanging ora let suwé, Wibisana banjur lereh keprabon saperlu madheg pandhita. Dhampar Ngalengka banjur dilintiraké marang putrané sesilih Raden Denthawilukrama kang sawisé jumeneng nata jejuluk Prabu Bisawarna.

Titisan Prabu Rama[sunting | sunting sumber]

Ing crita-crita Padhalangan, yuswané Prabu Ramawijaya klebu dawa banget, yakuwi wiwit jaman Ramayana (perang Giriantara) nganti bablas tekan jaman Mahabharata (Pandhawa). Ing pungkasan sugengé, Prabu Rama manitis ana ragané Prabu Kresna, nata ing Dwarawati, Raden Laksmana manitis ana ragané Raden Arjuna lan banjur pindhah ana ragané Prabu Baladewa. Déné para wadyabala wanara uga banjur padha ilang musna saragané, kejaba Anoman kang tumeka pati ing jamané Prabu Sri Aji Jayabaya ing Mamenang utawa Kedhiri (mlebu crita Wayang Madya).

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Ramesh Menon, The Ramayana: A Modern Retelling of the Great Indian Epic, ISBN 0-86547-660-8, pp. 10–11
  2. ^ Gupta, S.M. (1993). Vishnu and His Incarnations. South Asia Books.
  3. ^ R. Menon, The Ramayana, pp. 14
  4. ^ R. Menon, The Ramayana, pp. 77
  5. ^ a b Griffith, R.T.H. (1870–1874). The Rámáyan of Válmíki. London: Trübner & Co.; Benares: E. J. Lazarus and Co.. http://www.sacred-texts.com/hin/rama/index.htm.
  6. ^ R. Menon, The Ramayana, pp. 91

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Rama&oldid=840083"